Lagu 140
Uripé Perintis
Wis padhang dinané,
tak mangkat nginjilé.
Donga tak dhisik’ké,
bèn isa nginjil tekan soré.
Isa t’rus martak’ké, kaurmatan gedhé.
S’najan sithik waé,
wong-wong sing gelem ngrungokaké.
(REFREIN)
Iki pilihanku,
Uripku kanggo Yah.
Udan panas ora masalah.
Wis dadi tékadku,
Ngabdi marang Huwah.
Kuwi bukti rasa tresnaku,
marang Yah.
Wektu wayah soré,
wis rampung nginjilé.
Lan kesel awaké,
ning aku t’rus seneng atiné.
Lan mesthi ’ku ndonga, merga isa setya.
Berkahé tak tampa,
ngluhur’ké Huwah saben dina.
(REFREIN)
Iki pilihanku,
Uripku kanggo Yah.
Udan panas ora masalah.
Wis dadi tékadku,
Ngabdi marang Huwah.
Kuwi bukti rasa tresnaku,
marang Yah.
(Delengen uga Ys. 24:15; Ms. 92:3; Rm. 14:8.)