PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 17 hlm. 28-29
  • Carané Bèn Isa Terus Dadi Kancané Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Isa Terus Dadi Kancané Gusti Allah
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Katresnané Gusti Allah Kuwi Saklawasé
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • ”Aku Nyebut Kowé Sahabat”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Surat saka Pengurus Pusat
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Tetep Cedhak karo Yéhuwah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 17 hlm. 28-29

BAB 17

Carané Bèn Isa Terus Dadi Kancané Gusti Allah

Dhasaré kekancan kuwi katresnan. Saya akèh sinau bab Gusti Allah, katresnan panjenengan marang Yéhuwah ya saya gedhé. Nèk katresnan kuwi saya gedhé, panjenengan dadi péngin ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi mbantu panjene­ngan dadi muridé Yésus Kristus. (Matéus 28:19) Nèk gelem nggabung karo Seksi-Seksi Yéhuwah, panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah saklawasé. Piyé carané bèn isa terus dadi kancané Gusti Allah?

Kudu manut karo dhawuh-dhawuhé Yéhuwah. Kuwi tandha nèk panjenengan nresnani Yéhuwah. ”Awit tresna marang Allah kuwi tegesé netepi dhawuh-dhawuhé kabèh. Mangka dhawuh-dhawuhé mau tumraping kita ora abot.”—1 Yokanan 5:3, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Tindakna sing wis disinaoni. Kaya sing dicritakké Yésus, wong sing pinter mbangun omahé ing ndhuwur padhas, ning wong sing bodho mbangun omahé ing ndhuwur pasir. Pas udan angin, omah ing ndhuwur padhas mau ora ambruk, ning omah sing ana ing ndhuwur pasir ambruk lan rusak. Yésus ngendika nèk wong sing ngrungokké lan nindakké wulangané kuwi kaya wong sing pinter, sing ­mbangun omahé ing ndhuwur padhas. Wong sing ngrungokké wulangané ning ora nindakké, kuwi kaya wong bodho sing ­mbangun omahé ing ndhuwur pasir. Panjenengan péngin niru sing endi?—Matéus 7:24-27.

Rumah yang dibangun di atas batu dan rumah yang dibangun di atas pasir

Janji kanggo ngabdi. Tegesé panjenengan ndonga marang Yéhuwah lan janji nèk arep ngabdi utawa nindakké kersané saklawasé. Nindakké kersané Gusti Allah kuwi mbuktèkké nèk panjenengan dadi muridé Yésus Kristus.—Matéus 11:29.

Seorang wanita berdoa untuk membaktikan kehidupannya kepada Yehuwa

Dibaptis. ”Ngadeka lan kana njaluk dibaptis, supaya dosamu dingapura nganggo jenengé Gusti Yésus.”—Para Rasul 22:16, Basa Jawa Suriname (BJS).

Seorang pria dibaptis

Sing tenanan anggoné ngabdi marang Yéhuwah. ”Ing penggawéan apa waé, nyambuta gawé karo seneng, dianggep nyambutgawé kanggo Gusti, ora kanggo manungsa.”—Kolosé 3:23, BJS.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim