PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 28 hlm. 70
  • Apa Sebabé Murid-Muridé Yésus Ora Pasa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Murid-Muridé Yésus Ora Pasa?
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 28 hlm. 70
Murid-muridé Yohanes Pembaptis takon marang Yésus bab pasa

BAB 28

Apa Sebabé Murid-muridé Yésus Ora Pasa?

MATIUS 9:14-17 MARKUS 2:18-22 LUKAS 5:33-39

  • MURID-MURIDÉ YOHANES TAKON MARANG YÉSUS BAB PASA

Yohanes Pembaptis dipenjara ora suwé sakwisé Yésus ngrayakké Paskah taun 30 M. Yohanes péngin murid-muridé dadi pengikuté Yésus, nanging ora kabèh muridé Yohanes dadi pengikuté Yésus sakwisé Yohanes dipenjara.

Saiki, Paskah taun 31 M arep dimulai. Sapérangan muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa murid-muridmu ora pasa, padahal aku lan kanca-kancaku uga wong-wong Farisi padha pasa?” (Matius 9:14) Wong-wong Farisi nindakké pasa merga tradhisi agama. Ing salah siji umpamané, Yésus nyritakké bab wong Farisi sing sombong, sing ndonga, ”Gusti Allah, aku ngucap sokur merga aku ora kaya wong liya . . . Aku pasa seminggu ping pindho.” (Lukas 18:11, 12) Murid-muridé Yohanes mungkin nindakké pasa merga kebiasaan utawa kanggo nduduhké rasa sedhihé merga Yohanes dipenjara. Mula, murid-muridé Yohanes mungkin péngin supaya murid-muridé Yésus nindakké sing padha.

Yésus njawab nganggo umpama, ”Wektu mantèn lanang isih bebarengan karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Nanging bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté, lan ing wektu kuwi sahabat-sahabaté bakal pasa.”​—Matius 9:15.

Yohanes dhéwé tau kandha nèk Yésus kuwi mantèn lanang. (Yohanes 3:28, 29) Mula, saksuwéné Yésus isih ana ing bumi, para muridé ora pasa. Banjur, wektu Yésus séda, para muridé bakal sedhih lan ora gelem mangan. Nanging, sakwisé Yésus diuripké manèh, para muridé bakal bungah banget, mula ora perlu sedhih lan pasa.

Yésus banjur mènèhi rong umpama, ”Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar, merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan suwèké dadi saya amba. Uga, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah lan angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Nanging wong nyimpen anggur sing anyar ing wadhah anggur sing anyar.” (Matius 9:16, 17) Apa maksudé Yésus?

Yésus ngandhani murid-muridé Yohanes Pembaptis nèk murid-muridé Yésus ora bakal nindakké kebiasaané wong Yahudi sing wis suwé banget ditindakké, contoné pasa. Agama Yahudi wektu kuwi akèh-akèhé mulangké tradhisiné manungsa. Ibadah sing diwulangké Yésus ora kaya ngono. Mula, Yésus ora teka kanggo nglestarèkké cara ngibadah sing bakal disingkirké. Iki diumpamakké kaya wong sing ora bakal nambal kain lawas nganggo kain anyar, utawa ora bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur sing lawas.

UMPAMA BAB PASA

Wadhah anggur saka kulit kéwan

Yésus nggunakké umpama sing gampang dingertèni wong-wong sing ngrungokké, yaiku bab njahit. Nèk ana wong sing nambal klambi sing lawas nganggo kain sing anyar sing durung mengkered, apa akibaté? Wektu klambi kuwi dikumbah, kain sing anyar kuwi bakal mengkered lan kain sing lawas bakal ketarik, akiré klambiné suwèk.

Semono uga, anggur biasané disimpen ing wadhah anggur sing digawé saka kulit kéwan. Suwé-suwé, kulit kuwi bakal atos lan kaku. Nèk anggur sing anyar dilebokké ing wadhah anggur sing lawas kuwi, wadhah angguré bakal mlembung merga angguré ngalami ferméntasi, lan akiré wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah.

  • Ing jamané Yésus, sapa waé sing nindakké pasa, lan kanggo apa?

  • Apa sebabé para muridé Yésus ora pasa? Nanging apa sing mungkin nggawé akiré pasa?

  • Apa tegesé umpama bab kain lan anggur sing anyar?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim