PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Ibrani 1:1-13:25
  • Ibrani

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ibrani
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Ibrani

SURAT KANGGO WONG IBRANI

1 Ing jaman mbiyèn, Gusti Allah ngendika marang para leluhur kita liwat para nabi ing akèh kesempatan lan nganggo akèh cara. 2 Nanging ing jaman pungkasan iki, Panjenengané ngendika marang kita liwat sawijiné Putra, sing wis Panjenengané lantik dadi ahli warisé samubarang kabèh, lan Panjenengané nggunakké dhèwèké kanggo nggawé donya* sak isiné. 3 Putra kuwi mantulké kamulyané Gusti Allah lan dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing persis banget. Dhèwèké nyangga sakabèhé nganggo pangandikané Gusti Allah sing kebak kuwasa. Banjur, sakwisé nyucèkké kita saka dosa, dhèwèké lungguh ing sisih tengené Gusti Allah Sing Agung ing swarga. 4 Dhèwèké luwih unggul ketimbang para malaékat, merga dhèwèké nampa warisan jeneng sing luwih mulya ketimbang jenengé para malaékat.

5 Contoné, sapa ta ing antarané para malaékat sing tau dipangandikani Gusti Allah kaya ngéné, ”Kowé kuwi Putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu”? Lan sepisan manèh, ”Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi putra-Ku”? 6 Lan wektu ngutus manèh Putrané Sing Mbarep menyang donya, Panjenengané ngendika, ”Sakabèhé malaékaté Gusti Allah kudu sujud marang dhèwèké.”

7 Sakliyané kuwi, Panjenengané ngendika bab para malaékat, ”Panjenengané nggawé para malaékaté dadi makhluk roh sing kuwat, lan para abdiné dadi kaya urubé geni.” 8 Nanging bab Putrané, Panjenengané ngendika, ”Gusti Allah kuwi tahtamu saklawas-lawasé, lan pamréntahan* Kratonmu kuwi adil. 9 Kowé nresnani apa sing bener lan sengit karo pelanggaran hukum. Kuwi sebabé Gusti Allahmu nglantik kowé nganggo lenga, lan nggawé kowé luwih bungah ketimbang raja-raja liyané.” 10 Uga ana tulisan kaya ngéné, ”Gusti,* ing wiwitané, Panjenengan masang pondhasi bumi, lan langit kuwi gawéan astané Panjenengan. 11 Kuwi kabèh bakal sirna, nanging Panjenengan bakal tetep ana. Lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal dadi lawas lan rusak. 12 Panjenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya jubah, lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal diganti. Nanging Panjenengan bakal tetep padha, lan uripé Panjenengan ora bakal ana pungkasané.”

13 Sapa ta ing antarané para malaékat sing tau dipangandikani Gusti Allah kaya ngéné, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”? 14 Kabèh malaékat kuwi kan makhluk roh sing nindakké tugas suci, sing diutus kanggo nglayani wong-wong sing bakal nampa warisan keslametan, ta?

2 Kuwi sebabé kita perlu luwih tenanan manèh ketimbang biasané anggon kita nggatèkké perkara-perkara sing wis kita rungokké, supaya kita ora kèli.* 2 Nèk pangandika sing diwènèhké liwat para malaékat kuwi kebukti isa dipercaya, lan nèk saben wong sing nglanggar hukum lan sing ora manut nampa hukuman sing sak mesthiné, 3 piyé kita isa luput nèk kita ora nggatèkké keslametan sing hébat banget iki? Gusti kita sing sepisanan martakké bab keslametan kuwi, lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké mbuktèkké marang kita nèk warta kuwi bener. 4 Sakliyané kuwi, Gusti Allah uga maringi kesaksian liwat mukjijat,* perkara-perkara sing ajaib, tumindak-tumindak sing kebak kuwasa, lan liwat roh suci sing dibagèkké manut kersané.

5 Gusti Allah ora nundhukké donya sing bakal teka, yaiku donya sing lagi tak omongké iki, marang para malaékat. 6 Nanging, ana sawijiné seksi sing tau nulis, ”Sapa ta manungsa kuwi kok nganti Panjenengan ngéling-éling dhèwèké, utawa sapa ta putrané manungsa kuwi kok nganti Panjenengan nggatèkké dhèwèké? 7 Panjenengan nggawé dhèwèké luwih asor sithik ketimbang para malaékat. Panjenengan maringi dhèwèké mahkota yaiku kamulyan lan kaurmatan, lan maringi dhèwèké kuwasa tumrap gawéan astané Panjenengan. 8 Kabèh perkara wis Panjenengan tundhukké ing ngisor sikilé.” Nganggo cara kuwi, yaiku nggawé kabèh perkara tundhuk marang dhèwèké, ora ana sing Gusti Allah ejarké ora tundhuk marang dhèwèké. Saiki, kita pancèn durung ndelok kabèh tundhuk marang dhèwèké, 9 nanging kita ndelok Yésus, sing digawé luwih asor sithik ketimbang malaékat, diwènèhi mahkota yaiku kamulyan lan kaurmatan merga dhèwèke wis sengsara nganti séda, lan liwat welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* dhèwèké ngalami pati demi kabèh wong.

10 Samubarang kabèh ana kanggo kamulyané Gusti Allah lan liwat Gusti Allah. Mula, kanggo mulyakké para putrané sing cacahé akèh, pancèn cocog nèk Gusti Allah ndadèkké sampurna Wakil Utama keslametané putra-putra kuwi liwat kasangsaran. 11 Sing nyucèkké lan sing disucèkké asalé saka Bapak sing padha, kuwi sebabé dhèwèké ora isin nyebut wong-wong kuwi sedulur. 12 Dhèwèké kandha, ”Aku bakal martakké bab asmané Panjenengan marang sedulur-sedulurku. Aku bakal nyanyi kanggo muji Panjenengan ing tengah-tengahé jemaat.” 13 Dhèwèké uga kandha, ”Aku bakal ngendelké Panjenengané.” Sakliyané kuwi, dhèwèké kandha, ”Iki aku lan bocah-bocah cilik sing diparingké Yéhuwah marang aku.”

14 Mula, merga ”bocah-bocah cilik” kuwi manungsa,* dhèwèké uga dadi manungsa, supaya liwat patiné, dhèwèké isa nyirnakké sing nyebabké pati, yaiku Iblis. 15 Lan isa mbébaské* kabèh wong sing saksuwéné uripé dadi budhaké rasa wedi marang pati. 16 Merga sing dibantu kuwi dudu para malaékat, nanging keturunané* Abraham. 17 Mula, dhèwèké kudu dadi padha kaya sedulur-seduluré kuwi ing sakabèhé perkara, supaya dhèwèké isa dadi imam agung sing kebak welas asih lan setya ngabdi marang Gusti Allah, supaya dhèwèké isa dadi kurban kanggo dosa-dosané wong-wong, sing ngrukunké wong-wong kuwi karo Gusti Allah. 18 Merga dhèwèké dhéwé wis tau sengsara wektu diuji, dadi dhèwèké isa mbantu wong-wong sing lagi diuji.

3 Mula, sedulur-sedulur sing suci, sing dipilih munggah swarga, gatèkna rasul lan imam agung sing kita akoni, yaiku Yésus. 2 Dhèwèké setya marang Gusti Allah, sing nglantik dhèwèké, kaya Musa wektu nglayani ing omahé Gusti Allah.* 3 Yésus dianggep pantes kanggo luwih dimulyakké ketimbang Musa, merga wong sing mbangun omah luwih aji ketimbang omah kuwi dhéwé. 4 Saben omah mesthi dibangun karo wong, nanging sing mbangun sakabèhé yaiku Gusti Allah. 5 Musa setya dadi pelayan ing omahé Gusti Allah, lan kuwi dadi gambaran* kanggo bab-bab sing bakal disingkapké mbésuk, 6 nanging Kristus setya dadi Putra sing dadi kepala omahé Gusti Allah. Kita iki omahé Gusti Allah, nèk kita tetep nduwé kebébasan kanggo ngomong lan nganti pungkasan nggegem kenceng pangarep-arep sing kita banggakké.

7 Mula, iki cocog karo apa sing diomongké liwat roh suci, yaiku, ”Dina iki, nèk kowé ngrungokké swara-Ku, 8 aja dadi atos atimu kaya pas kedadéan wektu Aku digawé nesu banget, yaiku wektu Aku diuji ing padhang belantara. 9 Wektu kuwi para leluhurmu padha nguji Aku senajan wis padha ndelok kabèh sing Tak tindakké saksuwéné 40 taun. 10 Kuwi sebabé Aku dadi jijik marang generasi kuwi lan kandha, ’Atiné wong-wong kuwi tansah nyimpang saka Aku, lan wong-wong kuwi ora kenal Aku.’ 11 Mula Aku dadi nesu lan sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.’”

12 Sedulur-sedulur, ngati-atia supaya ora ana ing antaramu sing nduwé ati sing jahat lan kurang iman merga ngedoh saka Gusti Allah sing urip. 13 Nanging, terusa nguwatké siji lan sijiné saben dina, saksuwéné mangsa sing disebut ”Dina iki” durung rampung, supaya ora ana siji-sijia ing antaramu sing dadi atos atiné merga daya apus-apusé dosa. 14 Kita isa mèlu nampa apa sing uga ditampa Kristus, nèk kita nggegem kenceng nganti pungkasan keyakinan sing kita duwèni saka wiwitan. 15 Kitab Suci kandha, ”Dina iki, nèk kowé ngrungokké swara-Ku, aja dadi atos atimu kaya pas kedadéan wektu Aku digawé nesu banget.”

16 Sapa sing ngrungokké nanging uga nggawé Panjenengané nesu banget? Wong-wong kuwi kan kabèh wong sing metu saka Mesir, sing dipimpin Musa, ta? 17 Sakliyané kuwi, marang sapa Gusti Allah ngrasa jijik saksuwéné 40 taun? Marang kabèh wong sing nindakké dosa, sing mayité padha pating glimpang ing padhang belantara, ta? 18 Lan, sapa sing Gusti Allah maksudké wektu Panjenengané sumpah nèk wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahaté Panjenengané? Mesthiné kabèh wong sing ora manut, ta? 19 Mula, kita ngerti nèk kabèh wong kuwi ora isa mlebu merga ora nduwé iman.

4 Mula, merga janji kanggo mlebu ing dina istirahaté Panjenengané isih ana, kita kudu waspada* supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing dianggep ora pantes kanggo mlebu. 2 Kita wis nampa kabar apik kaya wong-wong kuwi, nanging pangandika sing dirungokké kuwi ora mènèhi paédah kanggo wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi ora nduwé iman sing padha karo wong-wong sing ngrungokké. 3 Kita sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi. Nanging kanggo wong-wong sing ora manut, Gusti Allah tau ngendika, ”Mula Aku nesu lan sumpah, ’Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku,’” senajan panggawéné Gusti Allah wis rampung saka wiwitané donya.* 4 Ing sawijiné ayat, Panjenengané tau ngendika bab dina kapitu: ”Ing dina kapitu, Gusti Allah istirahat saka kabèh panggawéné.” 5 Panjenengané ngendika manèh: ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.”

6 Wong-wong sing luwih dhisik nampa kabar apik kuwi ora mlebu ing dina istirahat kuwi merga ora manut. Nanging, isih ana wong-wong sing isa mlebu mrono. 7 Mula, sakwisé wektu sing suwé banget, Gusti Allah ngendika ing masmur Daud, kaya sing sakdurungé disebutké ing surat iki, yaiku, ”Dina iki, nèk kowé ngrungokké swara-Ku, aja dadi atos atimu.” Mula sepisan manèh, Panjenengané netepké dina liya sing disebut ”Dina iki”. 8 Saumpama Yosua wis nggawa wong-wong kuwi menyang panggonan kanggo istirahat, Gusti Allah ora mungkin ngendika bab dina liyané manèh. 9 Dadi kanggo umaté Gusti Allah, isih ana dina istirahat sing kaya dina sabat. 10 Wong sing wis mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah uga wis istirahat saka panggawéné dhéwé, padha kaya Gusti Allah sing istirahat saka panggawéné.

11 Mula ayo kita padha ngupaya tenanan kanggo mlebu ing dina istirahat kuwi, supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing mèlu-mèlu ora manut. 12 Merga, pangandikané Gusti Allah kuwi urip lan kuwasané gedhé banget, luwih landhep ketimbang pedhang sing landhep kiwa-tengen, sarta isa nujeb nganti misahké jiwa* lan roh,* uga balung lan sungsum, lan isa nduduhké perkara-perkara sing kita pikirké lan nduduhké pepénginan ing ati kita. 13 Lan ora ana ciptaan sing ora kétok ing ngarsané Gusti Allah, nanging kabèh perkara kuwi kebukak lan kétok cetha ing ngarsané Panjenengané. Ya marang Panjenengané kuwi kita kudu mènèhi tanggung jawab.

14 Mula, merga kita nduwé imam agung sing mulya sing wis mlebu ing swarga, yaiku Yésus Putrané Gusti Allah, ayo kita padha terus ngakoni dhèwèké ing ngarepé wong akèh. 15 Sebab imam agung kita kuwi dudu imam agung sing ora isa ngerti kelemahané kita. Sewaliké, dhèwèké wis diuji ing kabèh perkara kaya kita, nanging tetep ora dosa. 16 Mula, ayo kita padha nyedhaki tahtané Gusti Allah sing nduduhké welas asih sing nggumunké,* lan nganggo kebébasan kanggo ngomong, kita ndonga marang Gusti Allah, supaya liwat welas asih lan welas asihé sing nggumunké,* Gusti Allah isa mbantu kita ing wektu sing pas.

5 Saben wong sing dilantik kanggo dadi imam agung, nglayani manungsa ing bab-bab sing ana hubungané karo ibadahé marang Gusti Allah, supaya dhèwèké isa mènèhké persembahan lan kurban kanggo dosa. 2 Dhèwèké isa pangertèn* marang wong-wong sing kurang nduwèni kawruh lan wong-wong sing nindakké salah,* merga dhèwèké uga ngadhepi kelemahané dhéwé, 3 mula dhèwèké kudu mènèhi persembahan kanggo dosané dhéwé, kaya sing dhèwèké tindakké kanggo dosané bangsa kuwi.

4 Ora ana wong sing éntuk kaurmatan iki merga pepénginané dhéwé, nanging dhèwèké éntuk kaurmatan kuwi mung nèk dhèwèké dilantik karo Gusti Allah, kaya Harun. 5 Semono uga, Kristus ora ngluhurké dhèwèké dhéwé nganggo cara dadi imam agung. Nanging, dhèwèké diluhurké karo Gusti Allah sing ngendika marang dhèwèké, ”Kowé kuwi putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu.” 6 Panjenengané uga ngendika ing ayat liya, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.”

7 Saksuwéné uripé ing bumi,* Kristus ndonga kanthi tenanan lan nyuwun nganggo swara seru lan tangisan marang Gusti Allah, sing isa nylametké dhèwèké saka pati, lan dongané dimirengké merga dhèwèké nduduhké rasa wedi marang Gusti Allah. 8 Senajan dhèwèké kuwi putra, dhèwèké sinau kanggo manut liwat kabèh kasangsaran sing dhèwèké alami. 9 Sakwisé dadi sampurna, dhèwèké nduwé tanggung jawab kanggo mènèhké keslametan langgeng marang kabèh wong sing manut marang dhèwèké, 10 merga dhèwèké wis dilantik karo Gusti Allah kanggo dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk.

11 Isih ana akèh sing péngin aku kabèh omongké bab dhèwèké, nanging angèl kanggo njelaské, merga kowé ora cepet paham wektu ngrungokké. 12 Sakjané, saiki* kowé kabèh kuduné wis dadi guru, nanging kowé kabèh isih mbutuhké manèh wong kanggo mulang kowé saka wiwitan bab-bab dhasar pangandika suci saka Gusti Allah, lan kowé kabèh mbutuhké susu manèh, dudu panganan sing akas. 13 Saben wong sing mung ngombé susu ora ngerti pangandika bab apa sing bener, merga dhèwèké kuwi bocah cilik. 14 Nanging, panganan sing akas kuwi kanggo wong diwasa,* sing terus nggunakké kesanggupané kanggo mikir,* sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah.

6 Saiki, sakwisé rampung nyinaoni wulangan dhasar bab Kristus, ayo kita terus ngupaya kanggo dadi diwasa.* Aja bali manèh marang wulangan-wulangan dhasar* bab pertobatan saka tumindak sing tanpa guna lan iman marang Gusti Allah, 2 bab baptisan lan numpangké tangan, utawa bab wong mati sing diuripké manèh lan hukuman sing langgeng. 3 Kita bakal terus ngupaya kanggo dadi diwasa* nèk kuwi kersané Gusti Allah.

4 Wong-wong sing mbiyèn wis nampa pepadhang, wis ngrasakké anugrah saka swarga, wis nampa roh suci, 5 lan wis ngrasakké pangandikané Gusti Allah sing apik lan berkah-berkah* ing jaman* sing bakal teka, 6 nanging wong-wong kuwi wis nolak wulangan sing bener, lan ora mungkin isa dibantu supaya mertobat, merga wong-wong kuwi wis maku manèh Putrané Gusti Allah ing cagak lan ngisin-isinké dhèwèké ing ngarepé wong akèh. 7 Tanah nampa berkah saka Gusti Allah wektu nyerep banyu udan sing kerep tiba ing ndhuwuré lan ngasilké tanduran sing migunani kanggo wong sing nggarap. 8 Nanging nèk tanah kuwi ngasilké tanduran eri lan suket, tanah kuwi ora ana gunané, bakal dikutuk, lan akiré diobong.

9 Sedulur-sedulur sing ditresnani, senajan aku kabèh ngomong kaya ngéné iki, aku kabèh yakin nèk kahananmu luwih apik ketimbang wong-wong kuwi, lan aku kabèh uga yakin nèk kowé nindakké bab-bab sing ana hubungané karo keslametan. 10 Merga Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané ora bakal lali karo tumindak lan katresnan sing kok duduhké kanggo asmané kanthi cara nglayani wong-wong suci lan terus nglayani wong-wong kuwi. 11 Senajan ngono, aku kabèh péngin supaya saben wong ing antaramu tetep sregep kaya sing wis kok tindakké saksuwéné iki, supaya nganti pungkasan kowé bener-bener yakin marang pangarep-arepmu, 12 lan kowé ora dadi males, nanging niru wong-wong sing nampa warisan saka janji-janji kuwi merga nduwé iman lan sabar.

13 Wektu Gusti Allah nggawé janji marang Abraham, Panjenengané sumpah demi Panjenengané dhéwé, merga ora ana sing luwih unggul ketimbang Panjenengané. 14 Gusti Allah ngendika, ”Aku mesthi bakal mberkahi kowé. Aku mesthi bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.” 15 Mula, sakwisé Abraham nduduhké kesabaran, dhèwèké nampa janji kuwi. 16 Manungsa nggawé sumpah demi wong sing luwih unggul, lan sumpahé kuwi dadi akir saka saben udur-uduran, merga sumpahé kuwi dadi jaminan sing sah kanggo wong-wong kuwi. 17 Semono uga, wektu Gusti Allah mutuské kanggo nduduhké luwih cetha marang para ahli waris janji kuwi nèk kersané ora bakal malih, Panjenengané njamin kuwi nganggo sumpah. 18 Rong perkara kuwi ora mungkin diowahi karo Gusti Allah, lan Panjenengané ora mungkin ngapusi. Rong perkara kuwi nguwatké kita sing wis nggolèk pangayomané Gusti Allah, mula kita isa nggegem kenceng pangarep-arep sing ana ing ngarepé kita. 19 Pangarep-arep kuwi kaya jangkar kanggo jiwa,* sing kuwat lan isa diandelké, lan nggawa kita mlebu ing mburiné geber* kuwi, 20 lan ing kono, wis ana wong* sing mlebu luwih dhisik kanggo kepentingané kita, yaiku Yésus, sing wis dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawasé.

7 Mèlkhisèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah Sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Mèlkhisèdèk banjur mberkahi Abraham, 2 lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhisèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja Kaadilan”, lan uga raja Salèm, sing artiné ”Raja Katentreman”. 3 Sapa bapaké lan sapa ibuné ora dingertèni, ora ana katrangan bab silsilahé, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Nanging dhèwèké wis digawé kaya Putrané Gusti Allah, mula dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawas-lawasé.

4 Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, bapak leluhur* kita, mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka jarahan sing paling apik. 5 Pancèn nèk miturut hukum Taurat, keturunané Lèwi sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké persepuluhan saka bangsa kuwi, yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham. 6 Nanging wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa persepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham, yaiku wong sing éntuk janji-janjiné Gusti Allah. 7 Kabèh wong mesthi padha setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul ketimbang wong sing diberkahi. 8 Keturunan Lèwi sing nampa persepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, nanging ana kesaksian nèk wong sing kaya Mèlkhisèdèk sing nampa persepuluhan kuwi tetep urip. 9 Malah Lèwi dhéwé, sing nampa persepuluhan kuwi, wis mbayar persepuluhan liwat Abraham 10 merga dhèwèké keturunané, sing durung lair wektu leluhuré kuwi ketemu Mèlkhisèdèk.

11 Pengaturan kaimaman saka keturunané Lèwi kuwi bagéan saka hukum Taurat sing diwènèhké marang bangsa Israèl. Nèk imam-imam saka keturunan Lèwi isa mènèhi kasampurnan, apa kita isih butuh imam sing kaya Mèlkhisèdèk? Apa ora wis cukup nduwé imam sing kaya Harun? 12 Merga pengaturan bab kaimaman diganti, mula hukum Taurat ya perlu diganti. 13 Wong sing dimaksudké iki asalé saka suku liya, lan ora ana siji-sijia wong saka suku kuwi sing tau nindakké tugas ing mésbah. 14 Cetha tenan nèk Gusti kita asalé saka suku Yéhuda, nanging Musa ora tau kandha nèk bakal ana imam saka suku kuwi.

15 Lan iki saya cetha manèh wektu ana imam liya sing kaya Mèlkhisèdèk. 16 Dhèwèké nglayani dadi imam, ora merga asalé saka sawijiné suku sing diwajibké karo hukum Taurat, nanging merga dhèwèké nduwé kuwasa sing isa nggawé uripé ora isa disirnakké. 17 Ana kesaksian bab dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.”

18 Mula, peraturan sing sakdurungé iki wis dibusak merga peraturan kuwi ora nduwé kekuwatan lan ora maédahi. 19 Hukum Taurat ora isa nggawé apa waé dadi sampurna, nanging pangarep-arep sing luwih apik sing diduduhké dhisik marang kita, kuwi isa nggawé apa waé dadi sampurna. Liwat pangarep-arep iki, kita nyedhak marang Gusti Allah. 20 Sebab Gusti Allah ngucapké sumpah wektu nglantik Yésus dadi imam 21 (merga pancèn ana sing dadi imam tanpa sawijiné sumpah sing diucapké bab wong-wong kuwi, nanging wong iki dadi imam nganggo sumpah sing diucapké Gusti Allah bab dhèwèké, yaiku, ”Yéhuwah wis ngucapké sumpah lan Panjenengané ora bakal getun,* ’Kowé iki imam kanggo saklawas-lawasé’”), 22 mula Yésus dadi jaminan kanggo sawijiné perjanjian sing luwih apik. 23 Sakliyané kuwi, para imam ora isa neruské tugasé merga mati, lan akiré wong liya sing kudu nggantèni para imam kuwi lan neruské tugasé. 24 Nanging merga Yésus terus urip saklawas-lawasé, tugasé dadi imam ora bakal digantèni karo wong liya. 25 Kuwi sebabé, dhèwèké bener-bener sanggup nylametké wong-wong sing nyedhak marang Gusti Allah liwat dhèwèké, merga dhèwèké terus urip lan isa nyuwun kanggo wong-wong kuwi.

26 Kita pancèn butuh imam agung sing kaya ngono kuwi, yaiku imam sing setya, ora salah, ora najis, kepisah saka wong-wong dosa, lan diunggulké ing ndhuwur langit. 27 Ora kaya imam agung liyané, dhèwèké ora perlu mènèhi kurban saben dina, sing kapisan kanggo dosané dhéwé, banjur kanggo dosané bangsané, merga dhèwèké wis nindakké kuwi sepisan kanggo saklawasé wektu ngurbanké uripé. 28 Wong sing dilantik dadi imam agung miturut hukum Taurat kuwi nduwé kelemahan, nanging sing dilantik miturut sumpah sing diwènèhké sakwisé hukum Taurat, kuwi Putrané Gusti Allah, sing wis didadèkké sampurna kanggo saklawasé.

8 Iki bab utama saka apa sing padha tak rembug: Kita nduwé imam agung kaya ngono, lan dhèwèké wis lungguh ing sisih tengen tahtané Gusti Allah Sing Agung ing swarga, 2 dadi abdi ing panggonan suci lan kémah sing sejati, sing didegké karo Yéhuwah, dudu karo manungsa. 3 Merga saben imam agung dilantik kanggo mènèhi persembahan lan kurban. Mula, imam agung iki uga perlu mènèhké persembahan. 4 Nèk dhèwèké ana ing bumi, dhèwèké ora bakal dadi imam, merga wis ana wong-wong sing mènèhké persembahan miturut hukum Taurat. 5 Tugas suci sing ditindakké wong-wong kuwi dadi gambaran lan bayangan saka bab-bab sing ana ing swarga. Kuwi diduduhké wektu Gusti Allah mréntahké Musa, piyé Musa kudu nggawé kémah kuwi. Gusti Allah ngendika, ”Kowé kudu nggawé kuwi miturut rancangan sing Tak duduhké marang kowé ing gunung iki.” 6 Nanging saiki, Yésus wis nampa tugas sing luwih unggul ketimbang tugas sing ditindakké imam-imam sing sakdurungé, merga dhèwèké uga dadi perantara perjanjian sing luwih apik, sing digawé kanthi sah miturut janji-janji sing luwih apik.

7 Nèk perjanjian sing kapisan kuwi ora ana kurangé, ora perlu ana perjanjian sing kapindho. 8 Nanging, Gusti Allah weruh kekurangané bangsa kuwi merga, ”Yéhuwah ngendika, ’Ing wektuné mengko, Aku bakal nggawé perjanjian anyar karo wong Israèl lan wong Yéhuda. 9 Perjanjian kuwi ora kaya perjanjian sing Tak gawé karo leluhuré wong-wong kuwi, wektu Aku nyekel tangané wong-wong kuwi kanggo nuntun metu saka Mesir, merga wong-wong kuwi ora netepi perjanjian-Ku, dadi Aku ora ngopèni wong-wong kuwi manèh,’ pangandikané Yéhuwah.

10 ”’Merga iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ pangandikané Yéhuwah. ’Hukum-hukum kuwi bakal Tak dèlèhké ing pikirané wong-wong kuwi, lan Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.

11 ”’Lan wong-wong kuwi ora bakal mulang wong-wong sing sak bangsa lan uga seduluré, nganggo cara kandha, ”Kowé kudu kenal karo Yéhuwah!” Merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka sing cilik dhéwé nganti sing gedhé dhéwé. 12 Aku bakal ngapurani kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.’”

13 Merga Panjenengané ngendika bab ”perjanjian anyar”, perjanjian sing sakdurungé wis dadi perjanjian sing lawas, lan nèk ana barang sing lawas lan saya tuwa, kuwi bakal sirna.

9 Perjanjian sing ndhisik kuwi nduwé hukum-hukum kanggo nindakké tugas suci lan nduwé kémah ing bumi kanggo ngibadah marang Gusti Allah. 2 Kémah kuwi dibangun dadi rong ruangan. Ing ruang kapisan ana wadhah lampu, méja, lan roti persembahan. Ruang kuwi disebut ”Papan Suci”. 3 Nanging ing mburiné geber* sing kapindho ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Papan Mahasuci”. 4 Ing kana, ana wadhah dupa sing digawé saka emas lan pethi perjanjian sing dilapisi emas kabèh. Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna, tongkaté Harun sing tau metu tunasé, lan lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné hukumé Gusti Allah.* 5 Ing ndhuwuré pethi kuwi ana kerub-kerub sing mulya sing bayang-bayangé nutupi tutup pethi* kuwi. Nanging saiki dudu wektuné kanggo ngrembug bab iki kanthi rinci.

6 Sakwisé kabèh disiapké kaya ngono kuwi, para imam kanthi ajeg mlebu menyang ruang kapisan ing kémah kuwi kanggo nindakké tugas suci, 7 nanging mung imam agung sing éntuk mlebu menyang ruang kapindho kuwi setaun pisan, lan dhèwèké kudu nggawa getih, sing dipersembahké kanggo dhèwèké dhéwé banjur kanggo dosa-dosa sing ditindakké bangsa kuwi tanpa sengaja. 8 Dadi roh suci nduduhké kanthi cetha nèk saksuwéné kémah sing kapisan kuwi isih ngadeg, dalan menyang Papan Mahasuci isih durung kebukak. 9 Kémah kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki, lan miturut pengaturan iki, ana persembahan lan kurban sing diwènèhké. Nanging, bab-bab kuwi ora isa nggawé hati nuraniné wong sing nindakké tugas suci dadi sampurna. 10 Bab-bab kuwi kaitané mung karo panganan, ombèn-ombèn, lan kabèh upacara nyucèkké badan. Kuwi mung hukum-hukum bab perkara-perkara ing donya* lan kuwi ditindakké nganti wektu sing ditemtokké kanggo mbenerké sakabèhé.

11 Nanging, wektu Kristus teka dadi imam agung kanggo nggawa bab-bab apik sing saiki wis kita rasakké, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih penting lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora didegké ing bumi. 12 Dhèwèké mlebu menyang Papan Mahasuci ora nganggo getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom, nanging nganggo getihé dhéwé, sepisan kanggo saklawasé, lan mbébaské* kita kanggo saklawas-lawasé. 13 Nèk getihé wedhus lan getihé sapi lanang enom, uga awuné sapi sing durung tau manak sing disawurké ing ndhuwuré wong-wong sing najis waé isa nggawé badan dadi suci, 14 apa manèh getihé Kristus! Liwat roh suci sing langgeng, Kristus wis mènèhké badané dadi persembahan marang Gusti Allah lan dadi kurban sing tanpa cacad. Getihé bakal ngresiki hati nurani kita saka tumindak-tumindak sing tanpa guna, supaya kita isa nindakké tugas suci marang Gusti Allah sing urip.

15 Kuwi sebabé, dhèwèké dadi perantara kanggo sawijiné perjanjian anyar. Dhèwèké dadi perantara kuwi supaya wong-wong sing wis dipilih isa nampa janji warisan sing langgeng. Kuwi kabèh isa kelakon merga dhèwèké wis mati kanggo nebus wong-wong, lan mbébaské wong-wong kuwi saka pelanggaran sing ditindakké wektu isih ana ing perjanjian sakdurungé. 16 Nèk ana perjanjian, manungsa sing nggawé perjanjian* kuwi perlu mati, 17 merga perjanjian kuwi dadi sah nèk ana pati. Kuwi ora bakal kanggo, nèk manungsa sing nggawé perjanjian* kuwi isih urip. 18 Kuwi sebabé perjanjian sakdurungé ora isa dadi sah, nèk ora nganggo getih. 19 Sakwisé Musa ngomongké saben préntah sing ana ing hukum Taurat marang kabèh bangsa kuwi, Musa njupuk getihé sapi lanang enom lan getihé wedhus, nganggo banyu, wol abang, lan tanduran hisop, banjur nyipratké menyang kitab* kuwi lan kabèh bangsa kuwi, 20 karo kandha, ”Iki getih kanggo perjanjian sing dipréntahké Gusti Allah kanggo kok lakoni.” 21 Dhèwèké uga nyipratké getih kuwi menyang kémah lan kabèh wadhah sing digunakké kanggo nindakké tugas suci. 22 Miturut hukum Taurat, mèh kabèh perkara disucèkké nganggo getih, lan nèk getih ora diecurké, ora ana pangapura dosa.

23 Mula, kabèh sing dadi gambarané perkara-perkara ing swarga perlu disucèkké nganggo getihé kéwan sing dikurbanké, nanging perkara-perkara ing swarga kuwi dhéwé mbutuhké kurban sing luwih apik ketimbang kurban kéwan. 24 Kristus ora mlebu menyang Papan Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa, sing uga tiruan saka sing asliné, nanging dhèwèké mlebu menyang swarga kuwi dhéwé, mula saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi kita. 25 Tujuané dudu kanggo mènèhké badané dadi persembahan ping bola-bali, kaya imam agung sing saben taun mlebu ing Papan Mahasuci nganggo getih sing dudu getihé dhéwé. 26 Nèk kaya ngono, dhèwèké kudu ping bola-bali sengsara saka wiwitané donya.* Nanging saiki, ing pungkasané jaman* iki, dhèwèké wis teka ing donya, sepisan kanggo saklawasé, demi mbusak dosa kanthi cara ngurbanké uripé. 27 Lan kaya manungsa sing mati sepisan kanggo saklawasé, nanging sakwisé kuwi diadili, 28 semono uga, Kristus dikurbanké sepisan kanggo saklawasé demi nanggung dosané akèh wong. Lan mengko, wektu dhèwèké teka kanggo sing kaping pindhoné, dhèwèké ora teka kanggo mbusak dosa, nanging kanggo nylametké wong-wong sing tenanan nggolèki dhèwèké.

10 Hukum Taurat kuwi mung bayangan saka perkara-perkara apik sing bakal teka, dudu perkara-perkara apik kuwi dhéwé. Mula, liwat kurban-kurban sing diwènèhké saben taun, hukum* kuwi ora bakal isa nggawé sampurna wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah. 2 Saumpama isa, kurban-kurban kuwi mesthi ora perlu diwènèhké manèh, ta? Merga wong-wong sing nindakké tugas suci kuwi wis digawé suci, mula dadi ora rumangsa nduwé dosa. 3 Sewaliké, saben taun kurban kuwi dadi pangéling-éling nèk wong-wong kuwi dosa, 4 merga ora mungkin getihé sapi lanang lan getihé wedhus isa nyingkirké dosa.

5 Mula wektu Kristus teka ing bumi, dhèwèké kandha, ”’Kurban lan persembahan ora Panjenengan péngini, nanging Panjenengan wis nyiapké sawijiné badan kanggo aku. 6 Panjenengan ora seneng marang persembahan bakaran lan persembahan dosa.’ 7 Banjur aku kandha, ’Gusti Allah, aku wis teka kanggo nindakké kersa-Mu. Ing gulungan* katulis bab aku.’” 8 Sakdurungé, dhèwèké kandha, ”Panjenengan ora péngin utawa ora seneng marang kurban, persembahan, persembahan bakaran, lan persembahan dosa,” yaiku persembahan-persembahan sing diwènèhké miturut hukum Taurat. 9 Banjur dhèwèké kandha, ”Aku wis teka kanggo nindakké kersa-Mu.” Dhèwèké nyingkirké sing kapisan supaya sing kapindho isa ditindakké. 10 Cocog karo ”kersané” kuwi, kita wis digawé suci liwat badané Yésus Kristus, sing diwènèhké sepisan kanggo saklawasé.

11 Sakliyané kuwi, saben imam ana ing panggonané saben dina kanggo nindakké tugas suci lan kanggo mènèhké kurban sing padha nganti ping bola-bali, padahal kuwi ora isa bener-bener nyingkirké dosa. 12 Nanging wong iki mènèhké siji kurban sing isa nyingkirké dosa kanggo saklawasé, lan dhèwèké lungguh ing sisih tengené Gusti Allah, 13 karo nunggu nganti mungsuh-mungsuhé didadèkké ancik-aciké sikilé. 14 Liwat siji persembahan kurban, dhèwèké nggawé wong-wong sing wis digawé suci dadi sampurna kanggo saklawasé. 15 Sakliyané kuwi, roh suci uga mènèhi kesaksian marang kita, kandhané, 16 ”’Merga iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ pangandikané Yéhuwah. ’Hukum-hukum-Ku bakal Tak dèlèhké ing atiné wong-wong kuwi, lan Tak tulis ing pikirané wong-wong kuwi.’” 17 Banjur dikandhakké, ”Dosa-dosa lan kesalahan-kesalahané wong-wong kuwi ora bakal Tak éling-éling manèh.” 18 Nèk kabèh kuwi wis diapura, ora perlu manèh ana persembahan dosa.

19 Mula, sedulur-sedulur, merga getihé Yésus nggawé kita ora wedi* kanggo mlebu menyang Papan Mahasuci, 20 sing dhèwèké bukak kanggo kita dadi dalan anyar menyang urip liwat geber* kuwi, yaiku badané, 21 lan merga kita nduwé imam sing mulya sing dadi kepala omahé Gusti Allah, 22 ayo kita nyedhak marang Gusti Allah kanthi ati sing tulus lan iman sing kuwat, merga ati kita wis digawé resik saka hati nurani sing jahat, lan badan kita wis digawé resik nganggo banyu sing resik. 23 Ayo kita terus martakké pangarep-arep kita tanpa ragu, merga sing njanjèkké pangarep-arep kuwi setya. 24 Ayo kita nggatèkké* siji lan sijiné supaya isa nguwatké* siji lan sijiné kanggo nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik, 25 ora nyepèlèkké pakumpulan ibadah kita, kaya kebiasaané sapérangan wong, nanging nguwatké siji lan sijiné, lan nindakké kabèh kuwi luwih tenanan manèh, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.

