PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 56 hlm. 134-hlm. 135 par. 1
  • Yosia Seneng Hukumé Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yosia Seneng Hukumé Yéhuwah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yosia karo Kanca-kancané sing Nyembah Yéhuwah
    Wulangen Anakmu
  • Cah Enom, Piyé Bèn Kowé Isa Bahagia?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 56 hlm. 134-hlm. 135 par. 1
Syafan macakké gulungan kanggo Raja Yosia

PELAJARAN 56

Yosia Seneng Hukumé Yéhuwah

Yosia dadi raja Yéhuda pas umuré wolung taun. Wektu kuwi, wong-wong nggunakké ilmu sihir lan nyembah brahala. Pas umur 16 taun, Yosia sinau piyé carané nyembah Yéhuwah nganggo cara sing bener. Pas umur 20 taun, dhèwèké mulai ngancurké brahala lan mézbah ing kabèh dhaérah kerajaané. Terus wektu umur 26 taun, Yosia ngatur bèn baité Yéhuwah didandani.

Ing bait, Imam Agung Hilkia nemokké gulungan Hukumé Yéhuwah. Kétoké kuwi gulungan sing ditulis langsung karo Musa. Terus, sekretarisé raja sing jenengé Syafan macakké gulungan kuwi nganggo swara sing banter kanggo Yosia. Yosia dadi ngerti nèk wong Yéhuda wis suwé ora manut Yéhuwah. Yosia ngomong karo Hilkia, ’Yéhuwah nesu banget karo awaké dhéwé. Takona karo Yéhuwah. Mengko Yéhuwah bakal ngandhani awaké dhéwé kudu piyé.’ Yéhuwah njawab liwat nabi wédok sing jenengé Hulda, ’Wong Yéhuda wis ora manut Aku. Wong-wong kuwi bakal dihukum. Tapi, Aku ora bakal nindakké kuwi pas Yosia isih dadi raja merga Yosia wis ngrendhahké dhiri,’ maksudé Yosia gelem nggawé perubahan manut karo hukum kuwi.

Hilkia nemokké gulungan Hukumé Yéhuwah

Bar krungu kuwi, Yosia lunga ing bait. Yosia ngongkon wong Yéhuda ngumpul. Terus, dhèwèké macakké Hukumé Yéhuwah nganggo swara sing banter. Yosia lan wong Yéhuda janji bakal tenanan manut Yéhuwah.

Wong Yéhuda wis suwé banget ora ngrayakké Paskah. Tapi bar maca hukum kuwi, Yosia ngerti nèk Paskah kudu dirayakké saben taun. Mula, Yosia ngomong karo wong Yéhuda, ’Awaké dhéwé bakal ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah.’ Terus, Yosia nyiapké kéwan-kéwan kanggo nggawé korban. Dhèwèké ya ngatur bèn ana penyanyi-penyanyi ing bait. Wong Yéhuda akhiré isa ngrayakké Paskah. Bar kuwi, ana Perayaan Roti Tanpa Ragi sing suwéné pitung dina. Saka jamané Nabi Samuèl, durung tau ana Paskah sing kaya ngono. Yosia bener-bener seneng karo Hukumé Yéhuwah. Apa kowé ya seneng sinau soal Yéhuwah?

”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.”​—Mazmur 119:105

Pertanyaan: Bar krungu isiné Hukumé Yéhuwah, Yosia piyé? Piyé perasaané Yéhuwah karo Yosia?

2 Para Raja 21:26; 22:1–23:30; 2 Babad 34:1–35:25

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim