PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • th hlm. 3
  • Surat saka Pengurus Pusat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Surat saka Pengurus Pusat
  • Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Mulai Sinau Alkitab ing Ngarep Lawang Nganggo Buku Kabar Apik Saka Gusti Allah!
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Mulang Nganggo Buku Kabar Apik
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Carané Nggunakké Brosur Rungokna Gusti Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
th hlm. 3

Surat saka Pengurus Pusat

Alkitab kandha, ”Kowé kabèh kuduné wis dadi guru.” (Ibr. 5:12) Yéhuwah kuwi guru sing paling hébat. Yéhuwah péngin awaké dhéwé mulangké Alkitab ing keluarga, ing jemaat, lan wektu nginjil. Kuwi tugas sing penting banget. Piyé carané bèn berhasil nindakké tugas kuwi?

Jawabané ana ing suraté Rasul Paulus kanggo Timotius, ’Terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang. Nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé.’ (1 Tim. 4:13, 16) Berita saka Alkitab sing kudu njenengan critakké isa nylametké wong liya. Mula, njenengan kudu ngupaya bèn isa trampil maca lan mulang. Buku iki isa mbantu njenengan. Ing buku iki ana:

Ayat Alkitab

Ayat sing dadi dhasar kanggo pelajaran sing lagi dirembug. Ayat kuwi isiné isa conto utawa pathokan Alkitab

Saran sing isa ditrapké

Saran-saran sing isa ditrapké

WEKTU NGINJIL

Saran-saran iki isa digunakké wektu nginjil. Saran-saran ing buku iki ya isa ditrapké wektu mulang ing acara ibadah.

Buku iki isa mbantu njenengan dadi luwih trampil maca lan mulang. Senajan ngono, berita sing njenengan critakké kuwi asalé saka Yéhuwah merga Yéhuwah sing mulang awaké dhéwé, lan mung Yéhuwah sing isa narik wong-wong bèn dadi abdiné. (Yé. 30:20; Yoh. 6:44) Mula, njenengan kudu terus nggunakké Alkitab lan ndonga njaluk bantuané Yéhuwah liwat roh suciné. Njenengan kudu mbantu wong-wong bèn nresnani Yéhuwah.

Aku lan para sedulur yakin nèk njenengan mesthi isa berhasil mulangké berita sing penting banget iki nèk ”ngendelké kekuwatan sing diparingké Gusti Allah”.​—1 Ptr. 4:11.

Kanca nyambut gawému,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

Sedulur lanang ceramah; sedulur wédok nginjil; sedulur lanang nginjil ing panggonan kerja; cah enom nginjil karo kancané sekolah
    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim