Lagu 15
Kabèh sing Digawé Ngluhurké Yéhuwah
(Jabur 19)
1. Oh, Yéhuwah, aku pancèn ngerti.
Lintang-lintang, nyritak’ké mulya-Mu.
Saben dina isa dadi seksi.
Kabèh kuwi bukti kuwasa-Mu.
Saben dina isa dadi seksi.
Kabèh kuwi bukti kuwasa-Mu.
2. Yah wis nggawé segara sing gedhé.
Uga nggawé lintang lan srengéngé.
Nèk tak delok kabèh sing digawé.
Bukti manungsa digatèkaké.
Nèk tak delok kabèh sing digawé.
Bukti manungsa digatèkaké.
3. Dhawuh lan préntah-Mu kuwi suci.
Saben dina kudu tak élingi.
Luwih aji timbang emas murni.
Muga kabèh isa tak turuti.
Luwih aji timbang emas murni.
Muga kabèh isa tak turuti.