PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 24 hlm. 62-hlm. 63 par. 7
  • Nginjil ing Dhaérah-Dhaérah Liya ing Galiléa

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nginjil ing Dhaérah-Dhaérah Liya ing Galiléa
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • A7-C Peristiwa Penting Wektu Yésus ing Bumi—Pelayanané Yésus sing Utama ing Galiléa (Bagéan 1)
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Ramalan Bab Sang Mèsih Kelakon
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yésus Nindakké Mukjijat-Mukjijat ing Kapernaum
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 24 hlm. 62-hlm. 63 par. 7
Pétrus, Andréas, Yohanes, lan Yakobus nemokké Yésus

BAB 24

Nginjil ing Dhaérah-dhaérah Liya ing Galiléa

MATIUS 4:23-25 MARKUS 1:35-39 LUKAS 4:42, 43

  • YÉSUS LAN PAPAT MURIDÉ NGINJIL ING DHAÉRAH GALILÉA

  • PIWULANG LAN MUKJIJATÉ YÉSUS DINGERTÈNI AKÈH WONG

Ing Kapernaum, Yésus lan papat muridé sibuk banget sedina muput. Pas wenginé, wong-wong padha nggawa marang Yésus wong-wong sing lara supaya dimarèkké. Yésus dadi kangèlan nggolèk wektu kanggo ndonga.

Ésuké, pas isih peteng, Yésus tangi lan lunga dhèwèkan. Yésus nggolèk panggonan sing sepi kanggo ndonga marang Bapaké. Nanging, kahanan sing tenang kaya ngono kuwi ora suwé. Wektu sadhar nèk Yésus ora ana, ”Simon lan murid-murid liyané” banjur nggolèki Yésus. Merga Simon Pétrus kuwi sing nduwé omah, mungkin dhèwèké sing ngejak murid liyané nggolèki Yésus.​—Markus 1:36; Lukas 4:38.

Wektu ketemu Yésus, Pétrus kandha, ”Kabèh wong nggolèki panjenengan.” (Markus 1:37) Wong-wong Kapernaum matur nuwun banget karo apa sing wis ditindakké Yésus, mula wong-wong kuwi ngupaya ”ngalang-alangi Yésus supaya ora ninggalké wong-wong kuwi”. (Lukas 4:42) Nanging, apa Yésus teka ing bumi mung kanggo nggawé mukjijat marèkké wong lara? Apa mung ing dhaérah kono waé Yésus nindakké pelayanané? Apa kandhané Yésus?

Yésus ngomong marang Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes karo nunjuk sawijiné kutha ing cedhak kono

Yésus ngandhani murid-muridé, ”Ayo kita lunga menyang panggonan liya, ing kutha-kutha cedhak kéné, supaya aku isa martakké kabar apik ing kono, merga aku teka kanggo nindakké kuwi.” Yésus banjur kandha marang wong-wong sing péngin Yésus tetep ing kono, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya, merga ya kanggo kuwi aku diutus.”​—Markus 1:38; Lukas 4:43.

Cetha banget, Yésus teka ing bumi kanggo martakké Kratoné Allah. Kraton iki bakal nyucèkké asmané Bapaké lan ngrampungi kabèh masalahé manungsa kanthi tuntas. Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké kuwi diutus Gusti Allah kanthi cara nggawé mukjijat marèkké wong lara. Atusan taun sakdurungé, Musa uga nggawé mukjijat kanggo mbuktèkké nèk dhèwèké diutus Gusti Allah.​—Pangentasan 4:1-9, 30, 31.

Yésus lan papat muridé banjur ninggalké Kapernaum kanggo martakké kabar apik ing kutha-kutha liyané. Papat murid kuwi yaiku Pétrus lan Andréas seduluré, uga Yohanes lan Yakobus seduluré. Pirang-pirang minggu sakdurungé, wong-wong kuwi diundang Yésus kanggo dadi kanca nginjilé.

Gawéan nginjilé Yésus karo papat muridé ing Galiléa kuwi suksès banget! Akèh wong padha krungu bab Yésus. Alkitab kandha nèk ”warta bab Yésus nyebar ing kabèh wilayah Siria”, nganti ing wilayah sepuluh kutha sing disebut Dékapolis, lan nganti tekan sebrangé Kali Yordan. (Matius 4:24, 25) Akèh wong saka dhaérah-dhaérah kuwi lan saka Yudéa ngetutké Yésus lan murid-muridé. Wong-wong kuwi nggawa marang Yésus kabèh wong sing lara, lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi. Yésus uga marèkké wong sing kesurupan roh jahat.

  • Sakwisé sibuk banget sedina muput ing Kapernaum, ésuké Yésus nindakké apa?

  • Apa sebabé Yésus diutus menyang bumi, lan mukjijaté Yésus mbuktèkké apa?

  • Sapa sing dadi kanca nginjilé Yésus ing Galiléa, lan piyé hasilé?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim