PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jl pelajaran 11
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?
  • Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
jl pelajaran 11

BAB 11

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?

Kebaktian Seksi-Seksi Yéhuwah ing Meksiko

Meksiko

Wacan anyar diduduhaké ing kebaktian ing Jerman

Jerman

Seksi-Seksi Yéhuwah ing kebaktian gabungan wilayah ing Botswana

Botswana

Cah enom dibaptis ing Nikaragua

Nikaragua

Drama Alkitab ing kebaktian ing Italia

Italia

Delengen gambar iki. Wong-wong padha seneng merga teka ing kebaktiané Seksi-Seksi Yéhuwah. Umaté Gusti Allah jaman biyèn dipréntahaké supaya ngumpul setaun ping telu. Seksi-Seksi Yéhuwah saiki uga ngarep-arep bisa teka ing pakumpulan ibadah sing gedhé kaya ngono. (Pangandharing Torèt 16:16) Pendhak taun, Seksi-Seksi Yéhuwah nganakaké telung kebaktian, yakuwi kebaktian sawilayah sing suwéné sedina, setaun ping pindho, lan kebaktian gabungan wilayah sing suwéné telung dina. Apa paédahé yèn teka ing kebaktian-kebaktian kuwi?

Supaya pasedulurané saya akrab. Bangsa Israel jaman biyèn seneng ngluhuraké Yéhuwah ”ing pasamuwan” utawa ing jemaat. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngrasakaké seneng pas ngumpul bareng kanggo ngibadah. (Jabur 26:12; 111:1) Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ketemu lan srawung karo sedulur saka jemaat liya utawa negara liya. Wektu ngaso, kabèh padha mangan ing panggonan sing dienggo kebaktian, dadi acarané bisa luwih nyenengaké. (Para Rasul 2:42) Ing kebaktian, Seksi-Seksi Yéhuwah ngrasakaké katresnan sing ngrukunaké ’sadulur-sadulur’ sadonya.​—1 Pétrus 2:17.

Bisa ngerti carané nindakaké kersané Gusti Allah. Bangsa Israel éntuk paédah sawisé ”mangreti pangandika” saka Kitab Suci sing diterangaké. (Néhémya 8:9, 13) Seksi-Seksi Yéhuwah uga seneng éntuk piwulang saka Alkitab ing kebaktian. Saben acara dhasaré saka ayat Alkitab. Saka kotbah, ceramah sambung-sinambung, lan wulangan sing dilakonaké, sing teka bisa sinau carané nindakaké kersané Gusti Allah. Ana sedulur sing crita yèn dhèwèké bisa tetep nindakaké kersané Gusti Allah senajan ngadhepi masalah. Crita iku bisa nggedhèkaké ati. Ing kebaktian gabungan wilayah, ana sandiwara sing critané saka Alkitab. Ing saben kebaktian ana acara baptisan. Saka acara kuwi, wong-wong dadi ngerti yèn sing dibaptis wis ngabdi marang Gusti Allah.

  • Apa sebabé kebaktian iku acara sing nyenengaké?

  • Apa gunané teka ing kebaktian?

GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

Yèn panjenengan kepéngin ngerti pasedulurané Seksi-Seksi Yéhuwah, ayo teka ing kebaktian iki. Guru Alkitab panjenengan bisa nduduhaké jadwal acarané supaya panjenengan bisa ngerti bab sing arep dirembug. Catheten wektu lan panggonané kebaktian ing tanggalan panjenengan, lan ngupayaa supaya bisa teka.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim