LAGU 82
”Kaya Cahaya sing Bersinar”
Vèrsi Tercétak
1. Préntah saka Yésus
kanggo muridé,
Dadi kaya sinar,
Kétok padhangé.
Saka Kitab Suci,
Mulang liyané,
Bèn wong-wong padha ngerti,
Gelem ngetrapké.
2. Semangat martakké
lan t’rus nyritakké
kabar soal Huwah
lan K’rajaané.
Liwat Kitab Suci,
Yah mesthi mbantu.
Kudu terus martakké
lan aja ragu.
3. Kudu t’rus apikan
karo liyané,
Lan saka omongan,
Kétok sifaté.
Nyenengké Yéhuwah
saben dinané,
Yah Gusti diluhurké
nganti s’lawasé.
(Deloken Mzm. 119:130; Mat. 5:14, 15, 45; Kol. 4:6.)