PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • scl hlm. 36-37
  • Janji Ngabdi lan Dibaptis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Janji Ngabdi lan Dibaptis
  • Tuntunan saka Alkitab
Tuntunan saka Alkitab
scl hlm. 36-37

Janji Ngabdi lan Dibaptis

Nèk janji ngabdi karo Yéhuwah kuwi kuduné merga apa?

PT 6:5; Luk 10:​25-28; Why 4:11

Deloken Pa 20:5

Nèk péngin nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nganggep Alkitab kuwi apa?

Mzm 119:105; 1Tés 2:13; 2Tim 3:16

Deloken Yoh 17:17; Ibr 4:12

Piyé Yéhuwah nebus dosané awaké dhéwé? Kenapa kuwi penting kanggo awaké dhéwé?

Yoh 14:6; Kis 4:12; Rm 3:23; Gal 1:4; Éf 1:7

Apa buktiné nèk wis bener-bener mertobat?

Kis 3:19; 26:20

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 19:​1-10—Kepala petugas pajeg sing jenengé Zakhéus kuwi ora jujur. Tapi, dhèwèké mertobat lan mbalèkké dhuwité wong-wong sing diapusi

    • 1Tim 1:​12-16—Rasul Paulus ngakoni nèk mbiyèné dhèwèké jahat banget. Tapi dhèwèké isa diapurani merga Yéhuwah karo Yésus apikan lan mesakké karo dhèwèké

Sakliyané ora nglakoni manèh kebiasaan sing salah, apa manèh sing kudu terus diupayakké?

Rm 12:​1, 2; Éf 4:​17, 18, 22-24; 1Tés 1:9

Yéhuwah ngekèki pathokan soal tingkah laku. Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé kudu manut karo pathokan apa waé?

1Kor 6:​9-11; Kol 3:​5-9; 1Ptr 1:​14, 15; 4:​3, 4

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Kor 5:​1-13—Rasul Paulus ngandhani jemaat Korintus bèn wong lanang sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes ditokké saka jemaat

    • 2Tim 2:​16-19—Rasul Paulus ngandhani Timotius bèn ora ngrungokké omongané wong murtad sing nyebar kaya korèng

Kenapa awaké dhéwé ora mèlu-mèlu urusan sing ana hubungané karo pamréntah?

Yés 2:​3, 4; Yoh 15:19

  • Kisah ing Alkitab:

    • Yoh 6:​10-15—Sakwisé Yésus nggawé mukjijat ngekèki mangan akèh wong, wong-wong péngin ndadèkké dhèwèké raja. Tapi Yésus ora gelem lan lunga saka kono

    • Yoh 18:​33-36—Yésus njelaské nèk kerajaané ora padha kaya pamréntahané manungsa

Piyé roh suci nuntun awaké dhéwé?

Yoh 16:13; Gal 5:​22, 23

Deloken Kis 20:28; Éf 5:18

  • Kisah ing Alkitab:

    • Kis 15:​28, 29—Pengurus pusat ing Yérusalèm dituntun roh suci wektu nggawé keputusan soal sunat

Wektu nglayani Yéhuwah, apa sing isa ditiru saka Yésus?

Mat 22:37; Yoh 4:34; 6:38; Ibr 10:​8, 9

Kenapa sing wis janji ngabdi karo Yéhuwah kudu dibaptis?

Mat 28:​19, 20; Kis 2:​40, 41; 8:12; 1Ptr 3:21

  • Kisah ing Alkitab:

    • Mat 3:​13-17—Yésus janji arep nglakoni sing dikarepké Yéhuwah. Janji kuwi dibuktèkké liwat baptisan

    • Kis 8:​26-39—Pejabat Étiopia sing wis nglayani Yéhuwah péngin dibaptis sakwisé ngerti wulangan sing bener soal Yésus

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim