PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 1 hlm. 3
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé nurut panjenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 1 hlm. 3

BAB 1

Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané

Gusti Allah péngin panjenengan dadi kancané. Apa panjenengan wis tau mbayangké isa dadi kancané Gusti Allah sing nguwasani jagat? Abraham utawa Ibrahim, wis tau dadi kancané utawa mitrané Gusti Allah. (Yakobus 2:23) Ana wong-wong sing dicathet ing Kitab Suci utawa Alkitab, sing dadi kancané Gusti Allah lan diberkahi. Jaman saiki ing kabèh nggon ing bumi ana wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah. Panjenengan uga isa dadi kancané Gusti Allah.

Abraham berdoa

Luwih apik dadi kancané Gusti Allah timbang dadi kancané manungsa. Gusti Allah ora tau nggawé gela kanca-kancané sing setya. (Jabur 18:26) Mula, dadi kancané Gusti Allah kuwi luwih ana ajiné timbang nduwé bandha sing akèh. Pas wong sugih mati, bandhané ora bakal digawa, malah bandhané bakal dipèk wong liya. Ning, wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah nduwé bandha sing ora bakal ilang.​—Matéus 6:19.

Ana wong-wong sing péngin ngalang-alangi panjenengan sinau bab Gusti Allah. Mbokmenawa wong-wong kuwi malah kanca utawa kluarga panjenengan dhéwé. (Matéus 10:36, 37) Nèk ana wong ngongkon panjenengan mandheg sinau Alkitab, panjenengan isa mikir ngéné, ’Aku arep nyenengké Gusti Allah apa manungsa?’ Kuwi isa dipadhakké kaya wong sing ngongkon panjenengan ora mangan manèh sakterusé. Apa panjenengan gelem manut? Ya mesthiné ora, ta? Panjenengan butuh mangan bèn isa tetep urip. Gusti Allah isa nggawé panjenengan urip saklawasé. Mula, aja nganti ana wong liya utawa perkara liya ngalangi panjenengan sinau bab carané dadi kancané Gusti Allah.​—Yokanan 17:3.

Orang-orang mengejek seorang wanita yang sedang membaca bacaan tentang Allah
    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim