PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Kolose 1:1-4:18
  • Kolose

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kolose
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kolose

SURAT KANGGO JEMAAT ING KOLOSE

1 Aku, Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Timotius sedulur kita, 2 nulis surat iki kanggo para wong suci sing ana ing Kolose, yaiku sedulur-sedulur sing setya, sing nyawiji karo Kristus.

Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita.

3 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah, Bapaké Gusti kita Yésus Kristus, wektu aku ndongakké kowé kabèh, 4 merga aku kabèh krungu bab imanmu marang Kristus Yésus lan katresnan sing kok duduhké marang kabèh wong suci 5 merga pangarep-arep sing wis disiapké kanggo kowé ing swarga. Wektu kowé padha krungu wulangan sing bener, yaiku kabar apik, kowé dadi padha ngerti bab pangarep-arep iki. 6 Kabar apik kuwi wis ngasilké woh lan sumebar ing saklumahing bumi. Kuwi padha kaya sing kelakon ing antaramu wiwit dina kowé krungu lan ngerti tenan sing sakbeneré bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* 7 Kowé kabèh sinau bab kuwi saka Épafras, sedulur kita sing setya lan sing padha tak tresnani, sing ngabdi dadi budhaké Kristus demi aku kabèh. 8 Dhèwèké uga ngandhani aku kabèh bab katresnanmu, sing dihasilké liwat roh suci.

9 Kuwi sebabé, wiwit dina aku krungu bab kuwi, aku kabèh ora mandheg ndongakké kowé kabèh supaya kowé padha nduwé pangertèn sing bener bab kersané Gusti Allah, sarta sakabèhé kawicaksanan lan pemahaman rohani, 10 supaya tumindakmu pantes ing ngarsané Yéhuwah, lan kowé kabèh isa bener-bener nyenengké Panjenengané, lan uga terus nindakké apa sing apik supaya pangertènmu sing bener bab Gusti Allah saya akèh. 11 Aku uga ndonga muga-muga kuwasané Gusti Allah sing mulya nguwatké kowé kabèh, supaya kowé isa tekun ngadhepi sakabèhé kanthi sabar lan bungah. 12 Lan matur nuwun marang Gusti Allah, Bapak kita, merga Panjenengané wis nyiapké kowé kabèh kanggo nampa warisan sing wis dijanjèkké marang para wong suci sing ana ing pepadhang.

13 Panjenengané wis ngetokké kita saka pepeteng* lan mindhah kita menyang kratoné Putrané sing ditresnani. 14 Liwat Putrané kuwi kita dibébaské nganggo tebusan, lan kuwi tegesé dosa-dosa kita diapura. 15 Dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing ora katon, lan dhèwèké kuwi ciptaan sing kapisan.* 16 Merga, kabèh perkara sing ana ing swarga lan ing bumi digawé liwat dhèwèké, kuwi klebu perkara-perkara sing kétok lan sing ora kétok, raja, pemimpin, pamréntah, lan panguwasa. Kabèh perkara liyané digawé liwat dhèwèké lan kanggo dhèwèké. 17 Dhèwèké wis ana sakdurungé kabèh perkara liyané ana, lan liwat dhèwèké kabèh perkara liyané dadi ana, 18 lan dhèwèké kuwi kepalané badan, badan kuwi maksudé jemaat. Dhèwèké kuwi wiwitané samubarang kabèh lan sing sepisanan diuripké manèh* saka antarané wong mati, supaya dhèwèké dadi sing kapisan ing samubarang kabèh, 19 merga Gusti Allah péngin supaya dhèwèké lengkap ing samubarang kabèh. 20 Sakliyané kuwi, Gusti Allah péngin supaya sakabèhé, klebu sing ana ing bumi lan sing ana ing swarga, dirukunké karo Panjenengané liwat getihé putrané, sing wis diecurké ing cagak paukuman.*

21 Mbiyèn, kowé adoh saka Gusti Allah lan dadi mungsuhé, merga kowé mikirké perkara-perkara sing jahat. 22 Nanging, saiki kowé wis dirukunké liwat sédané Putrané sing wis ngurbanké badan jasmaniné, supaya ing ngarsané Gusti Allah kowé dadi suci, tanpa cacad, lan bébas saka tudhuhan. 23 Senajan ngono, kowé kabèh kudu tetep nduwé iman, ngadeg ing ndhuwur pondhasi kuwi lan kukuh, ora disimpangké saka pangarep-arep sing ana ing kabar apik, sing wis kok rungokké, lan sing wis diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit. Aku, Paulus, dadi abdi kanggo martakké kabar apik kuwi.

24 Saiki, aku bungah senajan aku ngalami kasangsaran demi kowé kabèh. Aku ngalami kasangsaran kaya Kristus, nanging aku kudu terus ngrampungké kasangsaran kuwi demi badané Kristus, yaiku jemaat. 25 Aku dadi abdi kanggo jemaat iki, miturut tugas sing wis Gusti Allah paringké marang aku demi kowé kabèh, kanggo saktulusé ati martakké pangandikané Gusti Allah, 26 yaiku rahasia suci sing didhelikké saka donya* jaman mbiyèn lan saka generasi-generasi sakdurungé. Nanging saiki, rahasia kuwi wis disingkapké marang para wong suciné. 27 Marang wong-wong kuwi, Gusti Allah seneng nduduhké ing antarané bangsa-bangsa sepira mulya lan ajiné rahasia suci kuwi, yaiku Kristus nyawiji karo kowé kabèh, sing tegesé kowé kabèh nduwé pangarep-arep kanggo dimulyakké bareng dhèwèké. 28 Kita martakké bab dhèwèké, kita uga ngélikké saben wong lan mulang saben wong nganggo kawicaksanan sing gedhé, supaya kita isa nggawé saben wong sing nyawiji karo Kristus dadi diwasa rohaniné ing ngarsané Gusti Allah. 29 Kanggo tujuan kuwi aku nyambut gawé kanthi mempeng. Aku ngupaya tenanan nganggo kekuwatan sing diparingké Gusti Allah marang aku.

2 Aku péngin kowé kabèh ngerti sepira aboté perjuanganku demi kowé kabèh, demi wong-wong sing ana ing Laodikia, lan demi kabèh wong sing durung tau ketemu aku. 2 Tujuanku yaiku supaya atiné wong-wong kuwi kelipur lan supaya wong-wong kuwi nyawiji ing katresnan. Nganggo cara kuwi, wong-wong kuwi isa nampa kabèh berkah sing aji,* sing dihasilké saka pemahaman sing cetha lan pasti, lan nduwé pangertèn sing bener bab rahasia suciné Gusti Allah, yaiku Kristus. 3 Ing dhèwèké, kesimpen kabèh bandha sing wujudé kawicaksanan lan pangertèn. 4 Aku ngomong kaya ngéné iki supaya ora ana sing isa ngapusi kowé nganggo tembung-tembung licik. 5 Senajan aku ora bareng karo kowé, nanging pikiranku* ana bareng karo kowé. Aku bungah ndelok kowé padha tumata* lan ndelok imanmu sing teguh marang Kristus.

6 Mula, merga kowé wis padha nampa Kristus Yésus, Gusti kita, terusa nyawiji karo dhèwèké. 7 Kaya sing wis padha kok sinaoni, imanmu marang Kristus kudu ngoyod, dibangun ing ndhuwuré dhèwèké, lan dadi mantep. Uga, kowé kudu terus ngucap sokur.

8 Padha ngati-atia supaya ora ana sing njiret* kowé nganggo wulangané manungsa lan cara mikir sing salah sing dhasaré dudu Kristus nanging tradhisiné manungsa lan pathokan dhasar saka donya iki. 9 Pancèn, kabèh sipat-sipaté Gusti Allah lengkap ing Kristus. 10 Dadi, kowé kabèh wis dadi lengkap liwat dhèwèké, yaiku kepalané kabèh pamréntah lan panguwasa. 11 Liwat dhèwèké, kowé uga wis disunat, ora nganggo tangan, nanging nganggo cara mbuwang pepénginané badan sing dosa,* merga ya ngono kuwi carané abdiné Kristus disunat. 12 Kowé kabèh wis dikubur bareng dhèwèké ing baptisané. Merga kowé kuwi pengikuté lan merga kowé padha nduwé iman marang apa sing ditindakké Gusti Allah nganggo kuwasané, kowé diuripké manèh bareng dhèwèké. Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati.

13 Sakliyané kuwi, senajan kowé wis padha mati merga pelanggaranmu lan merga ora disunat, Gusti Allah wis nggawé kowé urip kanggo nyawiji karo Kristus. Panjenengané kanthi apik ati wis ngapurani kabèh pelanggaran kita, 14 lan mbusak hukum Taurat sing nduduhké kesalahan-kesalahan kita. Gusti Allah nyingkirké Hukum kuwi liwat sédané Kristus ing cagak paukuman.* 15 Liwat cagak paukuman kuwi, Panjenengané ngalahké para pamréntah lan panguwasa, lan nduduhké nèk wong-wong kuwi wis dikalahké, nganggo cara ndadèkké wong-wong kuwi tontonan ing ngarepé wong akèh lan nggiring wong-wong kuwi ing pawai kemenangané.

16 Mula, aja nganti ana wong-wong sing ngadili kowé kabèh ing bab mangan lan ngombé, utawa ing bab sawijiné riyaya, utawa ing bab riyaya sasi anyar,* utawa sabat. 17 Kuwi kabèh mung bayangan saka bab-bab sing bakal teka, nanging apa sing saktenané kuwi Kristus. 18 Ngati-atia karo wong sing isa nggawé kowé ora éntuk hadiah, yaiku wong sing éthok-éthok andhap asor lan seneng karo penyembahan marang malaékat, sing ”nggondhèli kenceng”* perkara-perkara sing didelok. Wong kuwi bangga marang perkara-perkara sing ora ana gunané, merga cara mikiré kaya manungsa sing dosa, 19 lan dhèwèké ora ngetutké Kepalané, sing nyedhiakké apa sing dibutuhké badan, lan sing nggawé kabèh anggota badan isa nyawiji kanthi apik, lan liwat Kepala kuwi Gusti Allah nggawé sak badan kuwi dadi saya mundhak gedhé.

20 Nèk kowé wis nolak pathokan dhasar saka donya iki lan mati bareng Kristus, ngapa kok kowé tumindak kaya-kayané isih dadi bagéan saka donya iki? Ngapa kowé isih manut karo préntah ngéné iki: 21 ”Aja nyekel, aja ngicipi, aja ndemèk”? 22 Kabèh préntah kuwi mung perkara-perkara sing bakal sirna sakwisé digunakké, lan kuwi mung préntah lan piwulangé manungsa. 23 Senajan préntah kuwi kétoké wicaksana, nanging ora mbantu wong-wong nolak pepénginané badan sing dosa.* Iki kelakon merga wong-wong padha nemtokké dhéwé carané ngibadah marang Gusti Allah, éthok-éthok andhap asor, lan nyiksa badané dhéwé.

3 Nanging, nèk kowé kabèh wis diuripké manèh bareng Kristus, terusa ngupaya nggayuh perkara-perkara sing ana ing ndhuwur, ing panggonané Kristus lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. 2 Terus arahna pikiranmu marang perkara-perkara sing ana ing ndhuwur, dudu sing ana ing bumi, 3 merga kowé wis padha mati, lan uripmu kabèh ana ing tangané Kristus, cocog karo kersané Gusti Allah. 4 Wektu Kristus, sing nggawé kita urip, nduduhké kamulyané,* kowé uga bakal nduduhké kamulyan bareng karo dhèwèké.

5 Mula, patènana kabèh pepénginané anggota-anggota badanmu, yaiku pepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora sah,* kenajisan, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni, kejahatan, lan keserakahan, sing padha karo penyembahan brahala. 6 Kabèh perkara-perkara kuwi nggawé Gusti Allah murka. 7 Mbiyèn, tumindakmu uga kaya ngono.* 8 Nanging saiki, singkirna perkara-perkara iki saka awakmu, yaiku rasa murka, rasa nesu, bab-bab sing ala, utawa tembung-tembung sing ngrèmèhké, lan aja nganti tembung-tembung sing saru metu saka cangkemmu. 9 Aja padha ngapusi. Singkirna kepribadianmu* sing lawas lan kebiasaanmu sing mbiyèn, 10 lan nganggoa kepribadian sing anyar, sing Gusti Allah paringké wektu kita kenal Panjenengané kanthi luwih apik, supaya kepribadian kita bakal digawé anyar lan dadi saya mirip karo kepribadiané Gusti Allah. 11 Ora ana manèh wong Yunani utawa wong Yahudi, wong disunat utawa wong ora disunat, wong asing utawa wong Skit,* budhak utawa wong merdéka. Nanging, Kristus dadi sakabèhé lan kita kabèh nyawiji karo dhèwèké.

12 Mula, merga kita wong-wong pilihané Gusti Allah, sing suci lan ditresnani, duduhna* katresnan, welas asih, apik ati, andhap asor, watak sing alus, lan sabar. 13 Senajan ana alesan kanggo tersinggung, terusa sabar lan padha ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné. Padha kaya Yéhuwah kanthi tulus ngapurani kowé, tindakna kuwi uga. 14 Nanging sakliyané kuwi kabèh, duduhna* katresnan, merga katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.

15 Uga, muga-muga katentremané Kristus nguwasani atimu,* merga kowé wis padha diundang kanggo dadi sak badan. Lan terusa ngucap sokur. 16 Muga-muga omongané Kristus ngebaki awakmu lan mènèhi kowé kabèh kawicaksanan. Terusa mulang lan nguwatké* siji lan sijiné nganggo mazmur, lagu pamuji kanggo Gusti Allah, lagu-lagu rohani sing dinyanyèkké nganggo rasa sokur,* lan nyanyia kanggo Yéhuwah saka atimu. 17 Apa waé sing kok omongké lan kok tindakké, tindakna kabèh kuwi ing jenengé Gusti Yésus. Liwat dhèwèké, ngucapa sokur marang Gusti Allah, Bapak kita.

18 Para wong wadon, manuta marang bojomu, kaya sing sakmesthiné ditindakké pengikuté Gusti. 19 Para wong lanang, terusa nresnani bojomu, lan aja kasar* marang bojomu. 20 Bocah-bocah, manuta marang wong tuwamu ing kabèh perkara, merga iki nyenengké Gusti. 21 Para bapak, aja nggawé mangkel* anak-anakmu, supaya anak-anakmu ora semplah atiné.* 22 Para budhak, manuta marang majikanmu ing bumi* ing kabèh perkara, ora mung wektu didelok kaya wong sing péngin nyenengké manungsa, nanging tindakna kuwi kanthi tulus ati, lan merga ngajèni* Yéhuwah. 23 Apa waé sing padha kok tindakké, tindakna kuwi kanthi sakwutuhé jiwamu* kaya kanggo Yéhuwah, lan dudu kanggo manungsa, 24 merga kowé padha ngerti nèk saka Yéhuwah kowé bakal nampa opah yaiku warisan. Nyambut gawéa dadi budhak kanggo Kristus, Majikan kita. 25 Wong sing nindakké salah mesthi dihukum miturut kesalahané, merga Gusti Allah ora pilih kasih.

4 Para majikan, tumindaka sing bener lan adil marang budhak-budhakmu, merga kowé dhéwé uga nduwé Majikan ing swarga.

2 Ndongaa kanthi tekun, tetepa sadhar kanggo nindakké kuwi, lan ngucapa sokur. 3 Uga ndongaa kanggo aku kabèh, supaya Gusti Allah maringi aku kabèh kesempatan* kanggo martakké pangandika lan rahasia suci bab Kristus, sing merga kuwi aku dipenjara, 4 lan supaya aku isa martakké kanthi cetha, kaya sing sakmesthiné.

5 Terusa tumindak wicaksana marang wong-wong sing dudu bagéan saka jemaat, lan gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik.* 6 Omonganmu kudu tansah nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah, supaya kowé ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.

7 Tikhikus, sedulur sing tak tresnani, budhak sing setya nglayani Gusti kaya kita, bakal ngandhani kowé kabèh kabar bab aku. 8 Aku ngutus dhèwèké marang kowé supaya kowé padha ngerti kahanané aku kabèh, lan supaya dhèwèké isa nglipur atimu. 9 Dhèwèké bakal teka bareng Onésimus, sedulur sing setya lan sing tak tresnani, sing sak dhaérah karo kowé. Wong loro kuwi bakal nyritakké kabèh sing kelakon ing kéné marang kowé.

10 Aristarkhus, sing dipenjara bareng aku, ngirim salam marang kowé kabèh, semono uga Markus sepupuné Barnabas (bab Markus, kowé wis nampa arahan kanggo nampa dhèwèké wektu teka marang kowé), 11 uga Yésus sing disebut Yustus. Kabèh sedulur kuwi wong Yahudi.* Mung sedulur-sedulur kuwi sing nyambut gawé bareng karo aku demi Kratoné Allah, lan sedulur-sedulur kuwi dadi sumber panglipuran kanggoku. 12 Épafras, budhaké Kristus Yésus sing asalé saka dhaérahmu, uga ngirim salam marang kowé kabèh. Dhèwèké tansah ndonga kanthi tenanan kanggo kowé kabèh, supaya kowé akiré tetep dadi wong sing diwasa* lan nduwé keyakinan sing kukuh marang kabèh kersané Gusti Allah. 13 Aku mènèhi kesaksian nèk dhèwèké mempeng nyambut gawé demi kowé lan demi sedulur-sedulur ing Laodikia lan Hiérapolis.

14 Lukas, dokter sing kita tresnani, uga Démas, ngirim salam marang kowé kabèh. 15 Wènèhna salamku marang sedulur-sedulur ing Laodikia, marang sedulur wadon Nimfa, lan marang jemaat sing ngibadah ing omahé. 16 Sakwisé surat iki diwacakké marang kowé, aturen uga supaya surat iki diwacakké marang jemaat Laodikia, lan kowé uga kudu maca surat sing tak kirimké marang jemaat Laodikia. 17 Sakliyané kuwi, kandhanana Arkhipus, ”Gatèkna tugas pelayanan sing kok tampa merga dadi pengikuté Gusti, supaya kowé isa ngrampungké kuwi.”

18 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé. Élinga marang aku sing saiki lagi dipenjara. Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké.*

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wis nylametké kita saka kuwasané pepeteng”.

Lit.: ”sing mbarep”.

Lit.: ”sing mbarep”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nampa kasugihan”.

Lit.: ”rohku”.

Utawa ”tertib”.

Utawa ”sing ndadèkké kowé tawanan”.

Utawa ”pepénginan daging”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”bulan anyar”.

Dicuplik saka omongan sing diucapké anggota anyar ing ritual agama kafir.

Utawa ”pepénginan daging”.

Lit.: ”dadi nyata”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kowé uga mlaku kaya ngono”.

Lit.: ”kamanungsanmu”.

Wong Skit kuwi wong-wong sing isih primitif.

Utawa ”nganggoa”.

Utawa ”nganggoa”.

Utawa ”ngendhalèni atimu”.

Utawa ”mènèhi naséhat marang”.

Utawa ”sing nyenengké”.

Utawa ”aja seneng nesu”.

Utawa ”aja marahi nesu”.

Utawa ”ora cilik ati”.

Lit.: ”ing daging”.

Lit.: ”wedi marang”.

Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”lawang”.

Lit.: ”lan tukunen kabèh wektu sing ana”.

Lit.: ”wong sing disunat”.

Utawa ”sing lengkap”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim