LAGU 112
Yéhuwah sing Nggawé Ayem
Vèrsi Tercétak
1. Yéhuwah Allahku,
Sing sayang karo aku,
Aku njaluk roh suci-Mu
bèn ayem pikiranku.
Yah wis nebus aku,
Wis ngorbanké anak-Mu.
Kesempatan kanggo aku
isa dadi kanca-Mu.
2. Huwah sing nulungi,
Nuntun bèn setya ngabdi.
Yah mènèhi Kitab Suci,
Mbantu nganggo roh suci.
Yéhuwah nglindhungi
umat sing disayangi
bèn t’rus ayem, ora wedi
nganti dinané Gusti.
3. Umaté Yah Gusti
ing swarga lan ing bumi.
Kabèh rukun dadi siji,
Martakké soal Gusti.
Wis cedhak wektuné
Yah ngalahké mungsuhé,
Bèn abdiné t’rus ngrasakké
urip ayem s’lawasé.
(Deloken Mzm. 4:8; Flp. 4:6, 7; 1 Tés. 5:23.)