PELAJARAN 29
Yéhuwah Milih Yosua
Musa wis suwé banget dadi pemimpiné bangsa Israèl. Ora suwé manèh dhèwèké bakal mati. Yéhuwah ngomong, ’Kowé ora bakal mimpin bangsa Israèl mlebu Tanah Perjanjian. Tapi, kowé éntuk ndelok tanah kuwi.’ Bar kuwi, Musa njaluk Yéhuwah milih pemimpin sing anyar kanggo bangsa Israèl. Yéhuwah ngomong, ’Ngomonga karo Yosua nèk dhèwèké sing Tak pilih.’
Musa ngandhani bangsa Israèl nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal mati. Musa ya ngomong nèk Yéhuwah wis milih Yosua kanggo mimpin bangsa kuwi mlebu ing Tanah Perjanjian. Terus, Musa ngomong karo Yosua, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal mbantu kowé.’ Bar kuwi, Musa munggah ing puncak Gunung Nébo. Ing kono, Yéhuwah nduduhké tanah sing wis dijanjèkké kanggo Abraham, Ishak, lan Yakub. Akhiré, Musa mati pas umuré 120 taun.
Yéhuwah ngomong karo Yosua, ’Nyabranga Kali Yordan. Terus, lungaa ing Kanaan. Aku bakal mbantu kowé kaya Aku mbantu Musa. Kowé kudu maca hukum-Ku saben dina. Aja wedi. Dadia kendel. Mangkata, lan terusa manut préntah-Ku.’
Yosua ngongkon mata-mata loro lunga ing kutha Yérikho. Ing pelajaran berikuté mengko bakal dicritakké apa sing kelakon ing kutha kuwi. Wektu bali, mata-mata kuwi ngomong nèk saiki wektuné lunga ing Kanaan. Sésuké, Yosua ngongkon bangsa Israèl siap-siap. Terus, Yosua ngongkon para imam sing nggawa pethi perjanjian mangkat luwih dhisik ing Kali Yordan. Pas tekan kono, kaliné lagi mbludag. Tapi, wektu para imam ngidak banyuné, aliran banyuné mandheg, terus kaliné dadi asat. Para imam mlaku, terus ngadeg ing tengah-tengah kali nganti kabèh wong Israèl tekan ing sabrangé Kali Yordan. Nurutmu, apa kuwi bakal ngélingké bangsa Israèl karo mukjijat ing Laut Merah?
Akhiré, bangsa Israèl tekan Tanah Perjanjian. Bangsa kuwi isa mbangun omah lan kutha. Bangsa kuwi ya isa nduwé ladhang, kebon anggur, lan kebon buah liyané. Ana akèh sing isa dipangan lan diombé ing Tanah Perjanjian. Mula, dhaérah kuwi disebut tanah sing akèh susu lan maduné.
”Yéhuwah bakal terus nuntun kowé lan nyukupi kebutuhanmu senajan kowé manggon ing tanah sing gersang.”—Yésaya 58:11