26 Nèk kita sengaja nindakké dosa sakwisé nampa pangertèn sing trep bab apa sing bener, ora ana manèh kurban kanggo dosa kita, 27 nanging kita mung isa nunggu hukuman sing medèni lan nunggu murka sing mulad-mulad kaya geni, sing bakal numpes kabèh sing nglawan Gusti Allah. 28 Miturut kesaksiané wong loro utawa wong telu, sapa waé sing nyepèlèkké Hukum Musa bakal mati tanpa welas asih. 29 Piyé miturutmu? Nèk ana wong sing ngidak-idak Putrané Gusti Allah lan ngrèmèhké getih perjanjian sing wis nggawé dhèwèké dadi suci, uga ngrèmèhké roh suci sing nduduhké welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* wong kuwi mesthiné pantes nampa hukuman sing luwih abot, ta? 30 Kita ngerti nèk Gusti Allah ngendika, ”Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Kejahatané wong-wong kuwi bakal Tak bales.” Banjur, ”Yéhuwah bakal ngadili umaté.” 31 Medèni banget nèk nampa hukuman saka Gusti Allah sing urip.

32 Nanging, tetepa ngéling-éling mangsa sing wis kepungkur. Wektu kuwi, sakwisé kowé nampa pepadhang, kowé tekun ngadhepi perjuangan sing abot lan akèh kasangsaran. 33 Kadhang kowé dadi tontonané wong akèh* karo dirèmèhké lan ngalami kasangsaran, lan kadhang kowé mèlu sengsara bareng karo wong-wong sing ngalami kaya ngono. 34 Kowé nduduhké pangertèn* marang wong-wong sing dipenjara, lan kowé tetep bungah wektu apa sing kok duwèni dirampas, merga ngerti nèk kowé nduwé bandha sing luwih apik lan langgeng.

35 Mula terusa ngomong kanthi kendel,* merga kuwi bakal diopahi kanthi lubèr. 36 Kowé perlu tekun, supaya sakwisé kowé wis nindakké kersané Gusti Allah, kowé bakal nampa perkara sing dijanjèkké kuwi. 37 Merga ”sedhéla manèh”, ”Gusti Allah sing arep rawuh kuwi mesthi bakal rawuh lan Panjenengané ora bakal telat”. 38 ”Abdi-Ku sing nindakké apa sing bener bakal terus urip merga nduwé iman.” Lan, ”Nèk dhèwèké wedi banjur mundur, Aku* ora bakal seneng marang dhèwèké.” 39 Kita dudu wong sing wedi banjur mundur lan sirna, nanging kita wong sing nduwé iman mula tetep urip.

11 Iman yaiku keyakinan sing kuwat nèk apa sing diarep-arep mesthi bakal kelakon, lan bukti sing nyata* nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana. 2 Merga nduwé iman, wong-wong ing jaman mbiyèn* nampa kesaksian nèk wong-wong kuwi wis nyenengké Gusti Allah.

3 Merga nduwé iman, kita paham nèk donya* sak isiné digawé liwat pangandikané Gusti Allah, dadi perkara-perkara sing isa kita delok kuwi ana saka perkara-perkara sing ora isa kita delok.

4 Merga nduwé iman, Habèl mènèhké kurban persembahan marang Gusti Allah, yaiku kurban sing luwih aji ketimbang kurbané Kain. Liwat imané kuwi, Habèl nampa kesaksian nèk dhèwèké kuwi dianggep bener, merga Gusti Allah wis nampa* persembahané. Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong liwat imané.

5 Merga nduwé iman, Hénokh dipindhahké supaya ora ndelok pati, lan dhèwèké ora ditemokké ing ngendi-endi sebab Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké. Sakdurungé dipindhahké, Hénokh nampa kesaksian nèk dhèwèké wis nyenengké Gusti Allah. 6 Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Panjenengané kuwi ana, lan nèk Panjenengané ngopahi wong-wong sing tenanan nggolèki Panjenengané.

7 Merga nduwé iman, Nuh, sakwisé dikandhani Gusti Allah bab perkara-perkara sing durung kétok, manut marang Gusti Allah lan mbangun bahtera kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum, lan merga imané kuwi dhèwèké dianggep bener.

8 Merga nduwé iman, Abraham manut wektu Gusti Allah nyeluk dhèwèké, lan dhèwèké mangkat menyang panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga menyang ngendi. 9 Merga nduwé iman, Abraham manggon dadi wong asing ing tanah sing dijanjèkké kuwi, manggon ing kémah-kémah bareng karo Ishak lan Yakub, sing uga dadi ahli waris saka janji sing padha. 10 Kuwi merga Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh, sing dirancang lan dibangun karo Gusti Allah.

11 Merga nduwé iman, Sara mbobot* senajan wis tuwa, merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing maringi janji kuwi setya.* 12 Mula, saka wong lanang siji sing wis tuwa banget,* ana akèh anak sing dilairké, sing jumlahé kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai sing ora isa diétung cacahé.

13 Wong-wong kuwi mau kabèh tetep nduwé iman nganti mati, senajan durung nampa apa sing dijanjèkké. Nanging, wong-wong kuwi kaya-kayané wis ndelok saka kadohan, nampa kuwi kanthi bungah, lan ngandhani liyané nèk wong-wong kuwi wong asing lan penduduk sementara ing negara kuwi. 14 Wong-wong sing kandha kuwi nduduhké kanthi cetha nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèk panggonan kanggo wong-wong kuwi dhéwé. 15 Saumpama wong-wong kuwi ngéling-éling terus panggonané sing wis ditinggalké, wong-wong kuwi sakjané nduwé kesempatan kanggo bali. 16 Nanging, wong-wong kuwi ngupaya kanggo nemokké panggonan sing luwih apik, yaiku sing ana kaitané karo swarga. Mula Gusti Allah ora isin disebut Gusti Allahé wong-wong kuwi, malah Gusti Allah wis nyiapké sawijiné kutha kanggo wong-wong kuwi.

17 Merga nduwé iman, Abraham, wektu diuji, kaya-kayané wis mènèhké Ishak dadi persembahan. Abraham, sing kanthi seneng nampa janji-janji kuwi, siap ngurbanké anaké siji-sijiné. 18 Padahal, dhèwèké wis dikandhani, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.” 19 Nanging Abraham yakin nèk Gusti Allah sanggup nguripké manèh putrané saka antarané wong mati, lan dhèwèké pancèn nampa putrané manèh saka pati. Iki nduduhké apa sing bakal kelakon mbésuk.

20 Merga nduwé iman, Ishak uga mberkahi Yakub lan Ésau, lan ngandhani wong loro kuwi bab apa sing bakal kelakon sukmbèn.

21 Merga nduwé iman, Yakub, wektu wis arep mati, mberkahi loro anaké Yusuf lan sujud marang Gusti Allah karo nyekeli tekené.

22 Merga nduwé iman, Yusuf, wektu wis arep mati, ngomong nèk wong-wong Israèl bakal metu saka Mesir. Dhèwèké uga mènèhi préntah* bab penguburané.*

23 Merga nduwé iman, wong tuwané Musa ndhelikké Musa saksuwéné telung sasi sakwisé dhèwèké lair, merga wong tuwané Musa ndelok nèk Musa kuwi bagus lan wong tuwané ora wedi karo préntahé raja. 24 Merga nduwé iman, Musa, wektu wis diwasa, ora gelem disebut anaké putri Firaun. 25 Dhèwèké milih kanggo ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah ketimbang ngrasakké kesenengan sing ora suwé saka dosa, 26 merga Musa nganggep, nèk dirèmèhké merga dadi Wong sing Dilantik* kuwi luwih aji ketimbang kabèh bandhané Mesir, merga dhèwèké mandeng tenanan marang opah sing bakal ditampa. 27 Merga nduwé iman, dhèwèké ninggalké Mesir, nanging dudu merga wedi ngadhepi raja sing murka. Musa tetep kukuh kaya-kaya dhèwèké ndelok Gusti Allah sing ora kétok. 28 Merga nduwé iman, dhèwèké ngrayakké Paskah lan nyipratké getih, supaya malaékaté Gusti Allah ora matèni* anak mbarepé wong-wong Israèl.

29 Merga nduwé iman, wong-wong Israèl nyabrang Laut Merah kaya mlaku ing ndhuwuré lemah sing garing, nanging wektu wong-wong Mesir nyoba ngliwati, wong-wong kuwi padha kleleb.

30 Merga iman, témbok-témboké Yérikho rubuh sakwisé wong Israèl padha mlaku ngubengi kuwi pitung dina suwéné. 31 Merga nduwé iman, Rahab, wong wadon sing dadi pelacur kuwi, ora mati bareng karo wong-wong liyané sing ora manut, merga Rahab nampa mata-mata kuwi kanthi ramah.

32 Sapa manèh sing bakal tak critakké? Wektuné ora bakal cukup nèk aku crita bab Gidéon, Barak, Simson, Yéfta, Daud, uga Samuèl, lan nabi-nabi liyané. 33 Merga nduwé iman, wong-wong kuwi ngalahké kerajaan-kerajaan, nindakké apa sing bener, éntuk janji-janji, mbungkem cangkemé singa, 34 matèni geni sing mulad-mulad, luput saka pedhang, dadi kuwat senajan sakdurungé tanpa daya, dadi prakosa ing perang, lan ngusir pasukan sing teka kanggo nyerang. 35 Para wong wadon nampa manèh keluargané sing diuripké manèh saka pati. Wong-wong liyané ora gelem nolak imané mung supaya isa dibébaské, nanging padha milih disiksa supaya isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik. 36 Sing liyané manèh diuji nganggo cara diécé lan dipecuti, malah nganti diranté lan dipenjara. 37 Wong-wong kuwi dibandhemi watu nganti mati, diuji, ditugel-tugel nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang, mung nganggo klambi saka kulit wedhus gèmbèl lan kulit wedhus jawa, ngalami kekurangan, sengsara, lan ngalami tumindak sing ala. 38 Donya iki dudu panggonan sing pantes kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi urip ing padhang gurun, ing gunung, ing guwa, lan ing luweng-luwengé bumi.

39 Padahal, kabèh wong kuwi ora nampa apa sing wis dijanjèkké kuwi senajan nampa kesaksian sing apik merga imané, 40 merga wiwit mbiyèn, Gusti Allah ngersakké kanggo maringi kita sawijiné perkara sing luwih apik, mula wong-wong kuwi ora bakal dadi sampurna tanpa kita.

12 Mula, merga kita nduwé seksi sing akèh banget kaya méga sing ngubengi kita, ayo kita padha mbuwang kabèh beban lan dosa sing kanthi gampang isa njiret kita, lan ayo kita padha mlayu kanthi tekun ing balapan sing wis ditemtokké kanggo kita, 2 karo mandeng Wakil Utama lan Sing Nyampurnakké iman kita, yaiku Yésus. Merga kabungahan sing didèlèhké ing ngarepé, dhèwèké tekun ing cagak paukuman* lan ora ngrasa isin, lan saiki dhèwèké lungguh ing sisih tengen tahtané Gusti Allah. 3 Mula, gatèkna tenanan dhèwèké supaya kowé ora dadi kesel lan nyerah. Dhèwèké tekun ngadhepi wong-wong dosa sing nentang dhèwèké nganggo omongan, sing sakjané nggawé rugi wong-wong kuwi dhéwé.

4 Ing perjuanganmu nglawan dosa, kowé durung tau berjuang nganti mati. 5 Kowé wis bener-bener nglalèkké naséhat sing diparingké Gusti Allah marang kowé, yaiku anak-anaké. Naséhaté yaiku, ”Anak-Ku, aja nyepèlèkké disiplin saka Yéhuwah, lan aja nyerah wektu diélikké karo Panjenengané, 6 merga Yéhuwah maringi disiplin marang kabèh sing ditresnani, malah Panjenengané ngukum* saben wong sing dianggep anak.”

7 Kowé kudu tekun merga kuwi bagéan saka disiplin. Sebab kanggoné Gusti Allah, kowé kuwi anak-anaké. Apa ana ta anak sing ora tau didisiplin karo bapaké? 8 Nanging nèk kowé ora mèlu nampa disiplin iki, kuwi tegesé kowé anak haram, dudu anaké Gusti Allah. 9 Sakliyané kuwi, bapak kita sing ana ing bumi uga mènèhi disiplin marang kita, lan kita ngajèni dhèwèké. Mula, kuduné kita kan luwih manut marang Bapak ing swarga* supaya kita tetep urip, ta? 10 Bapak kita sing ana ing bumi mènèhi disiplin mung sedhéla waé, miturut apa sing bener kanggoné dhèwèké, nanging Gusti Allah maringi disiplin demi paédahé kita, supaya kita isa suci kaya Panjenengané. 11 Pancèn, kita ora bungah wektu nampa disiplin, nanging ngrasa sedhih. Nanging sakwisé kuwi, disiplin bakal ngasilké katentreman lan nggawé wong dadi nindakké apa sing bener, merga wis dilatih liwat disiplin kuwi.

12 Mula, kuwatna tangan sing sèngklèh lan dhengkul sing théklok. 13 Terus mlakua lurus nganggo sikilmu, supaya bagéan sing lara* kuwi ora dadi saya parah nanging dadi mari. 14 Ngupayaa rukun karo kabèh wong lan ngupayaa bèn uripmu suci. Wong sing ora suci ora isa ndelok Gusti.* 15 Ngati-atia supaya aja nganti ana sing gagal nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* supaya oyod sing ana racuné ora thukul banjur nggawé masalah lan akèh wong sing dadi ora suci merga kuwi. 16 Lan waspadaa supaya ing antaramu aja ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* utawa sing ora ngajèni perkara-perkara sing suci, kaya Ésau, sing masrahké hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan. 17 Merga kowé ngerti nèk sakwisé kuwi, wektu dhèwèké péngin éntuk warisan berkah kuwi, dhèwèké ditolak. Senajan dhèwèké ngupaya tenanan nganti nangis-nangis supaya bapaké ngowahi keputusané, nanging kuwi tanpa guna.

18 Kowé ora nyedhak marang gunung sing isa didemèk lan sing geniné mulad-mulad, sing diubengi karo méga peteng, lan badai, uga kahanan sing peteng ndhedhet, 19 sing ana swara trompèt sing seru lan swara sing ngomong, sing pas krungu kuwi, bangsa kuwi nyuwun supaya swara kuwi mandheg ngomong marang wong-wong kuwi. 20 Wong-wong kuwi ora tahan krungu préntah, ”Malah kéwan waé, nèk ngidak gunung iki, kudu dibandhemi watu nganti mati.” 21 Apa sing didelok kuwi medèni banget nganti Musa kandha, ”Aku wedi lan ndhredheg.” 22 Nanging kowé nyedhak marang Gunung Zion lan kuthané Gusti Allah sing urip, yaiku Yérusalèm ing swarga, marang puluhan éwu malaékat 23 sing ngumpul bareng, marang jemaat putra mbarep sing wis kedaftar ing swarga, marang Gusti Allah sing dadi Hakimé sakabèhé, marang urip rohaniné wong-wong bener sing wis dadi sampurna, 24 marang Yésus sing dadi perantarané perjanjian anyar, lan marang getih sing dicipratké, sing luwih apik ketimbang getihé Habèl.

