PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Wahyu 1:1-22:21
  • Wahyu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wahyu
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Wahyu

WAHYU SING DITAMPA YOHANES

1 Iki bab-bab sing disingkapké* Yésus Kristus. Yésus nampa bab-bab iki saka Gusti Allah kanggo nduduhké marang budhak-budhaké Gusti Allah apa sing sedhéla manèh mesthi bakal kelakon. Yésus ngutus para malaékaté marang Yohanes, yaiku budhaké Gusti Allah,* kanggo ngandhani bab-bab kuwi liwat lambang-lambang.* 2 Yohanes mènèhi kesaksian bab kabèh sing didelok dhèwèké, yaiku pangandika saka Gusti Allah lan kesaksiané Yésus Kristus. 3 Bungah wong sing macakké ramalan iki nganggo swara seru lan sing ngrungokké sarta manut marang apa sing ditulis ing njeroné, merga wektu sing wis ditemtokké wis cedhak.

4 Yohanes nulis kanggo pitung jemaat ing Provinsi Asia:

Muga-muga kowé kabèh nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka ”Gusti Allah sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh”, lan saka pitung roh suci sing ana ing ngarep tahtané, 5 uga saka Yésus Kristus, yaiku ”Seksi sing Setya”, ”sing sepisanan diuripké manèh saka antarané wong mati”, lan ”Panguwasané raja-raja ing bumi”.

Dhèwèké nresnani kita lan mbébaské kita saka dosa-dosa kita nganggo getihé dhéwé, 6 lan sing ndadèkké kita raja lan imam kanggo ngladèni Gusti Allahé lan Bapaké. Kanggo dhèwèké kamulyan lan kuwasa ing saklawas-lawasé. Amin.

7 Dhèwèké bakal teka nganggo méga-méga, lan saben wong bakal ndelok dhèwèké, klebu wong-wong sing tau nujeb dhèwèké. Kabèh suku bangsa ing bumi bakal nggebugi awaké kanthi sedhih merga dhèwèké. Ya, Amin.

8 Gusti Allah Yéhuwah ngendika, ”Aku Alfa lan Oméga.* Aku iki Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh.”

9 Aku Yohanes, sedulurmu, sing padha-padha ngalami kasangsaran bareng kowé, sing padha-padha dadi raja, lan sing padha-padha tekun dadi pengikuté Yésus. Aku ana ing Pulau Patmos merga ngomongké bab Gusti Allah lan mènèhi kesaksian bab Yésus. 10 Merga éntuk ilham saka Gusti Allah, aku ana ing dinané Gusti. Aku krungu swara seru kaya swara trompèt ing mburiku, 11 kandhané, ”Apa sing kok delok, tulisen kuwi ing sawijiné gulungan lan kirimen menyang pitung jemaat: ing Éfésus, ing Smirna, ing Pergamus, ing Tiatira, ing Sardis, ing Filadèlfia, lan ing Laodikia.”

12 Banjur aku nolèh kanggo ndelok sapa sing lagi ngomong karo aku, lan wektu nolèh, aku weruh ana pitung wadhah lampu saka emas. 13 Ing tengah-tengahé pitung wadhah lampu kuwi, ana sawijiné wong kaya putrané manungsa. Dhèwèké nganggo klambi sing dawané nganti tekan sikil lan ana sabuk emas ing dhadhané. 14 Sakliyané kuwi, rambut ing sirahé putih kaya wol, kaya salju, lan mripaté murub kaya geni sing mulad-mulad. 15 Sikilé kaya tembaga murni sing murub ing tungku geni, lan swarané banteré kaya swara banyu akèh sing gumrojog. 16 Ing tangané tengen ana pitung bintang, lan saka tutuké metu pedhang sing dawa lan landhep kiwa-tengen, lan wajahé kaya srengéngé sing sumunar padhang banget. 17 Wektu ndelok dhèwèke, aku ambruk ing sikilé kaya wong mati.

Banjur dhèwèké ndemèk aku nganggo tangané tengen lan kandha, ”Aja wedi. Aku iki Sing Wiwitan lan Sing Pungkasan, 18 lan sing urip. Aku wis tau mati, nanging saiki aku urip, lan aku bakal urip kanggo saklawas-lawasé. Aku nduwé kunciné pati lan kunciné Kuburan.* 19 Mula, tulisen apa sing wis kok delok, apa sing lagi kelakon, lan apa sing bakal kelakon sakwisé iki. 20 Pitung bintang sing kok delok ing tanganku tengen lan pitung wadhah lampu saka emas kuwi rahasia suci, lan iki artiné: Pitung bintang nggambarké para malaékat ing pitung jemaat, lan pitung wadhah lampu nggambarké pitung jemaat.

2 ”Marang malaékaté jemaat ing Éfésus, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nyekel pitung bintang ing tangané tengen lan sing mlaku ing tengah-tengahé pitung wadhah lampu saka emas: 2 ’Aku ngerti apa sing kok tindakké, anggonmu kerja mempeng lan ketekunanmu. Kowé ora gelem nampa wong jahat. Kowé nguji wong-wong sing ngaku dadi rasul, padahal wong-wong kuwi dudu rasul, lan kowé ngerti nèk wong-wong kuwi tukang ngapusi. 3 Kowé uga ngalami akèh kasusahan merga jenengku, nanging kowé tekun lan ora nglokro. 4 Senajan ngono, ana sing ora tak senengi saka kowé, yaiku kowé wis ora nduduhké manèh katresnan sing kok duwèni ing wiwitan.

5 ”’Merga kuwi, élinga sepira jeroné anggonmu wis tiba. Mertobata lan tindakna apa sing mbiyèn kok tindakké. Nèk kowé ora mertobat, aku bakal teka marang kowé, lan aku bakal nyingkirké wadhah lampumu saka panggonané. 6 Nanging, kowé isih nduwé bab sing apik iki, yaiku kowé sengit karo tumindaké sèkte Nikolaus, sing uga tak sengiti. 7 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat: Wong sing menang bakal tak ijinké mangan woh saka wit kauripan, sing ana ing firdausé Gusti Allah.’

8 ”Marang malaékaté jemaat ing Smirna, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké, yaiku ’Sing Wiwitan lan Sing Pungkasan’, sing wis tau mati lan urip manèh: 9 ’Aku ngerti kowé ngalami sengsara lan miskin, nanging sakjané kowé sugih. Aku uga ngerti nèk kowé dirèmèhké karo wong-wong sing ngaku dadi wong Yahudi, padahal sakjané wong-wong kuwi dudu wong Yahudi. Wong-wong kuwi kelompok duwèké* Sétan. 10 Aja wedi karo kasangsaran sing bakal kok alami. Iblis bakal nglebokké ing penjara sapérangan wong saka antaramu, supaya kowé bener-bener diuji, lan kowé bakal ngalami kasangsaran sepuluh dina suwéné. Kowé kudu setya malah nganti mati, lan aku bakal mènèhi kowé mahkota kauripan. 11 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat: Wong sing menang mesthi ora bakal ngalami pati sing kapindho.’

12 ”Marang malaékaté jemaat ing Pergamus, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké, sing nduwé pedhang dawa lan landhep kiwa-tengen: 13 ’Aku ngerti ing ngendi panggonanmu, yaiku ing panggonan tahtané Sétan. Nanging kowé setya marang aku.* Imanmu marang aku tetep teguh malah wektu Antipas, yaiku seksiku sing setya kuwi dipatèni ing ngarepmu, ing panggonané Sétan.

14 ”’Senajan ngono, ana bab-bab sing ora tak senengi saka kowé, yaiku kowé ngejarké para pengikuté ajaran Biléam ana ing antaramu. Biléam iki sing mbiyèn mulang Balak kanggo mblasukké bangsa Israèl supaya nindakké dosa, yaiku mangan daging sing dikurbanké marang brahala lan nindakké hubungan sèks sing ora sah.* 15 Ing antaramu uga ana para pengikuté ajaran sèkte Nikolaus. 16 Mula mertobata. Nèk ora mertobat, aku bakal ndang teka marang kowé, lan aku bakal perang nglawan wong-wong kuwi nganggo pedhang dawa sing metu saka tutukku.

17 ”’Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat: Wong sing menang bakal tak wènèhi manna sing disimpen, lan aku bakal mènèhi watu putih cilik marang dhèwèké. Ing watu kuwi katulis sawijiné jeneng anyar sing ora dingertèni sapa waé, kejaba wong sing nampa watu kuwi.’

18 ”Marang malaékaté jemaat ing Tiatira, nulisa ngéné: Iki omongané Putrané Gusti Allah, sing mripaté kaya geni sing mulad-mulad lan sikilé kaya tembaga murni: 19 ’Aku ngerti tumindakmu, katresnanmu, imanmu, pelayananmu, lan ketekunanmu. Aku uga ngerti nèk tumindakmu sing kèri dhéwé iki luwih apik ketimbang sing wiwitan.

20 ”’Senajan ngono, ana sing ora tak senengi saka kowé, yaiku kowé ngejarké wong wadon sing kaya Izebèl, sing ngaku dadi nabiah. Dhèwèké nyasarké budhak-budhakku nganggo ajarané, mula budhak-budhakku nindakké hubungan sèks sing ora sah* lan mangan daging sing dikurbanké marang brahala. 21 Aku wis mènèhi wektu marang wong wadon kuwi kanggo mertobat, nanging dhèwèké ora gelem mertobat anggoné nindakké hubungan sèks sing ora sah.* 22 Aku bakal nggawé wong wadon kuwi lara parah. Nèk wong-wong sing laku jina karo dhèwèké ora mertobat saka tumindak sing diwulangké wong wadon kuwi, aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngalami kasangsaran sing gedhé. 23 Lan aku bakal matèni anak-anaké nganggo penyakit sing nyebabké pati. Nganggo cara kuwi, kabèh jemaat bakal ngerti nèk aku iki pribadi sing mriksa pikirané manungsa sing paling jero* lan atiné. Aku bakal mbales kowé kabèh miturut tumindakmu dhéwé-dhéwé.

24 ”’Nanging, marang wong-wong Tiatira sing ora mèlu nindakké ajaran kuwi, sing babar blas ora ngerti bab apa sing disebut ”perkara-perkara sing jero saka Sétan”, aku kandha nèk aku ora péngin mènèhi luwih akèh beban marang kowé. 25 Nganti aku teka, terusa nindakké bab-bab apik sing wis kok tindakké. 26 Lan marang wong sing menang lan terus nindakké préntahku nganti pungkasan, aku bakal mènèhi wewenang kanggo mréntah bangsa-bangsa, 27 kaya wewenang sing tak tampa saka Bapakku. Lan wong kuwi bakal angon bangsa-bangsa nganggo tongkat wesi, mula bangsa-bangsa bakal dadi kaya grabah sing diremukké. 28 Aku uga bakal mènèhi bintang ésuk marang wong kuwi. 29 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

3 ”Marang malaékaté jemaat ing Sardis, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nduwé pitung roh suciné Gusti Allah lan pitung bintang kuwi: ’Aku ngerti tumindakmu. Kétoké waé kowé urip, nanging sakjané kowé mati. 2 Mula, waspadaa, lan kuwatna bab-bab sing isih ana, sing wis mèh mati, merga aku ndelok nèk gawéan sing kok tindakké ing ngarsané Gusti Allah durung kok rampungké. 3 Kuwi sebabé, terusa éling apa sing wis kok tampa lan kok rungokké. Terusa manut marang bab kuwi lan mertobata. Nèk kowé ora tangi, aku mesthi bakal teka kaya maling lan kowé ora bakal ngerti babar blas kapan aku bakal teka.

4 ”’Nanging, isih ana sapérangan wong* ing Sardis sing ora ngregedi klambiné. Wong-wong kuwi bakal mlaku bareng karo aku nganggo klambi putih, merga kaurmatan iki pancèn pantes kanggo wong-wong kuwi. 5 Wong sing menang bakal nganggo klambi putih, lan aku ora bakal mbusak jenengé saka buku kauripan. Ing ngarsané Bapakku lan para malaékaté, aku bakal ngakoni nèk kenal dhèwèké.* 6 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

7 ”Marang malaékaté jemaat ing Filadèlfia, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing suci, sing bener, lan sing nduwé kunciné Daud. Nèk dhèwèké mbukak lawang, ora ana sing isa nutup, lan nèk dhèwèké nutup lawang, ora ana sing isa mbukak. Dhèwèké kandha, 8 ’Aku ngerti tumindakmu. Aku wis mbukakké lawang kanggo kowé, lan ora ana sing isa nutup. Aku ngerti nèk kowé ora patia kuwat, nanging kowé manut karo omonganku lan mbuktèkké nèk kowé setya marang aku.* 9 Wong-wong saka kelompok duwèké* Sétan ngapusi lan ngaku-ngaku dadi wong Yahudi, padahal dudu. Iki sing bakal tak tindakké marang wong-wong kuwi: Aku bakal nggawé wong-wong kuwi teka lan sujud ing sikilmu, lan nggawé wong-wong kuwi ngerti nèk aku nresnani kowé. 10 Merga kowé wis niru tuladha ketekunanku, aku uga bakal njaga kowé ing mangsa ujian sing bakal kelakon ing saklumahing bumi, lan kabèh wong ing bumi bakal diuji. 11 Aku bakal ndang teka. Terusa nggegem kenceng apa sing wis kok duwèni, supaya ora ana sing njupuk mahkotamu.

12 ”’Wong sing menang bakal tak dadèkké pilar ing baité Gusti Allahku, lan ora ana sing bakal nyingkirké dhèwèké saka kono. Wong kuwi bakal tak tulisi asmané Gusti Allahku lan jeneng kuthané Gusti Allahku, yaiku Yérusalèm Anyar sing mudhun saka swarga, saka Gusti Allahku. Jenengku sing anyar uga bakal tak tuliské marang wong kuwi. 13 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’

14 ”Marang malaékaté jemaat ing Laodikia, nulisa ngéné: Iki omongané Amin, yaiku seksi sing setya lan bener, sing sepisanan diciptakké Gusti Allah: 15 ’Aku ngerti tumindakmu. Kowé kuwi ora adhem lan ora panas. Aku péngin kowé adhem utawa panas. 16 Dadi, merga kowé manget-manget, ora panas uga ora adhem, mula aku bakal nglepèh kowé saka tutukku. 17 Kowé kandha, ”Aku sugih lan nduwé akèh bandha. Aku ora kekurangan apa-apa.” Nanging kowé ora sadhar nèk kowé kuwi sengsara, mesakké, miskin, wuta, lan wuda. 18 Mula aku mènèhi naséhat marang kowé supaya tuku barang-barang iki saka aku: emas sing digawé murni nganggo geni supaya kowé dadi sugih, klambi putih supaya kowé klambèn lan ora kisinan merga kétok anggonmu wuda, lan salep kanggo diolèské ing mripatmu supaya kowé isa ndelok.

19 ”’Aku ngélikké lan mènèhi disiplin marang kabèh wong sing tak tresnani. Mula, mertobata lan dadia semangat. 20 Deloken! Aku ngadeg ing ngarep lawang lan dhodhog-dhodhog. Nèk ana wong sing krungu swaraku lan mbukakké lawang, aku bakal mlebu ing omahé. Banjur aku lan dhèwèké bakal mangan ing wayah wengi bebarengan. 21 Wong sing menang bakal tak ijinké lungguh bareng karo aku ing tahtaku, kaya aku uga wis menang lan lungguh bareng karo Bapakku ing tahtané Panjenengané. 22 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat.’”

4 Sakwisé kuwi, aku weruh ana lawang sing kebukak ing swarga. Swara kapisan sing tak rungokké, ngomong marang aku kaya swarané trompèt, kandhané, ”Ayo munggah mréné. Aku bakal nduduhké apa sing mesthi bakal kelakon.” 2 Sakwisé kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung nguwasani aku, lan aku weruh ana sawijiné tahta ing swarga, lan ana sing lungguh ing tahta kuwi. 3 Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi sumunar kaya watu jasper* lan watu sardis.* Ing sak ubengé tahta kuwi ana pelangi sing kétok kaya zamrud.*

4 Ana 24 tahta sing ngubengi tahta kuwi, lan aku weruh 24 pinituwa lungguh ing tahta-tahta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas. 5 Saka tahta kuwi metu kilat, swara, lan gludhug. Ing ngarepé tahta kuwi ana pitung lampu sing wujudé geni sing murub, lan iki nglambangké pitung roh suciné Gusti Allah. 6 Ing ngarepé tahta kuwi, ana sing kétoké kaya laut sing kaya kaca utawa kaya kristal.

Tahta kuwi ana ing tengah-tengahé, lan ing sak ubengé ana kerub* papat. Bagéan ngarep lan bagéan mburi badané kerub kuwi kebak mripat. 7 Kerub sing kapisan kétok kaya singa, sing kapindho kétok kaya sapi lanang, sing katelu wajahé kaya manungsa, lan sing kapapat kétok kaya manuk elang sing lagi mabur. 8 Saben kerub sing cacahé papat mau, nduwé swiwi enem, lan kabèh swiwiné kebak mripat. Awan lan bengi, kerub-kerub kuwi terus-terusan kandha, ”Suci, suci, suci Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh.”

9 Kerub-kerub kuwi mènèhké kamulyan, kaurmatan, lan ucapan sokur marang Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi, sing urip langgeng saklawas-lawasé. Saben para kerub kuwi nindakké kuwi, 10 para pinituwa sing cacahé 24 mau padha sujud nyembah Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi, sing urip langgeng saklawas-lawasé. Para pinituwa kuwi uga nguncalké mahkotané ing ngarepé tahta kuwi lan kandha, 11 ”Yéhuwah, Gusti Allahku sing kebak kuwasa, Panjenengan pantes dimulyakké lan dihormati, merga Panjenengan wis nyiptakké sakabèhé, lan kabèh kuwi ana lan diciptakké miturut kersané Panjenengan.”

5 Banjur, aku ndelok Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi nyekel gulungan ing tangané tengen. Ana tulisan ing sisih njaba-njeroné gulungan kuwi, lan gulungan kuwi ditutup rapet nganggo pitung meterai. 2 Aku banjur ndelok ana malaékat sing kuwat, sing mbengok nganggo swara seru, ”Sapa sing pantes mbukak gulungan kuwi lan nglèthèk meterai-meterainé?” 3 Nanging ora ana siji-sijia ing swarga utawa ing bumi utawa ing sakngisoré bumi, sing isa mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné. 4 Aku terus nangis sesenggukan merga ora ana sing pantes mbukak gulungan kuwi lan ndelok isiné. 5 Nanging salah siji saka para pinituwa kuwi kandha marang aku, ”Kowé aja nangis manèh. Singa saka suku Yéhuda, saka keluargané* Daud, wis menang, mula dhèwèké pantes mbukak gulungan kuwi lan pitung meterainé.”

6 Banjur aku ndelok ing tengah-tengahé tahta lan kerub papat, lan ing tengah-tengahé para pinituwa kuwi, ana cempé ngadeg. Cempé kuwi kayané tau dibelèh. Cempé mau sunguné pitu lan mripaté pitu. Pitung mripat kuwi nglambangké pitung roh suci sing wis diutus menyang saklumahing bumi. 7 Cempé mau banjur maju lan njupuk gulungan kuwi saka tangan tengené Pribadi sing lungguh ing tahta. 8 Wektu Cempé mau njupuk gulungan kuwi, kerub papat lan 24 pinituwa kuwi sujud ing ngarepé. Lan saben pinituwa nggawa harpa* lan mangkok emas sing kebak dupa. (Dupa kuwi nglambangké donga-dongané para wong suci.) 9 Banjur padha nyanyi sawijiné nyanyian anyar, sing uniné, ”Panjenengan pantes njupuk gulungan kuwi lan mbukak meterai-meterainé, merga panjenengan wis dikurbanké, lan nganggo getihé panjenengan, panjenengan nuku wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa kanggo dadi duwèké Gusti Allah. 10 Lan panjenengan ndadèkké wong-wong kuwi raja lan imam kanggo nglayani Gusti Allah kita. Wong-wong kuwi bakal mréntah dadi raja tumrap bumi.”

11 Banjur aku ndelok lan krungu swarané malaékat sing cacahé akèh banget ing sakiwa-tengené tahta lan kerub papat kuwi, lan ing sakiwa-tengené para pinituwa kuwi. Para malaékat kuwi cacahé puluhan èwu ping puluhan èwu lan éwonan ping éwonan. 12 Para malaékat kuwi ngomong nganggo swara seru, ”Cempé sing wis tau dibelèh kuwi pantes nampa kuwasa, kasugihan, kawicaksanan, kekuwatan, kaurmatan, kamulyan, lan pujian.”

13 Banjur aku krungu kabèh makhluk sing ana ing swarga, ing bumi, ing sakngisoré bumi, lan ing laut padha kandha, ”Pujian, kaurmatan, kamulyan, lan kuwasa kanggo Pribadi sing lungguh ing tahta lan kanggo Sang Cempé, kanggo saklawas-lawasé.” 14 Kerub papat kuwi kandha, ”Amin!” lan para pinituwa kuwi banjur sujud lan nyembah Gusti Allah.

6 Aku weruh Cempé kuwi mbukak salah siji saka pitung meterai kuwi, lan aku krungu salah siji saka kerub papat kuwi kandha nganggo swara kaya gludhug, ”Majua!” 2 Sakwisé kuwi, aku weruh ana jaran putih, lan sing nunggang jaran kuwi nggawa panah lan Gusti Allah maringi mahkota marang dhèwèké. Dhèwèké mangkat kanggo ngalahké mungsuh-mungsuhé lan ngrampungké perangé.

3 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapindho, aku krungu kerub sing kapindho kandha, ”Majua!” 4 Banjur ana sawijiné jaran liya metu, warnané abang mbranang. Sing nunggang diijinké kanggo ngrampas katentreman saka bumi supaya manungsa padha matèni siji lan sijiné kanthi kejem. Dhèwèké wis diwènèhi pedhang sing gedhé.

5 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing katelu, aku krungu kerub sing katelu kandha, ”Majua!” Banjur aku ndelok sawijiné jaran ireng, lan sing nunggang nyekel timbangan. 6 Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé kerub papat kuwi sing kandha, ”Sak liter gandum regané sak dinar,* lan telung liter barli regané sak dinar. Gandum lan minyak zaitun aja dientèk-entèkké.”

7 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapapat, aku krungu kerub sing kapapat kandha, ”Majua!” 8 Banjur aku ndelok sawijiné jaran pucet, sing nunggang jenengé Pati. Lan Kuburan* ngetutké dhèwèké saka cedhaké. Pati lan Kuburan kuwi diwènèhi wewenang tumrap seprapaté bumi kanggo matèni nganggo pedhang dawa, nganggo kurang pangan, nganggo penyakit sing isa nyebabké pati, lan nganggo kéwan buas ing bumi.

9 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai kalima, aku ndelok ing dhasar mésbah kuwi ana getihé* wong-wong sing dipatèni merga manut pangandikané Gusti Allah lan merga wong-wong kuwi mènèhi kesaksian. 10 Getihé wong-wong kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Gusti sing Mahaluhur, sing suci lan bener, nganti kapan Panjenengan bakal ngentèni? Kapan Panjenengan bakal ngadili wong-wong sing manggon ing bumi lan mbales getihé aku kabèh sing wis diwutahké karo wong-wong kuwi?” 11 Banjur wong-wong kuwi padha diwènèhi jubah putih, lan dikongkon kanggo istirahat sedhéla manèh, nganti lengkap jumlahé budhak-budhak sing kaya wong-wong kuwi lan sedulur-seduluré sing uga bakal dipatèni kaya wong-wong kuwi.

12 Banjur aku ndelok Cempé kuwi mbukak meterai sing kaenem, lan ana gempa bumi sing gedhé. Srengéngé dadi peteng kaya kain ireng,* lan bulan dadi abang kaya getih. 13 Bintang ing langit padha rontog ing bumi, kaya woh-woh ara sing padha rontog sakdurungé mateng saka wité merga diterjang angin gedhé. 14 Langit dadi ilang kaya lembaran kitab sing digulung. Saben gunung lan pulau disingkirké saka panggonané. 15 Banjur para raja ing bumi, para pejabat penting, komandan militèr, wong sugih, wong kuwat, uga saben budhak lan saben wong merdéka padha ndhelik ing njero guwa lan ing antarané watu-watu gedhé ing gunung. 16 Lan wong-wong kuwi terus-terusan kandha marang gunung-gunung lan marang watu-watu gedhé, ”Tutupana aku! Lan dhelikna aku saka Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi lan saka murkané Cempé kuwi. 17 Merga dina murkané sing gedhé banget wis teka. Sapa sing isa slamet?”

7 Sakwisé kuwi, aku ndelok malaékat papat ngadeg ing patang pojoké bumi. Para malaékat kuwi nahan patang angin bumi, supaya ora ana angin ing bumi, ing laut, utawa ing wit-witan apa waé. 2 Banjur aku ndelok malaékat liyané munggah saka sisih wétan.* Malaékat kuwi nggawa meterai saka Gusti Allah sing urip. Lan dhèwèké ngomong nganggo swara seru marang para malaékat sing diparingi kuwasa kanggo ngrusak bumi lan laut kuwi, 3 kandhané, ”Aja ngrusak bumi, laut, utawa wit-witan nganti aku kabèh rampung mènèhi meterai ing bathuké budhak-budhaké Gusti Allah kita.”

4 Aku krungu nèk wong-wong sing nampa meterai kuwi cacahé 144.000. Wong-wong kuwi asalé saka saben suku Israèl.

5 Saka suku Yéhuda ana 12.000 sing diwènèhi meterai,

saka suku Rubèn 12.000,

saka suku Gad 12.000,

6 saka suku Asyèr 12.000,

saka suku Naftali 12.000,

saka suku Manasyé 12.000,

7 saka suku Siméon 12.000,

saka suku Lèwi 12.000,

saka suku Isakhar 12.000,

8 saka suku Zébulon 12.000,

saka suku Yusuf 12.000,

saka suku Bényamin ana 12.000 sing diwènèhi meterai.

9 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing cacahé ora isa diétung. Wong-wong kuwi asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa.* Wong-wong kuwi nganggo jubah putih lan ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé kuwi, karo nggawa godhong palem. 10 Wong-wong kuwi terus mbengok nganggo swara seru, ”Aku kabèh nampa keslametan saka Gusti Allahku sing lungguh ing tahta, lan saka Sang Cempé.”

11 Kabèh malaékat ngadeg ing sak ubengé tahta lan para pinituwa, lan ing sak ubengé kerub papat kuwi, banjur padha sujud ing ngarep tahta kuwi lan padha nyembah Gusti Allah, 12 karo kandha, ”Amin! Muga-muga pujian, kamulyan, kaurmatan, lan ucapan sokur diwènèhké kanggo saklawas-lawasé marang Gusti Allah kita sing wicaksana, sing kuwasa, lan sing nduwé kekuwatan. Amin.”

13 Banjur, salah siji pinituwa kuwi takon marang aku, ”Sapa wong-wong sing nganggo jubah putih kuwi? Saka ngendi asalé wong-wong kuwi?” 14 Aku langsung njawab, ”Gustiku, panjenengan sing ngerti jawabané.” Banjur dhèwèké kandha, ”Kuwi wong-wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé. Wong-wong kuwi wis ngumbah lan nggawé putih jubahé nganggo getihé Sang Cempé. 15 Kuwi sebabé, wong-wong kuwi ana ing ngarep tahtané Gusti Allah. Wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Panjenengané awan lan bengi ing baité Panjenengané. Lan Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi bakal nglindhungi* wong-wong kuwi. 16 Wong-wong kuwi ora bakal luwé utawa ngelak manèh. Wong-wong kuwi ora bakal kelaran merga kepanasen utawa kena panasé srengéngé sing ngenthang-ngenthang, 17 merga Sang Cempé sing ana ing tengah-tengahé tahta bakal ngengon wong-wong kuwi lan nuntun wong-wong kuwi menyang sumber banyu kauripan. Lan Gusti Allah bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi.”

8 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapitu, swarga dadi sepi kira-kira setengah jam suwéné. 2 Banjur aku ndelok ana malaékat pitu ngadeg ing ngarsané Gusti Allah lan malaékat kuwi diwènèhi pitung trompèt.

3 Malaékat liyané teka nggawa wadhah dupa saka emas, lan ngadeg ing cedhak mésbah. Dhèwèké diwènèhi dupa akèh banget, supaya isa ngobong kuwi ing mésbah emas sing ana ing ngarepé tahta kuwi wektu kabèh wong suci ndonga. 4 Dongané para wong suci lan kebul dupa sing ana ing tangané malaékat kuwi munggah ing ngarsané Gusti Allah. 5 Banjur malaékat kuwi langsung ngisi wadhah dupa mau nganggo geni sithik saka mésbah lan nguncalké kuwi menyang bumi. Terus ana gludhug lan swara-swara, kilat, lan gempa bumi. 6 Malaékat pitu sing nyekel pitung trompèt mau banjur siap-siap nyebul trompèté.

7 Malaékat sing kapisan nyebul trompèté. Banjur ana udan ès lan udan geni sing campur karo getih disokké ing bumi. Mula, seperteluné bumi, seperteluné wit-witan ing bumi, lan kabèh tanduran sing ijo-ijo, padha kobong.

8 Malaékat sing kapindho nyebul trompèté. Banjur ana sing kétoké kaya gunung gedhé sing kobong, diuncalké menyang laut. Mula seperteluné laut dadi getih. 9 Seperteluné makhluk sing urip* ing laut padha mati, lan seperteluné kapal-kapal padha remuk.

10 Malaékat sing katelu nyebul trompèté. Banjur ana bintang gedhé sing sumunar kaya lampu tiba saka langit. Bintang kuwi nibani seperteluné kali-kali lan sumber-sumber banyu. 11 Jenengé bintang kuwi Tanduran Pait. Mula seperteluné banyu dadi pait lan akèh wong padha mati merga banyu sing dadi pait kuwi.

12 Malaékat sing kapapat nyebul trompèté. Banjur seperteluné srengéngé, seperteluné bulan, seperteluné bintang-bintang dadi peteng. Ora ana pepadhang saksuwéné seperteluné wayah awan lan seperteluné wayah bengi.

13 Banjur aku ndelok ana manuk elang mabur ing langit, lan aku krungu manuk kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Cilaka, cilaka, cilaka tenan wong-wong sing manggon ing bumi merga swara trompèté malaékat telu liyané! Malaékat-malaékat kuwi bakal ndang nyebul trompèté!”

9 Malaékat kalima nyebul trompèté. Banjur aku ndelok ana bintang sing wis tiba saka langit menyang bumi. Dhèwèké* diparingi kunci kanggo mbukak jurang sing jero banget.* 2 Dhèwèké mbukak jurang sing jero banget* kuwi, banjur ana kebul sing metu saka jurang kuwi, kaya kebul saka tungku sing gedhé. Kebul kuwi nyebabké srengéngé lan udara dadi peteng. 3 Saka kebul kuwi, banjur ana walang akèh sing padha metu lan mudhun menyang bumi. Walang-walang mau diparingi kuwasa sing padha kaya kuwasa sing diparingké marang kalajengking ing bumi. 4 Walang-walang mau ora olèh ngrusak suket-suket, tanduran, utawa wit-witan apa waé ing bumi, nanging mung olèh nyerang wong-wong sing ing bathuké ora ana meterainé Gusti Allah.

5 Walang-walang mau diwènèhi kuwasa kanggo nyiksa wong-wong kuwi limang sasi suwéné, nanging ora olèh matèni wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal kesiksa kaya dientup kalajengking. 6 Ing wektu kuwi, wong-wong bakal nggolèk-nggolèk cara kanggo mati, nanging ora isa nemokké carané. Wong-wong kuwi péngin mati, nanging ora isa.

7 Walang-walang kuwi mirip jaran sing disiapké kanggo perang. Ing endhasé ana kaya mahkota emas. Wajahé kaya wajahé wong lanang, 8 nanging rambuté kaya rambuté wong wadon. Untuné kaya untu singa. 9 Tutup dhadhané walang-walang kuwi kaya tutup dhadha saka wesi. Swara swiwiné pas mabur kaya swarané kréta-kréta sing ditarik jaran menyang peperangan. 10 Ing buntuté ana entup kaya entupé kalajengking. Ing buntuté, ana kuwasa kanggo nyiksa wong-wong limang sasi suwéné. 11 Walang-walang kuwi nduwé raja, yaiku malaékat sing njaga jurang sing jero banget.* Ing basa Ibrani, jenengé raja kuwi Abadon,* lan ing basa Yunani jenengé Apolion.*

12 Cilaka sing kapisan wis liwat. Isih ana rong cilaka manèh sing bakal teka.

13 Malaékat kaenem nyebul trompèté. Banjur aku krungu swara saka sungu-sunguné mésbah emas* sing ana ing ngarsané Gusti Allah. 14 Swara kuwi kandha marang malaékat kaenem, ”Eculna malaékat papat sing kebanda ing cedhaké Éfrat, kali gedhé kuwi.” 15 Malaékat papat kuwi wis disiapké kanggo jam, dina, sasi, lan taun sing wis ditemtokké. Malaékat-malaékat kuwi dieculké kanggo matèni seperteluné manungsa.

16 Aku krungu cacahé tentara sing nunggang jaran ana 200 yuta.* 17 Bab jaran lan sing nunggang, iki sing tak delok: Sing nunggang nganggo tutup dhadha warnané abang mbranang, biru tuwa, lan kuning. Endhasé jaran kuwi kaya endhasé singa, lan saka cangkemé metu geni, kebul, lan belérang. 18 Seperteluné manungsa dipatèni nganggo telung bencana, yaiku geni, kebul, lan belérang, sing metu saka cangkemé jaran-jaran kuwi. 19 Kuwasané jaran-jaran kuwi ana ing cangkemé lan ing buntuté. Buntuté jaran-jaran kuwi kaya ula sing nduwé endhas, lan nganggo buntuté kuwi, jaran-jaran kuwi nyilakani wong.

20 Nanging wong-wong liyané sing ora dipatèni karo bencana-bencana kuwi ora mertobat saka tumindaké. Wong-wong kuwi tetep nyembah roh-roh jahat lan brahala-brahala saka emas, pérak, tembaga, watu, lan kayu, sing ora isa ndelok, ngrungokké, utawa mlaku. 21 Wong-wong kuwi uga ora mertobat saka dosa-dosané, yaiku matèni, nindakké spiritisme,* nindakké hubungan sèks sing ora sah,* lan nyolong.

10 Banjur aku ndelok malaékat liyané sing kuwat, mudhun saka swarga, kemulan méga lan ana pelangi ing ndhuwur sirahé. Rupané malaékat kuwi kaya srengéngé, lan sikilé kaya cagak geni. 2 Dhèwèké nyekel gulungan cilik sing kebukak. Sikilé sing tengen napak ing laut, lan sikilé sing kiwa napak ing daratan. 3 Banjur dhèwèké mbengok nganggo swara seru kaya singa sing nggero. Wektu dhèwèké mbengok, aku krungu pitung gludhug ngomong.

4 Wektu pitung gludhug kuwi ngomong, aku wis siap-siap arep nulis, nanging ana swara saka langit sing ngongkon aku, ”Dhelikna bab-bab sing diomongké pitung gludhug kuwi, lan aja kok tulis.” 5 Malaékat sing tak delok ngadeg ing laut lan daratan kuwi ngangkat tangané tengen ing langit. 6 Lan dhèwèké sumpah demi Pribadi sing urip langgeng saklawas-lawasé, sing nggawé langit lan sak isiné, bumi lan sak isiné, uga laut lan sak isiné. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah ora bakal ngundur-undur manèh. 7 Nanging wektu malaékat sing kapitu mèh nyebul trompèté, rahasia suciné Gusti Allah bakal bener-bener kelakon. Iki rahasia suci sing Gusti Allah wartakké dadi kabar apik marang budhak-budhaké, yaiku para nabi.”

8 Banjur aku krungu ana swara saka langit sing ngomong marang aku, ”Lungaa, jupuken gulungan sing kebukak, sing ana ing tangané malaékat sing ngadeg ing laut lan ing daratan mau.” 9 Banjur aku lunga nemoni malaékat kuwi lan njaluk gulungan cilik kuwi. Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan panganen nganti entèk. Kuwi bakal nggawé wetengmu lara,* nanging ing cangkemmu kuwi bakal legi kaya madu.” 10 Aku njupuk gulungan cilik kuwi saka tangané malaékat mau, banjur tak pangan. Ing cangkemku, kuwi rasané legi kaya madu, nanging pas aku wis mangan kuwi, wetengku lara.* 11 Banjur aku diwènèhi préntah iki, ”Kowé kudu ngramal bab wong-wong, bangsa-bangsa, basa-basa, lan akèh raja.”

11 Banjur aku diwènèhi sak lonjor kayu sing kaya tongkat* lan diwènèhi préntah, ”Ngadega lan ukuren panggonan suci ing baité Gusti Allah lan mésbahé. Banjur étungen cacahé wong-wong sing ngibadah ing kono. 2 Nanging, halaman sing ana ing njaba panggonan suci ing bait aja kok ukur. Bagéan kuwi diliwati waé, merga kuwi wis diwènèhké marang bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi bakal ngidak-idak kutha suci suwéné 42 sasi. 3 Aku bakal ngutus seksi-Ku loro kanggo mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina karo nganggo kain goni.” 4 Seksi loro mau dilambangké karo wit zaitun loro lan wadhah lampu loro. Seksi loro kuwi ana ing ngarsané Gusti sing nguwasani bumi.

5 Nèk ana mungsuh sing arep nyilakani seksi loro kuwi, geni bakal metu saka tutuké seksi loro kuwi lan ngentèkké mungsuh-mungsuhé. Sapa waé sing arep nyilakani seksi loro kuwi bakal mati kaya ngono. 6 Seksi loro kuwi nduwé kuwasa kanggo nutup langit supaya ora ana udan saksuwéné seksi loro kuwi mènèhi ramalan. Seksi loro kuwi uga nduwé kuwasa kanggo nggawé banyu malih dadi getih lan nyebabké bencana apa waé kelakon ing bumi, sakwayah-wayah sing dikarepké.

7 Sakwisé rampung anggoné martakké warta mau, seksi loro kuwi bakal diserang, dikalahké, lan dipatèni karo kéwan buas sing metu saka jurang sing jero banget.* 8 Mayité bakal nggléthak ing dalan utama ing kutha gedhé, panggonané Gustiné seksi loro kuwi dipatèni ing cagak. Kutha kuwi dilambangké karo Sodom lan Mesir. 9 Wong-wong saka akèh golongan, suku, basa,* lan bangsa bakal ndelok mayité seksi loro kuwi suwéné telu setengah dina. Wong-wong kuwi ora ngijinké mayité seksi loro kuwi dikubur. 10 Para penduduk bumi dadi padha bungah merga matiné seksi loro kuwi, uga padha nganakké pésta lan kirim-kiriman hadiah, sebab wong-wong kuwi padha rumangsa kesiksa ngrungokké apa sing diwartakké nabi loro kuwi.

11 Sakwisé telu setengah dina, Gusti Allah nguripké manèh nabi loro kuwi. Nabi loro kuwi banjur ngadeg, lan wong-wong sing padha ndelok dadi wedi banget. 12 Banjur, ana swara banter saka langit sing kandha marang nabi loro kuwi, ”Munggaha mréné.” Nabi loro kuwi banjur munggah menyang langit ing njeroné méga-méga, lan didelok mungsuh-mungsuhé. 13 Ing wektu kuwi, ana gempa bumi sing gedhé. Akibaté, sepersepuluh bagéan saka kutha kuwi rubuh lan 7.000 wong padha mati. Sing liyané dadi padha kewedèn lan ngluhurké Gusti Allah sing nguwasani swarga.

14 Cilaka sing kapindho wis liwat. Sedhéla manèh, cilaka sing katelu bakal teka.

15 Malaékat sing kapitu nyebul trompèté. Banjur, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kratoné Gusti* kita lan Kristusé lagi mréntah manungsa, lan Panjenengané bakal mréntah dadi raja saklawas-lawasé.”

16 Banjur 24 pinituwa sing lungguh ing tahtané sing ana ing ngarsané Gusti Allah padha sujud lan nyembah Gusti Allah, 17 lan padha kandha, ”Matur nuwun Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana lan sing terus ana, merga Panjenengan wis nggunakké kuwasané Panjenengan sing hébat lan mulai mréntah dadi raja. 18 Nanging kabèh bangsa dadi padha nesu. Panjenengan banjur murka marang wong-wong kuwi. Wektu sing ditemtokké kanggo ngadili wong mati wis teka. Kuwi wektuné Panjenengan maringi opah marang para abdiné Panjenengan, yaiku para nabi, wong-wong suci, lan wong-wong sing wedi marang asmané Panjenengan, embuh kuwi wong biasa utawa wong penting. Iki wektuné Panjenengan nyirnakké wong-wong sing lagi ngrusak bumi.”

19 Banjur, panggonan suci* ing baité Gusti Allah ing swarga kebukak, lan aku ndelok pethi perjanjian ing panggonan suci kuwi. Terus ana kilat, gludhug, swara-swara, gempa bumi, lan udan ès sing deres.

12 Banjur, aku ndelok ana kedadéan* sing nggumunké ing langit. Ana wong wadon sing nganggo klambi srengéngé, lan bulan ana ing ngisor sikilé. Lan ing sirahé ana mahkota sing digawé saka 12 bintang. 2 Dhèwèké lagi mbobot, lan dhèwèké njerit merga kelaran arep nglairké.

3 Ana kedadéan* liya sing tak delok ing langit. Ana naga gedhé warnané abang mbranang. Endhasé ana pitu lan sunguné ana sepuluh. Ing saben endhasé ana siji mahkota. 4 Buntuté nyèrèd sepertelu bintang ing langit, lan dhèwèké nguncalké bintang-bintang kuwi menyang bumi. Naga kuwi terus-terusan ngadeg ing ngarepé wong wadon mau, supaya wektu wong wadon kuwi nglairké, naga kuwi isa nguntal anaké wong wadon mau.

5 Wong wadon kuwi nglairké anak lanang, sing bakal ngengon kabèh bangsa nganggo tongkat wesi. Sakwisé lair, anak lanang kuwi langsung diplayokké menyang Gusti Allah sing lungguh ing tahtané. 6 Wong wadon kuwi banjur mlayu menyang padhang belantara. Ing kono, Gusti Allah wis nyiapké panggonan kanggo wong wadon kuwi, lan wong wadon kuwi bakal diwènèhi mangan saksuwéné 1.260 dina.

7 Banjur ana perang ing swarga. Mikhaèl* lan malaékat-malaékaté perang nglawan naga kuwi. Naga kuwi lan malaékat-malaékaté padha nglawan, 8 nanging padha kalah lan ora éntuk manèh ana ing swarga. 9 Mula naga gedhé kuwi diuncalké menyang bumi. Dhèwèké kuwi ula sing wiwitan, sing disebut Iblis lan Sétan, sing lagi nyasarké kabèh penduduk ing saklumahing bumi. Malaékat-malaékaté uga diuncalké bareng karo dhèwèké. 10 Aku krungu swara banter saka langit sing kandha,

”Gusti Allah wis nylametké manungsa lan kuwasané wis digawé dadi nyata! Kratoné wis madeg, lan Kristusé wis mulai nggunakké wewenangé! Mungsuh sing awan lan bengi nudhuh sedulur-sedulur kita ing ngarsané Gusti Allah wis diuncalké! 11 Sedulur-sedulur kita wis ngalahké mungsuh kuwi nganggo getihé Sang Cempé lan nganggo warta sing padha diwartakké. Wong-wong kuwi lila kélangan nyawané* senajan ngadhepi pati. 12 Kuwi sebabé, bungaha swarga lan kowé kabèh sing manggon ing njeroné! Nanging cilaka kanggo bumi lan laut merga Iblis wis marani kowé. Dhèwèké nesu banget merga ngerti wektuné mung kari sithik.”

13 Mula wektu naga kuwi sadhar nèk dhèwèké wis diuncalké menyang bumi, dhèwèké nganiaya wong wadon sing nglairké anak lanang kuwi. 14 Nanging wong wadon kuwi diwènèhi sak pasang swiwi manuk elang gedhé, supaya dhèwèké isa mabur menyang panggonané ing padhang belantara, adoh saka ula kuwi. Ing kono dhèwèké diwènèhi mangan suwéné sak mangsa, rong mangsa, lan setengah mangsa.*

15 Ula kuwi banjur nyemburké banyu kaya kali saka cangkemé marang wong wadon mau, supaya wong wadon kuwi kleleb ing kali kuwi. 16 Nanging bumi nulungi wong wadon kuwi. Bumi mbukak cangkemé lan nguntal kali sing disemburké naga mau saka cangkemé. 17 Naga kuwi dadi nesu banget marang wong wadon kuwi, lan dhèwèké nyerang anak-anaké* wong wadon kuwi sing isih ana, yaiku wong-wong sing manut karo préntahé Gusti Allah lan éntuk tugas kanggo mènèhi kesaksian bab Yésus.

13 Banjur dhèwèké* tetep ngadeg ing pantai.

Lan aku ndelok ana kéwan buas sing njedhul saka laut. Kéwan iki sunguné sepuluh, endhasé pitu, lan ing saben sunguné ana mahkotané, lan ing saben endhasé ana jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 2 Kéwan buas sing tak delok kuwi wujudé kaya macan tutul, nanging sikilé kaya sikil beruang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Naga kuwi mènèhi kewan buas iki kekuwatané, tahtané, lan kuwasa sing gedhé.

3 Aku ndelok nèk salah siji endhasé kéwan kuwi kaya-kayané tau luka parah, nanging lukané sing mbebayani kuwi wis mari. Kabèh wong ing bumi padha nggumun lan dadi pengikuté. 4 Wong-wong kuwi nyembah naga mau merga naga mau wis mènèhi kuwasa marang kéwan buas kuwi. Wong-wong kuwi uga nyembah kéwan buas kuwi lan kandha, ”Sapa sing madhani kéwan buas iki? Apa ana sing isa nandhingi dhèwèké?” 5 Kéwan buas kuwi nampa kuwasa kanggo nyombongké awaké dhéwé lan ngomongké perkara-perkara jahat sing nglawan Gusti Allah. Dhèwèké uga nampa kuwasa kanggo tumindak sakarepé dhéwé 42 sasi suwéné. 6 Dhèwèké mulai ngrèmèhké Gusti Allah, asmané, panggonané, lan kabèh sing padha manggon ing swarga. 7 Dhèwèké diijinké kanggo perang nglawan para wong suci lan ngalahké wong-wong kuwi. Dhèwèké uga diwènèhi kuwasa tumrap saben suku, golongan, basa,* lan bangsa. 8 Kabèh wong sing manggon ing bumi bakal nyembah kéwan buas kuwi. Saka wiwitané donya,* jenengé wong-wong kuwi ora ditulis ing gulungan kauripan duwèké Sang Cempé sing tau dikurbanké.

9 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan. 10 Nèk ana wong sing kudu dipenjara, dhèwèké bakal dipenjara. Nèk ana wong sing matèni nganggo pedhang,* dhèwèké mesthi bakal dipatèni nganggo pedhang. Kuwi sebabé para wong suci kudu tekun lan nduwé iman.

11 Banjur aku ndelok kéwan buas liyané njedhul saka njero bumi. Kéwan buas kuwi sunguné loro, lan sunguné kuwi mirip karo sunguné cempé, nanging carané ngomong kaya naga. 12 Ing ngarepé kéwan buas sing kapisan, kéwan buas sing sunguné loro iki nggunakké kabèh kuwasané kéwan buas sing kapisan. Dhèwèké nggawé kabèh penduduk bumi nyembah kéwan buas sing kapisan kuwi, sing wis mari saka lukané sing parah. 13 Kéwan buas sing sunguné loro kuwi nindakké akèh mukjijat* sing nggumunké ing ngarepé manungsa, malah nganti ngedhunké geni saka langit menyang bumi.

14 Dhèwèké diijinké kanggo nindakké akèh mukjijat* kuwi ing ngarepé kéwan buas sing kapisan, kanggo nyasarké kabèh wong sing manggon ing bumi. Dhèwèké uga ngongkon wong-wong ing bumi nggawé patungé kéwan buas sing kapisan mau, yaiku kéwan buas sing tau luka merga pedhang nanging wis mari. 15 Dhèwèké uga diijinké kanggo mènèhi napas* marang patung kéwan buas kuwi, mula patung kuwi isa ngomong lan mènèhi préntah kanggo matèni kabèh wong sing ora gelem nyembah patung kéwan buas kuwi.

16 Dhèwèké meksa kabèh wong kanggo nampa tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk, embuh kuwi wong biasa utawa wong penting, wong sugih utawa wong miskin, wong merdéka utawa budhak. 17 Ora ana sing isa dol-tinuku nèk ora nduwé tandha kuwi, yaiku jenengé kéwan buas kuwi utawa angka sing nglambangké jenengé kuwi. 18 Wong sing pinter perlu ngétung angkané kéwan buas kuwi, merga kuwi angka manungsa, lan angkané yaiku 666. Mung wong wicaksana sing isa mudheng iki.

14 Banjur aku ndelok Cempé kuwi ngadeg ing Gunung Zion bareng karo 144.000 wong. Ing bathuké wong-wong kuwi katulis jenengé Cempé kuwi lan asmané Bapaké. 2 Aku krungu swara saka langit sing kaya swarané grojogan sing gedhé lan gludhug sing banter. Swara sing tak rungokké mau kaya swarané wong sing nyanyi karo main harpa.* 3 Wong-wong kuwi nyanyèkké lagu sing kétoké lagu anyar, ing ngarep tahta lan kerub papat lan para pinituwa. Sing isa nyanyi lagu kuwi mung 144.000 wong sing dituku saka bumi. 4 Wong-wong kuwi ora tau najiské awaké karo wong wadon. Sakjané wong-wong kuwi murni.* Wong-wong kuwi terus ngetutké Cempé kuwi ing ngendi waé lungané. Wong-wong kuwi dituku saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn sing kapisan* sing diwènèhké marang Gusti Allah lan Cempé kuwi. 5 Wong-wong kuwi ora tau ngapusi lan tanpa cacad.

6 Banjur aku ndelok malaékat liyané sing mabur ing langit, lan dhèwèké nduwé kabar apik sing langgeng sing diwartakké marang kabèh wong ing bumi, marang kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa. 7 Dhèwèké kandha nganggo swara seru, ”Wedia marang Gusti Allah lan luhurna Panjenengané, merga wis tekan wektuné kanggo Gusti Allah ngadili manungsa. Sembahen Pribadi sing nggawé langit, bumi, laut, lan sumber-sumber banyu.”

8 Sakwisé kuwi, malaékat kapindho teka lan kandha, ”Dhèwèké wis rubuh! Babilon Gedhé wis rubuh! Dhèwèké wis nggawé kabèh bangsa ngombé angguré, yaiku nafsuné kanggo hubungan sèks sing ora sah!”*

9 Malaékat katelu banjur teka lan kandha nganggo swara seru, ”Nèk ana sing nyembah kéwan buas kuwi lan patungé lan nampa tandha ing bathuké utawa ing tangané, 10 wong kuwi ya bakal ngombé anggur murkané Gusti Allah. Kuwi anggur murni sing disokké ing cawan murkané Panjenengané. Wong-wong kuwi bakal dihukum nganggo geni lan belérang ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarepé Sang Cempé. 11 Lan kebulé geni kuwi munggah kanggo saklawas-lawasé. Lan sapa waé sing nyembah kéwan buas kuwi lan patungé lan sing nampa tandha sing wujudé jenengé kéwan buas, bakal dihukum awan lan bengi tanpa mandheg. 12 Kuwi sebabé para wong suci kudu tekun, yaiku wong-wong sing terus manut préntahé Gusti Allah lan terus nduwé iman marang Yésus.”

13 Banjur aku krungu swara saka langit sing kandha, ”Tulisen iki: Wiwit saiki, murid-muridé Gusti* sing wis mati bakal bungah. Roh suci kandha, ejarna wong-wong kuwi istirahat saka gawéané sing mempeng, merga kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi ora bakal dilalèkké.”

14 Banjur aku weruh méga putih, lan sing lungguh ing méga kuwi kaya putrané manungsa. Dhèwèké nganggo mahkota emas ing sirahé lan nyekel arit sing landhep.

15 Malaékat liyané metu saka panggonan suci* ing bait, lan kandha nganggo swara seru marang dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi, ”Sabetna aritmu lan panènen, merga wis tekan wektuné kanggo manèn. Panènan ing bumi wis bener-bener mateng.” 16 Banjur dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi nyabetké arité, lan panènan ing bumi dipanèn.

17 Banjur malaékat sing liyané manèh metu saka panggonan suci ing bait sing ana ing swarga, lan dhèwèké uga nyekel arit sing landhep.

18 Ana malaékat liyané manèh metu saka mésbah, lan dhèwèké nduwé kuwasa marang geni. Dhèwèké kandha nganggo swara seru marang malaékat sing nyekel arit landhep kuwi, ”Sabetna aritmu sing landhep lan klumpukna tanduran anggur ing bumi merga wohé wis mateng.” 19 Malaékat kuwi banjur nyabetké arité lan nglumpukké tanduran anggur ing bumi. Banjur dhèwèké nguncalké kuwi ing panggonan gedhé kanggo meres anggur, sing nggambarké murkané Gusti Allah. 20 Woh anggur kuwi diidak-idak ing njaba kutha, lan saka panggonan kanggo meres anggur kuwi metu getih sing dhuwuré nganti sak cangkemé* jaran, sing mili adohé nganti 1.600 setadi.*

15 Banjur aku ndelok tandha liyané ing swarga sing élok lan nggumunké. Ana malaékat pitu sing nggawa pitung bencana sing pungkasan. Sakwisé kabèh bencana kuwi rampung, murkané Gusti Allah uga bakal rampung.

2 Aku ndelok kaya ana laut kaca campur geni. Aku uga ndelok wong-wong sing menang nglawan kéwan buas lan patungé. Wong-wong kuwi ora diwènèhi tandha yaiku angka sing dadi jenengé kéwan buas kuwi. Wong-wong kuwi ngadeg ing pinggiré laut kaca kuwi karo nyekel harpané* Gusti Allah. 3 Wong-wong kuwi nyanyèkké lagu Musa, budhaké Gusti Allah, lan lagu Sang Cempé, sing uniné,

”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, kabèh tumindaké Panjenengan kuwi hébat lan nggumunké. Raja sing langgeng, tumindaké Panjenengan kuwi adil lan bener. 4 Yéhuwah, mung Panjenengan sing setya. Mula, sapa sing ora bakal wedi marang Panjenengan, lan sapa sing ora bakal ngluhurké asmané Panjenengan? Kabèh bangsa bakal mara ing ngarsané Panjenengan lan nyembah Panjenengan, merga wong-wong kuwi padha weruh nèk Panjenengan ngadili kanthi adil.”

5 Sakwisé kuwi aku ndelok panggonan suci* ing tabernakel* sing kebukak ing swarga. 6 Saka panggonan suci kuwi ana malaékat pitu sing metu, sing nggawa pitung bencana. Klambiné para malaékat kuwi saka linen sing resik lan padhang, lan ana sabuk emas ing dhadhané. 7 Salah siji saka kerub papat mènèhi malaékat pitu kuwi pitung mangkok emas sing isiné kebak karo murkané Gusti Allah, yaiku Panjenengané sing urip langgeng saklawas-lawasé. 8 Banjur, panggonan suci kuwi dikebaki karo kebul merga kamulyané Gusti Allah lan kuwasané. Ora ana sing isa mlebu ing panggonan suci kuwi nganti pitung bencana saka malaékat pitu kuwi rampung.

16 Banjur aku krungu swara seru saka panggonan suci* kuwi ngongkon malaékat pitu kuwi, ”Lungaa lan esokna murkané Gusti Allah sing ana ing pitung mangkok kuwi menyang bumi.”

2 Malaékat sing kapisan lunga lan ngesokké mangkoké menyang bumi. Banjur wong sing nduwé tandha kéwan buas kuwi lan sing nyembah patungé padha kena bisul sing lara banget lan mbebayani.

3 Malaékat sing kapindho ngesokké mangkoké menyang laut. Lan laut dadi getih, kaya getihé wong sing dipatèni. Kabèh makhluk sing urip,* sing ana ing laut, padha mati.

4 Malaékat sing katelu ngesokké mangkoké menyang kali lan sumber-sumber banyu. Banjur kuwi kabèh dadi getih. 5 Aku krungu malaékat sing nduwé kuwasa marang banyu kuwi kandha, ”Panjenengan Gusti Allah sing setya, sing mbiyèn ana, lan sing terus ana. Panjenengan adil merga wis nindakké pengadilan kuwi. 6 Wong-wong kuwi wis ngwutahké getihé para wong suci lan para nabi, kuwi sebabé Panjenengan nggawé wong-wong kuwi ngombé getih. Kuwi pantes ditampa wong-wong kuwi.” 7 Banjur aku krungu swara saka mésbah kuwi kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, pengadilan-pengadilan* sing Panjenengan tindakké kuwi bener lan adil.”

8 Malaékat sing kapapat ngesokké mangkoké menyang srengéngé. Lan srengéngé diijinké kanggo ngobong manungsa. 9 Manungsa banjur padha gosong merga saking panasé. Wong-wong kuwi ora mertobat, nanging malah ngrèmèhké asmané Gusti Allah, lan ora ngluhurké Gusti Allah sing nduwé kuwasa kanggo nyebabké bencana-bencana mau.

10 Malaékat sing kalima ngesokké mangkoké menyang tahtané kéwan buas kuwi. Banjur kratoné kéwan buas kuwi dadi peteng, lan wong-wong padha nggeget ilaté merga saking larané. 11 Nanging wong-wong kuwi ora mertobat saka tumindaké sing ala. Wong-wong kuwi malah padha ngrèmèhké Gusti Allah sing nduwé kuwasa tumrap swarga merga rasa lara lan merga saka bisulé mau.

12 Malaékat sing kaenem ngesokké mangkoké menyang kali sing gedhé, yaiku Éfrat. Terus banyuné dadi asat, mula raja-raja saka wétan* isa liwat ing kali kuwi.

13 Banjur aku weruh naga, kéwan buas, lan nabi palsu sing padha ngetokké omongan sing najis* saka cangkemé. Telung omongan sing najis kuwi kétok kaya kodhok. 14 Sakjané, kuwi kabèh omongan sing asalé saka roh-roh jahat lan dirungokké karo kabèh raja ing bumi. Omongan-omongan kuwi nggawé akèh mukjijat supaya raja-raja kuwi padha ngumpul ing perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa.

15 Banjur ana swara, ”Waspadaa! Aku bakal teka kaya maling. Bungah wong sing tetep waspada lan ora ana sing njupuk klambi njabané, supaya wong-wong ora ndelok dhèwèké wuda, banjur dhèwèké kisinan.”

16 Raja-raja kuwi banjur diklumpukké ing panggonan sing disebut Armagédon* ing basa Ibrani.

17 Malaékat sing kapitu ngesokké mangkoké ing udara. Banjur ana swara sing seru saka panggonan suci,* saka tahta kuwi, sing kandha, ”Wis rampung!” 18 Banjur ana kilat, swara-swara, gludhug, lan gempa bumi sing gedhé lan hébat banget, sing durung tau kelakon wiwit manungsa ana ing bumi. 19 Kutha gedhé kuwi pecah dadi telu, lan kutha-kutha ing kabèh negara dadi sirna. Banjur Gusti Allah ngéling-éling Babilon Gedhé, kanggo nggawé dhèwèké ngombé anggur murkané sing hébat banget. 20 Kabèh pulau padha ilang lan gunung-gunung padha sirna. 21 Banjur saka langit ana udan ès sing nibani wong-wong. Saben prongkolan ès sing tiba aboté kira-kira 20 kilogram.* Lan wong-wong padha ngrèmèhké Gusti Allah merga bencana udan ès sing medèni banget kuwi.

17 Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa pitung mangkok kuwi teka lan kandha marang aku, ”Ayo, tak duduhi hukuman kanggo pelacur gedhé sing lungguh ing ndhuwuré banyu sing akèh. 2 Raja-raja ing bumi nindakké hubungan sèks sing ora sah* karo dhèwèké, lan penduduk bumi digawé mendem merga angguré, yaiku hubungan sèks sing ora sah* sing dhèwèké tindakké.”

3 Malaékat kuwi banjur nggawa aku menyang padhang belantara nganggo kuwasané roh suci. Terus aku ndelok wong wadon lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang. Kéwan kuwi endhasé pitu lan sunguné sepuluh, lan sak awaké kebak jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 4 Wong wadon kuwi nganggo klambi ungu lan abang mbranang, uga nganggo perhiasan emas, permata, lan mutiara. Dhèwèké nyekel gelas saka emas sing isiné kebak karo perkara-perkara sing njijiki lan perkara-perkara sing najis saka hubungan sèks sing ora sah* sing dhèwèké tindakké. 5 Ing bathuké katulis sawijiné jeneng sing rahasia: ”Babilon Gedhé, mbok-mbokané kabèh pelacur lan perkara-perkara sing njijiki ing bumi.” 6 Lan aku ndelok wong wadon kuwi mendem merga ngombé getihé para wong suci lan getihé seksi-seksiné Yésus.

Wektu aku ndelok dhèwèké, aku nggumun banget. 7 Mula malaékat kuwi kandha marang aku, ”Ngapa kowé nggumun? Aku bakal ngandhani kowé sapa saktenané* wong wadon kuwi lan kéwan buas sing ditunggangi, sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh. 8 Kéwan buas sing kok delok kuwi mbiyèn tau ana, nanging saiki ora ana, lan sedhéla manèh dhèwèké bakal metu saka jurang sing jero banget,* lan dhèwèké bakal disirnakké. Penduduk bumi, sing jenengé ora ditulis ing gulungan kauripan saka wiwitané donya,* bakal padha nggumun merga kéwan buas kuwi mbiyèn ana, saiki ora ana, nanging bakal ana manèh.

9 ”Kanggo ngertèni bab iki, wong kudu nduwé pikiran sing wicaksana: Endhas pitu kuwi maksudé pitung gunung, lan wong wadon kuwi lungguh ing ndhuwuré. 10 Pitu-pituné maksudé pitung raja: Lima wis ambruk, siji isih ana, lan siji manèh durung teka. Nanging nèk dhèwèké teka, dhèwèké mung bakal ana kanggo sedhéla waé. 11 Kéwan buas sing mbiyèn ana nanging saiki ora ana kuwi yaiku raja sing kawolu, nanging asalé saka pitung raja mau, lan dhèwèké bakal disirnakké.

12 ”Sepuluh sungu sing kok delok kuwi maksudé sepuluh raja sing durung mréntah, nanging raja-raja kuwi bakal nampa kuwasa kanggo mréntah bareng karo kéwan buas kuwi suwéné sak jam. 13 Sepuluh raja kuwi nduwé pikiran sing padha, mula padha mènèhké kekuwatané lan kuwasané marang kéwan buas kuwi. 14 Sepuluh raja kuwi bakal perang nglawan Sang Cempé, nanging Sang Cempé bakal ngalahké raja-raja kuwi merga dhèwèké kuwi Gustiné kabèh gusti, lan Rajané kabèh raja. Raja-raja kuwi uga bakal dikalahké karo wong-wong sing diundang lan dipilih Gusti Allah, lan sing setya marang Sang Cempé.”

15 Malaékat kuwi kandha marang aku, ”Banyu sing kok delok, panggonané pelacur kuwi lungguh, maksudé akèh bangsa, rakyat, golongan, lan basa.* 16 Sepuluh sungu sing kok delok lan kéwan buas kuwi bakal sengit marang pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk. 17 Kuwi merga Gusti Allah ndèlèhké ing atiné sepuluh raja kuwi pepénginan kanggo nindakké kersané Panjenengané. Sepuluh raja kuwi nduwé tujuan sing padha, yaiku masrahké kratoné marang kéwan buas kuwi, nganti pangandikané Gusti Allah kelakon. 18 Wong wadon sing kok delok kuwi maksudé kutha gedhé sing nguwasani raja-raja ing bumi.

18 Sakwisé kuwi, aku weruh malaékat liyané mudhun saka swarga. Malaékat mau nduwé kuwasa sing gedhé lan bumi dadi padhang merga kamulyané. 2 Banjur malaékat kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Dhèwèké wis rubuh! Babilon Gedhé wis rubuh! Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat, lan dadi panggonan kanggo ndhelik roh-roh najis* lan kabèh manuk sing najis lan njijiki! 3 Kuwi merga kabèh bangsa wis dadi korban saka angguré, yaiku nafsuné kanggo hubungan sèks sing ora sah.* Raja-raja ing bumi padha nindakké hubungan sèks sing ora sah karo dhèwèké, lan para pedagang* ing bumi dadi sugih merga barang-barang méwah sing dhèwèké klumpukké tanpa ngrasa isin.”

4 Banjur aku krungu swara liya saka langit sing kandha, ”Umat-Ku, metua saka kono supaya kowé ora mèlu nindakké dosa-dosané, lan ora mèlu kena bencana-bencanané. 5 Dosa-dosané wis tumpuk-undhung tekan langit, lan Gusti Allah éling karo kabèh kejahatané. 6 Balesen kejahatan sing wis dhèwèké tindakké marang wong liya, balesen tikel pindho. Ing gelas sing dhèwèké gunakké kanggo nyampur ombèn-ombèn, campuren kuwi tikel pindhoné kanggo dhèwèké. 7 Merga dhèwèké ngunggulké dhèwèké dhéwé lan urip méwah tanpa ngrasa isin, dhèwèké bakal digawé sedhih lan sengsara. Dhèwèké terus mbatin, ’Aku iki ratu, dudu randha, lan aku ora bakal ngrasa sedhih.’ 8 Kuwi sebabé ing sedina, dhèwèke bakal kena bencana, yaiku pati, rasa sedhih, kurang pangan, lan bakal diobong nganti entèk, merga Gusti Allah Yéhuwah, sing ngadili dhèwèké kuwi kuwat.

9 ”Wektu ndelok kebul saka geni sing ngobong dhèwèké, raja-raja ing bumi bakal nangisi dhèwèké lan nggebugi awaké merga sedhih. Raja-raja kuwi tau nindakké hubungan sèks sing ora sah* karo dhèwèké lan urip méwah bareng dhèwèke. 10 Para raja kuwi ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Para raja kuwi kandha, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé Babilon, kutha sing kuwat, merga ing wektu sak jam kowé wis dihukum!’

11 ”Para pedagang ing bumi uga sedhih lan nangisi dhèwèké, merga ora ana manèh sing mborong dagangané para pedagang kuwi, 12 kabèh emas, pérak, permata, mutiara, linen alus, kain ungu, sutra, kain abang mbranang, lan barang-barang saka kayu wangi, gading, kayu sing larang, tembaga, wesi, marmer, 13 uga kayu manis, rempah, dupa, minyak wangi, menyan, anggur, minyak zaitun, tepung alus, gandum, sapi, wedhus gèmbèl, jaran, kréta, budhak, lan manungsa. 14 Bab-bab apik* sing kok péngini wis ora ana manèh. Panganan sing énak-énak lan barang sing apik-apik wis sirna, lan ora bakal ditemokké manèh.

15 ”Para pedagang barang-barang kuwi dadi sugih merga dhèwèké. Para pedagang kuwi bakal ngadeg saka kadohan merga wedi dihukum kaya dhèwèké. Para pedagang kuwi bakal nangis lan sedhih banget. 16 Lan padha kandha, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé! Mbiyèn kowé nganggo klambi saka linen alus, kain ungu, lan kain abang mbranang, uga nganggo akèh perhiasan méwah saka emas, permata, lan mutiara. 17 Nanging, ing wektu sak jam, bandhamu sing akèh banget wis sirna!’

”Kabèh kaptèn kapal, penumpang, lan awak kapal, uga kabèh wong sing nyambut gawéné ing laut, ngadeg saka kadohan, 18 lan wektu ndelok kebul saka geni sing ngobong dhèwèké, wong-wong kuwi padha mbengok, ’Apa ana kutha liyané sing kaya kutha gedhé iki?’ 19 Wong-wong kuwi banjur padha nyawurké bledug ing ndhuwur sirahé. Karo nangis lan sedhih banget, wong-wong kuwi mbengok, ’Dhuh mesakké! Mesakké banget kowé, kutha sing gedhé lan makmur, sing wis nggawé wong-wong sing nduwé kapal dadi padha sugih. Nanging ing wektu sak jam, kowé wis sirna!’

20 ”Kowé sing ana ing swarga, uga para wong suci, para rasul, lan para nabi, padha bungaha merga Gusti Allah wis ngukum dhèwèké demi kowé kabèh!”

21 Banjur ana malaékat kuwat sing ngangkat watu sing kaya watu gilingan gedhé* lan nguncalké kuwi menyang laut. Dhèwèké kandha, ”Babilon, kutha gedhé kuwi bakal diuncalké kanthi cepet kaya ngéné iki. Dhèwèké ora bakal ditemokké manèh. 22 Ing kana, ora bakal ana manèh swarané penyanyi sing diiringi harpa,* pemain musik, wong sing main suling, utawa wong sing nyebul trompèt. Ora bakal ana manèh pengrajin sing nyambut gawé, lan ora bakal ana manèh swara watu gilingan. 23 Ora bakal ana manèh sinaré lampu, lan ora bakal ana manèh swara mantèn lanang lan mantèn wadon. Para pedagangmu kuwi wong-wong sing nduwé jabatan penting ing bumi, lan kabèh bangsa diblasukké merga kowé nindakké spiritisme.* 24 Ya, ing kana wis ditemokké getihé para nabi, para wong suci, lan kabèh wong sing wis dipatèni ing bumi.”

19 Banjur, aku krungu swara seru kaya swarané akèh malaékat ing swarga, sing kandha, ”Pujinen Yah!* Gusti Allah kita kuwi Juru Slamet. Panjenengané kuwi mulya lan nduwé kuwasa. 2 Pengadilané Panjenengané kuwi bener lan adil. Panjenengané wis ngukum pelacur gedhé, yaiku sing wis nggawé rusaké bumi kanthi cara nindakké hubungan sèks sing ora sah,* lan Panjenengané wis mbaleské getihé budhak-budhaké sing dipatèni pelacur kuwi.” 3 Bar kuwi, para malaékat kuwi langsung ngomong kanggo kaping pindhoné, ”Pujinen Yah!* Kebul saka geni sing ngobong pelacur kuwi bakal terus ana nganti saklawas-lawasé.”

4 Banjur 24 pinituwa lan kerub papat padha sujud lan nyembah Gusti Allah sing lungguh ing tahta, lan kandha, ”Amin! Pujinen Yah!”*

5 Uga, ana swara saka tahta kuwi sing kandha, ”Pujinen Gusti Allah kita, kowé kabèh budhak-budhaké sing wedi marang Panjenengané, embuh kuwi wong biasa utawa wong penting.”

6 Lan aku krungu swara kaya swarané akèh malaékat, kaya swara grojogan sing gedhé, lan kaya swara gludhug sing banter. Para malaékat kuwi kandha, ”Pujinen Yah,* merga Yéhuwah, Gusti Allah kita sing Mahakuwasa, wis mulai mréntah dadi raja! 7 Padha bungaha lan luhurna Panjenengané, merga wis tekan wektuné pésta mantènané Sang Cempé, lan calon bojoné wis siap. 8 Calon bojoné wis diijinké kanggo nganggo klambi saka kain linen sing alus, sing padhang, lan resik. Linen alus kuwi nglambangké tumindaké para wong suci sing apik.”

9 Malaékat kuwi uga ngandhani aku, ”Tulisen iki: Bungah wong-wong sing diundang ing pésta mantènané Sang Cempé.” Malaékat kuwi uga kandha, ”Iki pangandika sing bener saka Gusti Allah.” 10 Aku banjur sujud ing ngarep sikilé malaékat kuwi kanggo nyembah dhèwèké. Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja! Aja ngono! Sembahen Gusti Allah! Aku iki uga budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu, sing nduwé tugas kanggo mènèhi kesaksian bab Yésus. Merga, tujuané ramalan-ramalan yaiku kanggo mènèhi kesaksian bab Yésus.”

11 Aku ndelok langit kebukak, lan ana jaran putih siji. Sing nunggang disebut Setya lan Bener. Dhèwèké ngadili lan perang demi kaadilan. 12 Mripaté kaya geni sing mulad-mulad, lan dhèwèké nganggo akèh mahkota ing sirahé. Ana jeneng sing katulis ing dhèwèké, sing ora dingertèni sapa waé kejaba dhèwèké. 13 Dhèwèké nganggo klambi njaba sing kena* getih, lan jenengé yaiku Sabdané Gusti Allah. 14 Pasukan ing swarga ngetutké dhèwèké karo nunggang jaran putih. Pasukan kuwi nganggo klambi saka linen alus, sing putih, lan resik. 15 Saka tutuké metu pedhang sing dawa lan landhep, sing digunakké kanggo nyirnakké bangsa-bangsa. Dhèwèké bakal ngengon bangsa-bangsa nganggo tongkat wesi. Dhèwèké uga ngidak-idak papan kanggo meres anggur, sing nglambangké murka sing mulad-mulad saka Gusti Allah sing Mahakuwasa. 16 Ing klambi njabané, yaiku ing bagéan pupuné, ana jeneng sing katulis, yaiku: Rajané kabèh raja lan Gustiné kabèh gusti.

17 Aku uga ndelok ana malaékat sing ngadeg ing ngarepé srengéngé. Nganggo swara sing banter, dhèwèké nyeluk kabèh manuk sing mabur ing langit, ”Ayo, padha nglumpuka mréné, ing pésta gedhé sing dianakké Gusti Allah. 18 Kowé isa mangan dagingé para raja, dagingé para komandan militèr, dagingé wong-wong sing kuwat, dagingé jaran-jaran lan sing nunggang, lan dagingé kabèh wong, embuh kuwi wong merdéka utawa budhak, wong biasa utawa wong penting.”

19 Banjur aku ndelok kéwan buas kuwi, raja-raja ing bumi, lan pasukané ngumpul bareng kanggo perang nglawan sing nunggang jaran kuwi lan pasukané. 20 Kéwan buas kuwi dicekel bareng karo nabi palsu sing nduduhké mukjijat ing ngarepé kéwan buas kuwi. Nabi kuwi nyasarké wong-wong sing nampa tandha saka kéwan buas kuwi lan wong-wong sing nyembah patungé. Banjur kéwan buas lan nabi palsu kuwi dicemplungké urip-urip menyang danau geni sing mulad-mulad merga belérang. 21 Nanging sing liyané dipatèni nganggo pedhang dawa sing metu saka tutuké sing nunggang jaran kuwi. Lan kabèh manuk mangan dagingé nganti wareg.

20 Banjur aku ndelok ana malaékat sing mudhun saka swarga karo nggawa kunci jurang sing jero banget* lan ranté gedhé ing tangané. 2 Malaékat kuwi nangkep naga kuwi, yaiku ula sing wiwitan, sing disebut Iblis lan Sétan, banjur ngranté dhèwèké 1.000 taun suwéné. 3 Malaékat kuwi nguncalké naga kuwi menyang jurang sing jero banget,* terus nutup jurang mau, lan masang meterai ing ndhuwuré, supaya naga kuwi ora isa nyasarké manèh bangsa-bangsa nganti 1.000 taun kuwi rampung. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal dieculké sedhéla.

4 Banjur aku ndelok tahta-tahta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diparingi kuwasa kanggo ngadili. Ya, aku ndelok getihé* wong-wong sing dipatèni* merga mènèhi kesaksian bab Yésus lan ngomong bab Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé. Wong-wong kuwi uga ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané. Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus 1.000 taun suwéné. 5 Wong-wong kuwi sing sepisanan diuripké manèh. (Wong-wong mati liyané ora nampa urip nganti 1.000 taun kuwi rampung.) 6 Sapa waé sing sepisanan diuripké manèh kuwi bungah lan suci. Wong-wong kuwi ora bakal ngalami pati sing kapindho, nanging bakal dadi imam-imam kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus, uga bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné.

7 Ora suwé sakwisé 1.000 taun kuwi rampung, Sétan bakal dieculké saka penjarané, 8 banjur dhèwèké bakal lunga kanggo nyasarké bangsa-bangsa ing patang pojoké bumi, yaiku Gog lan Magog. Dhèwèké bakal nglumpukké wong-wong kuwi kanggo maju perang. Cacahé wong-wong kuwi kaya pasir ing laut. 9 Wong-wong kuwi banjur mencar ing saklumahing bumi lan ngepung kémah-kémahé para wong suci lan kutha sing ditresnani Gusti Allah. Nanging geni mudhun saka langit lan ngentèkké wong-wong kuwi. 10 Banjur, Iblis sing nyasarké wong-wong kuwi diuncalké menyang danau geni lan belérang. Ing kono wis ana kéwan buas lan nabi palsu kuwi. Lan ing kono uga, kuwi mau kabèh bakal padha dihukum* awan lan bengi kanggo saklawas-lawasé.

11 Aku ndelok tahta putih sing gedhé lan Pribadi sing lungguh ing ndhuwuré. Bumi lan langit ilang saka ing ngarsané lan ora ana manèh. 12 Banjur aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, padha ngadeg ing ngarepé tahta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Nanging ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kauripan. Wong-wong mati kuwi diadili miturut apa sing ditulis ing gulungan kuwi, miturut tumindaké wong-wong kuwi. 13 Laut masrahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Pati lan Kuburan* masrahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Saben wong diadili miturut tumindaké dhéwé-dhéwé. 14 Banjur pati lan Kuburan* diuncalké menyang danau geni. Danau geni iki maksudé pati sing kapindho. 15 Sakliyané kuwi, sapa waé sing jenengé ora katulis ing buku kauripan bakal diuncalké menyang danau geni.

21 Banjur aku ndelok langit anyar lan bumi anyar. Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana, lan laut uga wis ora ana. 2 Aku uga ndelok Yérusalèm Anyar, kutha suci sing mudhun saka swarga, yaiku saka Gusti Allah. Kutha iki kaya mantèn wadon sing didandani kanggo nemoni bojoné. 3 Aku krungu swara seru saka tahta kuwi sing kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa. Panjenengané bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah bakal ana bareng karo wong-wong kuwi. 4 Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”

5 Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi ngendika, ”Deloken! Aku nggawé kabèh dadi anyar.” Panjenengané uga ngendika, ”Tulisen bab iki, merga tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.”* 6 Lan Panjenengané ngendika marang aku, ”Kabèh kuwi wis kelakon! Aku iki Alfa lan Oméga,* sing wiwitan lan sing pungkasan. Aku bakal maringi banyu saka sumber banyu kauripan marang sapa waé sing ngelak, tanpa mbayar. 7 Wong sing menang bakal nampa* kuwi kabèh. Aku bakal dadi Gusti Allahé, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku. 8 Nanging wong sing jirih, sing ora nduwé iman, sing najis lan njijiki, sing seneng matèni, sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing mulad-mulad. Iki tegesé pati sing kapindho.”

9 Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa pitung mangkok sing isiné kebak karo pitung bencana sing pungkasan banjur mara. Dhèwèké kandha marang aku, ”Ayo, tak duduhi mantèn wadon, calon bojoné Sang Cempé.” 10 Mula nganggo kuwasané roh suci, malaékat kuwi nggawa aku menyang gunung sing gedhé lan dhuwur. Dhèwèké nduduhké marang aku Yérusalèm, kutha suci sing mudhun saka swarga, yaiku saka Gusti Allah. 11 Kamulyané kutha kuwi kaya kamulyané Gusti Allah. Kutha kuwi mengkilap kaya watu sing aji banget, kaya watu jasper* sing sumunar kaya kristal bening. 12 Témboké kutha kuwi gedhé lan dhuwur. Kutha kuwi nduwé 12 gerbang, lan saben gerbangé dijaga malaékat siji. Ing saben gerbang katulis jeneng salah siji suku saka 12 suku Israèl. 13 Ana telung gerbang ing sisih wétan, telung gerbang ing sisih lor, telung gerbang ing sisih kidul, lan telung gerbang ing sisih kulon. 14 Témboké kutha kuwi nduwé 12 watu pondhasi, lan ing saben watu pondhasi katulis jenengé salah siji rasul saka 12 rasulé Sang Cempé.

15 Malaékat sing ngomong karo aku nyekel tongkat emas kanggo ngukur kutha kuwi, gerbang-gerbangé, lan témboké. 16 Kutha iki bentuké kothak, dawané lan ambané padha. Banjur dhèwèké ngukur kutha kuwi nganggo tongkat kuwi. Dawané, ambané, lan dhuwuré padha, yaiku 12.000 setadi.* 17 Dhèwèké uga ngukur témboké, yaiku 144 hasta.* Ukuran sing dienggo malaékat kuwi padha karo ukuran sing dienggo manungsa. 18 Témboké digawé saka watu jasper,* lan kutha kuwi digawé saka emas murni, kaya kaca bening. 19 Pondhasiné kutha kuwi dihias nganggo kabèh jenis watu sing aji: sing kapisan saka watu jasper,* sing kapindho saka watu safir, sing katelu saka watu kalsedon, sing kapapat saka watu zamrud,* 20 sing kalima saka watu sardonik, sing kaenem saka watu sardis,* sing kapitu saka watu krisolit, sing kawolu saka watu beril, sing kasanga saka watu topas, sing kasepuluh saka watu krisopras, sing kasewelas saka watu lazuardi, sing karolas saka watu kecubung. 21 Sakliyané kuwi, 12 gerbangé kuwi 12 mutiara. Saben gerbangé digawé saka siji mutiara. Dalan utama ing kutha kuwi saka emas murni, kaya kaca bening.

22 Aku ora ndelok bait ing njeroné kutha kuwi, merga sing dadi baité kuwi Gusti Allah Yéhuwah sing Mahakuwasa lan Sang Cempé. 23 Kutha kuwi ora perlu dipadhangi srengéngé utawa bulan, merga wis dipadhangi karo kamulyané Gusti Allah, lan Sang Cempé kuwi dadi lampuné. 24 Cahyané kutha kuwi bakal madhangi dalan-dalan sing diliwati bangsa-bangsa, lan raja-raja ing bumi bakal nggawa kamulyané menyang kutha kuwi. 25 Gerbang-gerbangé ora bakal ditutup ing wayah awan, merga ora ana wengi ing kana. 26 Kamulyan lan kaurmatané bangsa-bangsa bakal digawa mlebu menyang kono. 27 Apa waé sing najis lan sapa waé sing seneng ngapusi lan sing nindakké perkara-perkara sing njijiki ora éntuk mlebu mrono. Sing éntuk mlebu mung sing jenengé katulis ing gulungan kauripan duwèké Sang Cempé.

22 Banjur, malaékat kuwi nduduhké marang aku kali banyu kauripan, sing bening kaya kristal. Kali kuwi mili saka tahtané Gusti Allah lan tahtané Sang Cempé 2 menyang tengah-tengahé dalan utama ing kutha kuwi. Ing sakiwa-tengené kali kuwi ana wit-wit kauripan sing ngetokké woh setaun ping 12, saben sasi sepisan. Godhong-godhongé digunakké kanggo nambani bangsa-bangsa.

3 Gusti Allah ora bakal ngutuk kutha kuwi. Tahtané Gusti Allah lan tahtané Sang Cempé bakal ana ing kutha kuwi, lan budhak-budhaké Gusti Allah bakal nindakké tugas suci marang Panjenengané. 4 Budhak-budhaké Gusti Allah bakal ndelok pasuryané Gusti Allah, lan asmané Gusti Allah katulis ing bathuké para budhak kuwi. 5 Ing kutha kuwi, wengi ora bakal ana manèh lan lampu utawa srengéngé ora dibutuhké manèh, merga Gusti Allah Yéhuwah sing bakal madhangi. Lan budhak-budhak kuwi bakal dadi raja nganti saklawas-lawasé.

6 Banjur malaékat kuwi kandha marang aku, ”Tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.* Yéhuwah, Gusti Allah sing ngendika liwat para nabi, wis ngutus malaékaté kanggo nduduhké marang para budhaké apa sing sedhéla manèh bakal kedadéan. 7 ’Aku bakal ndang teka. Bungah wong sing manut karo ramalan sing ana ing gulungan iki.’”

8 Aku, Yohanes, aku dhéwé sing krungu lan ndelok kabèh kuwi. Sakwisé krungu lan ndelok kuwi, aku sujud kanggo nyembah malaékat sing nduduhké kuwi kabèh marang aku. 9 Nanging dhèwèké ngandhani aku, ”Aja! Aja ngono! Sembahen Gusti Allah! Aku iki uga budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu, yaiku para nabi, lan kaya kabèh wong sing manut karo tembung-tembung ing gulungan iki.”

10 Dhèwèké uga ngongkon aku, ”Ramalan sing ana ing gulungan iki aja kok dhelikké, merga wektu sing ditemtokké wis cedhak. 11 Ejarna wong sing jahat terus tumindak jahat, lan wong sing najis terus nindakké sing najis. Nanging ejarna wong sing bener terus nindakké sing bener, lan wong sing suci terus nindakké apa sing suci.

12 ”’Aku bakal ndang teka. Aku nggawa opah kanggo mbales saben wong miturut tumindaké. 13 Aku iki Alfa lan Oméga,* sing kapisan lan sing kèri dhéwé, sing wiwitan lan sing pungkasan. 14 Bungah wong sing ngumbah jubahé, supaya isa mangan woh saka wit-wit kauripan, lan éntuk mlebu ing kutha kuwi liwat gerbang-gerbangé. 15 Nanging wong sing najis,* wong sing nindakké spiritisme,* wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong sing nyembah brahala, lan saben wong sing seneng lan wis biasa ngapusi padha manggon ing njaba.’

16 ”’Aku, Yésus, ngutus malaékatku kanggo ngandhani bab perkara-perkara iki marang kowé kanggo kepentingan jemaat-jemaat. Asalku saka keluargané* Daud, lan aku iki keturunané. Aku iki bintang ésuk sing sumunar.’”

17 Roh suci lan mantèn wadon terus kandha, ”Mrénéa!” Lan sapa waé sing krungu, dhèwèké uga kudu kandha, ”Mrénéa!” Sapa waé sing ngelak éntuk teka. Sapa waé sing gelem, éntuk njupuk banyu kauripan tanpa mbayar.

18 ”Aku ngandhani saben wong sing ngrungokké ramalan ing gulungan iki: Nèk ana sing nambahi apa-apa ing tembung-tembung iki, Gusti Allah bakal nambahi bencana sing katulis ing gulungan iki marang wong kuwi. 19 Lan nèk ana sing ngurangi apa-apa saka tembung-tembung ramalan ing gulungan iki, Gusti Allah ora bakal ngejarké wong kuwi nampa perkara-perkara apik sing katulis ing gulungan iki. Gusti Allah ora bakal ngejarké wong kuwi mangan woh saka wit-wit kauripan lan mlebu ing kutha suci kuwi.

20 ”Dhèwèké sing ngandhani kabèh bab iki kandha, ’Ya, aku bakal ndang teka.’”

”Amin! Rawuha, Gusti Yésus.”

21 Aku ndonga marang Gusti Allah supaya Gusti Yésus bakal nduduhké welas asihé sing nggumunké* marang para wong suci.

Utawa ”sing dibukak”.

Utawa ”budhaké Yésus”.

Lit.: ”tandha-tandha”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf kapisan lan pungkasan ing abjad Yunani.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sinagogé”.

Lit.: ”kowé terus gondhèlan kenceng marang jenengku”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”batiné manungsa sing paling jero”. Lit.: ”ginjal”.

Lit.: ”sapérangan jeneng”.

Lit.: ”jenengé”.

Lit.: ”marang jenengku”.

Lit.: ”sinagogé”.

Utawa ”yaspis”.

Utawa ”permata sing warnané abang”.

Utawa ”permata sing warnané ijo”.

Utawa ”makhluk urip”.

Lit.: ”oyodé”.

Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”jiwané”.

Kain goni ireng saka wuluné kéwan, mungkin saka wulu wedhus.

Utawa ”saka arah mlethèké srengéngé”.

Lit.: ”ilat”.

Utawa ”bakal ngegarké kémahé kanggo ngayomi”.

Utawa ”sing nduwé jiwa”.

Maksudé, bintang kuwi.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Tegesé ”Karusakan”.

Tegesé ”Sing Nyirnakké”.

Utawa ”saka pojok-pojokané mésbah emas sing bentuké kaya sungu”.

Utawa ”20.000 ping 10.000”.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”pait”.

Lit.: ”pait”.

Utawa ”tongkat kanggo ngukur”.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ilat”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Papan Mahasuci.

Lit.: ”tandha”. Iki maksudé kedadéan sing nggambarké sawijiné perkara.

Lit.: ”tandha”. Iki maksudé kedadéan sing nggambarké sawijiné perkara.

Tegesé ”Sapa sing Kaya Gusti Allah?”

Utawa ”jiwané”.

Maksudé, telu setengah mangsa.

Lit.: ”winihé”.

Maksudé, naga.

Lit.: ”ilat”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Utawa mungkin ”Nèk ana sing kudu dipatèni nganggo pedhang”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”roh”.

Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.

Lit.: ”prawan”.

Lit.: ”woh sing wiwitan”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wong-wong sing nyawiji karo Gusti”.

Maksudé, Papan Mahasuci.

Utawa ”kendhaliné”.

Kira-kira 296 km. 1 setadi = 185 m.

Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.

Maksudé, Papan Mahasuci.

Lit.: ”kémah kesaksian”.

Maksudé, Papan Mahasuci.

Utawa ”jiwa sing urip”.

Utawa ”keputusan pengadilan”.

Utawa ”saka arah mlethèké srengéngé”.

Lit.: ”roh sing najis”.

Yunani: Har Magedon, saka tembung Ibrani sing tegesé ”Gunung Mègido”.

Maksudé, Papan Mahasuci.

Lit.: ”sak talènta”. 1 talènta Yunani = 20,4 kg.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”rahasia bab”.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Lit.: ”ilat”.

Utawa mungkin ”napas; udara”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pedagang keliling”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Woh-woh apik”.

Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.

Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka asmané Yéhuwah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka asmané Yéhuwah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka asmané Yéhuwah.

Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka asmané Yéhuwah.

Utawa mungkin ”kecipratan”.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”jiwané”.

Lit.: ”dipatèni nganggo kapak”.

Utawa ”ditahan; dipenjara”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”setya”.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf kapisan lan pungkasan ing abjad Yunani.

Lit.: ”nampa warisan”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”yaspis”.

Kira-kira 2.200 km. 1 setadi = 185 m.

Kira-kira 64 m.

Utawa ”yaspis”.

Utawa ”yaspis”.

Utawa ”permata sing warnané ijo”.

Utawa ”permata sing warnané abang”.

Lit.: ”setya”.

Utawa ”A lan Z”. Alfa lan Oméga kuwi huruf kapisan lan pungkasan ing abjad Yunani.

Lit.: ”asu-asu”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”oyodé”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim