PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • fg pelajaran 12 ptkn. 1-5
  • Kepriyé Carané Dadi Kancané Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kepriyé Carané Dadi Kancané Gusti Allah?
  • Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Bagéan 11
    Rungokna Gusti Allah
Delok Kabèh
Kabar Apik saka Gusti Allah!
fg pelajaran 12 ptkn. 1-5

BAB 12

Kepriyé Carané Dadi Kancané Gusti Allah?

1. Apa Gusti Allah nampa dongané kabèh wong?

Wong lanang ndonga marang Gusti Allah

Gusti Allah kepingin kabèh wong saka bangsa ngendi waé ndonga, merga kuwi carané bisa cedhak karo Gusti Allah. (Masmur 65:3) Nanging, ora saben donga bakal ditampa karo Gusti Allah. Contoné, dongané wong lanang sing ora ngajèni bojoné ora ditampa karo Gusti Allah. (1 Pétrus 3:7) Wektu bangsa Israél tumindak ala, Gusti Allah uga ora gelem nampa dongané. Mulané, donga kuwi bab sing penting lan aja nganti disepèlèkaké. Nanging, Gusti Allah bakal nampa dongané wong sing dosané gedhé yèn dhèwèké wis mertobat.​—Wacanen Yésaya 1:15; 55:7.

Deloken vidéo Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Kabèh Wong?

2. Kepriyé carané ndonga sing bener?

Ndonga kuwi ibadah, dadi awaké dhéwé kuduné ndonga mung marang Yéhuwah. (Matius 4:10; 6:9) Merga klebon dosa, awaké dhéwé kudu ndonga lantaran Yésus sing wis séda kanggo nebus dosané awaké dhéwé. (Yohanes [Yokanan] 14:6) Yéhuwah ora seneng karo donga sing ditulis, diapalaké, lan dibolan-baléni. Yéhuwah seneng yèn donga kuwi saka ati.​—Wacanen Matius 6:7; Filipi 4:6, 7.

Gusti Allah bisa mirengaké donga sing dibatin. (1 Samuèl 1:12, 13) Gusti Allah kepéngin awaké dhéwé ndonga sawayah-wayah. Bisa èsuk, bengi, sadurungé mangan, lan wektu awaké dhéwé ana masalah.​—Wacanen Masmur 55:23; Matius 15:36.

3. Kena apa wong Kristen ngibadah bareng-bareng?

Wong-wong maca Alkitab ing pakumpulan ibadah

Dadi kancané Gusti Allah iku ora gampang, merga sakiwa tengené awaké dhéwé akèh wong sing ora percaya karo Gusti Allah. Uga ana sing ora percaya janjiné sing bakal nentremaké uripé manungsa ing bumi. (2 Timotius 3:1, 4; 2 Pétrus 3:3, 13) Dadi, wong-wong sing padha nyembah Yéhuwah perlu nggatèkaké siji lan sijiné.​—Wacanen Ibrani 10:24, 25.

Ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé bisa kumpul karo wong-wong sing nresnani Gusti Allah. Imané awaké dhéwé bisa tambah kuat lan tambah cedhak karo Gusti Allah.​—Wacanen Rum 1:11, 12.

4. Kepriyé panjenengan bisa dadi kancané Gusti Allah?

Wong lanang maca Alkitab pas ngaso kerja

Panjenengan bisa dadi kancané Gusti Allah yèn tenanan mikiraké tumindak, wejangan, lan janjiné Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab. Panjenengan uga aja lali ndonga. Yèn rong perkara kuwi ditindakaké, panjenengan bisa luwih ngrasakaké katresnan lan kapinterané Gusti Allah.​—Wacanen Yusak 1:8; Masmur 1:1-3.

Panjenengan bisa luwih cedhak karo Gusti Allah yèn ngandel lan percaya karo Gusti Allah. Nanging, kuwi ora cukup. Kaya tanduran, iman panjenengan kudu terus disirami. Carané, panjenengan perlu tenanan mikiraké sing disinaoni saka Alkitab.​—Wacanen Matius 4:4; Ibrani 11:1, 6.

5. Apa gunané dadi kancané Gusti Allah?

Wong-wong sing nresnani Yéhuwah digatèkaké lan diayomi. Mulané, imané ora bakal rusak lan dhèwèké bisa urip salawasé. (Masmur 91:1, 2, 7-10) Gusti Allah ngélingaké supaya ngedohi tumindak sing bisa ngrusak uripé awaké dhéwé. Yéhuwah mulang awaké dhéwé carané urip sing bener.​—Wacanen Masmur 73:27, 28; Yakobus 4:4, 8.

Wong-wong maca Alkitab ing pakumpulan ibadah

Kanggo katrangan sing luwih akèh, wacanen buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? bab 17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim