PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 57 hlm. 138-hlm. 139 par. 1
  • Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yérémia Terus Nyritakké Yéhuwah
    Wulangen Anakmu
  • Dadia Kendel Kaya Yérémia
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 57 hlm. 138-hlm. 139 par. 1
Yérémia mecahké botol saka tanah liat ing ngarepé para pemimpin

PELAJARAN 57

Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah

Yéhuwah milih Yérémia dadi nabi kanggo wong Yéhuda. Yéhuwah ngongkon Yérémia ngandhani wong-wong kuwi bèn ora tumindak jahat manèh. Tapi, Yérémia ngomong, ’Yéhuwah, aku isih enom. Aku ora ngerti arep ngomong apa karo wong-wong kuwi.’ Terus, Yéhuwah ngomong, ’Aja wedi. Mengko bakal Tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku bakal mbantu kowé.’

Yéhuwah ngongkon Yérémia ngumpulké para pemimpiné bangsa kuwi. Yérémia ya dikon mecahké botol saka tanah liat ing ngarepé wong-wong kuwi, terus ngomong, ’Yérusalèm bakal dihancurké kaya iki.’ Wektu Yérémia nindakké kuwi, para pemimpin dadi nesu banget. Imam sing jenengé Pasyur nggebugi Yérémia. Terus, tangan lan sikilé Yérémia dilebokké ing pasung, utawa balok kayu. Saka bengi nganti ésuk, Yérémia ora isa obah. Ésuké, Yérémia dibébaské karo Pasyur. Yérémia ngomong, ’Aku wis ora kuwat. Aku wegah nyampèkké berita kuwi manèh.’ Tapi, apa Yérémia bener-bener nyerah? Ora. Yérémia mikirké manèh soal kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Berita saka Yéhuwah kuwi kaya geni ing njero awakku. Aku bakal tetep nyampèkké berita kuwi.’ Hasilé, Yérémia terus nyampèkké berita saka Yéhuwah.

Pirang-pirang taun bar kuwi, ana raja anyar ing Yéhuda. Para imam lan nabi palsu ora seneng karo beritané Yérémia. Wong-wong kuwi ngomong karo para pejabat, ’Wong iki kudu dipatèni.’ Yérémia ngomong, ’Nèk aku mbok patèni, kowé matèni wong sing ora salah. Aku nyampèkké omongané Yéhuwah, dudu omonganku dhéwé.’ Bar krungu kuwi, para pejabat ngomong, ’Wong iki aja dipatèni.’

Yérémia tetep nyampèkké berita saka Yéhuwah. Mula, para pejabat dadi nesu banget. Wong-wong kuwi ngomong karo raja bèn Yérémia dipatèni waé. Raja ngomong terserah Yérémia arep diapakké. Yérémia akhiré ditangkep, terus dicemplungké ing sumur sing jero lan akèh lumpuré. Wong-wong kuwi péngin Yérémia mati ing kono. Yérémia mulai kleleb ing lumpur kuwi.

Èbèd-mèlèkh lan wong-wong liyané nulungi Yérémia metu saka sumur

Ana pejabat istana sing jenengé Èbèd-mèlèkh. Dhèwèké ngomong karo raja, ’Para pejabat nglebokké Yérémia ing sumur. Nèk ora ditulungi, Yérémia isa mati.’ Bar kuwi, raja ngongkon Èbèd-mèlèkh ngejak wong lanang 30 kanggo nulungi Yérémia metu saka sumur. Apa kowé péngin niru Yérémia sing tetep nyampèkké berita saka Gusti Allah senajan keadaané angèl?

”Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku. Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.”​—Matius 10:22

Pertanyaan: Senajan isih enom, ngapa kok Yérémia manut Yéhuwah? Sapa sing berupaya nggawé Yérémia mandheg nindakké tugasé?

Yérémia 1:1-19; 19:1-11; 20:1-13; 25:8-11; 26:7-16; 38:1-13

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim