SURAT KANGGO JEMAAT ING FILIPI
1 Saka Paulus lan Timotius, budhaké Kristus Yésus, kanggo kabèh wong suci ing Filipi sing nyawiji karo Kristus Yésus, uga kanggo para pengawas lan abdiné jemaat.
2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.
3 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah wektu aku kèlingan kowé 4 ing saben panyuwunku. Aku mesthi ndonga kanthi bungah kanggo kowé kabèh, 5 merga kowé kabèh wis ndhukung kabar apik,* wiwit dina kapisan kowé ngrungokké kuwi nganti saiki. 6 Merga aku yakin karo bab iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal mbantu kowé ngrampungké gawéan apik sing Panjenengané wiwiti ing antaramu. 7 Aku pancèn pantes ngomong kaya ngéné iki bab kowé, merga kowé kabèh ana ing atiku. Kowé ndhukung aku wektu aku dipenjara lan wektu aku nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik. Mula, aku lan kowé éntuk paédah saka welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.*
8 Gusti Allah dadi seksiné nèk aku kangen karo kowé kabèh, merga aku tresna marang kowé kabèh kaya Kristus Yésus tresna marang kowé kabèh. 9 Lan iki sing terus tak dongakké, yaiku supaya katresnanmu saya lubèr, lan supaya kowé nduwé pangertèn sing bener lan pertimbangan sing apik. 10 Aku uga ndonga supaya kowé isa mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting, supaya kowé kabèh tanpa cacad lan ora nyebabké wong liya kesandhung nganti dinané Kristus, 11 lan supaya kowé kabèh nindakké luwih akèh tumindak sing bener nganggo bantuané Kristus, supaya Gusti Allah dipuji lan diluhurké.
12 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé padha ngerti nèk kabèh sing tak alami kuwi jebulé ndadèkké gawéan kanggo martakké kabar apik saya maju, 13 merga para Pengawal Kerajaan lan kabèh wong liyané wis ngerti nèk aku dipenjara demi Kristus. 14 Akèh-akèhé sedulur sing ngabdi marang Gusti dadi dikuwatké merga aku dipenjara, lan wong-wong kuwi dadi saya kendel martakké pangandikané Gusti Allah, tanpa rasa wedi.
15 Pancèn, ana wong-wong sing martakké bab Kristus merga iri lan saingan, nanging sing liyané nindakké kuwi kanthi niat sing apik. 16 Wong-wong sing nduwé niat sing apik kuwi martakké bab Kristus merga katresnan. Wong-wong kuwi ngerti nèk aku wis dilantik kanggo mbéla kabar apik. 17 Nanging wong-wong sing iri lan saingan kuwi martakké bab Kristus merga wong-wong kuwi seneng padu, dudu merga niat sing apik. Wong-wong kuwi péngin nggawé aku susah ing penjara. 18 Apa hasilé? Ora soal niaté wong-wong kuwi tulus apa ora, Kristus terus diwartakké, lan kuwi nggawé aku bungah. Sakjané, aku bakal terus bungah, 19 merga aku ngerti nèk donga panyuwunmu lan dhukungané roh suci saka Yésus Kristus bakal nggawé aku slamet. 20 Aku yakin lan ngarep-arep nèk aku ora bakal isin, nanging aku bakal ngomong tanpa wedi, mula Kristus bakal diluhurké liwat aku* kaya sing sakdurungé, ora soal aku urip utawa mati.
21 Kanggoku, nèk aku urip, aku urip kanggo Kristus, lan nèk aku mati, kuwi kanggo keuntunganku. 22 Nèk aku isih urip ing donya iki,* aku bakal isa tumindak luwih akèh kanggo Kristus. Nanging, aku ora bakal ngandhani kowé endi sing bakal tak pilih. 23 Saka rong bab iki, aku ora ngerti endi sing bakal tak pilih. Aku péngin dibébaské lan ana bareng karo Kristus, sing mesthiné kuwi luwih apik. 24 Nanging demi kepentinganmu, aku luwih becik tetep urip ing donya iki.* 25 Mula, merga aku yakin bab kuwi, aku ngerti nèk aku bakal tetep urip lan terus ana bareng karo kowé kabèh supaya kowé saya maju lan ngrasakké kabungahan sing asalé saka imanmu, 26 supaya wektu aku bali marang kowé kabèh, kabungahanmu bakal saya gedhé merga kowé kabèh kuwi pengikuté Kristus Yésus.
27 Tumindakmu kudu cocog* karo kabar apik bab Kristus, supaya ora soal aku teka lan ketemu kowé kabèh apa ora, aku isa krungu nèk kowé kabèh padha terus kukuh lan nyawiji ing pikiran lan ati,* uga bebarengan ngupaya tenanan supaya tetep nduwé iman marang kabar apik, 28 lan kowé babar blas ora bakal wedi karo mungsuh-mungsuhmu. Iki dadi bukti nèk wong-wong kuwi bakal disirnakké, nanging kowé kabèh bakal dislametké, lan bukti iki asalé saka Gusti Allah. 29 Kowé kabèh wis diwènèhi kaurmatan, ora mung kanggo nduwé iman marang Kristus, nanging uga kanggo ngalami kasangsaran demi dhèwèké. 30 Kowé wis ndelok piyé aku berjuang, lan kowé uga berjuang kaya aku, lan saiki kowé krungu nèk aku isih berjuang.
2 Merga kowé kabèh nyawiji karo Kristus, nguwatké siji lan sijiné, nglipur siji lan sijiné merga tresna, perduli karo siji lan sijiné, nduwé katresnan lan welas asih ing antaramu, 2 mula gawénen supaya aku bungah banget nganggo cara nduduhké nèk kowé kabèh nduwé pikiran lan katresnan sing padha, bener-bener nyawiji* lan sak pikiran. 3 Aja seneng padu utawa sombong. Nanging, kowé kudu kanthi andhap asor nganggep wong liya luwih unggul ketimbang kowé, 4 lan gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.
5 Nduwéa sikap lan pikiran iki, yaiku sing padha karo sing diduwèni Kristus Yésus. 6 Senajan dhèwèké kaya Gusti Allah, dhèwèké ora tau mikir kanggo ngrebut kedudukané Gusti Allah supaya isa dadi padha karo Gusti Allah. 7 Dhèwèké ninggalké kabèh sing diduwèni lan dadi kaya budhak. Dhèwèké dadi manungsa. 8 Malah wektu dadi manungsa, dhèwèké ngasorké dhèwèké dhéwé lan manut nganti mati, yaiku mati ing cagak paukuman.* 9 Merga kuwi, Gusti Allah maringi dhèwèké kedudukan sing luwih dhuwur ketimbang sakdurungé, lan kanthi apik ati maringi dhèwèké jeneng sing luwih unggul ketimbang kabèh jeneng liyané, 10 mula kabèh sing ana ing swarga, ing bumi, lan ing ngisor lemah* kudu jèngkèng ing jenengé Yésus, 11 lan kabèh kudu ngakoni ing ngarepé wong akèh nèk Yésus Kristus kuwi Gusti demi kamulyané Gusti Allah, Bapak kita.
12 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé tansah manut wektu aku ana bareng karo kowé, lan saiki kowé luwih manut wektu aku ora ana bareng karo kowé. Mula, terusa ngupaya kanthi rasa wedi lan ngajèni supaya kowé dislametké. 13 Merga, Gusti Allah sing nguwatké kowé, lan maringi kowé pepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kabèh sing Panjenengané senengi. 14 Terusa nindakké sakabèhé tanpa nggrundel utawa padu, 15 supaya kowé murni lan ora salah, dadi anak-anaké Gusti Allah sing tanpa cacad ing antarané generasi sing jahat lan sing ora nindakké apa sing bener. Ing donya iki, kowé sumunar kaya cahya sing padhang, 16 karo terus nggegem kenceng sabda sing marakké urip. Mula, aku nduwé alesan kanggo bungah ing dinané Kristus, merga aku ngerti nèk anggonku mlayu ora tanpa guna lan anggonku nyambut gawé ora tanpa guna. 17 Senajan aku dadi kaya persembahan anggur sing disokké ing ndhuwuré kurbanmu, yaiku tugas suci sing kok tindakké merga kowé nduwé iman, aku ngrasa seneng lan bungah bareng kowé kabèh. 18 Mula, kowé kabèh uga kudu seneng lan bungah bareng aku.
19 Nèk cocog karo pepénginané Gusti Yésus, aku ngarep-arep isa ndang ngutus Timotius marang kowé supaya aku isa dikuwatké wektu krungu kabar bab kowé kabèh. 20 Aku ora nduwé wong liyané manèh sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal kanthi tulus perduli marang kowé kabèh. 21 Kabèh wong liyané padha mikirké kepentingané dhéwé, dudu kepentingané Kristus Yésus. 22 Nanging, kowé ngerti nèk Timotius wis mbuktèkké dhèwèké nyambut gawé kanthi mempeng demi kabar apik bareng karo aku, kaya anak karo bapaké. 23 Mula, aku ngarep-arep supaya aku isa ngutus dhèwèké marang kowé kabèh, sakwisé aku weruh apa sing bakal tak alami mengko. 24 Lan nèk iki cocog karo pepénginané Gusti, aku yakin nèk aku dhéwé ya bakal ndang teka.
25 Nanging saiki, aku mikir nèk aku perlu ngutus Épafroditus marang kowé kabèh. Dhèwèké kuwi sedulurku, kanca sing nyambut gawé bareng aku, kanca sing berjuang bareng aku, sing sakdurungé kok utus kanggo ngurus kebutuhanku. 26 Dhèwèké péngin banget ketemu karo kowé kabèh lan ngrasa sedhih merga kowé kabèh krungu nèk dhèwèké lara. 27 Dhèwèké pancèn lara nganti mèh mati, nanging Gusti Allah nduduhké welas asih marang dhèwèké, sakjané ora mung marang dhèwèké, nanging uga marang aku supaya aku ora tambah sedhih. 28 Dadi aku cepet-cepet ngutus dhèwèké supaya kowé isa bungah wektu ketemu karo dhèwèké lan aku dadi ora pati kuwatir manèh. 29 Mula, tampanen dhèwèké kanthi bungah, kaya sing biasa kok tindakké wektu nampa para pengikuté Gusti, lan terus ajènana sedulur-sedulur sing kaya ngono kuwi, 30 merga dhèwèké nganti mèh mati demi ngabdi marang Kristus.* Dhèwèké toh nyawa kanggo ngurus kebutuhanku, nggantèni kowé merga kowé ora ana ing kéné.
3 Akiré, sedulur-sedulurku, terusa bungah merga Gusti.* Aku ora kesel nulis bab-bab sing padha marang kowé. Iki kanggo nglindhungi kowé.
2 Ngati-atia karo wong-wong bejat.* Ati-ati karo wong-wong jahat. Ati-ati karo wong-wong sing péngin supaya kowé disunat. 3 Kita iki wong sing wis bener-bener disunat, merga kita nindakké tugas suci nganggo bantuané roh suci, bangga merga Kristus Yésus, lan ora ngendelké perkara-perkara jasmani, 4 senajan sakjané aku isa ngendelké perkara-perkara jasmani.
Nèk dibandhingké karo liyané, aku nduwé luwih akèh alesan kanggo ngendelké perkara-perkara jasmani: 5 Aku disunat ing dina kawolu, aku keturunan Israèl saka suku Bényamin, aku wong Ibrani, lan wong tuwaku ya wong Ibrani. Ing bab hukum, aku wong Farisi. 6 Aku semangat banget nganiaya jemaat, lan aku uga tanpa cacad nindakké apa sing bener miturut hukum. 7 Nanging merga Kristus, perkara-perkara sing ndhisik tak anggep nguntungké kanggo aku wis tak anggep dadi perkara-perkara sing nggawé rugi.* 8 Malah, sakjané aku nganggep kabèh perkara kuwi nggawé rugi, merga pangertèn sing aji banget bab Kristus Yésus, Gustiku. Demi dhèwèké aku wis ninggalké sakabèhé lan nganggep kuwi dadi sampah, supaya aku isa cedhak karo Kristus,* 9 lan dikenal dadi wong sing nyawiji karo dhèwèké. Aku dianggep bener karo Gusti Allah, dudu merga aku nindakké hukum Taurat, nanging merga aku nduwé iman marang Kristus. 10 Aku péngin kenal dhèwèké lan ngerti kuwasa sing nguripké dhèwèké saka antarané wong mati. Aku péngin mèlu sengsara kaya dhèwèké lan mati kaya dhèwèké, 11 supaya aku nduwé kesempatan kanggo diuripké luwih dhisik saka antarané wong mati.
12 Aku pancèn durung nampa hadiah kuwi lan durung dadi sampurna, nanging aku terus ngupaya kanggo éntuk hadiah kuwi, merga aku ngerti nèk Kristus wis milih aku kanggo éntuk hadiah kuwi. 13 Sedulur-sedulur, aku ora rumangsa nèk aku wis nampa hadiah kuwi. Nanging, iki sing tak tindakké: Nglalèkké perkara-perkara sing ana ing mburi lan ngupaya éntuk perkara-perkara sing ana ing ngarep. 14 Aku ngupaya tenanan kanggo éntuk hadiah kuwi, yaiku urip ing swarga, sing bakal Gusti Allah paringké marang wong-wong sing diundang Panjenengané liwat Kristus Yésus. 15 Mula, kita kabèh sing diwasa kuduné nduwé cara mikir lan sikap kaya ngono, lan nèk pikiranmu luwih ngarah ing perkara-perkara liyané, Gusti Allah bakal nduduhké marang kowé sikap sing bener. 16 Sing penting, kita terus maju kaya sing wis kita tindakké nganti saiki.
17 Sedulur-sedulur, tirunen aku, lan gatèkna wong-wong sing urip manut karo conto sing wis padha tak wènèhké marang kowé kabèh. 18 Akèh wong sing ngrèmèhké sédané Kristus ing cagak paukuman.* Aku wis kerep nyebutké bab wong-wong kuwi, nanging saiki aku nyebutké bab wong-wong kuwi manèh karo nangis. 19 Pungkasané wong-wong kuwi yaiku disirnakké, lan allahé wong-wong kuwi yaiku wetengé dhéwé. Wong-wong kuwi bangga karo perkara-perkara sing kuduné nggawé wong-wong kuwi isin, lan wong-wong kuwi mung mikirké perkara-perkara ing donya. 20 Nanging, kita iki warga negara swarga, lan kita lagi ngarep-arep juru slamet kita sing ana ing kana, yaiku Gusti Yésus Kristus, 21 sing nduwé kuwasa kanggo nggawé sakabèhé tundhuk marang dhèwèké. Nganggo kuwasa kuwi, dhèwèké bakal ngganti badan kita sing ringkih iki dadi kaya badané sing mulya.
4 Mula sedulur-sedulur sing tak tresnani lan tak kangeni, sing dadi kabungahanku lan mahkotaku, terusa kukuh dadi pengikuté Gusti,* kaya sing tak omongké sakdurungé.
2 Aku tenanan nyuwun supaya Éuodia lan Sintikhé isa nduwé pikiran sing padha wektu ngabdi marang Gusti.* 3 Aku uga nyuwun marang kowé kabèh, para kanca nyambut gawé sing sejati, supaya terus mbantu sedulur-sedulur wadon kuwi, sing wis nyambut gawé mempeng bareng aku demi kabar apik, uga bareng karo Klémen lan kanca-kanca nyambut gawéku sing liyané, sing jenengé ana ing buku kauripan.
4 Terusa bungah merga Gusti.* Sepisan manèh aku kandha: Bungaha! 5 Duduhna sikap masuk akal* marang kabèh wong. Gusti* iku cedhak. 6 Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur, 7 lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu liwat Kristus Yésus.
8 Mula, sedulur-sedulurku, terus pikirna kabèh perkara sing bener, kabèh perkara sing penting, kabèh perkara sing adil ing ngarsané Gusti Allah, kabèh perkara sing murni, kabèh perkara sing pantes ditresnani, kabèh perkara sing pantes diajèni, kabèh perkara sing apik, lan kabèh perkara sing pantes dialem. 9 Terus tindakna perkara-perkara sing kok sinau, kok tampa, kok rungokké, lan kok delok saka aku, supaya Gusti Allah katentreman mberkahi kowé.
10 Merga aku abdiné Gusti,* aku bungah banget merga kowé mulai mikirké aku manèh. Ndhisik, kowé terus mikirké aku nanging kowé ora nduwé kesempatan kanggo nduduhké kuwi. 11 Aku ngomong kaya ngéné dudu merga aku lagi kekurangan, sebab aku wis sinau kanggo ngrasa puas* ing kahanan apa waé. 12 Aku wis ngrasakké kekurangan, uga kalubèran. Ing kahanan apa waé, aku wis sinau rahasiané ngrasa puas, ora soal aku luwé utawa wareg, kalubèran utawa kekurangan. 13 Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah* sing maringi aku kuwasa.
14 Nanging, kowé apikan banget merga wis mbantu aku wektu aku sengsara. 15 Sakjané kowé, yaiku wong-wong Filipi, uga ngerti nèk sakwisé kowé kabèh padha krungu kabar apik kanggo sing sepisanan, wektu aku mangkat saka Makédonia, ora ana jemaat sing mbantu aku lan nampa bantuanku, kejaba kowé kabèh. 16 Merga pas aku ana ing Tésalonika, kowé ngirim bantuan kanggo aku, ora mung ping pisan, nanging ping pindho. 17 Iki dudu tegesé aku ngarep-arep hadiah saka kowé, nanging aku péngin kowé nindakké apa sing apik, sing nggawé kowé éntuk luwih akèh paédah. 18 Nanging, aku nduwé kabèh sing tak butuhké, malah nganti luwih-luwih. Saiki aku ora kekurangan apa-apa sakwisé Épafroditus mènèhké kiriman saka kowé kabèh. Kuwi kaya kurban sing wangi lan nyenengké Gusti Allah. 19 Kuwi sebabé, nganggo kasugihané sing mulya, Gusti Allahku bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu liwat Kristus Yésus. 20 Muga-muga Gusti Allah, Bapak kita, diluhurké saklawas-lawasé. Amin.
21 Wènèhna salamku kanggo saben wong suci sing nyawiji karo Kristus Yésus. Sedulur-sedulur sing ana bareng karo aku uga ngirim salam marang kowé kabèh. 22 Kabèh wong suci, kususé sing ana ing istanané Kaisar, uga padha ngirim salam marang kowé kabèh.
23 Muga-muga semangat sing kok duduhké diberkahi nganggo welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus Kristus.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis mèlu nggawé kabar apik saya maju”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”badanku”.
Lit.: ”ing daging”.
Lit.: ”ing daging”.
Utawa ”Dadia warga negara sing uripé cocog”.
Utawa ”ing sak roh lan sak jiwa”.
Utawa ”dadi sak jiwa”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wong mati sing bakal diuripké manèh.
Utawa mungkin ”demi gawéané Gusti”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”asu-asu”.
Utawa mungkin ”wis tak tinggalké kanthi lila”.
Lit.: ”éntuk Kristus”. Maksudé, nampa berkah merga dadi pengikuté Kristus.
Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”seneng ngalah”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngrasa cukup”.
Lit.: ”panjenengané”.
Deloken Daftar Istilah.