PELAJARAN 78
Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah
Bar dibaptis, Yésus mulai martakké kabar apik nèk Kerajaané Allah wis cedhak. Murid-murid ngetutké Yésus lunga ing Galiléa lan Yudéa. Wektu bali ing kutha asalé yaiku Nazarèt, Yésus lunga ing sinagogé. Ing kono, Yésus mbukak gulungan Yésaya, terus macakké kuwi nganggo swara sing banter, ’Yéhuwah wis mènèhi aku roh suci bèn aku isa nyritakké soal kabar apik.’ Apa maksudé ayat kuwi? Senajan wong-wong péngin ndelok Yésus gawé mukjijat, tapi alesan utamané Yésus éntuk roh suci yaiku bèn isa ngandhani wong-wong soal kabar apik. Terus, Yésus ngomong karo wong-wong ing kono, ’Dina iki, ayat iki wis kelakon.’
Bar kuwi, Yésus lunga ing Laut Galiléa. Ing kono, Yésus ketemu karo papat nelayan sing akhiré dadi muridé. Yésus ngomong, ’Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.’ Wong papat kuwi jenengé Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Wong papat kuwi langsung ninggalké gawéané lan dadi muridé Yésus. Yésus lan wong-wong kuwi nginjil ing kabèh dhaérah ing Galiléa. Wong-wong kuwi nginjil ing sinagogé, ing pasar, lan ing dalan. Akèh wong ngetutké Yésus lan murid-muridé ing ngendi waé. Berita soal Yésus nyebar ing ngendi-endi, malah nganti tekan Siria.
Ana murid-muridé Yésus sing diwènèhi kuwasa karo Yésus kanggo marèkké wong lara lan ngusir roh jahat. Sing liyané mèlu Yésus nginjil ing saben kutha lan désa. Terus, ya ana wong-wong wédok sing nglayani Yésus lan para pengikuté, contoné Maria Magdaléna, Yohana, Susana, lan liyané.
Sakwisé nglatih murid-muridé, Yésus ngongkon wong-wong kuwi nginjil. Wong-wong kuwi lunga ing Galiléa. Hasilé, akèh wong sing dadi muridé Yésus lan dibaptis. Yésus nggambarké wong-wong kuwi kaya ladhang sing siap dipanèn. Yésus ngomong, ’Ndongaa bèn Yéhuwah mènèhi luwih akèh pekerja kanggo ngumpulké panènané.’ Bar kuwi, Yésus milih 70 murid, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro kanggo nginjil ing kabèh dhaérah ing Yudéa. Wong-wong kuwi mulang kabèh wong soal Kerajaané Allah. Wektu ketemu Yésus manèh, murid-murid kuwi semangat banget nyritakké pengalamané. Kuwi nduduhké nèk Sétan ora isa ngalang-alangi gawéan nginjil.
Yésus ngongkon murid-muridé terus nginjil senajan Yésus wis bali ing swarga. Yésus ngomong, ’Nginjila ing kabèh dhaérah ing bumi. Wulangen wong-wong soal Kitab Suci, terus baptisen wong-wong kuwi.’
”Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu tak umumké ing kutha-kutha liya. Kuwi tujuané Gusti Allah ngutus aku.”—Lukas 4:43