PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 1 Yohanes 1:1-5:21
  • 1 Yohanes

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Yohanes
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
1 Yohanes

SURAT KAPISAN SAKA YOHANES

1 Aku kabèh nulis marang kowé bab sabda sing marakké urip, sing wis ana saka wiwitan, sing wis padha tak rungokké, tak delok nganggo mripatku, tak amati, lan tak demèk nganggo tanganku. 2 (Urip langgeng wis dadi nyata kanggo aku kabèh. Aku kabèh wis ndelok kuwi, lan saiki aku kabèh mènèhi kesaksian lan nyritakké bab kuwi marang kowé kabèh. Urip langgeng iki asalé saka Bapak lan kuwi wis dadi nyata kanggo aku kabèh.) 3 Apa sing wis padha tak delok lan tak rungokké kuwi uga tak critakké marang kowé kabèh, supaya kowé kabèh uga nyawiji* karo aku kabèh, lan kuwi tegesé kowé nyawiji karo Bapak kita lan Putrané, yaiku Yésus Kristus. 4 Lan aku kabèh nulis bab-bab iki supaya rasa bungah kita dadi sampurna.

5 Iki warta sing padha tak rungokké saka Yésus, lan saiki tak critakké marang kowé kabèh: Gusti Allah kuwi sumberé pepadhang, lan babar blas ora ana pepeteng ing Panjenengané.* 6 Nèk kita kandha, ”Aku kabèh nyawiji karo Gusti Allah,” nanging tetep mlaku ing pepeteng, kuwi tegesé kita ngapusi lan ora nindakké apa sing bener. 7 Nanging nèk kita mlaku ing pepadhang, kaya Gusti Allah dhéwé ana ing pepadhang, kita kabèh bakal nyawiji. Lan getihé Yésus, Putrané, isa ngresiki kita saka sakabèhé dosa.

8 Nèk kita kandha, ”Aku ora nduwé dosa,” kuwi tegesé ngapusi awak kita dhéwé lan apa sing bener ora ana ing kita. 9 Gusti Allah kuwi setya lan adil, mula nèk kita ngakoni dosa, Panjenengané bakal ngapurani dosa kita, lan ngresiki kita saka kabèh tumindak ala. 10 Nèk kita kandha, ”Aku ora tau nindakké dosa,” kuwi tegesé kita ndadèkké Gusti Allah tukang ngapusi, lan pangandikané ora ana ing ati kita.

2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis kabèh iki marang kowé supaya kowé ora nindakké dosa. Nanging nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulung* kita, yaiku Yésus Kristus, sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah. 2 Dhèwèké kuwi kurban kanggo dosa-dosa kita sing ngrukunké kita karo Gusti Allah, malah ora mung kanggo dosa kita waé nanging uga kanggo dosané wong sak donya. 3 Nèk kita terus nindakké préntah-préntahé, kuwi mbuktèkké nèk kita kenal dhèwèké. 4 Wong sing kandha, ”Aku kenal dhèwèké,” nanging ora nindakké préntah-préntahé, wong kuwi tukang ngapusi lan apa sing bener ora ana ing njero atiné. 5 Nanging sapa waé sing nindakké omongané, wong kuwi mbuktèkké nèk bener-bener nresnani Gusti Allah. Nèk kita uga nindakké kuwi, kita nduduhké nèk nyawiji karo dhèwèké. 6 Wong sing ngaku nyawiji karo Yésus wajib nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus.

7 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sing tak tulis marang kowé iki dudu préntah anyar, nanging préntah lawas sing wis kok tampa saka wiwitan. Kowé kabèh wis tau krungu préntah lawas iki. 8 Senajan ngono, préntah sing tak tulis iki anyar. Préntah iki wis ditindakké karo Yésus lan uga kowé. Lan saiki, pepeteng wis mèh ilang lan pepadhang sejati wis sumunar.

9 Wong sing ngaku ana ing pepadhang, nanging sengit marang seduluré, wong kuwi isih ana ing pepeteng. 10 Wong sing nresnani seduluré tetep ana ing pepadhang, lan ora ana sing nggawé dhèwèké kesandhung. 11 Nanging wong sing sengit marang seduluré ana ing pepeteng lan mlaku ing pepeteng. Dhèwèké ora ngerti arep lunga menyang ngendi, merga pepeteng nyebabké mripaté ora weruh dalan.

12 Anak-anak, aku nulis marang kowé sebab dosa-dosamu wis diapura merga jenengé.* 13 Bapak-bapak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal dhèwèké, sing ana wiwit jaman mbiyèn. Bocah-bocah enom, aku nulis marang kowé sebab kowé wis ngalahké Sétan.* Anak-anak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal Gusti Allah, Bapak kita. 14 Bapak-bapak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal dhèwèké,* sing ana wiwit jaman mbiyèn. Bocah-bocah enom, aku nulis marang kowé sebab kowé kukuh lan pangandikané Gusti Allah tetep ana ing njero atimu, lan kowé wis ngalahké Sétan.*

15 Aja nresnani donya iki utawa kabèh perkara sing ana ing donya. Nèk wong nresnani donya iki, dhèwèké ora nresnani Bapak, 16 merga kabèh perkara sing ana ing donya iki, yaiku pepénginané badan sing dosa,* pepénginané mripat, lan pepénginan kanggo pamèr bandha, asalé ora saka Bapak nanging saka donya. 17 Sakliyané kuwi, donya iki lan pepénginané wis arep sirna, nanging wong sing nindakké kersané Gusti Allah bakal urip saklawasé.

18 Anak-anak, saiki kita ana ing wektu pungkasan. Kowé wis krungu nèk antikristus* bakal teka, lan saiki wis ana akèh antikristus, lan merga kuwi, kita ngerti nèk saiki kita urip ing wektu pungkasan. 19 Wong-wong kuwi mauné karo kita, nanging wong-wong kuwi metu merga béda karo kita. Nèk wong-wong kuwi padha kaya kita, wong-wong kuwi mesthi isih ana karo kita. Nanging, wong-wong kuwi metu supaya kétok cetha nèk ora kabèh wong padha kaya kita. 20 Kowé kabèh wis dilantik Gusti Allah Sing Suci, lan kowé kabèh wis ngerti sing bener. 21 Aku nulis marang kowé, dudu merga kowé ora ngerti apa sing bener, nanging merga kowé ngerti kuwi, lan merga ora ana perkara sing ngapusi sing asalé saka apa sing bener.

22 Sapa tukang ngapusi kuwi, nèk dudu wong sing ora ngakoni nèk Yésus kuwi Kristus? Iya kuwi antikristus,* yaiku wong sing nolak Bapak lan Putra. 23 Saben wong sing ora ngakoni Putra ora bakal ditampa Bapak. Nanging sapa waé sing ngakoni Putra bakal ditampa Bapak. 24 Apa sing wis kok rungokké saka wiwitan kudu tetep ana ing njero atimu. Nèk apa sing wis kok rungokké saka wiwitan kuwi tetep ana ing atimu, kowé bakal tetep nyawiji karo Putra lan nyawiji karo Bapak. 25 Sakliyané kuwi, Gusti Allah* wis njanjèkké urip langgeng marang kita.

26 Aku nulis bab-bab iki marang kowé merga ana sing ngupaya kanggo nyasarké kowé. 27 Gusti Allah wis nglantik kowé nganggo roh suciné, lan roh suci kuwi tetep ana ing kowé, mula ora perlu ana wong sing mulang kowé. Nanging, roh suci saka Panjenengané kuwi bener lan ora ngapusi, uga mulang kowé bab kabèh perkara. Kaya sing wis diwulangké marang kowé, tetepa nyawiji karo Panjenengané. 28 Mula, anak-anak, tetepa nyawiji karo Yésus,* supaya wektu dhèwèké dadi nyata, kita nduwé kebébasan kanggo ngomong, lan ora ngrasa isin banjur ngedoh saka dhèwèké ing mangsa rawuhé. 29 Kowé ngerti nèk dhèwèké kuwi bener, mula kowé uga ngerti nèk saben wong sing nindakké apa sing bener kuwi anaké Gusti Allah.

3 Gatèkna gedhéné katresnané Bapak marang kita, nganti kita disebut anak-anaké Gusti Allah. Kita pancèn anak-anaké Gusti Allah. Nanging, donya ora kenal kita, merga donya ora kenal Gusti Allah. 2 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, saiki kita anak-anaké Gusti Allah, nanging kita durung ngerti kaya apa kita sukmbèn. Sing kita ngerti yaiku kita bakal dadi kaya Panjenengané wektu Panjenengané dadi nyata, merga kita bakal bener-bener ndelok Panjenengané. 3 Saben wong sing ngarep-arep bab kuwi ing Panjenengané kudu nggawé awaké suci, merga Panjenengané suci.

4 Saben wong sing terus nindakké dosa kuwi uga terus nglanggar hukum, merga dosa kuwi pelanggaran hukum. 5 Kowé kabèh uga ngerti nèk Yésus teka* kanggo ngilangi dosa kita, lan ora ana dosa ing dhèwèké. 6 Saben wong sing tetep nyawiji karo dhèwèké ora terus nindakké dosa. Wong sing terus nindakké dosa ora ndelok utawa ora kenal dhèwèké. 7 Anak-anak, aja nganti ana sing nyasarké kowé. Wong sing terus nindakké apa sing bener kuwi wong bener, kaya Yésus uga bener. 8 Wong sing terus nindakké dosa asalé saka Iblis, merga Iblis nindakké dosa saka wiwitan. Putrané Gusti Allah teka kanggo nyirnakké kabèh sing ditindakké Iblis.*

9 Kabèh anaké Gusti Allah ora terus nindakké dosa, merga roh suciné* Gusti Allah tetep ana ing wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ora isa terus nindakké dosa merga wong-wong kuwi anak-anaké Gusti Allah. 10 Iki bédané anak-anaké Gusti Allah lan anak-anaké Iblis: Sapa waé sing ora terus nindakké apa sing bener dudu anaké Gusti Allah, semono uga wong sing ora terus nresnani seduluré. 11 Iki warta sing wis kok rungokké saka wiwitan, yaiku kita kudu nresnani siji lan sijiné, 12 ora kaya Kain, sing dadi anaké Iblis* lan matèni adhiné. Apa sebabé dhèwèké matèni adhiné? Merga tumindaké jahat, nanging tumindaké adhiné bener.

13 Sedulur-sedulur, aja padha kagèt nèk donya sengit marang kowé. 14 Kita padha ngerti nèk mbiyèn kita kaya-kayané wis mati, nanging saiki kita urip, merga kita nresnani sedulur-sedulur. Wong sing ora nresnani seduluré kaya-kayané wis mati. 15 Saben wong sing sengit marang seduluré kuwi tukang matèni, lan kowé ngerti nèk tukang matèni ora bakal nampa urip saklawasé. 16 Kita ngerti bab katresnan merga Yésus wis masrahké nyawané* kanggo kita, lan kita kudu lila masrahké nyawa* kita kanggo para sedulur kita. 17 Nèk ana wong sing uripé kecukupan, banjur weruh seduluré mbutuhké bantuan nanging ora gelem nduduhké welas asih, apa ya isa dhèwèké ngomong nèk dhèwèké nresnani Gusti Allah? 18 Anak-anak, kita kudu nresnani, ora mung nganggo omongan utawa ing lambé waé, nanging nganggo tumindak sing tulus.

19 Nganggo cara iki, kita ngerti nèk kita asalé saka apa sing bener, lan kita bakal nggawé ati kita yakin nèk Gusti Allah nresnani kita. 20 Lan senajan ati kita nyalahké kita ing bab apa waé, kita éling nèk Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita lan ngerti sakabèhé. 21 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, nèk ati kita ora nyalahké kita, kita nduwé kebébasan kanggo ngomong marang Gusti Allah. 22 Lan apa waé sing kita jaluk marang Panjenengané, bakal kita tampa, merga kita nindakké préntah-préntahé lan nindakké apa sing nyenengké ing ngarsané. 23 Iki préntahé: kita kudu nduwé iman marang jenengé Yésus Kristus, Putrané Gusti Allah, lan nresnani siji lan sijiné, kaya sing wis dipréntahké marang kita. 24 Sakliyané kuwi, wong sing nindakké préntahé tetep nyawiji karo Panjenengané, lan Panjenengané nyawiji karo wong kuwi. Lan liwat roh suci sing Panjenengané paringké marang kita, kita ngerti nèk Panjenengané tetep nyawiji karo kita.

4 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, aja percaya karo saben piwulang* sing kaya-kayané saka Gusti Allah, nanging ujinen dhisik apa piwulang* kuwi pancèn asalé saka Gusti Allah, merga ing donya iki wis ana akèh nabi palsu.

2 Carané kowé ngerti apa piwulang kuwi saka Gusti Allah, yaiku: Saben piwulang sing ngakoni nèk Yésus Kristus wis teka ing bumi dadi manungsa, piwulang kuwi asalé saka Gusti Allah. 3 Nanging saben piwulang sing ora ngakoni Yésus, piwulang kuwi asalé ora saka Gusti Allah. Kuwi piwulangé antikristus.* Kowé wis krungu nèk kuwi bakal teka, lan saiki kuwi wis ana ing donya.

