PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 59 hlm. 142-hlm. 143 par. 4
  • Putrané Manungsa Kuwi Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Putrané Manungsa Kuwi Sapa?
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
    Tirunen Imané
  • Piwulang Penting bab Sipat Andhap Asor
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Berjuang Bèn Isa Terus Nglayani Yéhuwah, Kaya Pétrus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 59 hlm. 142-hlm. 143 par. 4
Pétrus ngomong marang Yésus lan para rasul liyané nggatèkké

BAB 59

Putrané Manungsa Kuwi Sapa?

MATIUS 16:13-27 MARKUS 8:22-38 LUKAS 9:18-26

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG LANANG WUTA

  • PÉTRUS NAMPA KUNCI-KUNCINÉ KRATON SWARGA

  • YÉSUS NJELASKÉ NÈK DHÈWÈKÉ KUDU DIPATÈNI LAN DIURIPKÉ MANÈH

Yésus lan para muridé tekan ing Bètsaida. Wong-wong nggawa wong lanang wuta lan padha nyuwun supaya Yésus ndemèk wong kuwi kanggo dimarèkké.

Yésus banjur nyekel tangané wong wuta kuwi, lan nuntun menyang njaba désa. Sakwisé ngidoni mripaté, Yésus takon, ”Apa sing kok delok?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ndelok wong-wong, nanging wong-wong kuwi kaya wit-witan sing mlaku mrana-mréné.” (Markus 8:23, 24) Yésus banjur ndemèk manèh mripaté wong lanang kuwi, lan wong lanang kuwi isa ndelok kanthi cetha. Banjur, Yésus ngongkon wong lanang kuwi mulih nanging ora éntuk mlebu menyang désa.

Sakwisé kuwi, Yésus lan para muridé lunga menyang arah lor, ing dhaérah Kaisaréa Filipi. Kuwi perjalanan sing adoh lan dalané munggah, kira-kira adohé 40 kilomèter. Désa sing dadi tujuané kuwi ana ing dhaérah sing panggonané 350 mèter diatas permukaan laut, lan puncaké Gunung Hèrmon sing ditutupi salju ana ing sisih timur-laut. Perjalanan iki mungkin mbutuhké wektu rong dina utawa luwih.

Wektu isih ing ndalan, Yésus lunga kanggo ndonga dhèwèkan. Kira-kira sanga utawa sepuluh sasi manèh Yésus bakal séda, lan Yésus nguwatirké murid-muridé. Lagi waé, akèh wong sing mandheg dadi muridé, lan liya-liyané padha bingung lan gela. Wong-wong kuwi nggumun ngapa kok Yésus ora gelem didadèkké raja utawa ora gelem nggawé mukjijat kanggo nduduhké sapa sakjané Yésus kuwi.

Wektu murid-murid teka ing panggonané Yésus ndonga, Yésus takon, ”Jaréné wong-wong, Putrané manungsa kuwi sapa?” Murid-murid njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis. Ana uga sing kandha Élia, Yérémia, utawa nabi liyané.” Pancèn, akèh wong mikir nèk Yésus kuwi salah siji nabi sing urip manèh. Merga péngin ngerti pendhapaté murid-muridé, Yésus takon, ”Nèk miturutmu, aku iki sapa?” Pétrus langsung njawab, ”Panjenengan kuwi Kristus, Putra saka Gusti Allah sing urip.”​—Matius 16:13-16.

Yésus kandha nèk Pétrus bungah merga Gusti Allah ngandhani bab iki marang dhèwèké. Yésus kandha manèh, ”Aku uga kandha marang kowé: Kowé kuwi Pétrus, lan ing ndhuwuré watu iki aku bakal mbangun jemaatku, lan kekuwatané pati ora bakal isa ngalahké kuwi.” Kuwi maksudé, Yésus bakal mbangun jemaat, lan senajan para anggotané ngadhepi pati, nanging nèk terus setya ing bumi wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing swarga. Yésus janji marang Pétrus, ”Aku bakal mènèhi kowé kunci-kunciné Kraton swarga.”​—Matius 16:18, 19.

Yésus ora mènèhi Pétrus kedudukan sing luwih unggul ketimbang rasul-rasul liyané. Yésus ya ora ndadèkké Pétrus pondhasiné jemaat. Yésus dhéwé sing dadi Watu pondhasi sing utama kanggo jemaat sing bakal dibangun. (1 Korintus 3:11; Éfésus 2:20) Nanging, Pétrus nampa telung kunci. Dhèwèké bakal nduwé pakurmatan kanggo mbukak kesempatan bèn wong-wong isa mlebu Kraton swarga.

Pétrus bakal nggunakké kunci sing kapisan ing Péntakosta taun 33 M kanggo wong Yahudi lan proselit. Pétrus nduduhké marang wong-wong kuwi apa sing kudu ditindakké supaya isa dislametké. Banjur kunci sing kapindho kanggo wong Samaria. Lan, ing taun 36 M, kunci sing katelu digunakké kanggo wong-wong saka bangsa liya, contoné Kornélius lan keluargané.​—Kisah 2:37, 38; 8:14-17; 10:44-48.

Yésus minger saka Pétrus

Sakwisé ngandhani Pétrus nèk bakal diwènèhi kunci Kraton swarga, Yésus njelaské marang para rasul nèk Yésus bakal ngadhepi kasangsaran lan pati ing Yérusalèm. Merga ora paham nèk Yésus bakal diuripké manèh kanggo urip ing swarga, Pétrus nggèrèd Yésus menyang samping lan ngélikké Yésus, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Panjenengan ora bakal ngalami kuwi kabèh.” Nanging Yésus minger lan njawab, ”Lungaa saka ngarepku, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku, merga sing kok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, nanging pikirané manungsa.”​—Matius 16:22, 23.

Yésus banjur nyeluk para rasul lan wong-wong liyané kanggo njelaské nèk dadi pengikuté kuwi ora gampang. Yésus kandha, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané, lan terus ngetutké aku. Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku lan merga kabar apik, dhèwèké bakal urip manèh.”​—Markus 8:34, 35.

Dadi, para pengikuté Yésus kudu kendel lan lila nggawé pangurbanan kanggo mbuktèkké nèk pantes ditresnani Yésus. Yésus kandha, ”Ing generasi sing dosa lan ora setya iki, sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané manungsa teka karo para malaékat suci nganggo kuwasané Bapaké.” (Markus 8:38) Banjur, wektu Yésus teka, ”dhèwèké bakal mbales saben wong miturut tumindaké wong kuwi”.​—Matius 16:27.

  • Miturut wong-wong Yésus kuwi sapa, lan apa pendapaté para rasul?

  • Pétrus nampa kunci-kunci apa, lan piyé kunci kuwi digunakké?

  • Pétrus éntuk naséhat apa, lan apa sebabé?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim