Lagu 22
Yéhuwah sing Nuntun Aku
(Jabur 23)
1. Aku ora bakal wedi,
Merga dijaga Gusti.
Kaya wedhus sing diopèni,
Aku t’rus diayomi.
Aku uga diombèni,
Bèn aku tentrem ati.
Saben dina dituntun Gusti,
Ngluhur’ké asma suci.
Saben dina dituntun Gusti,
Ngluhur’ké asma suci.
2. S’najan ana sing medèni,
Aku ’ra bakal wedi.
Merga Yéhuwah sing ngancani,
Aku t’rus dijagani.
Aku isa dadi abdi,
Kersané dilakoni.
Aku tenanan ditresnani,
Dadi umaté Gusti.
Aku tenanan ditresnani,
Dadi umaté Gusti.
3. Huwah, Allah sing gemati,
Aku atur pamuji.
Lan wong-wong bakal tak kandhani,
Tresnané Yah sejati.
Sabdané Yah tak lakoni,
Dhawuhé tak turuti.
Seneng banget atiku ngabdi,
Matur nuwun Yah Gusti.
Seneng banget atiku ngabdi,
Matur nuwun Yah Gusti.