PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 3 hlm. 3
  • Sing Bener sing Endi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Bener sing Endi?
  • Gatèkna!—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Percaya Nèk Pencipta Kuwi Ana
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Apa Langit karo Bumi Diciptakké?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Faktané Piyé?
    Gatèkna!—2021
  • Pembuka
    Gatèkna!—2021
Gatèkna!—2021
g21 No. 3 hlm. 3
Wong wédok lagi mikir karo ndeloki pendhéta nggawa Alkitab lan ilmuwan nggawa tiruan DNA.

Sing Bener sing Endi?

”Langit karo bumi sak isiné ujug-ujug ana dhéwé.”​—Stephen Hawking lan Leonard Mlodinow, ahli fisika.

”Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”​—Alkitab, Purwaning Dumadi 1:1.

Wong nduwé pendapat sing béda-béda soal asal mulané langit karo bumi sak isiné. Kaya sing disebutké ing awal mau, pendapaté ahli fisika karo sing ditulis ing Alkitab kuwi béda. Ana sing setuju karo pendapaté ahli fisika mau, tapi ya ana sing percaya karo Alkitab. Terus, ya ana sing ora ngerti endi sing bener. Iki masalah sing kerep dibahas karo wong-wong, bahkan nganti ditulis ing buku-buku sing terkenal.

Mungkin ing sekolahan, guru-guru ya ngajari nèk langit karo bumi iki ujug-ujug ana dhéwé. Tapi apa guru-guru kuwi pernah njelaské bukti-buktiné? Nèk menurut para pemimpin agama, langit karo bumi iki diciptakké Gusti Allah. Tapi apa para pemimpin agama ya njelaské bukti-buktiné? Utawa mung ngomong sing penting beriman waé?

Mungkin njenengan mikir, ’Sakjané sing bener piyé? Terus, nèk ngerti soal kuwi manfaaté kanggo aku apa?’

Ing majalah Gatèkna! iki ana fakta-fakta soal alam semesta lan makhluk hidup. Akèh wong dadi percaya nèk ana Pencipta merga mikirké fakta-fakta kuwi. Terus, ya bakal dibahas apa manfaaté nèk ngerti soal kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim