PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rk bagéan 6 hlm. 15-17
  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Manungsa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Manungsa?
  • Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Firdaus ing Bumi—Apa Kuwi Mung Dongèng?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Uripé Manungsa?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Wong Lanang lan Wong Wédok sing Pertama
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
rk bagéan 6 hlm. 15-17

BAGÉAN 6

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Manungsa?

GUSTI Allah nggawé bumi dadi panggonan sing paling cocog kanggo manungsa. Kitab Suci kandha, ”Langit iku langit kagunganing Sang Yéhuwah, déné bumi wus diparingaké marang para anaking manungsa.”​—Jabur 115:16.

Sadurungé nggawé manungsa sing kapisan yaiku Adam, Gusti Allah milih panggonan ing bumi ing wilayah sing disebut Èden, banjur nggawé taman sing éndah ing kono. Kitab Suci kandha nèk ing kono ana Kali Éfrat lan Kali Tigris (Hidekel) sing sumberé saka Èden.a Taman Èden (Pirdus) kuwi kira-kira ana ing sak wétané negara Turki jaman saiki. Dadi, Taman Èden pancèn ana ing bumi.

Gusti Allah nggawé Adam banjur dikon manggon ing Taman Èden, bèn ”ngolah lan ngreksa” panggonan iku. (Purwaning Dumadi 2:15) Bar kuwi, Gusti Allah nggawé Kawa bèn dadi bojoné Adam. Gusti Allah ndhawuhi, ”Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara [nduwé anak-putu]; ngebakana bumi lan telukna.” (Purwaning Dumadi 1:28) Dadi, Gusti Allah ”anggoné nitahaké iku ora banjur disuwungaké, nanging iku katitahaké supaya dienggoni.”​—Yésaya 45:18.

Ning, Adam karo Kawa malah sengaja mbrontak nglawan Gusti Allah. Wong loro mau akhiré diusir saka Taman Èden. Pirdus ora ana manèh. Kasusahan sing disebabké Adam saya suwé saya akèh. Kitab Suci kandha, ”Mulané padha kaya tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati merga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.”​—Rum 5:12.

Apa kersané Yéhuwah bèn manungsa urip seneng ing Pirdus bakal kelakon? Iya. Kuwi mesthi kelakon merga Gusti Allah wis janji, ”Mengkono uga sabda sing Dakngandikakaké, bakal nindakaké apa sing Dakrancang; lan ngleksanani sedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké, lan sing kudu dilakoni.” (Yésaya 55:11, BJP) Pirdus bakal ana manèh ing bumi.

Kaya apa kahanan ing bumi Pirdus suk mbèn? Gatèkna janji-janjiné Gusti Allah sing ana ing Kitab Suci, sing bakal dirembug ing kaca sakbanjuré.

a Purwaning Dumadi 2:10-14 kandha, ”Ana bengawan [kali] mili saka ing tanah Èden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat: kang kapisan jenengé bengawan Pison . . . Bengawan kang kapindho aran: Gihon . . . Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iliné metu sawétané tanah Asyur; lan kaping papaté iku bengawan Éfrat.” Ning, nganti saiki ora ana sing ngerti kali Pison lan Gihon kuwi ing endi.

Apa Jawabané?

  • Kèt jamané Adam lan Kawa, apa kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa?

  • Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah bakal mujudké kersané kuwi?

Wong-wong ing Pirdus

Kahanané Bumi Pirdus Mbésuk

Wong mati bakal diuripké: ”Sakèhé wong kang ana ing kubur padha krungu swarané, banjur metu.”​—Yokanan 5:28, 29.

Ora ana sing dadi tuwa, lara, lan mati: ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kana: ’Aku lara.’” (Yésaya 33:24) Gusti Allah ”bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana.”​—Wahyu 21:4.

Akèh panganan: ”Bumi wus mènèhaké pametuné, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.”​—Jabur 67:7.

Omah sing apik lan gawéan sing nyenengké: ”Bakal padha ngadegaké omah lan iya banjur dienggoni . . . Para pepilihaningSun bakal padha ngrasakaké nikmating gegawéané tangané.”​—Yésaya 65:21, 22.

Perang, kabèh sing jahat, utawa tumindak kasar ora ana manèh: Yéhuwah ”ngendhakaké [nggawé mandheg] peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi”. (Jabur 46:10) ”Wong duraka bakal padha kasirnakaké saka ing tanah iku.”​—Wulang Bebasan 2:22.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim