PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Titus 1:1-3:15
  • Titus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Titus
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Titus

SURAT KANGGO TITUS

1 Surat saka Paulus, budhaké Gusti Allah lan rasulé Yésus Kristus, sing imané padha karo imané wong-wong pilihané Gusti Allah lan padha karo pangertèn sing trep bab apa sing bener. Apa sing bener kuwi klebu ngabdi marang Gusti Allah 2 lan dhasaré yaiku pangarep-arep urip saklawasé, sing wis wiwit mbiyèn dijanjèkké karo Gusti Allah sing ora isa ngapusi. 3 Ing wektu sing wis ditemtokké, Panjenengané nyingkapké pangandikané liwat gawéan nginjil sing wis dipercayakké marang aku, miturut préntahé Juru Slamet kita, Gusti Allah. 4 Surat iki kanggo Titus, sedulur seiman sing wis kaya anakku dhéwé.

Muga-muga kowé nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Kristus Yésus, Juru Slamet kita.

5 Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta supaya kowé ngurusi perkara-perkara sing kudu dibenerké* lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, miturut karo petunjukku iki: 6 Pinituwa kudu bébas saka tudhuhan, bojoné mung siji, nduwé anak-anak sing seiman sing ora ditudhuh bejat* utawa seneng mbrontak. 7 Merga dadi pengurus sing dilantik Gusti Allah, pengawas kudu bébas saka tudhuhan, ora tumindak sakarepé dhéwé, ora gampang nesu, dudu wong sing seneng mabuk, dudu wong sing kasar,* dudu wong sing mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé, 8 nanging loma,* seneng karo apa sing becik, nduwé pertimbangan sing apik,* tumindak miturut apa sing bener, setya, isa ngendhalèni dhiri, 9 terus ngetutké pangandika sing setya* wektu mulang, supaya dhèwèké isa nguwatké* wong-wong nganggo wulangan sing bener* lan isa ngélikké wong-wong sing nentang wulangan kuwi.

10 Ana akèh wong sing seneng mbrontak, seneng ngomongké bab-bab sing ora ana gunané, seneng ngapusi, lan akèh-akèhé saka wong-wong kuwi kandha nèk disunat kuwi penting. 11 Cangkemé wong-wong kuwi kudu dibungkem, merga wong-wong kuwi terus ngrusak keluarga-keluarga, nganggo cara mulangké perkara-perkara sing kuduné ora diwulangké, tujuané mung merga wong-wong kuwi mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé. 12 Salah siji saka antarané wong-wong kuwi, yaiku nabiné wong-wong kuwi dhéwé kandha, ”Wong-wong Kréta kuwi tukang ngapusi, kéwan liar sing galak, lan gawéané mung mangan lan turu.”

13 Kesaksian kuwi bener. Mula, terus élikna wong-wong kuwi kanthi tegas, supaya wong-wong kuwi nduwé iman sing kuwat,* 14 ora nggatèkké dongèng-dongèngé wong-wong Yahudi utawa préntahé wong-wong sing nyimpang saka apa sing bener. 15 Kabèh perkara kuwi resik kanggo wong-wong sing resik. Nanging kanggo wong-wong sing najis lan ora nduwé iman, ora ana perkara sing resik, merga pikiran lan hati nuraniné wong-wong kuwi wis najis. 16 Ing ngarepé wong akèh, wong-wong kuwi ngaku nèk kenal Gusti Allah, nanging tumindak-tumindaké nduduhké nèk wong-wong kuwi ora ngakoni Gusti Allah, merga wong-wong kuwi njijiki banget, ora manut, lan ora pantes nindakké apa waé sing apik.

2 Nanging kowé, terus omongna apa sing cocog karo wulangan sing bener.* 2 Wong-wong lanang sing wis tuwa kudu isa ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara, serius, nduwé pertimbangan sing apik,* terus kuwat* ing bab iman, katresnan, lan ketekunan. 3 Semono uga, wong-wong wadon sing wis tuwa kudu tumindak sing ngajèni Gusti Allah, ora mitenah, ora dadi budhaké anggur, lan mulangké apa sing apik, 4 supaya para wong wadon kuwi isa mènèhi naséhat marang* wong-wong wadon sing luwih enom kanggo nresnani bojoné, nresnani anak-anaké, 5 nduwé pertimbangan sing apik,* murni, ngurusi omahé, tumindaké apik, lan manut karo bojoné, supaya pangandikané Gusti Allah ora dicacad.

6 Semono uga, terus élikna wong-wong lanang sing luwih enom supaya nduwé pertimbangan sing apik,* 7 lan ing kabèh perkara dadia tuladha ing bab nindakké apa sing apik. Wulangna apa sing murni* kanthi serius, 8 nganggo omongan sing bener* sing ora isa dipaido, supaya wong-wong sing nentang kita dadi isin, merga ora isa ngomongké apa-apa sing ala bab kita. 9 Para budhak kudu tundhuk karo majikané ing kabèh perkara, ngupaya nyenengké majikané, ora mbantah, 10 ora nyolong, nanging nduduhké nèk para budhak kuwi isa bener-bener dipercaya, supaya nganggo cara apa waé para budhak kuwi isa ngluhurké* wulangané Juru Slamet kita, yaiku Gusti Allah.

11 Welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* wis kétok cetha, lan kuwi nylametké kabèh wong. 12 Kuwi nglatih kita kanggo nolak apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, kanggo nolak pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki, urip nganggo pertimbangan sing apik,* nganggo cara sing bener, lan ngabdi marang Gusti Allah ing tengah-tengahé donya* saiki, 13 karo ngentèni pangarep-arep sing nyenengké akiré kelakon, lan ngentèni Gusti Allah sing Mahakuwasa nduduhké kamulyané lan kamulyané Juru Slamet kita, Kristus Yésus, 14 sing wis nyerahké uripé kanggo mbébaské* kita saka kabèh tumindak sing nglanggar hukum, lan nggawé murni kita supaya kita dadi umaté sing istiméwa, sing semangat nindakké apa sing apik.

15 Terus wulangna bab-bab iki, wènèhana naséhat,* lan élikna wong-wong liya merga kowé nduwé wewenang kanggo nindakké perkara-perkara kuwi. Aja nganti ana wong sing ngrèmèhké kowé.

3 Terus élingna wong-wong kuwi supaya manut marang pamréntah lan panguwasa, siap nindakké apa sing apik, 2 ora ngèlèk-èlèk sapa waé, ora seneng padu, nanging masuk akal, lan tansah alus marang kabèh wong. 3 Merga mbiyèn kita uga ora nduwé pemahaman, ora manut, disasarké, dadi budhaké akèh pepénginan lan kesenengan, terus nindakké apa sing ala lan terus iri, dadi wong sing njijiki, lan sengit marang siji lan sijiné.

4 Nanging Juru Slamet kita, yaiku Gusti Allah, nduduhké sipat apik ati lan katresnané marang manungsa, 5 dudu merga tumindak apik sing kita tindakké, nanging merga welas asihé. Panjenengané nylametké kita nganggo cara ngresiki* kita lan kuwi nggawé kita urip, lan Panjenengané nggawé kita dadi anyar liwat roh suci. 6 Panjenengané maringi roh suciné marang kita kanthi lubèr* liwat Yésus Kristus, Juru Slamet kita, 7 supaya sakwisé kita dianggep bener merga welas asih sing nggumunké* saka Gusti Allah, kita isa nampa warisan urip langgeng, cocog karo pangarep-arep kita.

8 Omongan kuwi isa dipercaya, aku péngin kowé ngomongké bab-bab kuwi kanthi tegas, supaya kabèh wong sing percaya marang Gusti Allah isa tetep fokus kanggo terus nindakké apa sing apik. Bab-bab kuwi kabèh apik lan ana gunané kanggo manungsa.

9 Nanging aja mèlu-mèlu ing bebantahan sing tanpa guna, bebantahan bab silsilah lan udur-uduran bab hukum Taurat, merga kuwi ora ana gunané lan ora ana untungé. 10 Nèk ana wong sing nyebarké sèkte liya, edohana dhèwèké, sakwisé kowé ngélikké wong kuwi ping pindho, 11 merga wong sing kaya ngono kuwi wis nyimpang saka iman, nindakké dosa, lan nduduhké nèk dhèwèké tumindak salah.

12 Wektu aku ngutus Artémas utawa Tikhikus marang kowé, ngupayaa sak isa-isané kanggo nemoni aku ing Nikopolis, merga aku wis mutuské kanggo manggon ing kana saksuwéné musim dingin. 13 Siapna kebutuhané Zénas sing ngerti akèh bab hukum Taurat, lan uga Apolos, supaya wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa ing perjalanané. 14 Sedulur-sedulur kita kuduné uga sinau kanggo terus nindakké apa sing apik, supaya isa mbantu pas ana sing bener-bener mbutuhké, nganggo cara kuwi, sedulur-sedulur kita mau isa terus nindakké apa sing apik.*

15 Kabèh sing bareng karo aku ngirim salam marang kowé. Wènèhna salamku marang sedulur-sedulur sing nresnani aku kabèh.

Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké.*

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing isih kurang”.

Utawa ”sing ora tumindak sakarepé dhéwé”.

Utawa ”sing seneng ngantemi”.

Utawa ”seneng nampa tamu”.

Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.

Utawa ”warta sing isa dipercaya”.

Utawa ”isa mènèhi naséhat marang”.

Utawa ”sing migunani”.

Lit.: ”sing séhat”.

Utawa ”sing migunani”.

Utawa ”pikiran sing séhat”.

Lit.: ”séhat”.

Utawa ”isa ngélingké; isa nglatih”.

Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.

Utawa ”nduwé pikiran sing séhat”.

Utawa mungkin ”Mulanga nganggo cara sing murni”.

Utawa ”sing migunani”.

Utawa ”isa nggawé éndah”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nganggo pikiran sing séhat”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nebus”.

Utawa ”kuwatna”.

Lit.: ”ngedusi”.

Utawa ”kanthi loma”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”terus ngasilké woh”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim