LAGU 13
Ayo Niru Yésus
Vèrsi Tercétak
1. Huwah wis mbuktèkké
tresnané sing gedhé,
Ngutus Anaké ’nggo awaké dhéwé.
Yésus wis ninggalké
panggonan asalé
kanggo ngluhurké Huwah Bapaké.
2. Omongané Huwah
dilakoni tenan,
Nguwatké Yésus ’nggo nyenengké Huwah,
Gelem dadi budhak
merga sayang Huwah,
Lan kuwi nggawé Yéhuwah bangga.
3. Ayo niru Yésus,
Manut Huwah terus,
Nggawé Yéhuwah ngrasa bahagia.
Ayo nyembah Huwah,
Sayang karo Huwah,
Lan Huwah bakal mènèhi berkah.
(Deloken Yoh. 8:29; Éf. 5:2; Flp. 2:5-7.)