PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 3 hlm. 5
  • Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti Allah
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Carané Nitèni Ibadah Sing Bener
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Piyé nurut panjenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Delok Kabèh
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 3 hlm. 5

BAB 3

Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti Allah

Panjenengan perlu sinau bab Gusti Allah bèn isa dadi kancané. Wong kekancan kuwi mesthiné sok nyeluk kancané nganggo jenengé, ta? Mula, Gusti Allah uga péngin panjenengan ngerti lan nggunakké asmané. Asmané Gusti Allah kuwi Yéhuwah. (Jabur 83:19; Matéus 6:9) Panjenengan uga kudu sinau sing disenengi lan disengiti Yéhuwah. Uga kudu ngerti sapa waé sing dadi kancané lan sing dadi mungsuhé. Butuh wektu kanggo kekancan. Alkitab kandha nèk nggunakké wektu kanggo ngenal Yéhuwah kuwi penting banget.—Éfesus 5:15, 16.

Kanca-kancané Gusti Allah nindakké sing nyenengké atiné. Coba pikiren bab kanca-kanca panjenengan. Nèk panjenengan njahati lan tumindak sing ora disenengi kanca panjenengan, apa dhèwèké isih gelem kekancan? Mesthiné rak ora gelem, ta? Semono uga, nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, panjenengan perlu nyenengké Gusti Allah.​—Yokanan 4:24.

Suatu keluarga berdiri di gerbang yang sempit dan memandangi orang-orang di jalan yang sesak

Ora kabèh ibadah isa nuntun anggotané dadi kancané Gusti Allah. Yésus utawa nabi Isa, kanca akrabé Gusti Allah, ngendika nèk ana dalan cacahé loro. Dalan sing siji amba lan sing liwat akèh, ning dalan iki tumuju pati. Dalan sijiné ciyut lan sing liwat mung sithik, ning dalan iki tumuju urip saklawasé. Tegesé nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, panjenengan perlu sinau carané ngibadah sing cocog karo kersané Yéhuwah.​—Matéus 7:13, 14.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim