PELAJARAN 20
Ana Enem Bencana Manèh
Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh laler ing Mesir.’ Iki dudu laler biasa. Laler iki isa nyokot wong. Laler-laler kuwi mlebu ing kabèh omahé wong Mesir. Mesir dadi kebak laler. Tapi, ing Gosyèn ora ana laler. Gosyèn kuwi dhaérah sing dienggoni bangsa Israèl. Bencana sing nomer papat lan sakterusé mung dialami bangsa Mesir. Firaun ngomong, ’Ngomonga karo Yéhuwah bèn laler-laler iki disingkirké. Bar kuwi, kowé kabèh éntuk lunga.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké laler-laler kuwi. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl. Kapan Firaun bakal kapok?
Yéhuwah ngomong, ’Nèk Firaun ora gelem mbébaské umat-Ku, kéwan-kéwané bangsa Mesir bakal kena penyakit, terus mati.’ Sésuké, kéwané bangsa Mesir padha mati. Tapi, kéwané bangsa Israèl ora mati. Firaun tetep ndableg. Dhèwèké ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Musa dikon nyebar awu ing udara. Awuné nyebar lan nèmplèk ing awaké wong Mesir. Terus, wong Mesir lan kéwan-kéwané dadi lara bisul sing parah. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Apa kowé isih ora gelem mbébaské umat-Ku? Sésuk bakal ana udan ès.’ Sésuké, ana udan ès tenan. Terus, ana bledhèg lan geni. Kuwi badai sing paling parah ing Mesir. Wit-witan lan tanduran dadi rusak kabèh. Tapi, tanduran ing Gosyèn ora rusak. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngendhegké udan iki. Bar kuwi, lungaa.’ Udan ès kuwi akhiré mandheg. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Musa ngomong, ’Saiki walang-walang bakal ngentèkké tanduran sing isih ana sakwisé udan ès.’ Walang-walang kuwi mangan kabèh sing isih ana ing ladhang lan wit-witan. Walangé ana jutaan. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngusir walang-walang iki.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké walang-walang kuwi. Tapi, Firaun isih ndableg.
Yéhuwah ngongkon Musa, ’Ethungna tanganmu ing langit.’ Bar kuwi, langité dadi peteng banget. Telung dina wong Mesir ora isa ndelok apa-apa. Mung dhaérahé wong Israèl sing tetep padhang.
Firaun ngomong karo Musa, ’Kowé kabèh éntuk lunga. Tapi, kéwan-kéwanmu tinggalen.’ Musa njawab, ’Kéwan-kewanku ya kudu tak gawa bèn isa tak korbanké kanggo Yéhuwah.’ Firaun dadi nesu banget. Dhèwèké mbengok, ’Lungaa kana! Nèk kowé teka manèh, kowé bakal tak patèni!’
”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”—Maléakhi 3:18