PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 1 Pétrus 1:1-5:14
  • 1 Pétrus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Pétrus
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
1 Pétrus

SURAT KAPISAN SAKA PÉTRUS

1 Aku Pétrus, rasulé Yésus Kristus, nulis surat kanggo kowé kabèh para penduduk sementara sing kesebar ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia, lan Bitinia, ya kowé kuwi wong-wong pilihané Gusti Allah. 2 Gusti Allah kuwi Bapak ing swarga lan Panjenengané milih kowé miturut rencanané. Panjenengané maringi kowé roh suci kanggo nggawé kowé suci, supaya kowé dadi padha manut marang Panjenengané lan dadi resik* nganggo getihé Yésus Kristus.

Muga-muga kowé kabèh nampa luwih akèh welas asih sing nggumunké* lan katentreman.

3 Pinujia Gusti Allah, Bapaké Gusti kita Yésus Kristus. Merga welas asihé sing gedhé, Panjenengané nggawé kita dilairké manèh supaya kita nduwé pangarep-arep sing kuwat. Kita nduwé pangarep-arep iki merga Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. 4 Gusti Allah maringi kowé warisan sing ora isa sirna, sing ora najis lan ora bakal rusak. Warisan kuwi disimpen ing swarga kanggo kowé. 5 Kowé dilindhungi kuwasané Gusti Allah merga kowé padha nduwé iman. Gusti Allah nglindhungi kowé supaya kowé éntuk keslametan sing bakal disingkapké ing pungkasané jaman. 6 Kuwi sebabé kowé padha bungah banget, senajan kanggo sawetara wektu iki, kowé kudu sengsara merga ngalami akèh pacoban, 7 supaya imanmu sing wis diuji isa nggawé kowé nampa pujian, kamulyan, lan kaurmatan wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. Iman kaya ngéné iki luwih aji ketimbang emas sing isa sirna senajan emas kuwi wis diuji nganggo geni. 8 Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, nanging kowé nresnani dhèwèké. Saiki kowé ya ora ndelok dhèwèké, nanging kowé nduwé iman marang dhèwèké lan nampa kabungahan sing gedhé banget, sing ora isa dijelaské nganggo tembung-tembung. 9 Kuwi merga kowé yakin nèk imanmu bakal nggawé kowé padha dislametké.

10 Keslametan iki disinau kanthi sregep lan dipriksa kanthi tliti karo para nabi sing wis ngramalké bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* sing diparingké marang kowé. 11 Sakdurungé, roh suci sing ana ing para nabi kuwi mènèhi kesaksian bab kasangsaran sing bakal dialami Kristus lan bab kamulyan sing bakal diduwèni sakwisé kuwi. Mula, para nabi kuwi terus ngupaya kanggo ngerti apa sing bakal kelakon marang Kristus lan kapan kuwi bakal kelakon. 12 Gusti Allah nyingkapké marang para nabi nèk para nabi kuwi ora nglayani para nabi kuwi dhéwé, nanging nglayani kowé kabèh. Para nabi kuwi nulis bab-bab sing wis diwartakké marang kowé, sing kok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga. Ya perkara-perkara iki sing kepéngin banget dingertèni karo para malaékat.

13 Mula siapna pikiranmu kanggo nindakké gawéan kanthi mempeng. Tindakna sakabèhé nganggo pertimbangan sing apik. Ngarep-arepa marang welas asih sing nggumunké* sing bakal kok tampa wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 14 Merga kowé anak-anak sing manut, kowé aja dipengaruhi* manèh karo pepénginanmu sing mbiyèn, sing kok duwèni sakdurungé kowé nduwé pangertèn bab Gusti Allah. 15 Nanging kaya Gusti Allah Sing Suci sing ngundang kowé, kowé kudu suci ing kabèh tumindakmu, 16 merga ana tulisan sing kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.”

17 Nèk kowé ndonga marang Bapak, sing ngadili miturut tumindaké saben wong tanpa pilih kasih, kowé kudu tumindak kanthi rasa wedi marang Panjenengané saksuwéné kowé dadi penduduk sementara ing donya iki. 18 Kowé ngerti nèk perkara-perkara sing isa sirna, contoné pérak utawa emas, ora mbébaské* kowé saka cara urip sing tanpa guna sing kok warisi saka para leluhurmu.* 19 Nanging kowé dibébaské nganggo getihé Kristus sing aji, sing kaya getihé cempé sing tanpa cacad lan murni. 20 Pancèn, Gusti Allah wis milih Kristus sakdurungé wiwitané donya*, nanging dhèwèké digawé nyata* ing pungkasané jaman kanggo kowé kabèh. 21 Liwat Kristus, kowé dadi percaya marang Gusti Allah sing isa nguripké manèh Kristus saka antarané wong mati lan maringi dhèwèké kamulyan, mula kowé nduwé iman lan pangarep-arep marang Gusti Allah.

22 Saiki kowé wis nggawé badanmu suci nganggo cara manut marang apa sing bener, mula kowé nduwé katresnan paseduluran sing ora munafik. Dadi, padha tresnaa marang siji lan sijiné kanthi tenanan saka ati. 23 Kowé wis dilairké manèh, dudu saka winih sing isa sirna, nanging saka winih sing ora isa sirna, liwat pangandikané Gusti Allah sing urip lan sing ana saklawasé. 24 Ana ayat sing kandha, ”Kabèh wong kuwi kaya suket, lan kamulyané kuwi kaya kembang ing padhang. Suket dadi layu lan kembang dadi gogrog, 25 nanging pangandikané Yéhuwah tetep ana nganti saklawas-lawasé.” Sing dimaksud ”pangandika” iki yaiku kabar apik sing diwartakké marang kowé.

2 Singkirna saka awakmu kabèh bab sing ala, bab sing ngapusi, bab sing munafik, rasa mèri, lan omongan sing ngèlèk-èlèk wong. 2 Kaya bayi sing lagi waé lair, terusa ngupaya nduwé pepénginan kanggo ngombé susu sing murni, yaiku pangandikané Gusti Allah, supaya kuwi nggawé kowé saya diwasa lan dislametké, 3 merga kowé wis ngrasakké* nèk Gusti kuwi apikan.

4 Gusti kita kuwi watu sing urip, sing ditolak manungsa, nanging dipilih lan dianggep aji karo Gusti Allah. Wektu kowé nduduhké iman marang dhèwèké, 5 kowé, yaiku watu-watu sing urip, kowé dibangun dadi omah rohani kanggo dadi kelompok imam sing suci. Mula, kowé mènèhké kurban-kurban rohani liwat Yésus Kristus, sing bakal ditampa Gusti Allah. 6 Merga Kitab Suci kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu sing dipilih, watu utama sing aji. Wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal gela.”*

7 Mula watu kuwi aji kanggo kowé merga kowé percaya. Nanging kanggo wong sing ora percaya, ”watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama”, 8 lan dadi ”watu sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba.” Wong-wong kuwi kesandhung merga ora manut karo pangandikané Gusti Allah. Kuwi akir kanggo wong-wong kuwi. 9 Nanging, kowé kuwi ”suku sing dipilih, para imam sing dadi raja, bangsa sing suci, umat sing istiméwa duwèké Gusti Allah, supaya kowé martakké kamulyané”* Gusti Allah, sing wis nggawa kowé metu saka pepeteng menyang pepadhangé sing nggumunké. 10 Mbiyèn kowé dudu umaté Gusti Allah, nanging saiki kowé dadi umaté Gusti Allah. Mbiyèn kowé ora éntuk welas asih, nanging saiki kowé wis éntuk welas asih.

