Lagu 152
Kekuwatan, Pangarep-arep, Pracayaku
Pangarep-arep sing sejati
Bapa sing maringi.
Pancèn nyenengaké iki
kabèh kudu ngerti.
Nanging kuwatir tak alami
isa marahi wedi,
Pangarep-arep sing aji
isa dadi lali.
(REFREIN)
Pangarep-arepku,
kekuwatanku.
Bapa sing wis nyedhiyani.
Wektu aku ngabdi,
aku ’ra wedi
mung Huwah sing tak percaya.
Yéhuwah, aku ditulungi
bèn aku ’ra lali,
Wektu susah tak alami
Bapa sing ngayomi.
Mauné aku cilik ati
saiki aku wani,
Martakké ing ngendi-endi
asmamu dhuh Gusti.
(REFREIN)
Pangarep-arepku,
kekuwatanku.
Bapa sing wis nyedhiyani.
Wektu aku ngabdi,
aku ’ra wedi
mung Huwah sing tak percaya.
(Delengen uga Ms. 72:13, 14; WB. 3:5, 6, 26; Ym. 17:7.)