Sabar
Apa buktiné nèk Yéhuwah sabar?
Deloken Néh 9:30
Kisah ing Alkitab:
Yér 7:23-25—Yéhuwah njelaské nèk Dhèwèké terus sabar meskipun wong Israèl bola-bali ora manut
2Ptr 3:3-9, 15—Rasul Pétrus njelaské alesané Yéhuwah terus sabar. Dhèwèké ya ngomong nèk kesabarané Yéhuwah ana batesé
Kenapa awaké dhéwé kudu sabar?
WB 25:15; 1Kor 13:4, 7; Éf 4:1-3; 1Tim 6:11; 2Tim 2:24, 25; 4:2; 2Ptr 1:5, 6
Kisah ing Alkitab:
PD 39:19-21; 40:14, 15, 23; 41:1, 9-14—Yusuf diedol dadi budhak lan dipenjara ing Mesir selama bertaun-taun meskipun dhèwèké ora salah. Tapi Yusuf tetep sabar, setya, lan nduwé iman karo Yéhuwah
Ibr 6:10-15—Rasul Paulus nyritakké soal Abraham sing sabar. Awaké dhéwé isa niru Abraham
Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk mungkin wong-wong sing dikabari bakal nolak utawa nganiaya awaké dhéwé?
Mat 10:22; Yoh 15:18, 19; 2Kor 6:4, 5
Kisah ing Alkitab:
2Ptr 2:5; PD 7:23; Mat 24:37-39—Nuh martakké ”apa sing bener”, tapi wong-wong ora gelem ngrungokké. Mung Nuh karo keluargané sing slamet saka Banjir Gedhé
2Tim 3:10-14—Rasul Paulus crita nèk dhèwèké tetep sabar lan ora nyerah wektu dianiaya. Pengalaman kuwi nguwatké Timotius
Kenapa awaké dhéwé ora kagèt nèk ana anggota keluarga sing berusaha bèn awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh?
Mat 10:22, 36-38; Luk 21:16-19
Kisah ing Alkitab:
PD 4:3-11; 1Yoh 3:11, 12—Kain sing jahat matèni Habèl sing setya karo Yéhuwah
PD 37:5-8, 18-28—Sakwisé Yusuf crita karo kakang-kakangé soal mimpi saka Yéhuwah, dhèwèké diuncalké ing sumur terus diedol dadi budhak
Kenapa pas dianiaya, awaké dhéwé ora perlu wedi mati?
Deloken Why 2:10
Kisah ing Alkitab:
Dan 3:1-6, 13-18—Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora gelem nyembah patung meskipun diancam arep dipatèni
Kis 5:27-29, 33, 40-42—Para rasul diancam bakal dipatèni nèk terus nginjil, tapi meréka ora nyerah lan tetep nginjil
Apa sing nggawé awaké dhéwé ora nyerah nglayani Yéhuwah meskipun éntuk naséhat sing tegas?
Kisah ing Alkitab:
Wi 20:9-12; PT 3:23-28; 31:7, 8—Meskipun awalé Musa kecéwa wektu dinaséhati Yéhuwah, tapi dhèwèké tetep setya nganti mati
2Raj 20:12-18; 2Bb 32:24-26—Pas Raja Hizkia nggawé kesalahan, Yéhuwah ngutus nabiné kanggo ngandhani Hizkia. Hizkia rendah hati, gelem manut, lan tetep nglayani Yéhuwah
Wektu ndelok wong-wong ora manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé mungkin ngrasa piyé?
Kisah ing Alkitab:
Mzm 73:2-24—Pas sing nulis Mazmur ndelok wong jahat uripé kepénak, dhèwèké ragu apa nglayani Yéhuwah ana manfaaté
Yoh 6:60-62, 66-68—Merga nduwé iman, Pétrus gelem terus dadi muridé Yésus, meskipun sing liyané ninggalké Yésus
Piyé carané bèn sabar lan ora nyerah?
Berusaha terus cedhak karo Yéhuwah
Maca lan mikirké tenanan isiné Alkitab
Kerep ndonga lan nyritakké kabèh karo Yéhuwah
Kisah ing Alkitab:
Dan 6:4-11—Nabi Danièl terus ndonga meskipun ngerti nèk mengko bakal dihukum
Mat 26:36-46; Ibr 5:7—Bengi sakdurungé dipatèni, Yésus ndonga tenanan lan ngongkon murid-muridé terus ndonga
Ajeg ngibadah
Mikirké janji saka Yéhuwah
Berusaha tambah sayang karo Yéhuwah lan sedulur seiman
Ngutamakké sing bener
Berusaha bèn nduwé iman sing kuwat
Nduwé pandhangan lan sikap sing bener wektu ana masalah
Apa manfaaté nèk awaké dhéwé tetep sabar lan ora nyerah?
Ngluhurké Yéhuwah
WB 27:11; Yoh 15:7, 8; 1Ptr 1:6, 7
Kisah ing Alkitab:
Ayb 1:6-12; 2:3-5—Sétan nudhuh nèk wong-wong gelem nglayani Yéhuwah merga diberkahi. Ayub kudu tetep setya kanggo mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan salah
Rm 5:19; 1Ptr 1:20, 21—Ora kaya Adam, Yésus tetep setya nganti mati. Dhèwèké mbuktèkké nèk manungsa sing sampurna isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun dianiaya