PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 103 hlm. 238-hlm. 239 par. 2
  • ”Muga-Muga Kerajaan-Mu Teka”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Muga-Muga Kerajaan-Mu Teka”
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Manungsa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Uripé Manungsa?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • ”Nganti Ketemu Manèh ing Firdaus!”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Kanca-kancané Gusti Allah Bakal Urip Ing Pirdus
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 103 hlm. 238-hlm. 239 par. 2
Wong-wong sing uripé bahagia ing Firdaus

PELAJARAN 103

”Muga-Muga Kerajaan-Mu Teka”

Yéhuwah janji, ’Ora bakal ana manèh tangisan, rasa lara, penyakit, lan kematian. Aku bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Kabèh masalah sing mbiyèn ana bakal dilalèkké.’

Yéhuwah nggawé Taman Èden kanggo Adam lan Hawa bèn wong loro kuwi isa bahagia lan ngrasa damai. Wong loro kuwi kuduné nyembah Yéhuwah lan ngebaki bumi karo keturunané. Adam lan Hawa ora manut Yéhuwah. Tapi, tujuané Yéhuwah ora berubah. Saka buku iki, awaké dhéwé wis ngerti nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. Kerajaané Gusti Allah bakal mberkahi manungsa, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah karo Abraham.

Ing Firdaus, manungsa lan kéwan buas padha rukun

Ora suwé manèh, Sétan, para malaékat jahat, lan kabèh wong jahat bakal ora ana manèh. Kabèh wong sing slamet bakal nyembah Yéhuwah. Awaké dhéwé ora bakal lara lan mati. Awaké dhéwé bakal séhat lan bahagia. Bumi iki bakal dadi firdaus. Kabèh wong bakal isa éntuk panganan sing séhat lan nduwé tempat tinggal sing aman. Ora ana wong sing jahat. Manungsa lan kéwan buas bakal rukun.

Awaké dhéwé mesthi seneng banget wektu Yéhuwah mulai nguripké manèh wong-wong mati. Awaké dhéwé bakal nyambut wong-wong sing urip ing jaman mbiyèn, contoné Habèl, Nuh, Abraham, Sara, Musa, Rut, Èster, lan Daud. Awaké dhéwé bakal kerjasama nggawé bumi dadi firdaus bareng wong-wong kuwi. Bakal ana akèh gawéan sing nyenengké.

Yéhuwah péngin kowé ngrasakké kuwi kabèh. Kowé isa tambah kenal karo Yéhuwah nganggo cara sing ora tau mbok bayangké. Ayo ngupaya bèn tambah akrab karo Yéhuwah saben dina, saiki lan saklawasé!

”Oh Yéhuwah, Gusti Allahku, mung Njenengan sing pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa merga Njenengan sing nyiptakké kabèh.”​—Wahyu 4:11

Pertanyaan: Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé perubahan apa waé ing bumi iki? Saka tokoh-tokoh sing critané mbok waca ing buku iki, kowé péngin ketemu sapa ing Firdaus?

Wahyu 21:3, 4; Ayub 33:25; Wulang Bebasan 2:21, 22; Yésaya 11:2-10; 33:24; 65:21; Matius 6:9, 10; Yohanes 5:28, 29; 17:3

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim