PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 1 Tésalonika 1:1-5:28
  • 1 Tésalonika

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Tésalonika
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
1 Tésalonika

SURAT KAPISAN KANGGO JEMAAT ING TÉSALONIKA

1 Saka Paulus, Silvanus,* lan Timotius kanggo jemaat Tésalonika sing nyawiji karo Gusti Allah, Bapak kita, lan karo Gusti Yésus Kristus:

Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman.

2 Aku kabèh tansah ngucap sokur marang Gusti Allah saben ndongakké kowé kabèh, 3 merga ing ngarsané Gusti Allah, Bapak kita, aku kabèh tansah éling piyé kowé kabèh mempeng nyambut gawé merga iman lan katresnan, lan piyé kowé kabèh padha tekun merga pangarep-arepmu marang Gusti kita Yésus Kristus. 4 Sedulur-sedulur sing ditresnani Gusti Allah, aku kabèh ngerti nèk Panjenengané wis milih kowé, 5 merga kabar apik sing padha tak wartakké marang kowé ora mung nganggo omongan, nanging uga nganggo kuwasa, nganggo roh suci, lan nganggo keyakinan sing kuwat. Kowé dhéwé padha ngerti apa sing wis padha tak tindakké kanggo kepentinganmu. 6 Kowé padha niru aku kabèh lan padha niru Gusti, merga kowé padha nampa pangandikané Gusti Allah kanthi rasa bungah sing asalé saka roh suci, senajan kowé ngalami akèh kasangsaran. 7 Kuwi sebabé, kowé dadi tuladha kanggo kabèh pengikuté Yésus ing Makédonia lan Akhaya.

8 Sakjané, ora mung wong-wong ing Makédonia lan Akhaya sing wis krungu pangandikané Yéhuwah liwat kowé, nanging ing ngendi-endi wong-wong wis padha krungu bab imanmu marang Gusti Allah, mula aku kabèh ora perlu ngomong apa-apa manèh. 9 Wong-wong kuwi kerep nyritakké bab piyé kita sepisanan ketemu, lan piyé kowé wis padha ninggalké brahala-brahalamu lan dadi budhak kanggo Gusti Allah sing urip lan bener. 10 Wong-wong kuwi uga nyritakké anggonmu ngentèni tekané Putrané Gusti Allah saka swarga, yaiku Yésus, sing wis Panjenengané uripké manèh saka antarané wong mati, lan sing nylametké kita saka murkané Gusti Allah sing bakal teka.

2 Sedulur-sedulur, kowé dhéwé mesthi padha ngerti nèk kunjunganku marang kowé ana hasilé. 2 Senajan wiwitané aku kabèh wis ngalami kasangsaran lan dirèmèhké ing Filipi kaya sing padha kok ngertèni, Gusti Allah kita wis nggawé aku kendel* kanggo martakké kabar apik bab Gusti Allah marang kowé, senajan ngadhepi akèh tentangan.* 3 Aku kabèh ora mènèhi naséhat nganggo pikiran sing salah, utawa nganggo niat jahat, utawa nganggo cara ngapusi, 4 nanging merga Gusti Allah wis nganggep aku kabèh cocog lan dipercaya kanggo martakké kabar apik, aku kabèh ngomong, dudu kanggo nyenengké manungsa, nanging kanggo nyenengké Gusti Allah, sing mriksa atiné aku kabèh.

5 Kowé padha ngerti nèk aku kabèh ora tau nggunakké tembung-tembung sing tujuané mung kanggo nyenengké wong utawa éthok-éthok apik merga nduwé niat sing srakah. Gusti Allah seksiné! 6 Aku kabèh uga ora tau nggolèk kamulyan saka manungsa, saka kowé utawa wong liya, senajan aku kabèh isa waé mbebani kowé nganggo ragad sing gedhé merga aku kabèh rasulé Kristus. 7 Nanging aku kabèh tumindak alus marang kowé, kaya ibu sing nyusoni lan kanthi alus ngopèni* bayiné. 8 Merga aku kabèh bener-bener nresnani kowé, aku kabèh seneng* martakké kabar apik bab Gusti Allah marang kowé, lan aku kabèh lila masrahké uripku* kanggo mbantu kowé.

9 Sedulur-sedulur, kowé mesthi padha éling nèk aku kabèh wis mempeng nyambut gawé lan ngupaya kanthi tenanan. Aku kabèh nyambut gawé awan lan bengi supaya ora mbebani sapa waé ing antaramu nganggo ragad sing gedhé, wektu aku kabèh martakké kabar apik bab Gusti Allah marang kowé. 10 Kowé kabèh lan Gusti Allah dadi seksi nèk aku kabèh tumindak setya, bener, lan ora nindakké kesalahan marang kowé, yaiku para pengikuté Gusti. 11 Kowé ngerti tenan piyé aku kabèh terus mènèhi naséhat, nguwatké, lan mènèhi kesaksian marang saben wong ing antaramu, kaya bapak marang anak-anaké, 12 supaya tumindakmu tansah nyenengké Gusti Allah, sing wis ngundang kowé kanggo mlebu ing Kratoné lan nampa kamulyan saka Panjenengané.

13 Kuwi sebabé, aku kabèh uga ora mandheg kanggo ngucap sokur marang Gusti Allah, merga wektu kowé krungu pangandikané Gusti Allah saka aku kabèh, kowé ora nganggep kuwi omongané manungsa, nanging nganggep kuwi bener-bener pangandikané Gusti Allah, sing mbantu kowé kabèh yaiku para pengikuté Gusti. 14 Sedulur-sedulur, kowé wis niru jemaaté Gusti Allah ing Yudéa sing nyawiji karo Kristus Yésus, merga kowé dianiaya karo wong-wong sing sakbangsa karo kowé, kaya sedulur-sedulur kuwi uga dianiaya karo wong-wong Yahudi, 15 sing malah matèni Gusti Yésus lan para nabi sarta nganiaya aku kabèh. Wong-wong kuwi ora nyenengké Gusti Allah lan apa sing ditindakké wong-wong kuwi ora ana gunané kanggo sapa waé. 16 Aku kabèh martakké marang bangsa-bangsa liya supaya wong-wong kuwi padha dislametké, nanging wong-wong Yahudi kuwi ngupaya ngalang-alangi aku kabèh. Nganggo cara kuwi, wong-wong Yahudi kuwi terus nindakké akèh dosa, nanging akiré wong-wong kuwi bakal ngrasakké murkané Gusti Allah.

17 Sedulur-sedulur, kita pisah kanggo sawetara wektu, nanging kita tetep cedhak ing ati. Merga aku kabèh péngin banget ketemu karo kowé, aku kabèh ngupaya tenanan kanggo ketemu langsung karo kowé.* 18 Mula, aku kabèh péngin marani kowé. Aku, Paulus, wis ngupaya ora mung ping pisan nanging ping pindho. Senajan ngono, Sétan ngalang-alangi dalanku. 19 Nèk dudu kowé, sapa sing bakal dadi pangarep-arepku utawa kabungahanku utawa mahkotaku sing tak banggakké ing ngarepé Gusti Yésus ing mangsa rawuhé? 20 Kowé sing dadi kamulyan lan kabungahan kanggo aku kabèh.

3 Mula, wektu aku kabèh ora isa ngempet rasa kangenku, aku kabèh mutuské luwih becik tetep manggon ing Athéna, 2 lan ngutus Timotius marang kowé. Dhèwèké kuwi sedulur kita lan abdiné* Gusti Allah sing martakké kabar apik bab Kristus, kanggo nguwatké lan nglipur kowé kabèh demi imanmu, 3 supaya ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing dadi goyah merga kasangsaran-kasangsaran iki. Kowé dhéwé wis padha ngerti nèk kita ora isa nyingkiri kasangsaran kaya ngono kuwi.* 4 Wektu isih bareng karo kowé, aku kabèh wis kerep ngandhani kowé sakdurungé, nèk kita bakal ngalami kasangsaran. Lan kaya sing wis kok ngertèni, yakuwi sing kelakon. 5 Mula, wektu aku saya ora isa ngempet rasa kangenku, aku ngirim Timotius marang kowé supaya aku isa ngerti bab kasetyanmu, merga aku kuwatir nèk kowé kabèh wis padha kegodha karo Iblis,* lan nggawé upayaku sing mempeng dadi tanpa guna.

6 Nanging, saiki Timotius lagi waé bali marang aku kabèh sakwisé nemoni kowé lan dhèwèké nggawa kabar sing apik bab kasetyan lan katresnanmu. Dhèwèké crita nèk kowé kabèh tansah éling bab-bab sing apik saka aku kabèh, lan nèk kowé kabèh péngin banget ndang ketemu aku, padha kaya aku. 7 Kuwi sebabé sedulur-sedulur, ing sajroné kabèh kasusahan* lan kasangsaranku, aku kabèh kelipur merga kowé lan kasetyan sing kok duduhké. 8 Aku kabèh dadi kuwat manèh* nèk kowé kabèh terus kukuh dadi pengikuté Gusti. 9 Merga, piyé ta carané aku kabèh isa nduduhké rasa sokurku marang Gusti Allah merga kowé, lan merga kabèh kabungahan sing padha tak rasakké ing ngarsané Gusti Allah merga kowé? 10 Awan lan bengi aku kabèh nyuwun tenanan marang Gusti Allah supaya isa ketemu langsung karo kowé kabèh* lan mbantu mènèhi apa sing kok butuhké kanggo nguwatké imanmu.

11 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapak kita, lan Gusti kita Yésus maringi dalan kanggo aku kabèh supaya isa marani kowé. 12 Muga-muga Gusti nggawé katresnanmu marang para sedulur seiman lan marang kabèh wong saya gedhé lan lubèr, padha kaya katresnanku marang kowé kabèh, 13 nganggo cara iki atimu bakal kuwat, tanpa cacad, lan suci ing ngarsané Gusti Allah, Bapak kita, ing mangsa rawuhé Gusti kita Yésus bareng karo para wong suciné.

4 Akiré, sedulur-sedulur, saksuwéné iki tumindakmu wis nyenengké Gusti Allah, cocog karo arahan sing wis tak wènèhké. Nanging nganggo jenengé Gusti Yésus, aku njaluk lan nyuwun kanthi tenanan supaya kowé kabèh terus nindakké kuwi kanthi luwih mempeng, 2 merga kowé wis ngerti arahan* sing tak wènèhké marang kowé nganggo jenengé Gusti Yésus.

3 Iki sing dadi kersané Gusti Allah yaiku supaya kowé dadi suci lan nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah.* 4 Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé supaya tetep suci lan aji. 5 Kowé aja nganti niru bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah, sing nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan ora tau puas. 6 Ora ana sing éntuk nglanggar bates lan nggawé rugi seduluré ing bab iki, merga Yéhuwah ngukum wong sing nindakké kuwi. Aku kabèh wis ngandhani kowé bab iki sakdurungé lan kanthi tegas wis ngélikké kowé. 7 Gusti Allah wis ngundang kita supaya kita dadi suci, dudu supaya kita dadi najis. 8 Dadi, wong sing nolak bab iki dudu nolak manungsa, nanging nolak Gusti Allah, sing wis maringi roh suciné marang kowé kabèh.

9 Bab katresnan paseduluran, aku kabèh ora perlu nulis manèh marang kowé, merga kowé dhéwé wis diwulang Gusti Allah supaya padha nresnani siji lan sijiné. 10 Sakjané, saiki kowé wis nindakké kuwi marang kabèh sedulur ing Makédonia. Nanging sedulur-sedulur, aku kabèh nyuwun supaya kowé terus nindakké kuwi kanthi luwih mempeng. 11 Cocog karo arahan sing wis padha tak wènèhké, upayakna sak isa-isané kanggo urip kanthi tenang, ora mèlu-mèlu nyampuri urusané wong liya, lan mempeng nyambut gawé, 12 supaya wong-wong sing dudu bagéan saka jemaat Kristen isa ndelok nèk kowé kabèh tumindak kanthi apik lan ora kekurangan apa-apa.

13 Sakliyané kuwi, sedulur-sedulur, aku kabèh péngin supaya kowé padha ngerti bab wong-wong sing wis mati,* supaya rasa sedhihmu ora kaya wong-wong sing ora nduwé pangarep-arep. 14 Kita nduwé iman nèk Yésus wis séda lan urip manèh, mula kita uga nduwé iman nèk wong sing wis mati* merga dadi pengikuté Yésus bakal diuripké manèh karo Gusti Allah lan digawa bareng karo Yésus. 15 Aku kabèh ngandhani kowé manut karo pangandikané Yéhuwah, yaiku nèk kita sing isih urip nganti rawuhé Gusti ora bakal ndhisiki wong-wong sing wis mati* kuwi, 16 merga Gusti dhéwé bakal mudhun saka swarga lan mènèhi préntah nganggo swarané pemimpin malaékat lan trompèté Gusti Allah, lan wong-wong mati sing nyawiji karo Kristus bakal urip luwih dhisik. 17 Sakwisé kuwi, kita sing isih urip bakal digawa munggah bareng karo wong-wong kuwi ing méga-méga kanggo ketemu karo Gusti ing langit, mula kita bakal tansah bareng karo Gusti. 18 Dadi, terusa nglipur siji lan sijiné nganggo tembung-tembung iki.

5 Sedulur-sedulur, bab wektu lan mangsa sing wis ditemtokké kuwi, ora ana sing perlu tak tulis kanggo kowé, 2 merga kowé dhéwé padha ngerti tenan nèk dinané Yéhuwah bakal teka persis kaya maling ing wayah wengi. 3 Wektu wong-wong padha kandha, ”Tentrem lan aman!” banjur wong-wong kuwi bakal disirnakké. Cilaka iki bakal teka dadakan ngenani wong-wong kuwi, kaya rasa larané wong wadon sing mbobot sing arep nglairké, lan wong-wong kuwi mesthi ora bakal isa luput. 4 Nanging kowé, sedulur-sedulur, kowé kabèh ora ana ing pepeteng. Mula wektu dina kuwi teka, kowé ora bakal kagèt kaya maling sing kagèt wektu ngerti dinané wis padhang, 5 merga kowé kabèh kuwi anak-anaké pepadhang lan anak-anaké awan. Kita ora ana ing wayah wengi utawa ing pepeteng.

6 Mula, kita aja turu kaya sing liyané, nanging ayo kita tetep tangi lan sadhar. 7 Wong sing turu, biasané turu ing wayah wengi, lan wong sing mabuk uga mabuk ing wayah wengi. 8 Nanging, merga kita iki anak-anaké awan, ayo kita tetep sadhar lan nganggo tutup dhadha yaiku iman lan katresnan, uga topi wesi, yaiku pangarep-arep keslametan, 9 merga Gusti Allah ora milih kita kanggo ngukum kita, nanging Panjenengané milih kita supaya kita dislametké liwat Gusti kita Yésus Kristus, 10 sing wis séda demi kita. Nganggo cara kuwi, ora soal kita tetep tangi utawa turu,* kita isa urip bareng karo dhèwèké. 11 Mula, terusa padha nggedhèkké ati* lan nguwatké siji lan sijiné kaya sing lagi padha kok tindakké.

12 Saiki aku nyuwun marang kowé, sedulur-sedulur, ajènana wong-wong sing wis padha kerja mempeng ing antaramu, sing mimpin kowé kabèh ing bab anggonmu ngabdi marang Gusti, lan sing mènèhi naséhat marang kowé. 13 Duduhna nèk kowé kabèh bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi. Upayakna kanggo tetep rukun karo siji lan sijiné. 14 Nanging aku nyuwun, sedulur-sedulur, élikna* wong-wong sing ora tertib, omongna tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati,* bantunen wong sing ringkih, lan sabara marang kabèh wong. 15 Aja ana sing mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé. Nanging terus upayakna nindakké apa sing apik marang sedulur seiman lan marang kabèh wong.

16 Tansah padha bungaha. 17 Terusa ndonga. 18 Ngucapa sokur ing bab apa waé. Kuwi kersané Gusti Allah kanggo para pengikuté Kristus Yésus. 19 Aja ngalang-alangi panggawéné roh suci ing kowé.* 20 Aja ngrèmèhké ramalan. 21 Priksanen kabèh perkara, pastèkna endi sing bener, lan terus tindakna kuwi. 22 Aja nindakké kejahatan apa waé.

23 Muga-muga Gusti Allah katentreman nggawé kowé kabèh bener-bener suci. Lan muga-muga roh, jiwa,* lan badanmu sakabèhé ora cacad ing mangsa rawuhé Gusti kita Yésus Kristus. 24 Panjenengané sing ngundang kowé kuwi setya, lan Panjenengané mesthi bakal nindakké kuwi.

25 Sedulur-sedulur, terusa ndonga kanggo aku kabèh.

26 Tampanana kabèh sedulur kanthi ramah.*

27 Aku nyuwun tenanan marang kowé nganggo jenengé Gusti supaya surat iki diwacakké marang kabèh sedulur.

28 Muga-muga kowé kabèh terus nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti kita Yésus Kristus.

Maksudé, Silas.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kuwat”.

Utawa mungkin ”senajan kudu berjuang”.

Utawa ”lan sayang karo”.

Utawa ”nduwé tékad kanggo”.

Utawa ”jiwaku”.

Lit.: ”kanggo ndelok wajahmu”.

Utawa mungkin ”kanca nyambut gawéné”.

Utawa ”kita wis ditemtokké kanggo ngalami iki”.

Utawa ”Panggodha kuwi”.

Utawa ”kekurangan”.

Lit.: ”Aku kabèh urip”.

Lit.: ”isa ndelok wajahmu”.

Utawa ”préntah”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”turu ing pati”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Utawa ”nglipur”.

Utawa ”wènèhana naséhat kanthi tegas marang”.

Lit.: ”jiwané cilik”.

Lit.: ”Aja matèni geniné roh suci”.

Utawa ”urip”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”nganggo ambungan suci”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim