PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ypq pitakonan 10 hlm. 30-31
  • Piyé Alkitab Isa Mbantu Aku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Alkitab Isa Mbantu Aku?
  • Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Alkitab Kuwi Apa?
    Alkitab Kuwi Apa?
  • Saran-Saran kanggo Keluarga
    Gatèkna!—2018
  • Sapa sing Nguwasani Donya Iki?
    Sapa sing Nguwasani Donya Iki?
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
ypq pitakonan 10 hlm. 30-31
Cah lanang sing lagi lungguh nèng njaba karo maca Alkitab

PITAKONAN 10

Piyé Alkitab Isa Mbantu Aku?

NGAPA PENTING?

Alkitab kandha, ”Sakèhing tulisan  . . . diwangsitaké déning Gusti Allah.” (2 Timotéus 3:16) Nèk kuwi bener, Alkitab isa mbantu kowé éntuk tuntunan.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: David lagi nyopir ing dhaérah sing durung tau ditekani. Saka rambu-rambu lalu lintas lan petunjuk arah, kuduné David ora ing kono. David sadhar nèk dhèwèké kesasar. Dhèwèké mesthi salah ménggok pas lagi ing perjalanan kuwi.

Nèk kowé dadi David, kowé kudu piyé?

PIKIREN DHISIK!

Kowé nduwé pilihan:

  1. Takon dalané.

  2. Ndelok péta utawa nggunakké GPS.

  3. Bablas waé, mbokmenawa mengko ketemu dalan sing bener.

Mesthiné, Pilihan C sing paling ora cocog.

Pilihan B luwih ana gunané timbang sing kapisan. Péta utawa GPS biyasané digawa pas lagi perjalanan, kuwi mbantu kowé ngerti dalan sing bener.

Alkitab isa mbantu kowé kaya GPS mau.

Buku sing paling laris iki isa

  • nuntun kowé pas ngadhépi masalah

  • mbantu kowé ngerti awakmu dhéwé lan dadi wong sing luwih apik

  • nduduhké piyé carané éntuk urip sing paling nyenengké

NJAWAB PITAKONAN PENTING BAB URIP

Wiwit isih cilik awaké dhéwé kerep takon.

  • Kena apa langit warnané biru?

  • Lintang digawé saka apa?

Terus awaké dhéwé mulai takon bab kedadéan ing donya iki.

  • Kena apa isa ana kesusahan?

  • Apa sebabé manungsa mati?

Apa kira-kira jawabané ana ing Alkitab?

Akèh wong ngomong Alkitab kuwi isiné mung dongèng, wis ketinggalan jaman, utawa angèl disinaoni. Sakjané, sing dadi masalah kuwi Alkitab utawa anggepané wong bab Alkitab? Apa wong-wong kuwi éntuk katrangan sing klèru?

Miturut wong-wong, Alkitab mulang nèk Gusti Allah sing nguwasani donya, apa pancèn ngono? Donya iki kisruh, akèh kesusahan lan kasangsaran, penyakit lan pati, wong mlarat lan musibah. Mosok iya, Gusti Allah sing welas asih nyebabké kuwi kabèh?

Apa kowé péngin ngerti jawabané? Wulangané Alkitab bab kuwi isa waé marahi kowé nggumun.

Mbokmenawa kowé ngerti nèk naséhat sing ana ing buku iki saka Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah yakin nèk Alkitab kuwi sumber tuntunan sing isa dipercaya. Kuwi merga Alkitab ”diwangsitaké déning Gusti Allah  . . . migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké, kanggo mbangun wewatekan”. (2 Timotéus 3:16, 17) Kowé kudu mriksa dhéwé buku sing kuna ning ora ketinggalan jaman iki.

GOLÈKANA LUWIH AKÈH!

Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?

Deloken vidhéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim