SURAT SAKA YAKOBUS
1 Saka Yakobus, budhaké Gusti Allah lan budhaké Gusti Yésus Kristus, kanggo 12 suku sing mencar ing ngendi-endi:
Salam!
2 Sedulur-sedulurku, bungaha nèk kowé ngadhepi werna-werna pacoban, 3 merga kowé ngerti nèk imanmu sing wis diuji isa nggawé kowé dadi tekun. 4 Lan nèk terus tekun, kowé bakal isa nglatih awakmu kanthi apik, supaya kowé dadi lengkap lan apik ing sakabèhé, ora kekurangan apa-apa.
5 Mula nèk ing antaramu ana sing kekurangan kawicaksanan, terusa nyuwun marang Gusti Allah, lan kowé kabèh bakal nampa kawicaksanan, merga Panjenengané bakal maringi kuwi kanthi loma lan tanpa nyacad.* 6 Terusa nyuwun nganggo iman, babar blas ora ragu-ragu, merga wong sing ragu-ragu kuwi kaya ombaké laut sing diterjang angin mrana-mréné. 7 Sakjané, wong sing kaya ngono kuwi aja ngarep-arep bakal nampa apa-apa saka Yéhuwah. 8 Wong kaya ngono kuwi wong sing ragu-ragu, ora nduwé pendirian.
9 Sedulur-sedulur sing miskin dadia bungah,* merga padha nampa kedudukan sing dhuwur, 10 lan sing sugih dadia bungah merga padha nampa kedudukan sing luwih asor, sebab wong-wong sing sugih bakal sirna kaya kembang ing padhang. 11 Kaya panasé srengéngé mlethèk sing marahi tanduran dadi layu, kembangé gogrog, lan ilang kaéndahané, semono uga wong sugih bakal sirna wektu mburu bandha.
12 Bungah wong sing tekun ngadhepi pacoban, merga wektu Gusti Allah seneng marang wong kuwi, dhèwèké bakal nampa hadiah,* yaiku sing dijanjèkké Yéhuwah marang wong-wong sing terus nresnani Panjenengané. 13 Wektu ngalami pacoban, aja kandha, ”Aku lagi dicoba karo Gusti Allah.” Merga Gusti Allah ora isa dicoba, lan Panjenengané uga ora nyoba sapa waé nganggo bab-bab sing jahat. 14 Nanging saben wong dicoba wektu dhèwèké disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé. 15 Banjur, wektu pepénginan kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa, lan nèk dosa wis ditindakké, akibaté pati.
16 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, aja disasarké. 17 Saben anugrah sing apik lan sing sampurna asalé saka ndhuwur, saka Sumberé* pepadhang ing langit, sing ora molah-malih kaya bayangan sing terus mlaku. 18 Cocog karo kersané, Panjenengané nguripké kita nganggo wulangan sing bener, supaya kita dadi sing kapisan dipilih saka antarané ciptaané.
19 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, ngertia bab iki: Saben wong kudu cepet ngrungokké, aja kesusu ngomong, lan aja gampang nesu, 20 merga murkané manungsa ora ngasilké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah. 21 Mula, singkirna kabèh sing najis lan kabèh sing ala. Lan kanthi andhap asor tampanen pangandika sing isa nylametké wektu kuwi dilebokké ing atimu.
22 Terusa nindakké pangandikané Gusti Allah, aja mung ngrungokké thok, lan aja ngapusi awakmu dhéwé nganggo cara mikir sing salah. 23 Merga nèk wong mung ngrungokké pangandikané Gusti Allah, nanging ora nindakké kuwi, wong kuwi kaya wong sing ndelok rupané dhéwé ing cermin. 24 Wong kuwi ndelok rupané, banjur lunga lan langsung lali piyé penampilané. 25 Nanging wong sing nliti hukum sing sampurna sing nggawé merdéka lan sing terus manut karo apa sing ditulis ing kono, kuwi dudu wong sing ngrungokké banjur lali. Dhèwèké kuwi wong sing nindakké pangandikané Gusti Allah lan dhèwèké bakal bungah wektu nindakké kuwi.
26 Nèk ana wong sing rumangsa dadi penyembahé Gusti Allah,* nanging dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi atiné dhéwé lan ibadahé ora ana gunané. 27 Ibadah* sing suci lan ora najis ing ngarsané Gusti Allah, Bapak kita, yaiku iki: ngopèni anak yatim piatu lan para randha sing sengsara karo tetep njaga supaya ora kena regedé donya.
2 Sedulur-sedulurku, kok isa kowé nduwé iman marang Gusti kita sing mulya, Yésus Kristus, nanging uga nduduhké sikap pilih kasih? 2 Saumpama ana wong sing nganggo cincin-cincin emas lan klambi méwah teka ing pakumpulan ibadahmu, lan wong miskin sing klambiné reged uga teka, 3 apa kowé luwih ngajèni wong sing nganggo klambi méwah lan kandha, ”Lungguha ing kéné, ing panggonan sing paling apik,” banjur kandha marang wong sing miskin, ”Ngadega waé” utawa, ”Lungguha ing kana, ing cedhak ancik-anciké sikilku”? 4 Nèk kaya ngono, kuwi tegesé kowé mbédak-mbédakké wong lan dadi hakim sing nggawé keputusan sing jahat, ta?
5 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, rungokna. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep miskin karo donya iki supaya dadi sugih ing bab iman, ta? Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kratoné, sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Panjenengané. 6 Nanging kowé malah ngrèmèhké wong miskin. Apa ora malah wong sugih sing nindhes lan nyèrèd kowé menyang pengadilan? 7 Wong-wong sugih kuwi ngrèmèhké jeneng sing apik sing diwènèhké marang kowé, ta? 8 Nèk kowé nindakké hukum raja miturut ayat sing kandha, ”Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé,” kowé nindakké apa sing apik. 9 Nanging nèk kowé kabèh terus nduduhké sikap pilih kasih, kowé kabèh nindakké dosa lan kebukti salah miturut hukum kuwi.
10 Nèk ana wong sing manut karo kabèh hukum Taurat nanging nglanggar salah siji hukum, wong kuwi nglanggar kabèh hukum Taurat. 11 Gusti Allah ngendika, ”Aja laku jina”, Panjenengané uga ngendika, ”Aja matèni.” Dadi, nèk kowé ora laku jina, nanging kowé matèni, kowé nglanggar hukum. 12 Merga kowé bakal diadili miturut hukum kanggo wong merdéka,* mula terusa ngomong lan tumindak miturut hukum kuwi. 13 Wong sing ora nduduhké welas asih bakal diadili tanpa welas asih. Welas asih luwih unggul ketimbang pengadilan.
14 Sedulur-sedulurku, nèk ana wong sing ngaku nduwé iman nanging ora nduduhké kuwi liwat tumindaké, apa gunané? Imané kuwi ora isa nylametké dhèwèké, ta? 15 Nèk ana sedulur-sedulur lanang utawa wadon sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16 banjur kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Lungaa, lan aja kuwatir. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” nanging kowé ora mènèhi wong-wong kuwi apa sing dadi kebutuhané badané, apa gunané? 17 Iman kuwi ya kaya ngono. Tanpa tumindak, iman kuwi mati.
18 Nanging, mungkin ana wong sing bakal kandha, ”Kowé nduwé iman, aku nduwé tumindak. Duduhna imanmu tanpa tumindak, lan aku bakal nduduhké imanku marang kowé liwat tumindakku.” 19 Kowé percaya nèk Gusti Allah mung siji, ta? Kuwi apik. Nanging, roh-roh jahat uga percaya lan wedi* marang Panjenengané. 20 Nanging kowé, wong sing bodho, apa kowé perlu bukti nèk iman tanpa tumindak kuwi ora ana gunané? 21 Abraham bapak kita kan dianggep bener merga tumindaké, ta? Ya, dhèwèké dianggep bener sakwisé mènèhké Ishak anaké dadi persembahan ing mésbah. 22 Dadi, cetha nèk imané Abraham kétok saka tumindaké, lan imané dadi sampurna merga tumindaké. 23 Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.” Dhèwèké uga disebut sahabaté Yéhuwah.
24 Dadi saiki kowé ngerti nèk wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané. 25 Semono uga Rahab pelacur kuwi. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis nampa para utusan kanthi ramah lan mbantu para utusan kuwi lunga liwat dalan liya. 26 Badan tanpa roh* kuwi mati, semono uga iman tanpa tumindak kuwi mati.
3 Sedulur-sedulurku, ora kabèh wong saka ing antaramu kudu dadi guru, merga kowé kabèh ya wis padha ngerti nèk wong sing dadi guru bakal nduwé tanggung jawab sing luwih gedhé marang Gusti Allah. 2 Kita kabèh kerep nggawé salah.* Nèk wong ora tau salah ngomong,* dhèwèké kuwi manungsa sing sampurna, sing isa ngendhalèni badané kabèh. 3 Nèk kita masang tali kendhali ing cangkemé jaran supaya jaran kuwi manut, kita uga isa ngendhalèni badané kabèh. 4 Gatèkna uga kapal-kapal: Senajan gedhé banget lan diterjang angin gedhé, nanging kapal mung dikendhalèni nganggo kemudhi sing cilik banget menyang arah ngendi waé sing dipéngini nahkodané.
5 Semono uga, ilat kuwi anggota badan sing cilik nanging isa ngomongké perkara-perkara sing gedhé. Geni sing cilik waé isa ngobong alas sing gedhé, ta? 6 Ilat kuwi uga kaya geni. Ilat kuwi anggota badan sing kebak karo perkara-perkara sing jahat, merga ilat isa nggawé najis badan lan ngrusak* uripé wong, padha kaya Géhéna.* 7 Kabèh jenis kéwan galak, manuk, kéwan sing nggremet,* lan kéwan laut isa digawé lulut, lan wis digawé lulut karo manungsa. 8 Nanging ora ana manungsa sing isa nggawé lulut ilaté. Ilat kuwi angèl dikendhalèni, mbebayani, lan kebak racun sing nyebabké mati. 9 Nganggo ilat, kita muji Yéhuwah, Bapak kita, nanging nganggo ilat kuwi uga kita ngutuk wong liya sing digawé ”mirip karo Gusti Allah”. 10 Saka tutuk sing padha isa metu pujian lan kutukan.
Sedulur-sedulurku, bab-bab kaya ngono kuwi kuduné ora kelakon. 11 Apa saka sumur sing padha isa metu banyu tawar lan banyu asin? 12 Sedulur-sedulurku, wit ara kan ora isa ngasilké woh zaitun, ta? Lan wit anggur ora isa ngasilké woh ara, ta? Sumur sing ngetokké banyu asin uga ora isa ngetokké banyu tawar.
13 Apa ana ing antaramu sing wicaksana lan kebak pangertèn? Nèk ana, wong kuwi kudu nindakké apa sing apik, sing nduduhké nèk wong kuwi nindakké sakabèhé nganggo watak sing alus sing asalé saka kawicaksanan. 14 Nanging nèk ing atimu ana rasa mèri lan sikap seneng padu,* aja bangga merga kawicaksananmu. Kuwi padha waé ngapusi. 15 Kuwi dudu kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur, nanging kawicaksanan saka donya, saka pepénginan jasmani, lan saka roh-roh jahat. 16 Ing ngendi ana rasa mèri lan sikap seneng padu, ing kono uga bakal ana kahanan sing kisruh lan kabèh tumindak jahat.
17 Nanging kawicaksanan saka ndhuwur kuwi sing kapisan murni, seneng rukun, masuk akal,* siap kanggo manut, kebak welas asih lan tumindak sing apik, ora pilih kasih, lan ora munafik. 18 Sakliyané kuwi, winih saka tumindak sing bener kuwi disebar ing kahanan sing tentrem kanggo* wong-wong sing nggawé rukun.
4 Apa sing nggawé kowé kabèh dadi padha padu lan udur-uduran? Kuwi kan pepénginané badanmu sing dosa,* sing perang kanggo ngendhalèni badanmu, ta? 2 Kuwi sebabé kowé kabèh péngin nanging ora isa nduwèni. Kowé uga sengit lan péngin nduwèni duwèké wong liya, nanging kowé padha gagal kanggo éntuk kuwi. Kowé kabèh terus padha padu lan perang. Kowé ora padha nduwèni merga ora padha njaluk. 3 Wektu kowé kabèh padha njaluk kuwi, kowé ora bakal nampa kuwi merga niatmu èlèk, yaiku kanggo nguja pepénginané badanmu sing dosa.*
4 Hé kowé wong-wong sing laku jina,* apa kowé padha ora ngerti nèk kekancan karo donya tegesé mungsuhan karo Gusti Allah? Dadi, sapa waé sing péngin dadi kancané donya sakjané ndadèkké dhèwèké dhéwé mungsuhé Gusti Allah. 5 Ana ayat sing kandha, ”Merga nduwé rasa mèri, kita dadi terus nduwé pepénginan marang bab-bab liya.” Apa kok pikir ora ana alesané ayat kuwi ditulis? 6 Nanging, welas asih sing nggumunké* sing Panjenengané paringké kuwi luwih gedhé ketimbang rasa mèri kuwi. Kuwi sebabé ana ayat sing kandha, ”Gusti Allah nentang wong sing sombong, nanging nduduhké welas asih sing nggumunké marang wong sing andhap asor.”
7 Mula tundhuka marang Gusti Allah. Nanging lawanen Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé. 8 Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé. Kowé wong-wong sing dosa, resikana awakmu saka tumindak jahat, lan kowé wong-wong sing ragu-ragu, gawénen murni atimu. 9 Padha nelangsaa, lan nangisa. Geguyumu dadèkna tangisan, lan kabungahanmu dadèkna kasusahan. 10 Asorna awakmu ing ngarsané Yéhuwah, lan Panjenengané bakal ngunggulké kowé.
11 Sedulur sedulur, aja padha ngèlèk-èlèk siji lan sijiné manèh. Sapa waé sing ngèlèk-èlèk lan ngadili seduluré, kuwi padha waé ngèlèk-èlèk lan ngadili hukum. Nèk kowé ngadili hukum, kowé dudu wong sing nindakké hukum, nanging dadi hakimé. 12 Mung ana siji Hakim lan Sing Maringi Hukum, yaiku Gusti Allah sing isa nylametké lan nyirnakké. Nanging kowé, sapa kowé kok nganti ngadili pepadhamu?*
13 Padha rungokna. Ing antaramu ana sing kandha, ”Dina iki utawa sésuk, aku kabèh bakal lunga menyang kutha kuwi lan manggon ing kana setaun suwéné kanggo dagang lan nggolèk bathi,” 14 padahal kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk. Kowé kuwi kaya kabut sing mung njedhul sedhéla banjur ilang. 15 Kuduné kowé kandha, ”Nèk Yéhuwah ngersakké, aku bakal urip lan nindakké iki utawa kuwi.” 16 Nanging saiki kowé malah bangga lan nyombongké awakmu dhéwé. Nyombongké dhiri kaya ngono kuwi tumindak sing jahat. 17 Mula, nèk ana wong sing ngerti carané nindakké sing bener nanging ora nindakké kuwi, dhèwèké dadi dosa.
5 Wong-wong sugih, rungokna aku. Padha nangisa lan padha sambata merga kasangsaran sing bakal kok alami. 2 Bandhamu wis dadi bosok, lan klambimu wis dipangan renget.* 3 Emas lan pérakmu wis padha tèyèngen, lan tèyèng kuwi bakal dadi seksi nèk kowé wis salah lan bakal nggrogoti dagingmu. Apa sing kok simpen bakal dadi kaya geni ing dina-dina pungkasan. 4 Rungokna! Para buruh sing manèn ladhangmu terus mbengok merga kowé durung mbayar opahé, lan swarané wong-wong kuwi wis tekan ing talingané Yéhuwah sing nduwé pasukan malaékat. 5 Uripmu méwah lan uripmu mung kanggo nguja nafsu ing donya iki. Kowé wis nggawé awakmu* lemu kaya kéwan sing digawa ing dina pasembelèhan. 6 Kowé ngukum lan matèni wong bener. Kuwi sebabé kowé ngadhepi tentangan.
7 Sedulur-sedulur, kowé kudu sabar nganti rawuhé Gusti. Coba deloken petani, sing terus ngentèni hasil sing aji saka tanah, lan dhèwèké sabar nganti ana udan musim gugur lan udan musim semi. 8 Kowé uga kudu sabar. Kuwatna atimu, merga rawuhé Gusti wis cedhak.
9 Sedulur-sedulur, aja padha sambat bab sedulur siji lan sijiné, supaya kowé ora diadili. Deloken! Hakim wis ngadeg ing ngarep lawang. 10 Sedulur-sedulur, tirunen tuladhané para nabi sing ngomong atas asmané Yéhuwah, sing ngalami tumindak ora adil lan nduduhké kesabaran. 11 Kita padha nyebut wong-wong sing tekun kuwi wong-wong sing bungah.* Kowé wis krungu bab ketekunané Ayub lan kowé ndelok berkah sing diparingké Yéhuwah, mula kowé ngerti nèk Yéhuwah kuwi kebak welas asih lan rasa tresna.
12 Sing utama, sedulur-sedulurku, aja sumpah manèh demi swarga, demi bumi, utawa demi apa waé. Nèk kowé kandha ”Ya”, kuduné pancèn ya. Nèk kandha ”Ora”, kuduné pancèn ora, supaya Gusti Allah ora ngadili kowé.
13 Apa ana ing antaramu sing lagi ngalami kasusahan? Dhèwèké kudu terus ndonga. Apa ana sing lagi seneng atiné? Dhèwèké kudu nyanyi mazmur. 14 Apa ana ing antaramu sing lagi lara? Dhèwèké kudu nyeluk para pinituwa ing jemaat, lan para pinituwa kudu ndonga kanggo wong kuwi lan mblonyohi nganggo minyak ing asmané Yéhuwah. 15 Donga sing diucapké nganggo iman bakal nggawé wong sing lara mau dadi mari, lan Yéhuwah bakal nggawé wong kuwi dadi kuwat manèh. Sakliyané kuwi, nèk dhèwèké wis nindakké dosa, dhèwèké bakal diapura.
16 Mula, kowé kudu padha ngakoni kesalahanmu kanthi blaka marang siji lan sijiné lan ndonga kanggo siji lan sijiné, supaya kowé isa dimarèkké. Panyuwuné wong bener kuwi gedhé pengaruhé. 17 Élia kuwi wong sing nduwé perasaan kaya kita, nanging wektu dhèwèké ndonga kanthi tenanan supaya ora udan, ora ana udan ing negara kuwi suwéné telung taun setengah. 18 Banjur dhèwèké ndonga manèh, lan sakwisé kuwi ana udan lan tanah ngasilké woh.
19 Sedulur-sedulurku, nèk ana ing antaramu sing nyimpang saka apa sing bener, lan ana sing mbantu sedulur kuwi mbalik saka dosané, 20 wong sing mbantu sedulur mau bèn mbalik saka dosané bakal nylametké sedulur sing nindakké dosa mau saka pati lan dosané sing akèh mau bakal diapura.*
Utawa ”tanpa nyalahké”.
Lit.: ”bangga”.
Lit.: ”mahkota”.
Utawa ”Bapaké”.
Utawa ”rumangsa sregep ngibadah”.
Utawa ”Agama”.
Utawa ”wong liya”.
Lit.: ”hukum kemerdékaan”.
Utawa ”ndhredheg”.
Utawa ”napas”.
Lit.: ”kesandhung”.
Lit.: ”kesandhung ing omongan”.
Utawa ”ngobong”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”rèptil”.
Utawa mungkin ”lan ambisi sing mung mikirké kepentingané dhéwé”.
Lit.: ”seneng ngalah”.
Utawa mungkin ”karo”.
Utawa ”pepénginan daging”.
Utawa ”pepénginan daging”.
Utawa ”wong-wong sing ora setya”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong liya”.
Serangga sing sok mangan sandhangan.
Lit.: ”atimu”.
Utawa ”diberkahi”.
Utawa ”ditutupi”.