SURAT KAPINDHO KANGGO JEMAAT ING TÉSALONIKA
1 Saka Paulus, Silvanus,* lan Timotius, kanggo jemaat Tésalonika sing nyawiji karo Gusti Allah, Bapak kita, lan karo Gusti Yésus Kristus:
2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.
3 Sedulur-sedulur, aku kabèh wajib tansah ngucap sokur marang Gusti Allah tumrap kowé kabèh. Iki wis sakmesthiné, merga imanmu saya kuwat lan kowé saya nresnani siji lan sijiné. 4 Mula, aku kabèh bangga nyritakké bab kowé kabèh marang jemaat-jemaaté Gusti Allah, merga kowé kabèh tetep tekun lan nduwé iman wektu ngalami akèh aniaya lan kasusahan.* 5 Kuwi bukti nèk keputusané Gusti Allah pancèn bener, lan kuwi nggawé kowé dianggep pantes kanggo mlebu ing Kratoné Allah, sing merga kuwi kowé saiki ngalami sengsara.
6 Merga Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané bakal maringi hukuman marang wong-wong sing nggawé kowé sengsara. 7 Nanging, kowé kabèh sing ngalami kasangsaran bakal dibébaské bareng karo aku kabèh, wektu Gusti Yésus nduduhké kuwasané saka swarga bareng karo para malaékaté sing kuwat 8 ing geni sing mulad-mulad, kanggo ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora manut kabar apik bab Gusti kita Yésus. 9 Wong-wong kuwi bakal dihukum yaiku disirnakké saklawasé, disingkirké saka ngarsané Gusti lan saka kuwasané sing mulya, 10 wektu dhèwèké teka kanggo dimulyakké bareng karo para wong suciné, lan supaya kabèh wong sing nduwé iman padha nggumun marang dhèwèké, klebu kowé kabèh, merga kowé nduwé iman marang kesaksian sing padha tak wènèhké marang kowé.
11 Mula, aku kabèh tansah ndonga kanggo kowé, supaya Gusti Allah kita nganggep kowé kabèh pantes nampa undangan sing wis Gusti Allah paringké, lan supaya nganggo kuwasané, Panjenengané nyampurnakké kabèh bab sing apik sing dadi kersané lan kabèh sing padha kok tindakké merga iman. 12 Iki supaya jenengé Gusti kita Yésus isa dimulyakké liwat kowé, lan kowé dimulyakké merga nyawiji karo dhèwèké, cocog karo welas asih sing nggumunké* saka Gusti Allah kita lan saka Gusti Yésus Kristus.
2 Nanging, sedulur-sedulur, bab rawuhé* Gusti kita Yésus Kristus, lan kapan kita bakal diklumpukké kanggo bareng karo dhèwèké, aku kabèh nyuwun 2 supaya kowé aja cepet bingung utawa dadi ora tenang menawa ana kabar nèk dinané Yéhuwah wis teka, senajan kabar kuwi kétoké saka Gusti Allah,* utawa kowé krungu saka wong liya, utawa kowé maca ing surat sing kétoké saka aku kabèh.
3 Kowé aja disasarké* karo sapa waé lan nganggo cara apa waé, merga dina kuwi ora bakal teka sakdurungé ana kemurtadan lan sakdurungé manungsa sing nglanggar hukum disingkapké, yaiku wong sing pancèn bakal disirnakké.* 4 Dhèwèké kuwi mungsuh, lan nganggep dhèwèké luwih unggul ketimbang kabèh sing disebut allah utawa sing disembah* karo wong-wong, mula dhèwèké lungguh ing baité Gusti Allah lan nduduhké ing ngarepé wong akèh nèk dhèwèké kuwi sawijiné allah. 5 Apa kowé ora kèlingan nèk wektu aku isih bareng karo kowé, aku kerep ngomongké iki marang kowé?
6 Saiki kowé ngerti sapa wong sing ngalang-alangi manungsa sing nglanggar hukum supaya ora disingkapké sakdurungé wektuné. 7 Sakjané, pelanggarané sing didhelikké lagi ditindakké, nanging kuwi didhelikké mung nganti wong sing ngalang-alangi wis ora ana manèh. 8 Sakwisé kuwi, manungsa sing nglanggar hukum iki bakal disingkapké. Dhèwèké bakal disirnakké karo Gusti Yésus nganggo napas saka tutuké lan disirnakké wektu rawuhé Gusti dadi nyata. 9 Manungsa sing nglanggar hukum kuwi teka merga Sétan, sing mènèhi dhèwèké kuwasa kanggo nindakké kabèh perkara sing nggumunké, mukjijat* sing ngapusi, perkara-perkara ajaib, 10 lan kabèh tumindak ngapusi sing licik. Kabèh kuwi nyasarké wong-wong sing bakal sirna, sing dihukum merga ora saktulusé ati nampa wulangan sing bener sing isa nylametké wong-wong kuwi. 11 Kuwi sebabé Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi disasarké nganggo wulangan palsu, mula wong-wong kuwi percaya karo tembung-tembung sing ngapusi, 12 supaya wong-wong kuwi isa dihukum merga ora percaya marang apa sing bener nanging padha seneng marang apa sing salah.
13 Senajan ngono, aku kabèh wajib tansah ngucap sokur marang Gusti Allah tumrap kowé kabèh, sedulur-sedulur sing ditresnani Yéhuwah, merga saka wiwitan Gusti Allah wis milih kowé kanggo dislametké. Panjenengané nyucèkké kowé nganggo roh suciné merga kowé nduwé iman marang apa sing bener. 14 Panjenengané milih* kowé liwat kabar apik sing padha tak wartakké, supaya kowé isa dimulyakké kaya Gusti kita Yésus Kristus. 15 Mula sedulur-sedulur, terusa kukuh lan terusa manut karo bab-bab* sing wis diwulangké marang kowé nganggo cara lisan utawa liwat surat saka aku kabèh. 16 Muga-muga Gusti Yésus Kristus lan Gusti Allah, Bapak kita, sing nresnani kita lan mènèhi panglipuran sing langgeng lan pangarep-arep sing apik merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* 17 nglipur atimu lan nggawé kowé teguh,* supaya kowé tansah nindakké lan ngomongké apa sing apik.
3 Akiré, sedulur-sedulur, terusa ndonga kanggo aku kabèh, supaya pangandikané Yéhuwah terus nyebar kanthi cepet lan dimulyakké ing antarané wong-wong, kaya sing kelakon ing antaramu, 2 lan supaya aku kabèh dislametké saka wong-wong sing jahat lan kejem, merga iman kuwi dudu duwèké kabèh wong. 3 Nanging Gusti kuwi setya, lan dhèwèké bakal nguwatké kowé lan nglindhungi kowé kabèh saka Sétan.* 4 Sakliyané kuwi, aku kabèh yaiku para pengikuté Gusti, yakin nèk kowé lagi padha nindakké lan bakal terus nindakké arahan saka aku kabèh. 5 Muga-muga Gusti terus nuntun atimu supaya kowé padha nresnani Gusti Allah lan tekun demi Kristus.
6 Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, saiki aku kabèh péngin mènèhi kowé arahan iki: Edohana sedulur-sedulur sing ora tertib lan ora manut arahan* sing kok tampa* saka aku kabèh. 7 Merga kowé dhéwé wis padha ngerti piyé carané kudu niru aku kabèh. Wektu bareng karo kowé, aku kabèh ora tumindak kaya wong sing ora tertib. 8 Aku ya ora tau njaluk-njaluk panganan tanpa mbayar.* Nanging, aku kabèh padha mempeng nyambut gawé lan ngupaya kanthi tenanan awan lan bengi supaya aku ora mbebani sapa waé ing antaramu nganggo ragad sing gedhé. 9 Senajan nduwé hak, nanging aku kabèh ora gelem kaya ngono, merga aku kabèh péngin dadi conto kanggo kok tiru. 10 Malah, wektu ana bareng karo kowé, aku kabèh tau mènèhi préntah iki: ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.” 11 Merga aku krungu nèk ana wong-wong ing antaramu sing ora tertib, sing babar blas ora nyambut gawé nanging seneng nyampuri urusané wong liya. 12 Marang wong-wong kaya ngono kuwi, aku mènèhi préntah lan naséhat sing tegas nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, yaiku supaya wong-wong kuwi ngurusi urusané dhéwé lan mangan saka hasil nyambut gawéné dhéwé.
13 Nanging sedulur-sedulur, kowé kabèh aja padha nyerah nindakké apa sing apik. 14 Nèk ana sing ora manut karo arahan sing tak wènèhké liwat surat iki, tandhanana wong kuwi lan aja srawung manèh karo dhèwèké, supaya dhèwèké isin. 15 Nanging, aja nganggep dhèwèké kuwi mungsuh. Sewaliké, terus wènèhana naséhat kaya sedulur.
16 Muga-muga Gusti katentreman tansah maringi kowé katentreman ing samubarang. Muga-muga Gusti mberkahi kowé kabèh.
17 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé. Tulisan tangan iki dadi tandha ing saben suratku, sing nduduhké nèk kabèh surat iki saka aku.
18 Muga-muga kowé padha terus nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti kita Yésus Kristus.
Maksudé, Silas.
Deloken Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kasangsaran”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken ”Rawuh” ing Daftar Istilah.
Utawa ”liwat roh”. Deloken ”Roh” ing Daftar Istilah.
Utawa ”aja kegodha”.
Lit.: ”putra karusakan”.
Utawa ”dipuja”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”ngundang”.
Lit.: ”tradhisi”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kuwat”.
Lit.: ”si jahat”.
Utawa ”tradhisi”.
Utawa mungkin ”sing wong-wong kuwi tampa”.
Utawa ”gratis”.
Deloken Daftar Istilah.