Lagu 137
Tulungi Aku Bèn Kendel
Wektu ngumum’ké asma-Mu,
Martakaké Kraton-Mu.
Akèh wong mungsuhi aku;
Lan nggawé isin aku.
Ora dadi wediku;
Merga Yéhuwah Allahku.
Oh nyuwun paringana roh-Mu;
Bapak mirengna dongaku.
(REFREIN)
Mung Huwah sing bisa mbantu;
Bèn aku ora wedi.
Wektu martak’ké sabda-Mu
Supaya wong-wong ngerti.
Armagédhon wis mèh teka;
Wis cedhak banget saiki.
Tulungi aku supaya
Ora wedi.
Pas teka rasa wediku,
Yah dadi percayaku.
S’najan aku saka lebu;
Yah bakal terus mbantu.
Muga Yéhuwah pirsa,
Wong-wong sing njahati aku.
Bantu aku bèn terus bisa;
Kendel martak’ké asma-Mu.
(REFREIN)
Mung Huwah sing bisa mbantu;
Bèn aku ora wedi.
Wektu martak’ké sabda-Mu
Supaya wong-wong ngerti.
Armagédhon wis mèh teka;
Wis cedhak banget saiki.
Tulungi aku supaya
Ora wedi.
(Delengen uga 1 Ts. 2:2; Ib. 10:35.)