LAGU 99
Akèh Banget Umaté Yah
Vèrsi Tercétak
1. Akèh banget umaté Yah,
Seksiné Yéhuwah.
Padha nglayani Allah,
Setya karo Huwah.
Jumlahé saya tambah,
Diberkahi Allah.
Saka kabèh suku lan bangsa,
Padha muji Huwah.
2. Akèh banget umaté Yah,
Seksiné Yéhuwah.
Kabèh padha semangat
martakké K’rajaan.
Meski ana alangan,
Ora bakal nyerah,
Percaya karo Allah Huwah,
Bakal éntuk berkah.
3. Akèh banget umaté Yah,
Seksiné Yéhuwah,
Ana ing ngarep takhta
nglayani Yéhuwah.
Kabèh padha diundang
kerja bareng Huwah,
Martakké kabar bahagia,
K’rajaan wis mréntah.
(Deloken Yés. 52:7; Mat. 11:29; Why. 7:15.)