25 Ngati-atia aja nganti kowé ora ngrungokké* swarané sing ngendika saka swarga. Jaman mbiyèn, bangsa ing bumi ora ngrungokké apa sing dingendikakké Gusti Allah, lan wong-wong kuwi dihukum. Mula, saya manèh kita, mesthi bakal dihukum nèk ora ngrungokké swara sing ngendika saka swarga. 26 Wektu kuwi swarané Gusti Allah nggoncangké bumi, nanging saiki Panjenengané janji, ”Isih sepisan manèh Aku bakal nggoncangké bumi, ora mung bumi nanging uga langit.” 27 Tembung-tembung ”isih sepisan manèh” nduduhké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké perkara-perkara sing digoncangké, yaiku sing ora digawé Gusti Allah, supaya perkara-perkara sing ora digoncangké bakal tetep ana. 28 Mula, merga kita bakal nampa Kraton sing ora isa digoncangké, ayo kita terus nampa welas asih sing nggumunké,* sing nggawé kita isa nindakké tugas suci marang Gusti Allah, nganggo cara sing nyenengké Panjenengané lan nganggo rasa wedi lan ngajèni. 29 Merga Gusti Allah kita kaya geni sing isa nyirnakké.

13 Terus duduhna katresnan paseduluran. 2 Aja lali nduduhké sipat loma,* merga kanthi nduduhké sipat kuwi, ana sapérangan wong sing tanpa sadhar wis nampa malaékat dadi tamuné. 3 Terusa éling marang sedulur-sedulur sing dipenjara, kaya-kaya kowé uga dipenjara bareng wong-wong kuwi, lan élinga marang wong-wong sing ngalami tumindak ala, merga kowé dhéwé uga ana ing badan jasmani.* 4 Urip bebojoan kuwi kudu diajèni karo kabèh wong lan ora éntuk digawé najis, merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah* lan sing laku jina. 5 Aja nresnani dhuwit, lan kowé kudu ngrasa puas karo apa sing ana, merga Gusti Allah ngendika, ”Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.” 6 Kuwi sebabé, aku bakal dadi kendel lan kandha, ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Apa sing isa ditindakké manungsa marang aku?”

7 Élinga karo wong-wong sing mimpin kowé, sing wis mulangké pangandikané Gusti Allah marang kowé. Padha gatèkna hasil saka tumindaké wong-wong kuwi lan tirunen imané.

8 Mbiyèn, saiki, lan saklawasé, Yésus Kristus tetep padha.

9 Aja disesatké karo piwulang sing béda, merga luwih apik nèk atimu dikuwatké karo welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* ketimbang dikuwatké karo panganan,* sing ora migunani kanggo wong-wong sing mung sibuk mikirké bab kuwi.

10 Kita nduwé mésbah, lan wong-wong sing nindakké tugas suci ing kémah ora nduwé wewenang kanggo mangan saka mésbah kuwi. 11 Imam agung nggawa getihé kéwan-kéwan menyang Papan Mahasuci dadi persembahan dosa, nanging badané kéwan-kéwan kuwi diobong ing njaba perkémahan. 12 Semono uga, Yésus ngalami sengsara ing njaba gerbang kutha kanggo nggawé suci wong-wong nganggo getihé dhéwé. 13 Mula, ayo kita padha lunga marang dhèwèké ing njaba perkémahan, mèlu dirèmèhké kaya dhèwèké wis dirèmèhké, 14 merga ing kéné kita ora nduwé kutha sing terus ana saklawasé, nanging kita lagi ngentèni kutha sing bakal teka. 15 Liwat dhèwèké, ayo kita terus mènèhké kurban pujian marang Gusti Allah, yaiku nggunakké lambé* kita kanggo martakké asmané marang wong-wong. 16 Sakliyané kuwi, aja lali kanggo tumindak apik lan mènèhi wong liya kanthi loma, merga Gusti Allah seneng karo kurban-kurban sing kaya ngono.

17 Kowé kabèh kudu manut lan tundhuk marang wong-wong sing mimpin kowé, merga wong-wong kuwi sing njaga kowé* lan sing bakal tanggung jawab marang Gusti Allah, supaya wong-wong sing mimpin kowé isa nindakké tugasé kanthi bungah lan ora karo sambat, merga kuwi isa nggawé kowé rugi.

18 Terusa ndongakké aku kabèh, merga aku kabèh yakin nèk aku kabèh nduwé hati nurani sing jujur,* lan aku kabèh péngin tumindak jujur ing kabèh perkara. 19 Nanging, kususé aku nyuwun kowé ndonga supaya aku isa ndang bali marang kowé.

20 Muga-muga Gusti Allah katentreman, sing nguripké manèh pangon sing agung, yaiku Gusti kita Yésus sing nggawa getih kanggo sawijiné perjanjian sing langgeng, 21 nyiapké kowé nganggo kabèh bab apik sing dibutuhké kanggo nindakké kersané, lan nggawé kita péngin nindakké apa sing nyenengké Panjenengané liwat Yésus Kristus. Muga-muga Gusti Allah diluhurké saklawas-lawasé. Amin.

22 Sedulur-sedulur, aku nyuwun marang kowé kabèh, rungokna tembung-tembung sing nguwatké iki kanthi sabar, merga surat sing tak tulis marang kowé iki singkat. 23 Aku péngin kowé kabèh ngerti nèk Timotius sedulur kita wis dibébaské. Nèk dhèwèké sedhéla manèh teka, aku bakal lunga marang kowé bareng dhèwèké.

24 Wènèhna salamku marang kabèh sing mimpin kowé lan kabèh wong suci. Kabèh sing ana ing Italia ngirim salam marang kowé kabèh.

25 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké.*

Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tongkaté”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kintér”.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”getih lan daging”.

Utawa ”merdékakké”.

Lit.: ”winihé”.

Maksudé, ing antarané bangsa Israèl.

Utawa ”dadi seksi”.

Lit.: ”wedi”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”nduduhké watak alus”.

Utawa ”sing kesasar”.

Utawa ”ing daging”.

Lit.: ”didelok saka wektuné”.

Utawa ”mateng”.

Utawa ”nggunakké daya pemahamané”.

Utawa ”mateng”.

Lit.: ”Aja ndèlèhké manèh dhasar”.

Utawa ”mateng”.

Lit.: ”kuwasa”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kanggo urip kita”.

Utawa ”tirai”.

Utawa ”wis ana pelopor”.

Utawa ”kepala keluarga”.

Utawa ”ora bakal ngowahi pikirané”.

Utawa ”tirai”.

Lit.: ”lèmpèngan-lèmpèngan perjanjian”.

Utawa ”nutupi panggonan kanggo ngrukunké”.

Lit.: ”daging”.

Lit.: ”nebus”.

Utawa ”sing dadi perantara wektu nggawé perjanjian”.

Utawa ”sing dadi perantara wektu nggawé perjanjian”.

Utawa ”gulungan”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”manungsa”.

Lit.: ”gulungan kitab”.

Utawa ”kita yakin”.

Utawa ”tirai”.

Utawa ”mikirké”.

Utawa ”nyemangati”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dadi tontonan kaya ing téater”.

Utawa ”nduduhké simpati”.

Utawa ”terusa nduwé kebébasan kanggo ngomong”.

Utawa ”jiwa-Ku”.

Utawa ”sing ngyakinké”.

Utawa ”para leluhur kita”.

Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wis maringi kesaksian nganggo cara ngakoni”.

Utawa ”nampa kuwasa kanggo mbobot winih”.

Utawa ”isa dipercaya”.

Lit.: ”wis mati”. Maksudé, wis ora isa nduwé anak.

Lit.: ”Winih”.

Utawa ”arahan”.

Lit.: ”balung-balungé”.

Lit.: ”Kristus”.

Lit.: ”ora ndemèk”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mecuti”.

Utawa ”Bapak kanggo urip rohani kita”.

Utawa ”sing pincang”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kowé golèk-golèk alesan kanggo nolak”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Aja lali apikan marang wong sing ora dikenal”.

Utawa mungkin ”kaya-kaya kowé ngalami sengsara bareng wong-wong kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, aturan-aturan bab panganan.

Lit.: ”wohé lambé”.

Utawa ”jiwamu”.

Lit.: ”sing apik”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim