PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 37 hlm. 90-hlm. 91 par. 1
  • Yéhuwah Ngomong karo Samuèl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Ngomong karo Samuèl
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Saya Mundhak Gedhé Ana ing Ngarsané Sang Yéhuwah”
    Tirunen Imané
  • Samuèl Tetep Dadi Bocah sing Apik
    Wulangen Anakmu
  • Dhèwèké Tetep Setya Senajan Ngrasakké Gela
    Tirunen Imané
  • Sinau saka Kisahé Samuèl
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 37 hlm. 90-hlm. 91 par. 1
Samuèl mbukaki pintu-pintu tabernakel

PELAJARAN 37

Yéhuwah Ngomong karo Samuèl

Imam Agung Èli nduwé anak lanang loro sing nglayani dadi imam ing tabernakel. Anak-anaké kuwi jenengé Hofni lan Pinéhas. Wong loro kuwi jahat lan ora manut hukumé Yéhuwah. Wektu bangsa Israèl mènèhké korban kanggo Yéhuwah, Hofni lan Pinéhas njupuk daging sing paling apik kanggo wong loro kuwi dhéwé. Èli krungu soal kuwi, tapi meneng waé. Apa Yéhuwah ya bakal meneng waé?

Senajan luwih enom saka Hofni lan Pinéhas, Samuèl ora niru wong loro kuwi. Yéhuwah seneng karo Samuèl. Wektu Samuèl lagi turu, ana swara sing ngundang jenengé. Samuèl tangi, nemoni Èli, terus ngomong, ’Ya, Pak?’ Tapi, Èli ngomong, ’Aku ora ngundang kowé, Lé. Turua manèh.’ Samuèl turu manèh. Bar kuwi, Samuèl krungu ana sing ngundang manèh. Wektu Samuèl krungu swara kuwi ping teluné, Èli dadi ngerti nèk sing ngundang Samuèl kuwi Yéhuwah. Samuèl dikandhani karo Èli nèk dhèwèké krungu swara kuwi manèh, Samuèl kudu ngomong, ’Ya, Yéhuwah. Aku ngrungokké.’

Samuèl ngandhani Èli apa sing wis diomongké Yéhuwah

Samuèl turu manèh. Bar kuwi, dhèwèké krungu swara, ’Samuèl! Samuèl!’ Samuèl njawab, ’Ya. Aku ngrungokké.’ Yéhuwah ngomong, ’Ngomonga karo Èli nèk aku bakal ngukum dhèwèké sak keluarga. Èli ngerti nèk anak-anaké tumindak jahat ing tabernakel, tapi meneng waé.’ Sésuk ésuké, Samuèl mbukaki pintu-pintu tabernakel kaya biasané. Samuèl wedi ngomong karo Èli soal apa sing wis diomongké Yéhuwah. Tapi, Èli ngundang Samuèl lan takon, ’Lé, Yéhuwah ngomong apa waé karo kowé? Ora apa-apa, crita waé.’ Dadi, Samuèl ngandhani Èli kabèh sing diomongké Yéhuwah.

Samuèl tambah gedhé lan terus dibantu Yéhuwah. Kabèh wong Israèl dadi ngerti nèk Yéhuwah wis milih Samuèl dadi nabi lan hakim.

”Élinga karo Sing Nggawé Urip wektu kowé isih enom.”​—Pengkhotbah 12:1

Pertanyaan: Apa bédané Samuèl karo Hofni lan Pinéhas? Yéhuwah ngandhani Samuèl soal apa?

1 Samuèl 2:12-17, 22-26; 3:1-21; 7:6

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim