PELAJARAN 59
Cah Papat sing Manut Yéhuwah
Nébukhadnézar ngongkon pejabat istanané sing jenengé Aspénaz ngurusi keluarga kerajaan Yéhuda lan keturunan bangsawan Yéhuda sing digawa ing Babilon. Aspénaz dikon milih cah-cah lanang sing paling séhat lan paling pinter. Cah-cah lanang kuwi bakal dilatih nganti telung taun kanggo dadi pejabat penting ing Babilon. Cah-cah lanang kuwi kudu ajar maca, nulis, lan ngomong nganggo basané wong Babilon. Cah-cah lanang kuwi ya dikon mangan panganan sing padha karo raja lan pejabaté. Ing antarané cah-cah kuwi, ana Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria. Aspénaz mènèhi cah papat kuwi jeneng Babilon yaiku Bèltesyazar, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo. Apa kuwi bakal nggawé cah papat mau dadi ora nyembah Yéhuwah manèh?
Cah papat kuwi péngin terus manut Yéhuwah. Cah-cah kuwi ora gelem mangan panganané raja merga ana sing haram nurut Hukumé Yéhuwah. Cah-cah kuwi ngomong karo Aspénaz, ’Tulung aja ngongkon aku mangan panganané raja.’ Aspénaz ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mangan, terus raja ndelok kowé kuru, mengko aku sing bakal dipatèni.’
Danièl nduwé idé. Danièl ngomong karo penjagané, ’Ngéné waé. Tulung wènèhana aku karo kanca-kancaku iki sayur lan banyu waé nganti sepuluh dina. Terus, bandhingna aku karo cah-cah liyané sing mangan panganané raja.’ Penjaga kuwi setuju.
Sakwisé sepuluh dina, Danièl lan kancané telu kétok luwih séhat ketimbang cah-cah liyané. Yéhuwah seneng banget merga cah papat kuwi tetep manut. Yéhuwah ya mènèhi Danièl kemampuan bèn isa ngerti artiné wahyu lan mimpi-mimpi.
Akhiré, pelatihané wis bar. Aspénaz ngeterké cah-cah sing wis dilatih kuwi kanggo nemoni Nébukhadnézar. Raja ngejak omong-omongan cah-cah kuwi. Raja dadi ngerti nèk Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria luwih pinter lan wicaksana ketimbang sing liyané. Raja milih cah papat kuwi dadi pejabat ing istanané. Raja ya kerep njaluk saran saka cah papat kuwi soal masalah sing penting. Yéhuwah nggawé cah papat kuwi luwih wicaksana ketimbang kabèh wong pinter lan ahli ilmu gaib ing Babilon.
Danièl, Hanania, Misyaèl, lan Azaria tetep manut Yéhuwah senajan ana ing negarané wong sing ora nyembah Yéhuwah. Apa kowé ya bakal terus manut Yéhuwah, bahkan nèk misalé lagi ora karo wong tuwamu?
”Aja nganti ana sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom. Ning, kowé kudu dadi conto kanggo wong-wong sing setya liwat omonganmu, tumindakmu, katresnanmu, imanmu, lan tumindakmu sing resik.”—1 Timotius 4:12