PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 97 hlm. 226-hlm. 227 par. 2
  • Kornélius Éntuk Roh Suci

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kornélius Éntuk Roh Suci
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Gusti Allah Kuwi Ora Mbédak-mbédakké”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Berjuang Bèn Isa Terus Nglayani Yéhuwah, Kaya Pétrus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
    Tirunen Imané
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 97 hlm. 226-hlm. 227 par. 2
Kornélius nyambut Pétrus ing omahé

PELAJARAN 97

Kornélius Éntuk Roh Suci

Ing Kaisaréa, ana kepala pasukan Romawi sing jenengé Kornélius. Dhèwèké dihormati wong Yahudi senajan dhèwèké dudu wong Yahudi. Kornélius seneng mbantu wong miskin. Kornélius percaya karo Yéhuwah. Dhèwèké ya rajin ndonga. Nah, pas kuwi tau ana malaékat sing nemoni Kornélius. Malaékat kuwi ngomong, ’Gusti Allah wis ngrungokké dongamu. Saiki, kongkonen wong kanggo lunga ing kutha Yopa. Pétrus lagi ana ing kana. Kandhanana wong-wong kuwi kanggo ngundang Pétrus nemoni kowé.’ Bar kuwi, Kornélius ngongkon wong lanang telu lunga ing Yopa. Yopa kuwi adohé kira-kira 50 kilomèter saka Kaisaréa.

Pétrus ya éntuk penglihatan. Dhèwèké ndelok kéwan-kéwan sing ora éntuk dipangan wong Yahudi lan krungu swara sing ngongkon dhèwèké mangan kuwi. Tapi, Pétrus ora gelem. Dhèwèké ngomong, ’Aku durung tau mangan kéwan sing haram.’ Swara kuwi ngomong, ’Aja nyebut kéwan-kéwan iki haram. Gusti Allah wis nggawé kéwan-kéwan iki ora haram manèh.’ Terus, swara kuwi ya ngomong, ’Ana wong lanang telu ing ngarep omahmu. Lungaa karo wong-wong kuwi.’ Bar kuwi, Pétrus nemoni wong-wong kuwi lan takon alesané wong-wong kuwi teka. Wong-wong kuwi njawab, ’Aku dikongkon perwira pasukan Romawi sing jenengé Kornélius. Njenengan diundang teka ing omahé ing Kaisaréa.’ Pétrus ngundang wong-wong kuwi nginep sewengi. Sésuké, Pétrus lunga ing Kaisaréa karo wong-wong kuwi lan sedulur-sedulur saka Yopa.

Wong-wong kuwi akhiré tekan Yopa. Wektu ketemu karo Pétrus, Kornélius sujud. Tapi, Pétrus ngomong, ’Ngadega! Aku iki manungsa kaya kowé. Gusti Allah ngongkon aku teka ing omahmu senajan wong Yahudi biasané ora éntuk teka ing omahé wong sing dudu Yahudi. Critakna kenapa kowé ngundang aku.’

Kornélius ngomong, ’Patang dina wingi, aku ndonga. Terus, ana malaékat sing ngongkon aku ngundang njenengan. Tulung wulangen aku lan keluargaku soal Kitab Suci.’ Pétrus ngomong, ’Saiki aku ngerti nèk Gusti Allah kuwi adil. Gusti Allah gelem nampa sapa waé sing péngin nyembah Dhèwèké.’ Pétrus mulang wong-wong kuwi soal Yésus. Terus, Kornélius lan wong-wong sing ana ing omahé éntuk roh suci lan dibaptis.

”Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—Kisah 10:35

Pertanyaan: Kenapa Pétrus ora gelem mangan kéwan sing haram? Kenapa Yéhuwah ngongkon Pétrus lunga ing omahé wong sing dudu Yahudi?

Kisah 10:1-48

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim