PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 52 hlm. 126-hlm. 127 par. 1
  • Jaran lan Kréta Perangé Yéhuwah sing Murub

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Jaran lan Kréta Perangé Yéhuwah sing Murub
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Intiné Buku 2 Para Raja
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • ”Balané Awaké Dhéwé Luwih Akèh Timbang Balané Wong-Wong Kuwi”
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 52 hlm. 126-hlm. 127 par. 1
Èlisa lan pelayané dikepung pasukan Siria

PELAJARAN 52

Jaran lan Kréta Perangé Yéhuwah sing Murub

Raja Siria sing jenengé Bèn-hadad bola-bali nyerang bangsa Israèl. Tapi, raja Israèl isa lolos merga dikandhani Nabi Èlisa. Mula, Bèn-hadad mutuské kanggo nyulik Èlisa. Bèn-hadad ngerti nèk Èlisa ana ing kutha Dotan. Terus, dhèwèké ngongkon prajurité nangkep Èlisa.

Wektu bengi, pasukan Siria teka ing Dotan. Ésuké, pelayané Èlisa metu, terus ndelok nèk kutha kuwi wis dikepung pasukan Siria. Dhèwèké wedi, terus mbengok, ’Pak, awaké dhéwé kudu piyé?’ Èlisa ngomong, ’Luwih akèh sing ndhukung awaké dhéwé ketimbang wong-wong kuwi.’ Pas kuwi, Yéhuwah nggawé pelayané Èlisa isa ndelok nèk ing pegunungan sekitaré kutha kuwi kebak jaran lan kréta perangé Yéhuwah sing murub.

Èlisa lan pelayané ndelok ana pasukan malaékat ing sekitaré

Wektu arep ditangkep, Èlisa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Bar kuwi, Yéhuwah nggawé pasukan Siria dadi bingung lan ora ngerti lagi ana ing ngendi. Terus, Èlisa ngomong karo wong-wong kuwi, ’Kowé kabèh salah dalan. Mèlua aku. Kowé bakal tak terké bèn isa ketemu karo wong sing mbok golèki.’ Wong-wong kuwi ngetutké Èlisa tekan Samaria, yaiku tempat tinggalé raja Israèl.

Pasukan Siria akhiré ngerti nèk lagi ana ing Samaria. Tapi, kuwi wis telat. Raja Israèl ngomong karo Èlisa, ’Apa aku kudu matèni wong-wong kuwi?’ Apa Èlisa nggunakké kesempatan iki kanggo balas dendam karo wong-wong sing arep nangkep dhèwèké? Ora. Èlisa ngomong, ’Aja mbok patèni. Wènèhana wong-wong kuwi mangan, terus kongkonen lunga.’ Mula, Raja nggawé pésta gedhé kanggo wong-wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi dikon mulih.

Prajurit Siria lagi mangan ing Samaria

”Awaké dhéwé yakin soal iki: Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.”​—1 Yohanes 5:14

Pertanyaan: Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Èlisa lan pelayané? Nurutmu, apa Yéhuwah ya isa nglindhungi kowé?

2 Para Raja 6:8-24

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim