PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 2 Timotius 1:1-4:22
  • 2 Timotius

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 Timotius
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
2 Timotius

SURAT KAPINDHO KANGGO TIMOTIUS

1 Saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah kanggo martakké janji bab urip sing diparingké liwat Kristus Yésus, 2 marang Timotius, anak sing tak tresnani:

Muga-muga kowé nampa welas asih sing nggumunké,* welas asih, lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Kristus Yésus, Gusti kita.

3 Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, sing kanggo Panjenengané kuwi aku nindakké tugas suci nganggo hati nurani sing resik kaya sing ditindakké para leluhurku. Awan lan bengi, aku tansah ngéling-éling kowé wektu aku nyuwun marang Panjenengané. 4 Wektu aku kèlingan luhmu, aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya atiku kebak kabungahan. 5 Aku isih éling bab imanmu sing ora munafik. Sepisanan, simbahmu Lois lan ibumu Éunike sing nduduhké iman kaya ngono, lan aku yakin kowé ya nduwé iman sing padha.

6 Kuwi sebabé, aku ngélingké kowé kanggo terus semangat nggunakké* anugrah saka Gusti Allah, sing kok tampa wektu aku numpangké tanganku ing ndhuwur sirahmu. 7 Roh suci sing diparingké Gusti Allah marang kita ora nggawé kita dadi wedi, nanging kuwi ngasilké kuwasa, katresnan, lan pertimbangan sing apik.* 8 Mula, aja isin mènèhi kesaksian bab Gusti kita utawa bab aku sing dipenjara demi Gusti. Nanging, mèlua sengsara demi kabar apik kanthi cara ngendelké kuwasané Gusti Allah. 9 Panjenengané nylametké kita lan ngundang kita kanggo dadi para wong suci, dudu merga tumindak kita, nanging merga kersané lan welas asihé sing nggumunké.* Welas asih kuwi diparingké marang kita liwat Kristus Yésus wiwit jaman mbiyèn, 10 nanging saiki, welas asihé sing nggumunké* kuwi wis kétok cetha wektu Juru Slamet kita, Kristus Yésus, disingkapké. Kristus wis ngilangi pati, lan liwat kabar apik, dhèwèké wis nduduhké marang kita carané isa éntuk urip lan badan sing ora isa sirna. 11 Lan ya kanggo kabar apik kuwi aku dilantik dadi penginjil, rasul, lan guru.

12 Kuwi sebabé aku sengsara kaya ngéné iki. Nanging, aku ora isin merga aku kenal karo Gusti Allah sing tak percaya, lan aku yakin nèk Panjenengané bakal terus njaga kabèh sing wis tak percayakké marang Panjenengané nganti dina kuwi. 13 Terusa ngetutké pathokané wulangan sing bener* sing kok rungokké saka aku, lan terusa nduduhké iman lan katresnan sing kok duwèni merga nyawiji karo Kristus Yésus. 14 Jaganen bab-bab sing aji sing kok tampa kuwi nganggo roh suci sing ana ing kita.

15 Kowé padha ngerti nèk kabèh wong ing Provinsi Asia wis ninggalké aku, klebu Figélus lan Hérmogènès. 16 Muga-muga Gusti* nduduhké welas asihé marang kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus merga dhèwèké kerep nguwatké aku, lan dhèwèké ora isin senajan aku dipenjara. 17 Malah, wektu ana ing Roma, dhèwèké tenanan nggolèki aku lan nemokké aku. 18 Muga-muga Gusti* Yéhuwah nduduhké welas asihé marang dhèwèké ing dina kuwi. Lan kowé ngerti tenan bab kabèh sing wis dhèwèké tindakké kanggo aku ing Éfésus.

2 Mula, anakku, terusa ngupaya kanggo nampa kekuwatan liwat welas asih sing nggumunké* sing diduduhké Kristus Yésus. 2 Lan kabèh bab sing wis kok rungokké saka aku, sing diteguhké karo akèh seksi, percayakna kuwi marang wong-wong sing isa dipercaya, sing sakbanjuré bakal sanggup mulang wong liyané. 3 Merga dadi prajurité Kristus Yésus sing apik, mèlua ngalami sengsara. 4 Wong sing dadi prajurit ora mèlu nindakké urusan bisnis,* merga dhèwèké péngin nyenengké wong sing nglebokké dhèwèké dadi prajurit. 5 Sakliyané kuwi, ing pertandingan, wong sing mèlu tanding ora bakal nampa mahkota nèk ora manut karo aturané pertandingan. 6 Lan petani sing mempeng nyambut gawé mesthiné dadi sing sepisanan ngrasakké hasil panènané. 7 Terus pikirna omonganku iki, lan Gusti* bakal maringi kowé pemahaman ing kabèh bab.

8 Élinga nèk Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati lan dhèwèké kuwi keturunané* Daud, cocog karo kabar apik sing tak wartakké, 9 sing merga kuwi aku sengsara lan dipenjara kaya penjahat. Senajan ngono, pangandikané Gusti Allah ora isa diranté. 10 Kuwi sebabé, aku tekun ngadhepi samubarang kabèh demi wong-wong pilihané Gusti Allah, supaya wong-wong kuwi uga isa dislametké liwat Kristus Yésus lan dimulyakké kanggo saklawasé. 11 Omongan iki isa dipercaya: Mesthiné, nèk kita mati bareng dhèwèké, kita uga bakal urip bareng karo dhèwèké. 12 Nèk kita tetep tekun, kita uga bakal mréntah dadi raja bareng karo dhèwèké. Nèk kita nolak dhèwèké, dhèwèké uga bakal nolak kita. 13 Senajan kita ora setya, Gusti Allah tetep setya, merga Panjenengané ora isa nindakké bab-bab sing ora cocog karo kepribadian lan kersané.

14 Terus élingna wong-wong kuwi bab perkara-perkara iki, wènèhana naséhat* ing ngarsané Gusti Allah supaya ora padha padu bab tembung-tembung. Kuwi babar blas ora ana gunané, merga isa nggawé rugi* wong-wong sing ngrungokké. 15 Ngupayaa sak isa-isané kanggo dadi wong sing nyenengké Gusti Allah, dadi wong sing nyambut gawé sing ora isin karo hasil gawéané, sing mulang lan njelaské pangandika sing bener nganggo cara sing apik. 16 Nanging tolaken omongan sing ora ana gunané sing ngrèmèhké Gusti Allah, merga kuwi isa nggawé wong saya adoh saka Gusti Allah, 17 lan omongan kuwi bakal nyebar kaya gangrèn.* Himénéus lan Filétus klebu wong-wong sing nyebarké kuwi. 18 Wong-wong kuwi wis nyimpang saka wulangan sing bener. Wong-wong kuwi kandha nèk wong-wong mati wis diuripké manèh, lan wong-wong kuwi wis ngrusak imané wong-wong. 19 Senajan ngono, pondhasi sing kuwat saka Gusti Allah tetep ngadeg jejeg, lan ing kono ana tulisan, ”Yéhuwah ngerti wong-wong sing dadi duwèké,” lan ”Saben wong sing nyebut marang asmané Yéhuwah kudu nolak bab-bab sing ala.”

20 Ing omah sing gedhé, ana alat-alat sing digawé saka emas lan pérak, ana sing saka kayu lan lempung. Ana sing penting* lan ana sing kurang penting.* 21 Nèk wong ngedohi alat sing kurang penting,* dhèwèké bakal dadi alat sing penting,* disucèkké, migunani kanggo sing nduwé, lan siap digunakké kanggo nindakké apa sing apik. 22 Mula padha nyingkira* saka pepénginané wong enom. Nanging ngupayaa apa sing bener, iman, katresnan, katentreman, bareng karo wong-wong sing nyebut asmané Gusti* merga nduwé ati sing murni.

23 Uga, singkirana bebantahan sing tanpa guna, merga ngerti kuwi isa marahi gelut. 24 Sebab, budhaké Gusti* ora perlu gelut, nanging kudu alus marang kabèh wong, trampil mulang, ora mbales wektu ana wong sing tumindak ora apik marang dhèwèké, 25 lan mulang kanthi alus wong-wong sing seneng mbrontak. Merga mungkin Gusti Allah bakal ngijinké wong-wong kuwi mertobat* lan akiré nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener. 26 Lan wong-wong kuwi dadi sadhar banjur metu saka jireté Iblis, sing nangkep wong-wong kuwi supaya nuruti pepénginané Iblis.

3 Padha ngertia nèk ing dina-dina pungkasan, kahanané bakal angèl diadhepi lan mbebayani. 2 Wong-wong mung bakal mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké mburu bandha, nyombongké awaké dhéwé, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa matur nuwun, ora setya, 3 ora nduwé katresnan marang anggota keluarga, ora gelem sepakat* karo wong liya, seneng mitenah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, 4 seneng ngianati, ngèyèl, sombong, nresnani kesenengan ketimbang nresnani Gusti Allah, 5 ing ngarepé wong liya wong-wong kuwi kétoké ngibadah marang Gusti Allah, nanging sakjané ora urip miturut ibadahé. Edohana wong-wong sing kaya ngono kuwi. 6 Ing antarané wong-wong kuwi ana wong-wong lanang sing kanthi licik nlusup menyang omah-omahé wong wadon sing ringkih lan akèh dosané, kanggo ngendhalèni wong-wong wadon kuwi. Wong-wong wadon kuwi dikuwasani karo akèh pepénginan. 7 Wong-wong wadon kuwi tansah sinau, nanging ora tau isa nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener.

8 Kaya Yanès lan Yambrès sing nentang Musa, wong-wong lanang kuwi terus nentang apa sing bener. Pikirané wong-wong kuwi bener-bener rusak, lan wong-wong kuwi ditolak Gusti Allah merga ora urip miturut imané. 9 Nanging, wong-wong kuwi ora bakal isa tumindak apa-apa manèh, merga kabèh wong wis padha ngerti kanthi cetha bodhoné wong-wong kuwi, kaya sing kelakon karo wong lanang loro kuwi. 10 Sewaliké, kowé wis tenanan ngetutké piwulangku, cara uripku, tujuanku, imanku, kesabaranku, katresnanku, lan ketekunanku. 11 Kowé uga padha ngerti nèk aku ngalami aniaya lan kasangsaran ing Antiokhia, Ikonium, lan Listra. Aku tekun ngadhepi kabèh aniaya kuwi, lan Gusti* nylametké aku saka kuwi kabèh. 12 Sakjané, kabèh wong sing urip nyawiji karo Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah, uga bakal dianiaya. 13 Sewaliké, wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat, nyasarké lan disasarké.

14 Nanging kowé, terusa ngetutké kabèh sing wis kok sinau lan sing wis kok percayani sakwisé kowé diyakinké, merga kowé ngerti sapa sing mulangké kuwi marang kowé 15 lan wiwit cilik* kowé wis ngerti Kitab Suci, sing isa nggawé kowé dadi wicaksana lan dislametké merga kowé nduwé iman marang Kristus Yésus. 16 Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah lan migunani kanggo mulang, nduduhké apa sing salah, mbenerké kabèh sing klèru, lan nglatih kita kanggo nindakké apa sing bener, 17 supaya abdiné Gusti Allah isa bener-bener sanggup lan siap nindakké saben perkara sing apik.

4 Ing ngarsané Gusti Allah lan Kristus Yésus, sing bakal ngadili wong urip lan wong mati wektu dhèwèké lan Kratoné dadi nyata, aku mènèhi kowé préntah: 2 Wartakna pangandikané Gusti Allah kanthi semangat, wektu kahanané apik utawa èlèk. Kandhanana, élikna, lan wènèhana naséhat kanthi sabar lan nggunakké cara mulang sing trampil. 3 Bakal tekan wektuné wong-wong ora ngrungokké wulangan sing bener,* nanging nuruti pepénginané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngumpulké guru-guru sing mung nyenengké kupingé wong-wong kuwi.* 4 Wong-wong kuwi bakal ora ngrungokké manèh apa sing bener lan bakal ngrungokké crita-crita palsu. 5 Nanging kowé, tetepa sadhar ing kahanan apa waé, tetepa tekun ngadhepi kahanan sing angèl, tindakna tugas dadi penginjil,* lan tindakna tugas pelayananmu kanthi tenanan.

6 Aku wis kaya persembahan anggur sing disokké, lan wektuné aku dibébaské wis cedhak. 7 Aku wis berjuang kanthi apik, aku wis mlayu tekan garis finis, lan aku wis nduduhké iman. 8 Wiwit saiki, Gusti, hakim sing adil, nyiapké mahkota kanggo aku. Mahkota kuwi kanggo wong sing bener, lan sukmbèn kuwi bakal diwènèhké marang aku dadi hadiah. Ora mung aku sing diwènèhi, nanging uga kabèh wong sing ngarep-arep wektuné Gusti dadi nyata.

9 Ngupayaa sak isa-isané supaya isa ndang nemoni aku. 10 Démas wis ninggalké aku merga nresnani donya* iki, lan dhèwèké wis lunga menyang Tésalonika, Kreskes menyang Galatia, lan Titus menyang Dalmatia. 11 Mung Lukas sing ana bareng karo aku. Markus ajaken mréné bareng karo kowé, merga dhèwèké bakal mbantu aku ing tugasku. 12 Nanging, aku wis ngutus Tikhikus menyang Éfésus. 13 Wektu kowé teka mréné, gawakna jubah sing tak tinggalké ing Troas ing omahé Karpus, lan gulungan-gulungan kitab, kususé perkamèn.*

14 Alèksander tukang tembaga kuwi nggawé aku sengsara banget. Yéhuwah bakal mbales dhèwèké miturut tumindaké. 15 Kowé uga kudu ngati-ati karo dhèwèké, merga dhèwèké nentang banget warta sing kita wartakké.

16 Ing pembélaanku sing kapisan, ora ana sing mbéla aku, nanging kabèh padha ninggalké aku. Muga-muga wong-wong kuwi ora dianggep salah merga bab kuwi. 17 Nanging Gusti ngadeg ing cedhakku lan mènèhi aku kekuwatan, supaya liwat aku gawéan martakké kuwi isa ditindakké kanthi lengkap lan kabèh bangsa isa krungu kuwi, lan aku dibébaské saka cangkemé singa. 18 Gusti bakal mbébaské aku saka kabèh kejahatan lan bakal nylametké aku kanggo Kratoné ing swarga. Muga-muga Gusti dimulyakké nganti saklawas-lawasé. Amin.

19 Wènèhna salamku marang Priska* lan Akuila, uga marang kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus.

20 Érastus tetep manggon ing Korintus, nanging aku ninggalké Trofimus ing Milétus merga dhèwèké lara. 21 Upayakna kanggo teka sakdurungé musim dingin.

Ébulus ngirim salam marang kowé, semono uga Pudens, Linus, Klaudia, lan kabèh sedulur liyané.

22 Muga-muga Gusti mberkahi semangat sing kok duduhké, lan muga-muga kowé terus nampa welas asihé sing nggumunké.*

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”terus ngobarké kaya geni”.

Utawa ”pikiran sing séhat”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing migunani”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”urusan saben dinané”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”winihé”.

Lit.: ”wènèhana kesaksian kanthi tliti”.

Utawa ”nggawé sirna; nggawé kisruh”.

Jenis penyakit sing isa nggawé badan dadi bosok.

Utawa ”sing aji”.

Utawa ”sing kurang aji”.

Utawa ”sing kurang aji”.

Utawa ”sing aji”.

Utawa ”mlayua”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngowahi pikirané”.

Utawa ”ora gelem rukun”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wiwit bayi”.

Utawa ”sing migunani”.

Utawa ”sing mung ngomongké apa sing péngin dirungokké karo wong-wong kuwi”.

Utawa ”terus wartakna kabar apik”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, gulungan sing digawé saka kulit kéwan.

Uga disebut Priskila.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim