SURAT KAPISAN KANGGO TIMOTIUS
1 Saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut préntahé Gusti Allah, Juru Slamet kita, lan Kristus Yésus, pangarep-arep kita, 2 marang Timotius,* sedulur seiman sing kaya anakku dhéwé.
Muga-muga kowé nampa welas asih sing nggumunké,* welas asih, lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Kristus Yésus, Gusti kita.
3 Kaya ndhisik, wektu aku arep mangkat menyang Makédonia, aku tau njaluk supaya kowé tetep manggon ing Éfésus, saiki aku uga njaluk marang kowé kanggo nindakké sing padha, supaya kowé isa ngélikké sapérangan wong bèn ora nyebarké ajaran palsu, 4 utawa nggatèkké crita-crita palsu lan silsilah. Kabèh perkara kuwi ora ana gunané lan mung marahi wong-wong ngomongké perkara-perkara sing ora isa dibuktèkké, lan ora ana hubungané karo apa sing wis disedhiakké Gusti Allah kanggo nguwatké iman. 5 Sakjané, arahan* iki diwènèhké supaya kita nduwé katresnan sing asalé saka ati sing suci, saka hati nurani sing apik, lan saka iman sing tulus.* 6 Perkara-perkara iki ditolak karo sapérangan wong. Mula wong-wong kuwi dadi kesasar ing omongan sing ora ana gunané. 7 Wong-wong kuwi péngin dadi guru hukum, padahal sakjané wong-wong kuwi dhéwé ora ngerti apa sing wong-wong kuwi omongké utawa wulangké kanthi yakin tenan.
8 Kita ngerti nèk hukum Taurat kuwi apik nèk ditindakké nganggo cara sing bener, 9 merga hukum digawé ora kanggo wong sing bener, nanging kanggo wong-wong sing seneng nglanggar hukum lan seneng nglawan, sing ora ngajèni Gusti Allah lan sing nindakké dosa, sing ora setya* lan ngrèmèhké perkara-perkara suci, sing matèni bapaké, ibuné, lan wong liya, 10 wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong lanang sing nindakké homosèks,* tukang nyulik, tukang ngapusi, wong sing nglanggar sumpah,* lan wong sing nindakké apa waé sing ora cocog karo wulangan sing bener.* 11 Wulangan iki asalé saka Gusti Allah sing bungah, miturut kabar apik sing mulya sing wis dipercayakké marang aku.
12 Aku ngucap sokur marang Kristus Yésus Gusti kita, sing mènèhi aku kuwasa, merga dhèwèké nganggep aku setya nganggo cara mènèhi aku tugas pelayanan iki, 13 senajan ndhisik aku wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan sombong banget. Aku nampa welas asih, merga wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan merga aku ora nduwé iman. 14 Nanging Gusti* kita nduduhké marang aku welas asihé sing nggumunké* kanthi lubèr, lan aku wis nampa iman lan katresnan sing asalé saka Kristus Yésus. 15 Omongan iki isa dipercaya lan bener-bener pantes ditampa: Kristus Yésus teka menyang donya kanggo nylametké wong-wong sing dosa. Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa. 16 Senajan ngono, aku nampa welas asih. Mula liwat aku, yaiku wong sing paling dosa iki, Kristus Yésus isa nduduhké kabèh kesabarané nganggo cara ndadèkké aku conto kanggo wong-wong sing bakal nduwé iman marang dhèwèké supaya isa éntuk urip saklawasé.
17 Muga-muga Raja sing langgeng, yaiku Gusti Allah sing ésa, sing ora isa sirna, lan sing ora kétok, dihormati lan diluhurké saklawas-lawasé. Amin.
18 Préntah* iki tak percayakké marang kowé Timotius, anakku, cocog karo ramalan-ramalan bab kowé, supaya kowé terus berjuang demi tujuan sing apik, 19 terus njaga iman lan hati nurani sing apik, sing wis ora digatèkké karo sapérangan wong nganti imané wong-wong kuwi kaya kapal sing kèrem. 20 Himénéus lan Alèksander klebu ing antarané wong-wong kuwi lan wis tak serahké marang Sétan supaya wong-wong kuwi kapok anggoné ngrèmèhké Gusti Allah.
2 Sing sepisanan, aku njaluk supaya panyuwun, donga, penjaluk kanggo wong liya, uga ucapan sokur diucapké demi kabèh wong, 2 demi raja-raja lan kabèh panguwasa,* supaya kita isa urip kanthi tenang lan tentrem, isa ngabdi marang Gusti Allah kanthi saktulusé ati, uga nindakké kabèh perkara kanthi tenanan.* 3 Iki apik lan nyenengké ing ngarsané Gusti Allah, Juru Slamet kita, 4 sing ngersakké supaya kabèh wong dislametké lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener. 5 Ana Gusti Allah siji, lan perantara siji antarané Gusti Allah lan manungsa, yaiku sawijiné manungsa, Kristus Yésus, 6 sing ngurbanké uripé dadi tebusan* kanggo kabèh wong. Kuwi kesaksian sing bakal diwènèhké ing wektu sing ditemtokké. 7 Aku dilantik dadi penginjil lan rasul kanggo mènèhi kesaksian bab kuwi. Aku dadi guruné bangsa-bangsa liya kanggo mulang bab iman lan apa sing bener. Apa sing tak omongké iki bener, aku ora ngapusi.
8 Mula, aku péngin supaya ing saben panggonan, wong-wong lanang terus ndonga, ngangkat tangané sing suci, tanpa nesu utawa padu. 9 Semono uga, wong-wong wadon kudu dandan nganggo klambi sing pantes,* kanthi sedherhana,* lan nduwé pertimbangan sing apik,* gaya rambuté ora anèh-anèh lan ora nganggo emas, mutiara, utawa klambi sing larang banget, 10 nanging kudu ndandani awaké nganggo tumindak sing apik, kaya sak pantesé wong wadon sing ngaku ngabdi marang Gusti Allah.
11 Wektu sinau,* wong wadon kudu tetep meneng* lan bener-bener tundhuk karo wong lanang. 12 Aku ora ngijinké wong wadon mulang utawa nguwasani wong lanang. Nanging, dhèwèké kudu tetep meneng.* 13 Sebab, Adam digawé luwih dhisik, bar kuwi lagi Hawa. 14 Apa manèh, Adam ora kapusan, nanging wong wadon kuwi sing bener-bener kapusan banjur nglanggar préntahé Gusti Allah. 15 Senajan ngono, wong wadon bakal tetep aman nèk nglairké anak, angger wong wadon mau* tetep nduwé iman, katresnan, tetep suci, lan nduwé pertimbangan sing apik.*
3 Omongan iki isa dipercaya: Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas, wong kuwi péngin nindakké gawéan sing apik. 2 Pengawas kudu tanpa cacad,* bojoné mung siji, isa ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara, nduwé pertimbangan sing apik,* tertib, loma,* isa mulang kanthi trampil, 3 dudu wong sing seneng mabuk, dudu wong sing kasar,* nanging masuk akal,* ora seneng padu, ora ngutamakké mburu bandha, 4 wong lanang sing mimpin* keluargané kanthi apik, nduwé anak-anak sing manut lan tumindaké apik.* 5 (merga nèk wong lanang ora isa mimpin* keluargané dhéwé, piyé dhèwèké bakal isa ngurus jemaaté Gusti Allah?), 6 dudu wong sing lagi waé dadi wong percaya, supaya dhèwèké ora dadi sombong lan nampa hukuman kaya hukuman sing ditampa Iblis. 7 Sakliyané kuwi, dhèwèké uga kudu nduwé réputasi sing apik* ing antarané wong-wong sing dudu anggotané jemaat, supaya dhèwèké ora dirèmèhké* lan ora kena jireté Iblis.
8 Semono uga, abdiné jemaat kudu serius, ora méncla-ménclé,* isa ngendhalèni dhiri ing bab ngombé anggur, lan dudu wong sing mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé, 9 terus setya marang* rahasia suci iman* kanthi hati nurani sing resik.
10 Sakliyané kuwi, wong-wong kuwi ya kudu diuji dhisik kanggo ngerti apa wong-wong kuwi pantes nampa tugas kuwi,* lan nèk wong-wong kuwi bébas saka tudhuhan, wong-wong kuwi lagi isa dadi abdiné jemaat.
11 Wong-wong wadon uga kudu serius, ora seneng mitenah, isa ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara, lan setya ing kabèh perkara.
12 Abdiné jemaat kudu wong sing bojoné siji, lan wong sing mimpin anak-anak lan keluargané kanthi apik. 13 Merga wong lanang sing nglayani kanthi apik bakal nduwé réputasi apik lan nduwé kebébasan kanggo ngomong bab imané marang Kristus Yésus.
14 Surat iki tak tulis kanggo kowé, senajan aku péngin ndang ketemu kowé. 15 Tujuané supaya nèk aku telat, kowé wis ngerti piyé kuduné kowé tumindak ing keluargané Gusti Allah, yaiku jemaaté Gusti Allah sing urip, pendhukung lan pondhasiné apa sing bener. 16 Rahasia suci bab ngabdi marang Gusti Allah kuwi bener-bener penting: ’Dhèwèké kétok wektu dadi manungsa, dianggep bener wektu dadi makhluk roh, nemoni para malaékat, diwartakké ing antarané bangsa-bangsa, dipercaya ing donya, lan ditampa ing swarga lan dimulyakké.’
4 Nanging, pangandikané* Gusti Allah cetha ngandhani, nèk sukmbèn bakal tekan mangsané sapérangan wong padha kélangan iman, ngrungokké omongan sing nyasarké sing kétoké saka Gusti Allah, lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat, 2 sing diwulangké karo wong-wong munafik sing seneng ngapusi, sing hati nuraniné wis mati rasa.* 3 Wong-wong kuwi nglarang wong kanggo nikah lan nglarang wong kanggo mangan sapérangan panganan, padahal Gusti Allah wis nyedhiakké kuwi kanggo dipangan kanthi rasa sokur karo wong-wong sing nduwé iman lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener. 4 Kabèh ciptaané Gusti Allah kuwi apik, lan ora ana sing kudu ditolak nèk kuwi dipangan kanthi rasa sokur, 5 merga panganan kuwi disucèkké liwat pangandikané Gusti Allah lan donga.
6 Nganggo cara mènèhi naséhat iki marang para sedulur, kowé bakal dadi pelayané Kristus Yésus sing apik, sing wis diwulang nganggo pangandika bab iman kita lan bab ajaran sing apik sing saksuwéné iki bener-bener kok turuti. 7 Tolaken crita-crita palsu sing ngrèmèhké Gusti Allah, kaya sing biasa dicritakké wong-wong.* Nanging, latihen awakmu kanthi tujuan kanggo ngabdi marang Gusti Allah. 8 Latihan jasmani kuwi paédahé mung sithik, nanging ngabdi marang Gusti Allah kuwi mènèhi paédah ing kabèh bab, merga mènèhi berkah kanggo urip saiki lan kanggo urip sukmbèn. 9 Omongan kuwi isa dipercaya lan isa ditampa sakabèhé. 10 Kuwi sebabé kita mempeng nyambut gawé lan berjuang, merga kita ngarep-arep marang Gusti Allah sing urip, Juru Slameté kabèh wong, utamané wong-wong sing setya.
11 Terus wènèhna préntah-préntah iki lan wulangna bab-bab iki. 12 Aja ana wong sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom. Nanging, dadia tuladha kanggo wong-wong sing setya, ing bab omongan, tumindak, katresnan, iman, lan kemurnian. 13 Nganti aku teka, terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat,* lan mulang. 14 Aja nglalèkké anugrah saka Gusti Allah, sing kok tampa wektu badan pinituwa numpangké tangané ing sirahmu, sing cocog karo ramalané para pinituwa kuwi bab kowé. 15 Pikirna tenanan* kabèh bab iki, lan ngupayaa tenanan kanggo nindakké kuwi, supaya kemajuanmu kétok cetha marang kabèh wong. 16 Terus gatèkna cara uripmu lan wulanganmu. Terusa nindakké bab-bab iki kanthi tekun, merga nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé.
5 Aja ngélikké wong lanang sing luwih tuwa kanthi kasar. Nanging, wènèhana naséhat marang wong sing luwih tuwa kuwi kanthi apik kaya-kaya dhèwèké kuwi bapakmu, lan marang wong lanang enom kaya-kaya dhèwèké kuwi sedulurmu lanang, 2 marang wong wadon sing luwih tuwa kaya-kaya dhèwèké kuwi ibumu, lan marang wong wadon sing luwih enom kaya-kaya dhèwèké kuwi sedulurmu wadon, kanthi ati sing murni.
3 Gatèkna* para randha sing bener-bener randha.* 4 Nanging nèk dhèwèké nduwé anak utawa putu, anak utawa putuné kuwi kudu nduduhké pengabdian marang Gusti Allah luwih dhisik nganggo cara ngurus keluargané dhéwé, lan kudu mbales kabecikané wong tuwané lan simbahé, merga kuwi sing dadi kersané Gusti Allah. 5 Randha sing bener-bener randha lan ora nduwé apa-apa, ngarep-arep marang Gusti Allah lan terus ndonga uga nyuwun marang Panjenengané awan lan bengi. 6 Nanging, randha sing uripé mung kanggo nuruti hawa nafsuné saktenané wis mati senajan isih urip. 7 Mula, terus wènèhna arahan-arahan* iki supaya ora ana sing isa nyacad wong-wong kuwi. 8 Nèk ana wong sing ora nyedhiakké kebutuhané wong-wong sing dadi tanggungané, utamané anggota keluargané, dhèwèké wis ninggalké iman lan luwih ala ketimbang wong sing ora nduwé iman.
9 Randha sing isa dilebokké ing daftar kuwi yaiku sing umuré 60 taun munggah, sing mbiyèné mung nduwé bojo siji, 10 dikenal seneng nindakké apa sing apik, kaya nggedhèkké anak kanthi apik, loma,* ngwijiki sikilé wong-wong suci,* mbantu wong sing kasusahan, lan dhèwèké lila ngabdi kanggo nindakké kabèh gawéan sing apik.
11 Nanging, randha-randha sing isih enom aja kok lebokké ing daftar, merga wektu pepénginan nafsu sèks randha kuwi ngalang-alangi kanggo nglayani Kristus, wong-wong kuwi péngin nikah, 12 lan wong-wong kuwi bakal dadi salah merga nglanggar janji sing wis digawé sakdurungé.* 13 Sakliyané kuwi, wong-wong kuwi bakal dadi biasa nganggur lan kluyuran ing omah-omah. Malah, sakliyané nganggur, wong-wong kuwi bakal seneng nggosip lan nyampuri urusané wong liya, ngomongké bab-bab sing ora pantes kanggo diomongké. 14 Kuwi sebabé, aku péngin supaya randha-randha sing isih enom nikah, nglairké anak, ngurus keluarga, lan ora mènèhi kesempatan wong-wong sing nentang kanggo nyacad. 15 Sakjané, ana randha-randha sing wis nyimpang lan nuruti Sétan. 16 Nèk ana sedulur wadon nduwé sanak sedulur sing dadi randha, dhèwèké kudu mbantu randha kuwi, supaya jemaat ora dibebani lan isa mbantu para randha sing bener-bener randha.*
17 Para pinituwa sing mimpin kanthi apik kudu diajèni tikel pindho, utamané sing mempeng nyambut gawé kanggo ngomongké lan mulangké pangandikané Gusti Allah. 18 Merga Kitab Suci kandha, ”Aja mbrangus cangkemé sapi sing lagi nggiling gandum,” lan uga, ”Wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé.” 19 Aja ngrungokké tudhuhan marang pinituwa, kejaba ana loro utawa telu seksi. 20 Wong sing terus nindakké dosa kudu diélikké ing ngarepé wong-wong, supaya uga dadi pangéling-éling kanggo sing liyané.* 21 Ing ngarsané Gusti Allah lan Kristus Yésus lan para malaékat sing dipilih, aku mènèhi kowé préntah kanggo nindakké arahan-arahan iki tanpa nduwé anggepan sing kurang apik utawa mbédak-mbédakké.
22 Aja pisan-pisan numpangké tanganmu marang sapa waé kanthi kesusu,* lan aja nganti kowé mèlu nanggung dosané wong liya. Jaganen awakmu tetep murni.
23 Aja mung ngombé banyu, nanging ngombéa anggur sathithik kanggo lambungmu lan merga kowé kerep lara.
24 Ana wong-wong sing dosané dingertèni akèh wong, mula wong-wong kuwi langsung dihukum, nanging ana sing dosané lagi dingertèni sukmbèn. 25 Semono uga, ana tumindak apik sing dingertèni akèh wong, lan senajan ana sing ora dingertèni, kuwi ora isa terus didhelikké.
6 Para budhak kudu tetep nganggep majikané pantes diajèni saktulusé ati, supaya asmané Gusti Allah lan piwulangé ora dièlèk-èlèk. 2 Senajan majikané kuwi sedulur seiman, para budhak kuwi kudu tetep ngajèni dhèwèké, malah nglayani dhèwèké kanthi luwih apik manèh, merga sing éntuk paédah saka pelayanané sing apik yaiku sedulur seiman sing ditresnani.
Terus wulangna bab-bab iki lan wènèhna naséhat-naséhat iki. 3 Nèk ana wong sing mulangké ajaran liya lan ora setuju karo arahan sing bener,* sing asalé saka Gusti kita Yésus Kristus, utawa ora setuju karo ajaran sing nduduhké piyé kita kudu ngabdi marang Gusti Allah, 4 wong kuwi sombong lan ora ngerti apa-apa. Dhèwèké seneng banget nggolèk perkara lan bebantahan bab tembung-tembung. Kuwi kabèh nyebabké rasa iri, bebantahan, fitnah,* ora percaya karo liyané, 5 lan udur-uduran bab perkara-perkara sing sepélé sing ora ana entèké, sing ditindakké karo wong-wong sing pikirané rusak lan ninggalké apa sing bener, sing mikir nèk ngabdi marang Gusti Allah kuwi cara kanggo nggolèk untung. 6 Pancèn, ana keuntungan sing gedhé kanggo wong sing ngabdi marang Gusti Allah lan puas karo apa sing diduwèni. 7 Kita ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan kita uga ora nggawa apa-apa wektu kita mati. 8 Dadi, nèk wis nduwé panganan lan sandhangan,* kita bakal puas karo bab-bab iki.
9 Nanging, wong sing nduwé tékad kanggo dadi sugih bakal kegodha, kejiret, lan kejebak karo kabèh pepénginan sing tanpa guna lan nggawé rugi, sing nyebabké wong-wong kuwi ngalami cilaka lan pati. 10 Tresna marang dhuwit kuwi salah siji dhasar* saka akèh kejahatan, lan merga terus nduwé tresna kaya ngono kuwi, ana sing ninggalké iman lan nglarani awaké nganggo akèh kasangsaran.
11 Nanging kowé, abdiné Gusti Allah, nyingkira* saka bab-bab kuwi. Ngupayaa sing tenanan kanggo ngabdi marang Gusti Allah, nduduhké kaadilan, iman, katresnan, ketekunan, lan watak sing alus. 12 Ngupayaa kanggo berjuang demi iman Kristen. Gegemen sing kenceng urip langgeng, sing merga kuwi kowé diundang lan mènèhi kesaksian sing apik ing ngarepé wong akèh.
13 Ing ngarsané Gusti Allah, sing maringi urip kanggo sakabèhé, lan ing ngarepé Kristus Yésus, sing mènèhi kesaksian sing apik marang Pontius Pilatus ing ngarepé wong akèh, aku mènèhi arahan marang kowé 14 kanggo nindakké préntah iki, supaya kowé tetep murni, lan tanpa cacad nganti wektuné Gusti kita Yésus Kristus nduduhké kamulyané. 15 Ing wektu sing ditemtokké, Panguwasa sing bungah kuwi bakal nduduhké kamulyané. Dhèwèké kuwi Raja tumrap kabèh sing mréntah dadi raja lan Gusti tumrap kabèh sing mréntah dadi gusti, 16 pribadi siji-sijiné sing ora isa mati, sing manggon ing pepadhang sing ora isa dicedhaki karo sapa waé, lan sing durung tau lan ora isa didelok karo manungsa. Muga-muga dhèwèké dihormati lan muga-muga kuwasané tetep ana saklawasé. Amin.
17 Wènèhana arahan* marang wong-wong sing sugih ing jaman* saiki supaya ora sombong, lan supaya wong-wong kuwi ngarep-arep, dudu marang kasugihané sing isa sirna, nanging marang Gusti Allah sing kanthi lubèr nyedhiakké kabèh bab sing kita nikmati. 18 Kandhanana wong-wong kuwi supaya nindakké kabecikan, dadi sugih ing tumindak sing apik, loma, lan seneng mènèhi, 19 nglumpukké bandha rohani sing bakal mènèhi jaminan kanggo urip sukmbèn, supaya wong-wong kuwi isa nggegem kenceng urip sing saktenané.
20 Timotius, jaganen apa sing wis dipercayakké marang kowé. Aja ngrungokké omongan sing ora ana gunané, sing ngrèmèhké Gusti Allah, utawa pangertèn palsu sing ngasilké omongan sing ora cocog karo apa sing bener. 21 Ana wong-wong sing ninggalké iman merga mamèrké pangertèn sing kaya ngono.
Muga-muga kowé padha nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.*
Tegesé ”Wong sing Ngajèni Gusti Allah”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”préntah”.
Utawa ”sing ora munafik”.
Utawa ”sing ora nduwé katresnan sing langgeng”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wong lanang sing turu karo wong lanang”.
Utawa ”sing nggawé sumpah palsu”.
Utawa ”sing migunani”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Tuntunan”.
Utawa ”kabèh wong sing nduwé kedudukan dhuwur”.
Utawa ”kanthi serius”.
Maksudé, rega sing padha karo apa sing ilang.
Utawa ”sing ngajèni”.
Utawa ”kanthi prasaja”.
Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.
Maksudé, sinau ing jemaat.
Utawa ”tenang”.
Utawa ”tenang”.
Lit.: ”wong-wong kuwi”.
Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.
Maksudé, tumindaké apik, mula wong liya ora nduwé alesan kanggo nyacad dhèwèké.
Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.
Utawa ”seneng nampa tamu”.
Utawa ”seneng ngantemi”.
Lit.: ”seneng ngalah”.
Utawa ”ngatur”.
Utawa ”serius”.
Utawa ”ngatur”.
Utawa ”kudu dilaporké apik”.
Utawa ”ora diisin-isinké”.
Utawa ”ora seneng ngapusi”.
Utawa ”nggondhèli kenceng”.
Maksudé, kabèh wulangan Kristen.
Utawa ”netepi syarat”.
Lit.: ”rohé”.
Utawa ”wis dicap nganggo wesi panas”.
Lit.: ”para wong wadon tuwa”.
Utawa ”nguwatké”.
Utawa ”Renungna”.
Lit.: ”Ajènana”.
Utawa ”sing bener-bener mbutuhké”. Maksudé, ora ana sing mbantu.
Utawa ”préntah-préntah”.
Utawa ”seneng nampa tamu”.
Ing jaman Alkitab, ngwijiki sikilé para tamu nduduhké sipat seneng nampa tamu lan apik ati.
Utawa ”nglanggar pengakuan sing kapisan bab imané”.
Utawa ”sing bener-bener mbutuhké”. Maksudé, ora ana sing mbantu.
Lit.: ”supaya liyané dadi wedi”.
Maksudé, aja kesusu nglantik sapa waé.
Utawa ”sing migunani”.
Utawa ”omongan sing ngrèmèhké”.
Utawa ”lan panggonan”.
Lit.: ”oyod”.
Lit.: ”mlayua”.
Utawa ”préntah”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.