11 Sedulur-sedulur sing ditresnani, aku nyuwun marang kowé sing dadi wong asing lan penduduk sementara, supaya kowé terus nolak pepénginan badan sing dosa sing perang nglawan kowé.* 12 Jaganen tumindakmu tetep apik ing antarané wong-wong ing donya, supaya wektu wong-wong kuwi nudhuh kowé nindakké sing ala, wong-wong kuwi isa ndelok dhéwé tumindakmu sing apik. Hasilé, wong-wong kuwi bakal ngluhurké Gusti Allah ing dina Panjenengané rawuh kanggo mriksa manungsa.

13 Demi Gusti kita, tundhuka marang kabèh pamréntahané manungsa, klebu marang raja sing luwih kuwasa 14 utawa marang gubernur, sing diutus Panjenengané kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat lan kanggo muji wong-wong sing nindakké apa sing apik. 15 Gusti Allah péngin supaya kowé nindakké apa sing apik, supaya kowé isa mbungkem* cangkemé wong-wong bodho sing nudhuh kowé merga wong-wong kuwi ora nduwé kawruh. 16 Dadia wong sing merdéka, lan gunakna kemerdékaanmu, dudu dadi alesan* kanggo nindakké salah, nanging kanggo dadi budhaké Gusti Allah. 17 Ajènana kabèh wong, tresnaa marang kabèh sedulur seiman, wedia marang Gusti Allah, lan ajènana raja.

18 Para abdi kudu tundhuk lan ngajèni marang majikané, dudu mung marang majikan sing apik lan sing pangertèn,* nanging uga marang majikan sing angèl disenengké. 19 Nèk ana wong sing ngadhepi kahanan sing angèl lan tumindak sing ora adil merga péngin nduwé hati nurani sing resik ing ngarsané Gusti Allah, Gusti Allah seneng marang wong kuwi. 20 Apa gunané kowé sabar wektu digebugi merga nindakké dosa? Nèk kowé sabar ngalami kasangsaran merga nindakké apa sing apik, Gusti Allah seneng marang kowé.

21 Sakjané, Gusti Allah milih kowé kanggo nglakoni urip sing kaya ngono kuwi, merga Kristus waé sengsara demi kowé. Dhèwèké dadi tuladha kanggo kowé supaya padha kok tiru kanthi tliti.* 22 Dhèwèké ora nindakké dosa lan ora tau ngapusi. 23 Wektu dirèmèhké,* dhèwèké ora mbales ngrèmèhké.* Wektu sengsara, dhèwèké ora ngancem. Nanging, dhèwèké masrahké sakabèhé marang Hakim sing adil. 24 Dhèwèké nanggung dosa kita nganggo badané ing cagak paukuman,* supaya kita mati ing bab* dosa lan urip kanggo nindakké sing bener. Sakliyané kuwi, ”luka-lukané nggawé kowé mari”. 25 Mbiyèn kowé kaya wedhus sing kesasar. Saiki, kowé wis padha bali marang pangon lan penjaga uripmu.*

3 Semono uga kowé para wong wadon, tundhuka marang bojomu, supaya nèk dhèwèké ora manut karo pangandikané Gusti Allah, dhèwèké isa dadi manut merga tumindakmu. Kowé ora perlu ngomong apa-apa, 2 merga dhèwèké wis ndelok dhéwé tumindakmu sing murni lan ngajèni. 3 Aja mung ngutamakké penampilanmu waé, yaiku gaya rambut sing anèh-anèh, perhiasan emas, utawa klambi sing larang, 4 nanging gawénen éndah atimu, yaiku batinmu nganggo perhiasan sing ora isa rusak yaiku sikap tenang lan watak sing alus, sing aji banget ing ngarsané Gusti Allah. 5 Ya kaya ngono kuwi carané para wong wadon suci ing jaman mbiyèn, sing ngarep-arep marang Gusti Allah, ndandani awaké. Para wong wadon kuwi tundhuk marang bojoné, 6 kaya Sara sing manut marang Abraham lan nyeluk Abraham ndara. Kowé kabèh dadi anak-anaké Sara nèk kowé terus nindakké apa sing apik lan ora dikalahké karo rasa wedi.

7 Semono uga kowé para wong lanang, nduwéa pangertèn marang bojomu saksuwéné kowé padha urip bareng. Ajènana bojomu, merga wong wadon kuwi luwih ringkih kaya barang sing gampang pecah, lan merga wong wadon kuwi padha-padha ahli warisé anugrah urip, bareng karo kowé. Nèk ora, donga-dongamu ora bakal dimirengké.

8 Sing pungkasan, kowé kabèh kudu nyawiji ing pikiran, isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor. 9 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan, lan nèk diécé aja mbales ngécé. Nanging, balesen nganggo tumindak sing apik,* merga kanggo kuwi kowé dipilih, supaya kowé isa nampa warisan berkah.

10 Merga ana tulisan sing kandha, ”Sapa waé sing nresnani urip lan péngin urip seneng kudu njaga ilaté saka omongan sing ala, lan lambéné saka apus-apus. 11 Dhèwèké kudu ngedohi apa sing ala lan nindakké apa sing apik, uga nggolèk lan ngupayakké katentreman. 12 Paningalé Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan talingané mirengké panyuwuné wong-wong kuwi. Nanging Yéhuwah sengit marang wong sing nindakké apa sing ala.”

13 Sapa sing bakal nyilakani kowé nèk kowé semangat nindakké apa sing apik? 14 Nanging senajan kowé kudu sengsara demi apa sing bener, kowé bakal bungah. Aja wedi marang apa sing diwedèni karo wong-wong, lan aja kuwatir. 15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu tansah siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon marang kowé bab pangarep-arep sing kok duwèni. Nanging, jawaben kanthi alus lan ngajèni.

16 Jaganen hati nuranimu tetep apik, supaya nèk ana sing ngèlèk-èlèk kowé nganggo cara apa waé, wong-wong kuwi bakal isin merga tumindakmu sing apik dadi pengikuté Kristus. 17 Luwih becik kowé ngalami kasangsaran merga nindakké apa sing apik, nèk Gusti Allah ngijinké kuwi, ketimbang merga nindakké apa sing jahat. 18 Malah Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, séda demi wong-wong sing ora bener. Dhèwèké séda sepisan kanggo saklawasé kanggo nyingkirké dosa lan nuntun kowé marang Gusti Allah. Dhèwèké dipatèni ing badan jasmani,* nanging diuripké manèh dadi makhluk roh. 19 Lan wektu dhèwèké dadi makhluk roh, dhèwèké martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara, 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh, wektu Gusti Allah kanthi sabar ngentèni bahtera dibangun, lan ing njeroné mung ana wong sithik, yaiku wolung jiwa,* sing digawa kanthi slamet ngliwati banyu.

21 Kedadéan kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé liwat Yésus Kristus sing diuripké manèh. Baptisan iki ora kanggo nyingkirké regedan saka badan, nanging kanggo nyuwun hati nurani sing apik marang Gusti Allah. 22 Kristus lungguh ing sisih tengené Gusti Allah merga dhèwèké munggah menyang swarga, lan para malaékat, pamréntah, lan panguwasa digawé tundhuk marang dhèwèké.

4 Merga Kristus wis ngalami sengsara dadi manungsa, kowé uga kudu nyiapké awakmu kanggo mikir miturut carané Kristus mikir,* merga wong sing wis ngalami sengsara dadi manungsa wis ora nindakké dosa manèh. 2 Mula, saksuwéné isih dadi manungsa, wong kuwi isa nglakoni uripé ora kanggo nuruti pepénginané manungsa manèh, nanging kanggo nindakké kersané Gusti Allah. 3 Mbiyèn, wis cukup suwé kowé nuruti pepénginané wong-wong ing donya, yaiku tumindak kurang ajar,* nguja nafsu, ngombé ombèn-ombèn tanpa kendhali, pésta bébas, pésta ombèn-ombèn, lan penyembahan brahala sing nglanggar hukum. 4 Wong-wong kuwi nggumun merga kowé ora mèlu-mèlu manèh nindakké sing bejat kaya wong-wong kuwi, mula wong-wong kuwi padha ngèlèk-èlèk kowé. 5 Nanging wong-wong kuwi bakal tanggung jawab marang Kristus sing bakal ngadili wong sing urip lan sing mati. 6 Sakjané, kuwi sebabé kabar apik diwartakké marang wong mati,* supaya senajan wong-wong kuwi diadili miturut pandhangané manungsa, wong-wong kuwi isa urip cocog karo tuntunané roh suci miturut pandhangané Gusti Allah.

7 Pungkasané samubarang kabèh wis cedhak. Mula, kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik lan tansah siap ndonga. 8 Sing paling penting, kowé kudu tenanan nresnani siji lan sijiné, merga wong sing nresnani tansah siap ngapurani wong liya.* 9 Kowé kudu seneng nampa* siji lan sijiné tanpa nggrundel. 10 Miturut anugrah sing wis padha kok tampa dhéwé-dhéwé, gunakna kuwi kanggo nglayani siji lan sijiné, dadi pengurus sing apik saka welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* sing diduduhké nganggo akèh cara. 11 Nèk kowé ngomong, ngomonga kaya lagi ngomongké pangandikané Gusti Allah. Lan nèk kowé mbantu wong liya, tindakna kuwi karo ngendelké kekuwatan sing diparingké Gusti Allah, supaya Gusti Allah diluhurké ing sakabèhé liwat Yésus Kristus. Gusti Allah nduwé kamulyan lan kuwasa kanggo saklawas-lawasé. Amin.

12 Sedulur-sedulur sing ditresnani, aja kagèt nèk kowé ngalami pacoban sing kaya geni sing mulad-mulad, kaya-kaya kowé ngalami bab sing anèh. 13 Nanging, padha bungaha merga kowé mèlu sengsara kaya Kristus, supaya kowé bener-bener bungah wektu Kristus nduduhké kamulyané.* 14 Nèk kowé diécé merga jenengé Kristus, kowé bungah, merga roh kamulyan, yaiku roh suciné Gusti Allah, ana ing kowé.

15 Nanging, aja nganti ana siji-sijia ing antaramu sing sengsara merga dadi tukang matèni, maling, utawa penjahat, utawa merga nyampuri urusané wong liya. 16 Nèk ana sing sengsara merga dadi wong Kristen, aja isin. Nanging, terusa ngluhurké Gusti Allah karo nyandhang asmané. 17 Saiki wektu sing ditemtokké kanggo pengadilan wis teka, lan kuwi diwiwiti saka omahé Gusti Allah. Nèk kuwi diwiwiti saka kita, apa sing bakal kelakon marang wong-wong sing ora manut karo kabar apik saka Gusti Allah? 18 ”Nèk wong bener waé kudu ngupaya tenanan supaya dislametké, apa sing bakal kedadéan karo wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah lan sing nindakké dosa?” 19 Mula, nèk kowé sengsara merga nindakké kersané Gusti Allah, pasrahna awakmu marang Sing Nggawé Urip, yaiku pribadi sing setya, lan terusa nindakké apa sing apik.

5 Merga aku dadi pinituwa padha kaya kowé, lan dadi seksi saka kasangsaran sing dialami Kristus, uga dadi wong sing bakal mèlu nampa kamulyan sing bakal disingkapké, aku nyuwun* supaya para pinituwa sing ana ing antaramu nindakké iki: 2 Engonen wedhus-wedhusé Gusti Allah sing dipercayakké marang kowé. Kowé kudu nglayani dadi pengawas* ora merga kepeksa, nanging kanthi lila ati ing ngarsané Gusti Allah, uga kanthi semangat, lan dudu merga nggolèk keuntungan sing ora jujur, 3 ora mréntah wong-wong sing dadi duwèké* Gusti Allah, nanging dadi tuladha kanggo wedhus-wedhusé Gusti Allah. 4 Lan wektu pangon sing utama disingkapké, kowé bakal nampa mahkota kamulyan sing ora bakal rusak.

5 Semono uga kowé, para wong lanang sing luwih enom, tundhuka marang para wong lanang sing luwih tuwa.* Nanging kowé kabèh kudu padha andhap asor* wektu urusan marang siji lan sijiné, merga Gusti Allah nentang wong sing sombong, nanging Panjenengané bakal maringi welas asih sing nggumunké* marang wong sing andhap asor.

6 Mula, asorna awakmu ing sakngisoré astané Gusti Allah sing kuwat, supaya Panjenengané ngunggulké kowé ing wektu sing ditemtokké. 7 Pasrahna* kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé. 8 Dadia wicaksana lan waspada. Mungsuhmu, Iblis, klinteran kaya singa sing nggero-nggero, ngupaya nggolèk manungsa kanggo dimangsa. 9 Nanging kowé kudu nglawan dhèwèké nganggo iman sing teguh. Kaya sing padha kok ngertèni, kabèh* sedulurmu seiman ing donya uga ngalami kasangsaran sing padha. 10 Nanging sakwisé kowé ngalami sengsara sawetara wektu, Gusti Allah sing kebak welas asih sing nggumunké,* sing nyeluk kowé kanggo nyawiji karo Kristus lan kanggo nampa kamulyan saklawasé, bakal ngrampungké pelatihanmu. Panjenengané bakal nggawé kowé teguh. Panjenengané bakal nggawé kowé kuwat. Panjenengané bakal nggawé kowé kukuh. 11 Iya Panjenengané kuwi sing nduwé kuwasa kanggo saklawas-lawasé. Amin.

12 Liwat Silvanus,* sing tak anggep dadi sedulur sing setya, aku nulis surat singkat iki kanggo nguwatké lan nggawé kowé yakin nèk iki bener-bener welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* Gegemen kuwi kanthi kenceng. 13 Sedulur wadon* sing ana ing Babilon, sing uga dadi wong pilihan kaya kowé, ngirim salam marang kowé, semono uga Markus, sing wis kaya anakku. 14 Kowé kudu nampa siji lan sijiné kanthi ramah.*

Muga-muga kowé kabèh sing nyawiji karo Kristus nampa katentreman.

Lit.: ”diciprat”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dibentuk”.

Lit.: ”ora nebus”.

Utawa ”saka tradhisimu”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Utawa ”disingkapké”.

Utawa ”wis ngalami”.

Lit.: ”ora bakal diisin-isinké”.

Lit.: ”sipat apikané”. Maksudé, sipat lan tumindaké sing pantes dipuji.

Utawa ”jiwamu”.

Lit.: ”mbrangus”.

Utawa ”dadi tutup”.

Utawa ”sing ora kaku”.

Lit.: ”supaya kowé ngetutké lakuné sikilé kanthi tliti”.

Utawa ”diunèk-unèkké”.

Utawa ”ngunèk-unèkké”.

Utawa ”wit”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kita ora ana hubungan manèh karo”.

Utawa ”jiwamu”.

Lit.: ”nganggo berkah”.

Lit.: ”ing daging”.

Utawa ”wong wolu”.

Utawa ”kudu nduwé tékad sing padha kaya Kristus”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, mati rohani. Deloken Éfésus 2:1.

Utawa ”merga katresnan nutupi akèh banget dosa”.

Utawa ”kudu apik ati marang; kudu seneng nampa tamu marang”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wektu kamulyané disingkapké”.

Utawa ”aku mènèhi naséhat”

Utawa ”kudu njaga wedhus-wedhusé Gusti Allah kanthi apik”.

Utawa ”pusakané”.

Utawa ”para pinituwa”.

Utawa ”kudu nganggo sabuk andhap asor”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Uncalna”.

Utawa ”kabèh pakumpulan”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Silas.

Deloken Daftar Istilah.

”Sedulur wadon” ing ayat iki mungkin maksudé jemaat ing Babilon.

Utawa ”nganggo ambungan katresnan.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim