PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jl pelajaran 13
  • Perintis Iku Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Perintis Iku Apa?
  • Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
jl pelajaran 13

BAB 13

Perintis Iku Apa?

Penginjil kusus lagi nginjil

Kanada

Penginjil kusus lagi nginjil

Nginjil

Perintis lagi mulang Alkitab

Mulang Alkitab

Perintis lagi sinau Alkitab

Sinau Alkitab

Tembung ”perintis” tegesé wong sing lunga ing dhaérah anyar lan miwiti sawijiné gawéan. Yésus bisa disebut perintis merga diutus ing bumi lan miwiti gawéan sing nylametaké wong-wong, yaiku martakaké kabar apik lan masrahaké nyawané. (Matéus 20:28) Ing jaman saiki, wong-wong Kristen niru contoné Yésus kuwi. Carané yaiku nggunakaké wektu saakèh-akèhé kanggo mulang wong-wong supaya dadi muridé Yésus. (Matéus 28:19, 20) Mula, ana wong Kristen sing dadi perintis.

Perintis iku penginjil kusus. Kabèh Seksi Yéhuwah iku penginjil. Nanging, ana sing ngatur wektuné supaya bisa dadi perintis biasa, sing nggunakaké wektu 70 jam saben sasi kanggo nginjil. Mula, akèh sing nyambut gawéné ora sedina muput utawa ora saben dina. Ana uga sing éntuk tugas dadi perintis istiméwa ing dhaérah sing luwih mbutuhaké penginjil. Perintis istiméwa nggunakaké wektu 130 jam utawa luwih saben sasi kanggo nginjil. Para perintis marem urip prasaja merga yakin yèn Yéhuwah bakal nyukupi apa sing dibutuhaké. (Matéus 6:31-33; 1 Timotéus 6:6-8) Sing ora bisa dadi perintis biasa utawa perintis istiméwa, bisa dadi perintis èkstra pas kahanané cocog. Perintis èkstra nggunakaké wektu 30 utawa 50 jam saben sasi kanggo nginjil.

Wong sing seneng mulang wong-wong merga nresnani Gusti Allah lan wong liya. Kaya ing jamané Yésus, akèh wong ing jaman saiki ora éntuk tuntunan urip. (Markus 6:34) Nanging, murid-muridé Yésus sing sejati nduwé pangertèn sing bisa mbantu wong-wong lan mènèhi pangarep-arep sing bisa diandelaké. Merga nresnani wong liya, perintis seneng nggunakaké wektu lan tenagané kanggo mbantu wong-wong nyedhak marang Gusti Allah. (Matéus 22:39; 1 Tésalonika 2:8) Merga nindakaké iku, imané dadi saya kuwat, saya cedhak karo Gusti Allah, lan uripé saya seneng.​—Para Rasul 20:35.

  • Perintis iku apa?

  • Apa sebabé ana sing gelem dadi perintis?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim