Apa Panjenengan Gelem Nindakaké Kersané Yéhuwah?
Matur nuwun merga panjenengan wis gelem nyinaoni buku iki kanggo ngenal Seksi-Seksi Yéhuwah, mangertèni gawéané, lan nggatèkaké sing ditindakaké pakumpulané. Muga-muga panjenengan dadi ngerti yèn Seksi-Seksi Yéhuwah iku wong-wong sing nindakaké kersané Yéhuwah ing jaman saiki. Apiké, panjenengan terus sinau bab Gusti Allah, nyritakaké sing wis disinaoni marang kulawarga lan kanca-kanca, sarta ajeg srawung karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing pakumpulan ibadahé.—Ibrani 10:23-25.
Yèn terus sinau bab Yéhuwah, panjenengan bakal tambah ngerti yèn Yéhuwah iku tresna tenan marang panjenengan. Asilé, panjenengan bakal kepéngin mbales katresnané. (1 Yokanan 4:8-10, 19) Nanging, kepriyé panjenengan bisa nindakaké kuwi ing urip saben dina? Apa gunané panjenengan manut karo pathokané Gusti Allah? Lan, kepriyé carané supaya panjenengan dadi kepéngin nindakaké kersané Gusti Allah bareng Seksi-Seksi Yéhuwah? Guru Alkitab panjenengan mesthi seneng ngrembug jawabané supaya panjenengan sakulawarga bisa tetep ’ana ing sajroning sihé Gusti Allah, tumuju ing urip langgeng’.—Yudas 21.
Supaya pangertèn panjenengan bab Gusti Allah tambah akèh, panjenengan bisa nerusaké sinau Alkitab nganggo buku iki ”Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”.