SURAT KAPINDHO SAKA PÉTRUS
1 Aku Simon Pétrus, budhak lan rasulé Yésus Kristus, nulis surat kanggo kowé kabèh sing nduwé iman sing ajiné padha* kaya sing tak duwèni liwat kaadilané Gusti Allah lan Juru Slamet kita Yésus Kristus.
2 Muga-muga kowé kabèh nampa luwih akèh welas asih sing nggumunké* lan katentreman, merga kowé padha nduwèni pangertèn sing trep bab Gusti Allah lan bab Yésus Gusti kita. 3 Kuwasané Gusti Allah wis maringi kita perkara-perkara sing mbantu kita nggunakké urip kanggo ngabdi marang Panjenengané. Kita nampa kuwi merga kita nduwé pangertèn sing trep bab Gusti Allah, sing wis milih kita merga kamulyané lan sipat apiké. 4 Liwat bab-bab kuwi, Gusti Allah wis maringi* janji-janji sing aji lan nggumunké banget marang kita, supaya kowé kabèh isa mèlu dimulyakké bareng Gusti Allah dadi makhluk roh, sakwisé kowé kabèh padha ngupaya kanggo bébas saka karusakan sing ana ing donya, sing disebabké saka pepénginan* sing salah.
5 Kanggo alesan kuwi, kowé kudu nduwé iman. Nèk wis nduwé iman, ngupayaa sak isa-isané kanggo nindakké apa sing apik. Nèk wis nindakké apa sing apik, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwèni pangertèn. 6 Nèk wis nduwèni pangertèn, ngupayaa sak isa-isané kanggo isa ngendhalèni dhiri. Nèk wis isa ngendhalèni dhiri, ngupayaa sak isa-isané kanggo tekun. Nèk wis tekun, ngupayaa sak isa-isané kanggo ngabdi marang Gusti Allah. 7 Nèk wis ngabdi marang Gusti Allah, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwé katresnan paseduluran. Nèk wis nduwé katresnan paseduluran, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwé katresnan. 8 Nèk kowé nduwèni bab-bab iki kanthi lubèr, kowé bakal nggunakké pangertèn sing trep bab Gusti kita Yésus Kristus. Mula, kowé ora bakal dadi males lan bakal ngasilké woh.
9 Wong sing ora nduwé sipat-sipat kuwi, wong kuwi wuta, merga dhèwèké nutupi mripaté saka pepadhang,* lan lali nèk dhèwèké wis diresiki saka dosa-dosané mbiyèn. 10 Mula sedulur-sedulur, ngupayaa sak isa-isané kanggo mastèkké nèk kowé kabèh tetep dadi wong sing diundang lan dipilih. Nek kowé terus nindakké bab-bab kuwi, kowé mesthi ora bakal tiba. 11 Malah, nèk nindakké kuwi, kowé bakal diberkahi kanthi lubèr lan bakal mlebu menyang Kraton sing langgeng duwèké Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus.
12 Kuwi sebabé, aku tansah péngin ngélingké kowé bab perkara-perkara iki, senajan kowé wis ngerti sakdurungé lan kukuh ing wulangan sing bener sing kok duwèni. 13 Nanging aku rumangsa kudu mènèhi kowé pangéling-éling saksuwéné aku ana ing badan* iki, 14 merga aku ngerti nèk ora suwé manèh aku bakal ninggalké badan* iki, kaya sing wis Gusti kita Yésus Kristus kandhakké kanthi cetha marang aku. 15 Aku bakal terus ngupaya sak isa-isané, supaya sakwisé aku lunga, kowé isa ngéling-éling dhéwé bab perkara-perkara kuwi.
16 Wektu aku kabèh ngandhani kowé bab kuwasa lan rawuhé Gusti kita Yésus Kristus, kuwi dhasaré dudu saka crita-crita palsu karangané manungsa, nanging aku wis ndelok dhéwé kamulyané nganggo mripatku. 17 Dhèwèké nampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah, Bapak kita, wektu Gusti Allah sing mulya ngendika kaya ngéné marang dhèwèké, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” 18 Aku kabèh krungu tembung-tembung kuwi saka langit wektu aku kabèh ana bareng karo dhèwèké ing gunung sing suci.
19 Kuwi sebabé, aku kabèh saya yakin karo tembung-tembung ramalan. Apik banget kowé kabèh wis padha nggatèkké tembung-tembung kuwi, sing kaya lampu sing sumunar ing pepeteng, yaiku ing atimu, nganti dinané mulai padhang lan bintang panjer ésuk njedhul. 20 Kowé mesthi padha ngerti nèk ora ana ramalan ing Kitab Suci sing asalé saka pikirané manungsa dhéwé. 21 Merga, ramalan ora tau diomongké miturut karepé manungsa. Nanging, apa sing diomongké manungsa kuwi asalé saka Gusti Allah, merga wong-wong kuwi dituntun roh suci.
2 Senajan ngono, ana uga nabi-nabi palsu ing antarané umaté Gusti Allah jaman mbiyèn, lan bakal ana uga guru-guru palsu ing antaramu. Kanthi cara meneng-meneng, wong-wong kuwi bakal nggawé sèkte-sèkte sing ngrusak, lan malah ora ngakoni pribadi sing nebus* wong-wong kuwi, sing wis nuku wong-wong kuwi, mula wong-wong kuwi bakal ndang disirnakké. 2 Sakliyané kuwi, ana akèh sing bakal mèlu-mèlu tumindak kurang ajar* kaya wong-wong kuwi, lan merga wong-wong kuwi, wulangan sing bener bakal dièlèk-èlèk. 3 Uga, wong-wong kuwi bakal nggunakké tembung-tembung sing ngapusi kanggo njupuk keuntungan saka kowé kanthi srakah. Nanging hukuman kanggo wong-wong kuwi, sing ditemtokké wiwit mbiyèn, ora bakal telat, lan wong-wong kuwi mesthi bakal disirnakké.
4 Gusti Allah ngukum para malaékat sing nindakké dosa, lan nguncalké para malaékat kuwi ing Tartarus,* ngranté para malaékat kuwi ing* pepeteng kanggo ditahan nganti para malaékat kuwi dihukum. 5 Gusti Allah uga ngukum donya jaman mbiyèn. Panjenengané nekakké banjir gedhé ing donya sing kebak karo wong-wong sing ora ngajèni Panjenengané, nanging nylametké Nuh, yaiku wong sing martakké apa sing bener, bareng karo wong pitu liyané. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngukum kutha Sodom lan Gomora, nggawé kutha kuwi dadi awu, supaya dadi pangéling-éling bab apa sing bakal dialami karo wong-wong sing ora ngajèni Panjenengané. 7 Panjenengané uga nylametké Lot, wong bener sing sengsara banget merga tumindak kurang ajar* sing ditindakké wong-wong jahat. 8 Saben dina, wong bener kuwi ngrasa kesiksa merga kejahatan sing didelok lan dirungokké saksuwéné dhèwèké manggon ing antarané wong-wong jahat kuwi. 9 Dadi, Yéhuwah ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Panjenengané saka pacoban, uga ngerti carané nyimpen wong-wong jahat kanggo disirnakké ing dina pengadilan, 10 utamané wong sing ngupaya nggawé najis badané wong liya lan sing ngrèmèhké para panguwasa.*
Wong-wong kuwi wani banget lan tumindak sakarepé dhéwé. Wong-wong kuwi ora wedi ngèlèk-èlèk wong-wong sing mulya,* 11 malah para malaékat waé, senajan luwih kuwat lan luwih kuwasa, ora tau nudhuh guru-guru palsu kuwi nganggo tembung-tembung sing ngrèmèhké, merga para malaékat ngajèni Yéhuwah. 12 Nanging wong-wong iki, kaya kéwan sing ora nduwé akal sing mung nuruti naluri, sing lair mung kanggo ditangkep lan dipatèni, ngrèmèhké bab-bab sing ora dingertèni. Wong-wong kuwi bakal disirnakké merga tumindaké sing ala, 13 lan bakal dihukum merga tumindaké sing jahat.
Wong-wong kuwi seneng urip méwah,* malah nindakké kuwi ing wayah awan. Wong-wong kuwi kaya regedan lan cacad, sing seneng banget* nyritakké ajaran palsu wektu mangan bareng karo kowé. 14 Wong-wong kuwi péngin banget nindakké laku jina,* ora isa mandheg anggoné nindakké dosa, lan mbujuk wong-wong sing ora teguh. Atiné wong-wong kuwi wis kulina srakah. Wong-wong kuwi bakal dihukum Gusti Allah. 15 Wong-wong kuwi ninggalké dalan sing bener, mula dadi disasarké. Wong-wong kuwi niru tumindaké Biléam, anaké Béor, sing seneng mburu opah kanggo tumindaké sing salah, 16 nanging diélikké merga pelanggarané. Keledai sing ora isa ngomong, dadi isa ngomong kaya manungsa, lan ngalang-alangi tumindak édané nabi kuwi.
17 Wong-wong kuwi kaya sumber banyu sing asat, kaya kabut sing diterjang angin gedhé, lan bakal ana ing pepeteng. 18 Wong-wong kuwi ngucapké omongan-omongan sing kétoké hébat, nanging sakjané ora ana gunané. Nganggo tumindak kurang ajar* lan pepénginan badan sing dosa,* wong-wong kuwi mbujuk wong-wong sing lagi waé bébas saka wong-wong sing nindakké salah. 19 Wong-wong kuwi njanjèkké kebébasan, padahal wong-wong kuwi dhéwé budhaké dosa. Nèk wong dikuwasani karo apa waé,* dhèwèké kuwi dadi budhaké. 20 Sakwisé wong-wong kuwi bébas saka kenajisané donya merga nduwé kawruh sing trep bab Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus, nèk wong-wong kuwi mèlu-mèlu manèh lan dikendhalèni karo kenajisan kuwi, kahanané wong-wong kuwi sing pungkasan dadi luwih parah ketimbang sakdurungé. 21 Luwih becik wong-wong kuwi ora tau ngerti bab dalan sing bener, ketimbang ngerti kanthi cetha bab kuwi banjur ninggalké préntah suci sing wis ditampa. 22 Wong-wong kuwi padha kaya paribasan iki: ”Asu mangan utah-utahané dhéwé, lan babi sing wis diadusi gulung-gulung manèh ing blethok.”
3 Sedulur-sedulur sing ditresnani, iki surat kapindho sing tak tulis marang kowé. Kaya suratku sing kapisan, aku péngin nyemangati supaya kowé tetep isa mikir kanthi pikiran sing cetha, nganggo cara mènèhi pangéling-éling. 2 Aku nindakké iki supaya kowé éling karo tembung-tembung sing sakdurungé wis diomongké karo para nabi sing suci, lan éling karo préntahé Gusti lan Juru Slamet kita sing diomongké liwat rasul-rasulmu. 3 Sing kudu kok ngertèni luwih dhisik yaiku nèk ing dina-dina pungkasan, bakal ana wong-wong sing seneng ngécé, sing tumindak sak senengé dhéwé. 4 Wong-wong kuwi kandha, ”Endi rawuhé sing dijanjèkké kuwi? Wiwit para leluhurku mati,* kabèh perkara isih tetep padha kaya wektu donya iki diciptakké.”
5 Wong-wong kuwi sengaja ora nggatèkké nèk langit wis ana wiwit mbiyèn, lan nganggo préntahé Gusti Allah, daratan kepisah saka banyu lan diubengi banyu. 6 Perkara-perkara iki sing nyirnakké wong-wong jaman mbiyèn. Iki kelakon wektu saklumahing bumi kleleb ing banyu. 7 Nganggo préntah sing padha, langit lan bumi sing saiki ana disimpen kanggo disirnakké nganggo geni, lan dijarké tetep ana nganti dina pengadilan lan dina kanggo nyirnakké wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.
8 Senajan ngono, sedulur-sedulur sing ditresnani, aja lali nèk kanggoné Yéhuwah sedina kuwi padha karo sèwu taun, lan sèwu taun kuwi padha karo sedina. 9 Yéhuwah kuwi ora lambat netepi janjiné, kaya sing dipikirké sawetara wong. Nanging sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat. 10 Nanging, dinané Yéhuwah bakal teka kaya maling. Ing wektu kuwi, langit bakal sirna nganggo swara sing banter banget. Perkara-perkara dhasar sing mbéntuk langit lan bumi bakal lebur merga saking panasé, nanging bumi sarta hasil gawéané manungsa ing bumi bakal disingkapké.
11 Merga kabèh bakal sirna kaya ngono, kowé kuduné mikir arep dadi wong sing kaya apa. Kowé kudu tumindak sing suci lan mbuktèkké nèk kowé ngabdi marang Gusti Allah, 12 karo ngentèni lan terus mikirké* rawuhé dinané Yéhuwah. Ing dina kuwi, langit bakal sirna merga geni, lan perkara-perkara dhasar sing mbentuk langit lan bumi bakal lebur merga saking panasé. 13 Nanging ana langit anyar lan bumi anyar sing kita entèni miturut janjiné Gusti Allah, lan ing kana wong-wong bakal tansah nindakké apa sing bener.
14 Mula, sedulur-sedulur sing ditresnani, merga kowé kabèh ngentèni perkara-perkara iki, ngupayaa sak isa-isané supaya akiré Gusti Allah mirsani nèk kowé kuwi resik, tanpa cacad, lan nduwé hubungan sing apik karo Panjenengané. 15 Sakliyané kuwi, anggepen nèk kesabarané Gusti* kita kuwi kesempatan kanggo dislametké. Paulus, sedulur sing kita tresnani, wis nulis bab perkara-perkara kuwi ing suraté kanggo kowé, miturut kawicaksanan sing diparingké Gusti Allah marang dhèwèké. 16 Ing kabèh suraté, dhèwèké wis nulis bab kabèh perkara kuwi. Nanging, ana perkara-perkara ing suraté sing angèl dingertèni, lan wong-wong sing pangertèné kurang lan sing ora kukuh padha klèru anggoné nafsirké perkara-perkara kuwi. Kuwi uga ditindakké marang bagéan-bagéan liyané ing Kitab Suci, mula wong-wong kuwi bakal sirna.
17 Mula, sedulur-sedulur sing ditresnani, merga kowé wis ngerti bab iki sakdurungé, tetepa jaga-jaga supaya kowé ora diblasukké bareng karo wong-wong kuwi nganggo piwulang palsuné wong-wong sing nglanggar hukum kuwi, merga iki isa nggawé kowé dadi ora kukuh manèh. 18 Nanging terusa éntuk luwih akèh welas asih sing nggumunké* lan pangertèn bab Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus. Muga-muga dhèwèké dimulyakké saiki lan saklawas-lawasé. Amin.
Utawa ”sing padha-padha dadi kaurmatan”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”maringi tanpa njaluk bayaran”.
Utawa ”nafsu”.
Utawa mungkin ”dhèwèké wuta, rabun jauh”.
Lit.: ”tabernakel”.
Lit.: ”tabernakel”.
Lit.: ”majikané”. Maksudé, Yésus.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”nglebokké para malaékat kuwi ing guwa”.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngrèmèhké wewenang”.
Maksudé, wong-wong sing nduwé tanggung jawab ing jemaat.
Maksudé, mangan, ngombé, lan pésta bébas.
Utawa ”sing ngrasakké seneng sing ora isa dikendhalèni kanggo”.
Utawa ”Mripaté wong-wong kuwi kebak laku jina”.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”pepénginan daging”.
Utawa ”karo wong liya”.
Lit.: ”turu ing pati”.
Utawa ”ngarep-arep tenan”. Lit.: ”nggawé saya cepet”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.