4 Anak-anak, kowé asalé saka Gusti Allah, lan kowé wis ngalahké nabi-nabi palsu, merga Gusti Allah sing ndhukung kowé lan Panjenengané luwih kuwat ketimbang Iblis sing ndhukung donya iki. 5 Nabi-nabi palsu kuwi asalé saka donya, mula padha ngomongké bab-bab sing cocog karo donya, lan donya ngrungokké nabi-nabi palsu kuwi. 6 Kita asalé saka Gusti Allah. Sapa waé sing kenal Gusti Allah padha ngrungokké kita. Nanging, sapa waé sing asalé ora saka Gusti Allah, ora ngrungokké kita. Nganggo cara iki, kita isa mbédakké endi piwulang sing bener lan endi piwulang sing salah.

7 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, ayo kita padha terus nresnani siji lan sijiné, merga katresnan kuwi asalé saka Gusti Allah. Saben wong sing nresnani kuwi anaké Gusti Allah lan kenal Gusti Allah. 8 Sapa waé sing ora nresnani ora kenal Gusti Allah, merga Gusti Allah kuwi katresnan. 9 Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané marang kita: Gusti Allah ngutus Putra siji-sijiné menyang donya, supaya kita isa nampa urip liwat dhèwèké. 10 Gusti Allah ngutus Putrané dadi kurban kanggo dosa-dosa kita sing ngrukunké kita karo Gusti Allah. Gusti Allah nindakké iki dudu merga kita nresnani Panjenengané, nanging merga Panjenengané nresnani kita.

11 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, nèk kaya ngéné iki carané Gusti Allah nresnani kita, mula kita uga wajib nresnani siji lan sijiné. 12 Ora ana sing tau ndelok Gusti Allah. Nèk kita terus nresnani siji lan sijiné, Gusti Allah tetep bareng karo kita lan katresnané dadi sampurna ing antarané kita. 13 Kita ngerti nèk kita tetep nyawiji karo Panjenengané lan Panjenengané nyawiji karo kita, merga Panjenengané wis maringi roh suciné marang kita. 14 Sakliyané kuwi, kita dhéwé wis ndelok lan mènèhi kesaksian nèk Bapak wis ngutus Putrané dadi juru slameté donya. 15 Nèk wong ngakoni Yésus kuwi Putrané Gusti Allah, Gusti Allah bakal tetep nyawiji karo wong kuwi lan wong kuwi nyawiji karo Gusti Allah. 16 Saiki kita ngerti lan percaya nèk Gusti Allah nresnani kita.

Gusti Allah kuwi katresnan. Wong sing terus nduduhké katresnan, wong kuwi tetep nyawiji karo Gusti Allah lan Gusti Allah nyawiji karo wong kuwi. 17 Nganggo cara iki, katresnan dadi sampurna ing antarané kita, mula kita isa nduwé kebébasan kanggo ngomong ing dina pengadilan, merga uripé kita ing donya iki kaya uripé Kristus. 18 Rasa wedi bakal ngalang-alangi kita. Nanging wong sing nresnani Gusti Allah ora bakal ngrasa wedi, merga katresnan sing sampurna isa mbuwang rasa wedi. Nèk wong ngrasa wedi, katresnané durung sampurna. 19 Kita nresnani, merga Panjenengané luwih dhisik nresnani kita.

20 Nèk ana wong sing ngomong, ”Aku nresnani Gusti Allah,” nanging sengit marang seduluré, wong kuwi tukang ngapusi. Merga wong sing ora nresnani seduluré sing isa didelok, ora isa nresnani Gusti Allah sing ora isa didelok. 21 Kita wis nampa préntah iki saka Panjenengané: Wong sing nresnani Gusti Allah uga kudu nresnani seduluré.

5 Saben wong sing percaya nèk Yésus kuwi Kristus, wong kuwi anaké Gusti Allah. Lan saben wong sing nresnani Gusti Allah uga nresnani anak-anaké Gusti Allah. 2 Kita nresnani anak-anaké Gusti Allah, nèk kita nresnani Gusti Allah lan nindakké préntah-préntahé. 3 Iki tegesé nresnani Gusti Allah, yaiku nèk kita nindakké préntah-préntahé. Lan préntah-préntahé ora abot, 4 merga kabèh anaké Gusti Allah ngalahké donya. Lan sing nggawé kita isa ngalahké donya yaiku iman kita.

5 Sapa sing isa ngalahké donya? Mesthiné wong sing nduwé iman nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah, ta? 6 Yésus Kristus teka nganggo banyu lan getih. Dhèwèké teka ora mung nganggo banyu, nanging nganggo banyu lan getih. Roh suci mènèhi kesaksian bab kuwi, merga roh suci nduduhké* apa sing bener. 7 Ana telu sing mènèhi kesaksian: 8 roh suci, banyu, lan getih. Telu-teluné mènèhi kesaksian sing padha.

9 Nèk kesaksian saka manungsa waé kita tampa, apa manèh kesaksiané Gusti Allah sing luwih unggul. Merga Gusti Allah dhéwé wis maringi kesaksian bab Putrané. 10 Wong sing nduwé iman marang Putrané Gusti Allah wis nampa kesaksian kuwi ing njero atiné. Wong sing ora nduwé iman marang Gusti Allah kaya-kayané ndadèkké Gusti Allah kuwi tukang ngapusi, merga dhèwèké ora nduwé iman marang kesaksian sing diparingké Gusti Allah bab Putrané. 11 Iki kesaksiané: Gusti Allah wis maringi kita urip saklawasé, lan kita nampa kuwi liwat Putrané. 12 Wong sing nampa Putra, nampa urip saklawasé. Wong sing ora nampa Putrané Gusti Allah, ora nampa urip saklawasé.

13 Aku nulis bab-bab iki marang kowé, yaiku wong-wong sing nduwé iman marang jenengé Putrané Gusti Allah, supaya kowé ngerti nèk kowé nduwèni urip saklawasé. 14 Lan iki sing kita yakini* marang Panjenengané, yaiku nèk kita ndonga nyuwun apa waé sing cocog karo kersané Gusti Allah, Panjenengané mirengké kita. 15 Lan merga ngerti nèk Panjenengané mirengké apa waé sing kita suwun, kita yakin nèk kita bakal nampa apa sing kita suwun, merga kita wis nyuwun marang Panjenengané.

16 Nèk ana wong sing weruh seduluré nindakké dosa, nanging dudu dosa sing marahi seduluré mau pantes mati, wong kuwi kudu ndongakké seduluré mau, lan Gusti Allah bakal maringi urip marang seduluré mau. Kuwi kanggo wong-wong sing dosané ora marahi wong-wong kuwi pantes mati. Nanging, ana dosa sing marahi wong pantes mati. Aku ora ngongkon sapa waé ndongakké wong sing nindakké dosa kaya ngono. 17 Kabèh tumindak sing ora bener kuwi dosa, nanging ana dosa sing ora marahi wong pantes mati.

18 Kita ngerti nèk saben wong sing dadi anaké Gusti Allah ora terus nindakké dosa. Nanging, Putrané Gusti Allah njaga wong-wong kuwi, lan Sétan* ora isa ndemèk* wong-wong kuwi. 19 Kita ngerti nèk kita asalé saka Gusti Allah, nanging sak donya dikuwasani Sétan.* 20 Senajan ngono, kita ngerti nèk Putrané Gusti Allah wis teka ing donya, lan dhèwèké wis mènèhi pangertèn marang kita, mula kita isa ngerti bab Gusti Allah sing sejati. Lan liwat Putrané, yaiku Yésus Kristus, kita nyawiji karo Gusti Allah sing sejati. Panjenengané kuwi Gusti Allah sing sejati lan sumberé urip saklawasé. 21 Anak-anak, padha ngedoha saka brahala.

Utawa ”pepeteng sing nyawiji karo Panjenengané”.

Utawa ”pepeteng sing nyawiji karo Panjenengané”.

Utawa ”sing mbéla”.

Maksudé, jenengé Yésus.

Lit.: ”si jahat”.

Maksudé, Yésus.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”pepénginan daging”.

Maksudé, wong sing nglawan utawa nentang Kristus.

Maksudé, wong sing nglawan utawa nentang Kristus.

Utawa mungkin ”Yésus”.

Utawa mungkin ”Gusti Allah”.

Lit.: ”digawé nyata”.

Lit.: ”kabèh gawéané Iblis”.

Lit.: ”winihé”.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”jiwané”.

Utawa ”jiwa”.

Lit.: ”roh”.

Lit.: ”roh”.

Maksudé, wong sing nglawan utawa nentang Kristus.

Lit.: ”yaiku”.

Utawa ”Lan kita nduwé kebébasan kanggo ngomong”.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”nyengkerem”.

Lit.: ”si jahat”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim