Pambuka
KITAB SUCI diilhamké Gusti Allah lan ditulis ing basa Ibrani, Aram, lan Yunani. Kitab Suci perlu diterjemahké ing akèh basa supaya ”kabèh bangsa” éntuk manfaat saka Pangandikané Gusti Allah. (Matius 24:14) Pitulikur buku saka Matius nganti Wahyu disebut ”Kitab-Kitab Yunani Kristen”, merga buku-buku kuwi asliné ditulis nganggo basa Yunani ing abad kapisan M karo para penulis Kristen sing nampa ilham.
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar sepisanan diwetokké ing basa Inggris taun 1950. Sing dadi dhasar utama saka penerjemahan kuwi yaiku tèks Yunani Westcott lan Hort, sing cocog karo naskah Yunani sing paling kuna. Terjemahan Donya Anyar ngupaya sak isa-isané kanggo nerjemahké kanthi bener lan cocog karo tèks Yunani asliné. Para penerjemah èdhisi basa Jawa uga ngupayakké sing padha. Terjemahan iki dhasaré saka èdhisi basa Inggris taun 2013.
Asmané Gusti Allah sing istiméwa, yaiku Yéhuwah, ditulis ping 237 ing tèks utama Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar. Merga penting banget kanggo nyucèkké asmané Gusti Allah lan supaya dislametké kabèh wong kudu nyebut asmané Gusti Allah, mula ing terjemahan iki, asma Yéhuwah dibalèkké manèh ing ayat-ayat kaya sing ana ing tulisan asliné ing Kitab Suci.—Matius 6:9; Roma 10:13.
Jeneng Terjemahan Donya Anyar dhasaré saka janjiné Gusti Allah bab donya anyar sing kebak karo perkara-perkara sing becik demi manfaaté kabèh manungsa. (2 Pétrus 3:13) Para penerjemah èdhisi iki nresnani Sing Ngarang Kitab Suci, yaiku Gusti Allah. Wong-wong kuwi uga sadhar bab tanggung jawabé sing istiméwa kanggo sak isa-isané nyampèkké pikiran lan pangandikané Gusti Allah kanthi trep. Muga-muga terjemahan iki isa mbantu wong-wong sing tulus kanggo ”nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener”.—1 Timotius 2:4.