PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rk bagéan 4 hlm. 10-11
  • Gusti Allah Kuwi Sapa, ta?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Kuwi Sapa, ta?
  • Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Malaékat Mbantu Panjenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
rk bagéan 4 hlm. 10-11

BAGÉAN 4

Gusti Allah Kuwi Sapa, ta?

SING disembah wong kuwi werna-werna. Ning, Kitab Suci kandha mung siji sing éntuk disembah, yaiku Gusti Allah. Merga Gusti Allah sing nggawé kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi, sarta maringi urip kanggo manungsa. Gusti Allah kuwi mahaluhur, ana saklawasé, lan ora ana sing madhani.

[Gambar ing kaca 10]

Tulisan kuna Gulungan Laut Mati nyathet asmané Gusti Allah

Senajan sebutané akèh, asmané Gusti Allah mung siji. Asmané yaiku YÉHUWAH. Gusti Allah ngendika marang nabi Musa, ”Tutura marang wong Israèl mangkéné: Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahé para leluhurmu, Gusti Allahé Rama Abraham, Gusti Allahé Rama Iskak lan Gusti Allahé Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowé. Déné iya iku asmaningSun ing salawas-lawasé, iku sebutaningSun turun tumurun.” (Pangentasan 3:15) Ing Kitab Suci asma Yéhuwah ditulis kurang luwih ping 7.000. Kitab Jabur 83:19 kandha, ”Namung Paduka ingkang asma Yéhuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi.”

[Gambar ing kaca 10, 11]

Kitab Torèt sing ditulis nabi Musa kuwi ”pangandika kang kadhawuhaké lumantar para malaékat”

Ora ana manungsa sing isa ndelok Gusti Allah. Gusti Allah ngendika marang nabi Musa, ”Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaningSun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.” (Pangentasan 33:20) Gusti Allah ora kétok mata lan ana ing swarga. Dadi, salah banget nèk nggawé utawa ndonga karo patung, gambar, utawa apa waé sing digawé kaya Gusti Allah. Yéhuwah ndhawuhi nabi Musa, ”Sira aja nduwèni allah liyané ana ing ngarsaningSun. Sira aja gawé reca utawa tetironing apa baé kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadéné kang ana ing banyu sangisoring bumi. Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdéné Ingsun, Yéhuwah Allahira, iki Allah kang sujanan.” (Pangentasan 20:2-5) Bar kuwi Gusti Allah ngendika marang nabi Yésaya, ”Ingsun iki Yéhuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringaké kamulyaningSun marang wong liyané utawa kasuwuringSun marang reca.”​—Yésaya 42:8.

Ana sing percaya nèk Gusti Allah kuwi ana, ning mbokmenawa ngira nèk Gusti Allah ora isa dikenal utawa dicedhaki. Uga ngira nèk Gusti Allah kudu diwedèni, ora ditresnani. Nèk nurut panjenengan piyé? Apa Gusti Allah perduli karo panjenengan? Apa panjenengan isa kenal lan cedhak karo Gusti Allah? Sakbanjuré awaké dhéwé bakal sinau sipat-sipaté Gusti Allah saka Kitab Suci.

Apa Jawabané?

  • Apa sebabé manungsa kudu nyembah Gusti Allah?

  • Sapa asmané Gusti Allah?

  • Apa sebabé patung utawa gambar ora éntuk disembah?

  • Piyé carané Gusti Allah nggunakké kekuwatan lan para malaékaté kanggo nindakké kersané?

Kekuwatané Gusti Allah lan Para Malaékaté

Piyé carané Gusti Allah nindakké kersané? Salah sijiné cara yaiku nggunakké kekuwatan utawa roh suciné. Roh suciné Gusti Allah kuwi dudu malaékat, ning kuwasané sing ora kétok lan ora ana tandhingané. Gusti Allah nggunakké kekuwatané iki kanggo nindakké kersané, klebu nggawé langit lan bumi. ”Sakèhing langit padha katitahaké déning sabdané Pangéran Yéhuwah, sakèhing balané déning napasing lésané.” (Jabur 33:6) Yérémia 10:12 kandha, ”Sang Yéhuwah kang nitahaké bumi sarana kakiyatané [kekuwatané].” Dadi, Gusti Allah nggunakké kekuwatané kanggo nggawé jagat sak isiné.

Gusti Allah uga nggunakké para malaékaté kanggo nindakké kersané. Gusti Allah nggawé para malaékat bèn manggon ing swarga. Para malaékat kuwi kuwat banget. Tugasé para malaékat yaiku martakké wahyu saka Gusti Allah lan tugas-tugas penting liyané. Contoné, Kitab Suci kandha nèk kitab Torèt sing ditulis nabi Musa kuwi ”pangandika kang kadhawuhaké lumantar para malaékat”. Para malaékat uga mbantu umaté Gusti Allah sing ana ing bumi. Kitab Suci nyebut para malaékat kuwi ”roh kang ngladèni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon”.​—Ibrani 1:14; 2:2.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim